English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Tambang Prana-1

I. Dhandhanggula
1.kadyangganing brêmara dera mrih
kusumarsa marwasèng sarkara
datan sah ing pangingsêpe
nusup manuksmèng taru

tarabing ron mardapa minging
mangkana isthanira
sad pada deranggung
tumiling ngliling salaga
nanging patra-patrape saengga mingit
saliring sari lata
2.têmah susah pasêmoning kapti
kapitèng (1) tyas myat puspitotama 1. kampitèng.
taman kêmba pangudine
saking kawêkènipun
pêpuntone mung ngalintêri
nèng tawang mudhar swara
brêngêngêng maladkung
yeka pralambanging nala
ing nalika tyas paripaksa marsudi
mardawaning wasita
3.mèt satata rèh patraping janmi
jaman kuna tumêkèng samangkya
saundhak minôngka tondhe
tundha-tundhaning tuwuh
kang tinêpa jroning palupi
lêpiyan durta tama
tumraping pra sunu
sinawung nèng Surakarta
tinêngêran pitung côndra ngèsthi siwi
(2) manitrèng tambangprana
2. Sengkalan: pitung
côndra ngèsthi siwi (1817 A.J.,1887/88 A.D.).
4.pranatane catur kang môngka wit
ring pra mudha padha mêmêdhara
kotamarja mrih pajare
ajanggung kadalurung
apanjurung wigaring budi
bêbungah tanpa wayah
rina wêngi manggung
mangan enak turu enak
linggih penak ngenak-enak nora sêpi
nyênyêpuh pêpenginan
Anggitan : Wiryakusuma, 1922.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar