English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Kaca Wirangi

Nyariosaken dedongenganipun
peksi perkutut dhumateng peksi derkuku
Mralambangaken pepindhan bab adeging gesangipun manungsa
Dipun tedhak saking buku basa sarta seratan Jawi
Babaran Toko Buku Tan Khoen Swie Tahun 1922
I. Bagian 1 Dongeng Kaca Benggala



Cariyos peksi perkutut kaliyan derkuku
Sami ngudi kawruh kasampurnan
Sarta damel ibarat kadhapur dongeng
Wonten peksi perkutut kaliyan derkuku mencok ing wit mandira, peksi perkutut ndongeng kados ing ngandhap punika :
Ana nagara, misuwur endahing patamanane, kekembangan kang tinandur ing keputren luwih satus warna, kapageran pacak suji emas, karengga ing beji, sinasrah ing watu cendhani, kinepung ing reca prunggu lan rerenggan liyane sarwa emas tinaretes ing sesotya.

Cedhak lan palenggahane sang putri, kasebaran sesotya warna-warna. Yen wayah esuk akeh kupune putih, abang, kuning, wungu, ijo, biru, lan ireng, padha miber pating saliwer golek maduning kembang, ndadekake wuwuhing asrine patamanan.
Sakehing kupu padha bungah-bungah lelangen ing patamanan. Ana ing kono padha ungkul-ungkulan bagusing elar, Wasana kupu kang putih celathu marang kupu liyane mangkene :
Delengen elarku putih resik, ora koyo elarmu katon reged pating celoneh, pating belentong sarta njuwarehi, sajatine ora ana warna kang becik ngungkuli putih, marga putih iku warna kang suci sarta bares, iya putih iku dhasare warna kabeh. Wong nulis, wong nggambar lan wong mbathik, kabeh dhasare putih, awit saka iku dluwang lan mori digawe putih, lan maneh akeh wong dhemen manganggo sarwa putih, mulane Gusti Allah nitahake kapas putih. Gamping tinitah putih, sababe omah uga becik kang putih, dalah atine manungsa becik kang putih, yaiku suci. Tembung putih sok digawe kembang lambe, dienggo ngupamakake barang kang suci utawa resik. Sarehne warna kang utama iku putih, mulane kupu kang bagus dhewe iya iku kang warna putih.
Kupu kang abang mangsuili mangkene :
Mungguh becike putih iku mawa-mawa kanggone. Ing atase rerenggan putih iku dudu kebagusan luwih-luwih rerenggan kang dienggo ngrenggani patamanan iki, warna putih kok arani suci iku dadi pucet, ora duwe guwaya. Mungguh anane kupu-kupu padha teka ing kene satemene dipikat nganggo madu, perlune dienggo rerenggan patamanan, mulane kang aran kupu bagus iya kang bisa muwuhi bagusing patamanan. Sarehne elarmu ora muwuhi kebagusan apa-apa tetep kowe iku kupu kang ala. Manawa kowe arep sumurup warna kang muwuhi kebagusan ndelenga warna kang ora pucet, dene warna kang ora pucet mangkono warna kang mbrengangang utawa menger-menger. Ora susah adoh-adoh. Delengen kembang-kembang ing petamanan iki bae, koe banjur sumurup dhewe, endi kang moncol ing rupa yaiku kang abang. Mara waspadakna kembang cengger kae, abange menges tur menger-menger, mangkono uga kembang mawar, wora-wari bang, sepatu, padha pinunjul ing rupa sebab abang. Guwayaning wong kang bregas iya kang abang mbrengangang. Babaran kang bagus iya kang abang sumringah. Kajaba iku warna abang becik marang mripat. Lakar abang iku padha-padha warna gagah dewe lan moncol dhewe, mulane disenengi ing akeh, dalasan bocah cilik dhemen dolanan kang warnane abang, kang adhakan dipilih dhisik. Dadi keterangane : kupu kang abang kang bagus dhewe.
Kupu kuning ngrungu celathune kupu putih lan abang nyauri mangkene : putih katimbang abang nyata yen bregas abange, nanging abang katimbang kuning adi kuninge, tandhane emas luwih endah tinimbang tembaga utawa perak. Rerenggan kang kakehan abang njuwarehi, nanging ora ana rerenggan kaduk prada kang njuwarehi, malah sangsaya adi. Elinga pulasing wayang, upama wayang sakothak kaduk prada sangsaya bagus. Upama kaduk abang, genah yen ala, awit abang iku dhemenaning bocah cilik, wong tuwa ora arep. Balik warna kuning, kalengananing wong luhur. Elinga kreta kencana, payung gilap, pasmen bara-bara, bludiran, gamelan, kabeh adi rupane, jalaran warnane kuning, mangkono uga barang rerenggan kang bagus, kang pating pancorong ana ing toko-toko lan ing omahe wong sugih, kayata : paidon, pateyan, wadhah kinang, wengku gambar, wengku pangilon, lampu bron, broman lan liya-liyane, kabeh kuning. Manungsa kang becik rupane iya kang kulit kuning, dudu wong kang abang. Kang kekulitane ora kuning, mangka bakal kanggo tontonan bajur ngaya aya golek atal, iya saking dene kepengin duwe awak kuning. Mula yen kuning pancen nyenengake. Cekake mangkene : warna putih pucet, warna abang gagah, nanging ora adi, dadi njuwarehi. Dene kang ora pucet sarta ora njuwarehi malah mriyayeni yaiku kuning. Apa ora mangkono?
Kupu wungu sumambung, warna kuning iku isih njuwarehi, wruhanmu kabeh, padha-padha warna kang mungguh dhewe, ngengreng dhewe lan ora njuwarehi dhewe iya iku wungu. Tandhane, babut babut abang ala, babut kuning ala, babut ijo kurang becik, nanging yen babut wungu, banget enggone semuwa lang ngengreng, luwih-luwih yen rinengga praboting omah kang pinulas sarwa wungu yaiku meja, kursi, bangku kang padha menges-menges pliture. Upama pulase abang utawa kuning tak kira kurang becik. Kembang cengger, katone menges-menges sebab wungu, mangkono uga kembang ragaina. Klambi wungu ngengrenge ora jamak. Upama wungu iku ora piniliha, sabab apa wong mbabar jarit pada golek soga, mangka ora kurang kang kena digawe ngebang utawa nguningi. Apa ta sababe? Sababe yaiku warna abang lan kuning iku gunane mung kanggo tontonan utawa sesongaran, ora prasaja lan semu kaya wungu. Ing ngendi-endiya barang kang prasaja lan semuwa ora tau mboseni, mulane padha pinilala, prelune dienggo saben dina. Tuladhane kang adhakan yaiku soga. Padha elinga kang sosongaran mesthi ora lana, kanggone mung kala-kala , tur mung sawetara, kajaba kang pasaja lah iku kang lana, kanggo ing saben dina, seksine soga. Warna abang kuning candrane ladak, nanging yen wungu jinem nganggo guwaya, yaiku dadi sababe pasaja tur semuwa, tegese ora ladak nganggo ngengreng
Kowe kabeh ora sumurup marang karsane kang Maha Kawasa enggone nitahake suket lan gegodhongan ginawe ijo. Iku becik pinikiren sebabe. Mara timbangen : upama sarupane gegodhongan kabeh putih, mbok manawa akeh mripat lamur. Upama becika wungu, teneh sarupane tetuwuhan tinakdirake wungu. Upama becika kuning, mesthi tinakdir kuning. Upama becika abang, mesthi tinitah abang. Kang iku padha sumurupa, mulane suket lan gegodhongan tinakdir ijo, sabab warna ijo iku kang becik dhewe sarta ora mboseni dhewe. Sanyatane ora ana manungsa bosen marang warna ijo. Ing pakebonan, ing tegal, ing sawah-sawah, kabeh sarwa ijo, ewa semono ing sajrone omahe para tuwan ditanduri sadhang, pakis, pandhan, wregu, suruh lan liya-liyane, pating tremplek ana ing tembok, kongsi ketel kaya alas, pratandha saking kurang warege anggone nyawang wawarnan ijo, nanging aku ora maido, dhasar yen omah akeh ijone ana ing tembok utawa ing undhak-undhakan marakake singer. Sok uga kowe padha eling, prakara iku, mesthi ora gelem ngunggul-unggulake warna saliyane ijo. Samber lilen iku pinunjul rupa ing padha-padha gegremetan. Ules kang pinunjul mau kang kaduk iya ijo, abang kuninge mung sethithik. Upama kaduk abang utawa kuning mesthi ala. Balik kaduk ijo banget baguse. Manuk merak iya pinunjul ing rupa pada manuk, warna apa kang kaduk, iya ijo, abang wungune mung sawetara. Upama ijone mung sethithik mesthine ala. Rehne mangkono tetela kupu kang bagus dhewe iku kupu ijo.
Nuli kupu biru celathu mangkene : ujaring kupu ijo mau wis bener, nanging kurang pratitis. Awit isih ana maneh titahing Pangeran kang ngungkuli ijo, ora mboseni salawase lan luwih akeh anane, yaiku biru. Tandhane, udhara, langit, gunung, banyu segara, padha tinitah biru. Delengen kang bagus pancen mung ijo lan biru. Akeh wong seneng ngenggar-enggar marang papan kang sarwa asri, dene papan kang asri mau mulane asri sabab ijo lan biru. Ora ana wong siji-sijiya kang bosen ngeleng papan kang terang sumilak lan asri, yaiku kang katon langit biru, gununge biru lan tetuwuhane kang katon ijo lan biru. Laring samberlilen ijone kaworan biru, malah akeh birune katimbang ijone. Lar merak iya kaduk biru. Kehing warna biru kang ana ing alam ndonya yen ketimbang lan kehing warna ijo akeh birune babar pisan. Awit ijo iku mung dumunung ing dharatan, nanging yen biru iya ing dharatan iya ing lautan, iya ing awang-uwung. Ing awang-uwung ora ana enggon salenging edom kang ora kisen biru, sumrambahe marang gunung-gunung kang katon saka kadohan. Yen wong nunggang kapal ing satengahing segara, kang katon prasasat lor kidul wetan kulon biru kabeh, kaya-kaya jagade dadi biru kabeh. Kang mangkono mau dadi tandha yen biru iku warna kang becik dhewe, katitik saka karsane Kang Maha Kuwasa anggone nitahake warna biru dikehi tinimbang liyane.
Kupu ireng celathu mangkene, heh kisanak padha sarehna dhisik, mangsa anaa warna kang akehe ngungkuli ireng, tur ora ana warna kang pasajene kaya ireng. Mangkene wijangane, ora ana warna kang kehe ngungkuli ireng sabab yen ing wayah bengi alam donya ireng kabeh, ora susah diarani ing awang-uwung, ing dharatan, ing lautan, cukup diarani ora ana enggon kang ora ireng, banjur timbangen akeh endi karo biru. Mulane dak arani ora ana kang menangan kaya ireng, awit sakehing wawarnan yen wis kapracondhang dening ireng ora ana kang kawawa nanggulangi. Sanajan bumi-langit yen katekan pepeteng kang warnane ireng, jagad kaya kinelem ing awang-uwung kang ireng meles. Mulane dak arani ora ana pasaja kaya ireng, sabab mangkono wong kang pasaja lan semuwa iku aklambli ireng, celana ireng, sepatu ireng. Akeh gagah mangsa kaya ireng, akeh pasaja kaya ireng, dalah rambut lan brengos kang bregas iya kang ireng. Gambar-gambar lan tulisan kang pasaja tur cetha iya kang ireng. Sarehne pasaja, mulane uga lana sarta kanggo ing saben dina, kaya ujare kupu wungu mau. Kang wungu sogane iya bener, nanging ireng ora kalah, yaiku wedelane.
Perkutut nglajengaken wicantenipun : Dongeng iku surasane mangkene :

Kang aran ala lan becik iku sajatine mung gumantung ana ing panganggeping ati. Apa kang lagi disenengi si ati, iku kang katon becik. Alane kalimput. Wong kang watak korupan, sadhengaha kang lagi disenengi dhene panyanane iku kang bagus dhewe.
Ana paribasan, wong dhemen ora kurang pangalembana, wong gething ora kurang pamada. Sarehne wis kinodrat dening Pangeran, manungsa padha dhemen marang awake, mulane ora ana manungsa kang jeleh ngalem awake.

= = * = =
II. Bagian 2

Peksi perkutut nglajengaken anggenipun ndongeng :
Ana sesotya putih, cahyane putih wenes maya-maya, jenenge sosotya manik maya, gumlethak cedhak lan palenggahanipun sang putri, calathu marang kupu-kupu, tembunge: he kupu, satemene ulesmu kabeh bagus, kang putih, kang abang, kang kuning, kang wungu, kang ijo, kang biru, apadene kang ireng, ora ana kang ora bagus, kuciwane mung ora mawa cahya, upama padha mawa cahya, iba bagusmu, awit katoning warna saka dening cahya, sanajan abanga, ijoa, birua, yen tanpa cahya iya cebleh. Sanajan puthia utawa abanga, yen mawa cahya dadi wenes. Mara waspadakna wujudku iki, ora liya mung putih, warna putih iku ora mbrengangang lan ora menger-menger, nganging rehne mawa cahya, dadi putihku ora wenes maya-maya, iya aku iki kang karan sesotya manik maya. Ora mung sesotya bae, sanajan manungsa bagus rupane, karengga ing busana, yen tanpa cahya, ora ana kekuwunge, lan ora nduwe prabawa, wekasan ora kineringan lan ora pinarcaya, dadi ora pinilala kanggo ing karya, jer ngegungake marang kebagusaning rupa kabungahaning ati, lan kamukten. Ora marsudi marang luhuring pramana. Sanajan manungsa ala rupane sarta kuru, manawa luhur budine, tumemen atine, kineringan lan pinilala, akeh wong wedi asih, jalaran katon ana ing cahyane kang wingit, lungit, ngengreng, yaiku soroting budine kang wening.
Ing kono ana sesotya abang, uga cedhak lan palenggahan, arane sesotya geni maya, mamerake cahyane kang abang abramara kata kaya geni mawa.

Ana maneh sesotya kuning, mamerake kaendahane, yaiku cahyane kang kuning sumunar, arane sosotya mirah delima.

Ana maneh sesotya wungu, nuduhake cahyane kang wungu mengesm arane sesotya manik puspa raga.

Ana maneh sesotya ijo, mamerake cahyane kang ijo ngenguwung, arane sesotya tinjo maya.

Ana maneh sesotya biru, mamerake cahyane kang biru muyek, arane sesotya manik nila pakaja.

Ana maneh sesotya kang ireng, mamerake endahing cahyane kang ireng meles meleng-meleng, yaiku kang aran musthikaning bumi.

Kabeh padha endah ing rupa, ora ana kang kuciwa, kongsi sakehing kupu padha kucem. Mungguh sababe luwih endah sosotyane katimbang kupune, awit kupu mung duwe warna thok, ora duwe cahya, balik sesotya duwe warna nganggo kasinungan cahya.
Ki sanak, dongeng iku surasane mangkene :
Kuciwa banget manungsa yen mung ngudi marang kabungahan, kamelikan, pakareman, kanikmatan, kamukten, kawibawan, luhuring piyangkuh sapanunggalane. Ora nganggo nggayuh marang padhang utawa kaweningan, yaiku ulah budi.
Warna putih, abang, kuning, wungu, ijo sapanunggalane iku dadi ibarat : rahsa, lire dadi ibarat wewatekaning manungsa, dene cahya ibarat padhanging budi.

= = * = =
Katrangane mangkene :
Cahya lan warna kang kasebut ing dongeng iki sajatine mung kanggo ngibaratake :
cahya lan warna kagunganing dhat kang wujud, kang gumadhuh (kaparingake) ana ing manungsa.
Wujude cahya iku : budi. Awit budhi iku wujud pepadhang kang sumorot saka gaib, madhangi (nyoroti) kabeh nyawa saka wiwitan nganti pungkasan.

Dene wujuding warna, yaiku : rahsa (hawane karan : nafsu), awit rahsa iku dayane mahanani sifating cahya warna-warna : putih, abang, kuning, ijo lan sapanunggalane.
Rahsa iku ya wujud nyawa. Hawane marakake manungsa asring duwe rasa : bungah, susah, dhemen, gething, jahil drengki, kumingsun, gumun, getun, wedi, uwas, sumelang, welas asih, loma lan sapanunggalane.

Cekake marakake manungsa duwe wewatekan dhewe-dhewe, ala utawa becik (ing basa Jawa lumrahe mung karan : pangrasa utawa ati).

Hawaning rahsa kang sumebar jenenge nafsu, iku kena kaumpamakake kukus awit nafsu iku dayane memtengi utawa gawe butheking cahya.

Sirepan nafsu utawa rahsa : manawa mligi nglumpuk ana ing Rasa (Rasul) sipate ora putih, ora abang, ora ijo, lan sapanunggalane, lire : ora bungah, susah, kepengin, dhemen, gething, lara, lan sapiturute, mung : tentrem (terange maneh manawa wis maca ing mburi).

== * ==
III. Bagian 3

Peksi perkutut nglajenagaken anggening ndongeng :
Nalika samono ana barleyan, celathu marang sakehing sosotya : ”Heh sakehing mirah, ing samengko kowe wis padha sumurup yen moncoling rupa saka dayaning cahya, tegese : warna abang ijo tanpa gawe yen ora kanthi cahya, awit yen tanpa cahya kucem. Sanajan tanpa warna yen sinung cahya ora bisa kasilep, awit cahya iku sumorot, tumama ing pandulu. Tetela cahya iku nyawaning rupa. Tandhane si manikmaya, warnane mung putih, ewa dene rehne mawa cahya, padha diupaya ing manungsa sarta diajeni. Luwih-luwih si geniyara, mirah delima sapanunggalane, dhasar duwe warna nganggo kasinungan cahya.
Lha ing saiki kajaba saka kang rinembug iku mau, aku arep takon marang sakehing mirang padha timbangen. Pitakonku mangkene : pilih endi duwe warna kathi cahya sedheng katimbang ora duwe warna, mung cahya thok, nanging cahyane ngungkuli sakehing kang duwe warna? Apa milih duwe warna kanthi sedheng, apa milih tanpa warna nanging mawa cahya linuwih?
Sakehing mirah durung ana kang bisa mangsuli. Barleyan celathu maneh, yen aku milih tanpa warna, sok uga kasinungan cahya linuwih. Mulane aku ora pati mikir marang warna, mung mburu cahya. Awit sanajan tanpa warna yen kasinungan cahya linuwih, cahya kang linuwih iku bisa mujudake warna kang manca warna dening beninge. Mara aku delengen, aku iki rak ora duwe warna kaya mirah, ora abang, ora kuning, ora ijo, ora biru, ora ireng, ora putih, nanging sarehne urubing cahyaku ngungkuli sakehing mirah, sanadyan ta tanpa warna iya bisa abang, iya bisa kuning, bisa ijo sapiturute. Yen aku pinuju abang ora kalah karo geniyara, yen aku pinuju kuning ora kalah karo mirah delima, yen aku pinuju wungu, ora kalah karo pusparaga, sabanjure ora kalah karo sakehing mirah. Dadi prasasat ngemot marang sawarnaning mirah. Apa sababe aku bisa mangkono sabab ora liya tanpa warna, pinunjul ing cahya.
Upama cahyaku linuwih nanging isih kanggonan warnam uga ora bisa mengku marang sakehing warna. Sanajan tanpa warna yen ora linuwih cahyaku iya ora bisa ngemot sakehing warna. Dadi katerangane rupa kang becik dhewe, yaiku : kang tanpa warna sarta pinunjul ing cahya. Awit iku kang urip sarta mengku marang sakehing warna.
Dongeng iku surasane mangkene :
Manungsa iku bisane momot, durung cukup yen mung lepas ing budi lan elingan. Nanging kudu : ora duwe watak. Ora duwe watak, lire : ora ngukuhi marang wewatekan atine, kayata: dhemen marang iku, gething marang iki, dhemen marang bungah, ngresula yen susah, dhemen marang becik, gething marang ala. Ringkese : Duwe pakareman sajroning ati kang ora kena diowahi, sarta duwe gegethingan, Cahya iku, ibarate : budi. Warna, ibarat : rahsa. Barleyan iku, ibatat : luwih padhang budine, nanging ora kumingsun, bisa ngeluk kekarepane, ora pilih kasih utawa bau kapine. Titikane wong kang mangkono : wingit cahyane. Ora galak ulat, aliya mung tajem, sarta sarwa prasaja.

Manungsa kang mangkono, kena pinilih dadi tetuwa, bisa momot marang wateke wong kang beda-beda, dening ora duwe watak dhewe.

Sosotya sanajan mencoronga kaya geni, yan isih duwe warna dhewe, ora bisa mengku marang sakabehing warna, marga cahyane kereh marang warnane, beda lan barleyan, cahyane kang ngereh marang warnane.

= = * = =
IV. Bagian 4

Peksi perkutut nglajengaken naggenipun ndongeng :
Sakehing mirah padha rumasa asor bareng katandhing lan barleyan. Luwih-luwih kupu. Wasana padha sayuk ing rembug, arep ngratu marang barleyan, awit barleyan kang pinunjul ing rupa.
Barleyan bareng arep dijunjung dadi ratu paratela mangkene : olehmu padha arep njunjung ratu marang aku sabab aku pinunjul ing cahya sarta tanpa warna. Pinunjuling cahyaku ndadekake uripung rupaku. Ora duweku warna kang marakake ngemot sakehing warna. Iku dhasar bener, nanging aku ini sabenere durung sampurna, isih ana maneh wujud saliyane aku kang pinunjul ing cahyane ngungkuli aku, sarta enggone bisa ngemot marang warna sampurnane ngungkuli aku. Iku bae padha dijunjung dadi ratu, awit cahyane tikel ping sewu tinimbang cahyaku, yen mencorong padha karo srengenge, balik aku mung kelip-kelip. Dene enggone ngemot warna, cethane tikel sewu tinimbang aku, aku aku mung mengku warna nanging kang bakal dak kandhakake marang kowe, mengku warna dalah rupane pisan. Lire ora mung bisa abang ijo, uga bisa manca warna kaya kupu, laya mirah, kaya barleyan, kaya watu, kaya jaran, kaya uwong, kaya srengenge, cekake bisa kaya sarupane kawujudan ing alam ndonya, dhasar bisa maujud kaya jagad gumelar katon bumi langit saisen-isene. Yen wis kaya srengenge, babar pisan ora beda lan srengenge, kongsi ora ana manungsa kang bisa nembungake kapriye rupane kang sabenere. Kang mangkono mau jalarane iya mung rong prakara thok.
Sepisan : saka bangeting pinunjuling cahyane.
Pindho : saking ora duwe warna babar pisan.
Apa kowe wis weruh jenenge wujud kang kaya mangkono mau ?
Yaiku kang aran : Kaca benggala gedhe.

Sakehing sosotya lan kupu padha gawok. Warta banjur kepengin sumurup kaya apa rupane kaca benggala.

Ana watu kang kepengi bisa nembungake kapriye rupane kaca benggala, takon marang barleyan tembunge : wujude kaca benggala iku kaya apa. Apa pancen kaya sarupane kawujudan, apa beda akro sarupaning kawujudan. Yen ora padha lan ora beda kareo sakehing kawujudan apa kena diarani bening kaya banyu?
Barleyan mangsuli, yen diaranana kaya sarupane kawujudan iya bener, nanging ora pratitis. Mula bener disebut mangkono awit kaca benggala iku pancen bisa kaya watu, bisa kaya kupu, bisa kaya barleyan lan sapirturute. Dene ora pratitise tembung mangkono, awit kena diarani beda uga karo sarupane kawujudan. Bedane mangkene : watu iku buthek, nanging kaca benggala ora buthek. Watu mrongkol sarta ala, nanging kaca benggala ora tahu diarani mrongkol sarta ala. Mirah dlima kuning sarta cilik, nanging kaca benggala ora kuning sarta ora cilik. Areng iku ireng, kaca benggala ora ireng. Cekake yen sakehing rurupan dibedakake karo kaca benggal, kabeh iya beda karo kaca benggala. Rehne mangkono, kaya-kaya kena disebut beda karo sarupane kawujudan. Ewa denen ora kena dikukumi mangkono, awit ing ngarep diarani : kaya sarupaning kawujudan. Kajaba yen disebut : bening, lah iku, bok menawa bener, parandene meksa ora pratitis, awit bening mono benere kaya banyu kang ana ing gelas. Banyu iya bener bening, nanging banyu iku bening suwung, beda lan beninge kaca benggala : bening kang mengku rurupan, sabab cahyane geguletan karo rasa, iya rasa iku kang tanpa warna, nanging ora suwung. Si cahya dadi cahyane rasa, si rasa dadi wadhahing cahya.
Mulane karanan tanpa warna tanpa rupa, awit upama digoleki warna rupane, sanajan diubresa, ora ketemu ketemu.

Kang mangkono iku sok katembungake : suwung amengku ana. Utawa : ora ala ora bagus, nanging mengku ala lan bagus. Iya embuh jenenge rupa kang mangkono iku.
Prayogane ayo padha dinyatakake.

Sakehing sosotya kupu apa dene watu, banjur padha mara menyang panggonane kaca benggala gedhe.

Kang seba dhisik watu. Tembunge watu marang kaca benggala : he sang kaca benggala ageng, sowan kulo badhe ngratu ing tuwan, awit tuwan ingkang pinunjul ing warni sajagad. Nanging kalilana kulo ningali sarira tuwan rumiyin.
Kaca benggala mangsuli : iya becik mreneya ndeleng rupaku. Rupaku kaya rupamu.
Watu bareng teka ing ngarepe kaca benggala banget ngungune dene rupane kaca benggala jibles watu. Ora ana bedane sathithik-thithika karo watu, nuli pamit mundur.
Ora suwe kupu padha ndeleng rupane kaca benggala genti-genti. Kabeh padha ngungun awit rupane kaca benggala mung kaya kupu bae, mangkono uga sosotya, weruh rupane kaca benggala kaya sosotya. Watu lan areng ndeleng kaca benggalam katone iya kaya watu lan areng.

Anuli kabeh padha bali ing panggonane maune.

Kupu-kupu padha rerasan mangkene : wartane kaca benggala iku pinunjul ing rupa, jebul nyatane mung kaya kupu bae, ora duwe cahya kaya mirah, isih becik mirahe. Luwih-luwih yen katandhing karo barleyan, bagus barleyane pisan-pisan, awit kaca benggala ora duwe cahya, ora bisa kelip-kelip.

Watu lan areng calathu mangkene : kaca benggala rupane buthek lan ireng kaya rupaku. Sarehne rupaku elek mangka kaca benggala ceples kaya aku, dadi kaca benggala ya elek.

Barleyan mituturi marang kupu, areng lan watu : kowe padha sumurupa ki sanak, kaca benggala iku sanadyan pinunjul ing rupa, ora gelem mamerake rupane, ora gelem nandhing awake karo awake liyan, kaya si kupu enggone ungkul-ungkulan, padha golek ketrangan dhewe-dhewe kanggon ngalem awake. Wus jamake, sadengah kang durung sampurna karepe padha papandhingan dhiri, nanging kang sampurna mangkono.
Si kupu putih mamerake putihe, kang abang nyandra abange, mirah ijo mamerake ijone, barleyan iya mamerake kelipe, dalasan watu iya pamer, yaiku mamerake eleke. Ala becik yen dipamerake, iya jeneng pamer. Iku kabeh jalaran durung sampurna ing rupa. Kang akeh emoh diarano ala, njaluk diarani becik, nanging kaca benggala ora njaluk diarani becik, lan uga ora duwe panjaluk diaranana ala kaya watu lan areng. Kaca benggala gelem diarani sakarepe kang ngarani. Gelem diarani ala kaya watu lan areng, nanging diarani kelip-kelip kaya barleyan iya ora nampik, malah yen ana perlune gelem diarani kaya srengenge. Nanging aja padha keliru tampa, mungguh geleme diarani ala, ora jalaran saka panjaluke utawa saka pangarep-arepe, sarta geleme diarani bagus ora jalaran saka pamere utawa doyan marang pangalembana. Dadi geleme mau jalaran saka legawa lan mengku marang sakehing rupa. Lah saiki watu lan areng padha sumurup dhewe, yen katone buthek kang ana ing kaca benggala iku ora jalaran saka buthekin kaa benggala, satemene saking bangetng beninge. Katone ireng kaya areng iya ora sabab saka irenge, malah saking beninge kang ora kinira-kira, kongsi areng lan watu ora duwe pangira. Pikiren ta upama butheka teneh mung buthek thok-thok, ora bisa mengku rerupan.
Kupu, areng lan watu bareng ngrungu pratelaning barleyan padha rumangsa kejlomprong, wekasan percaya yen buthek kang katon ing kaca benggala iku butheke dhewe, dudu butheking kaca benggala, satemene malah saking beninging kaca benggala, awit kaca benggala uga bisa katon pating kerlip kaya barleyan, bisa ijo kaya tinjo maya.
Ki sanak dongeng iku dadi pralampita :
Kahananing kaca benggala iku ibarat wataking manungsa kang wis sampurna, yaiku manungsa kang wis ora korup marang dhiri (ora korup marang wujude kang mukmin). Manungsa kang mangkono : lali marang dhiri, tegede : ora pisan duwe niyat ngatonake dhiri, gedhene papandhingan dhiri. Ujub, riya, sumengah, takabur, bidngah, sapanunggalane wis ora duwe. Mungguh sababe mangkono mau awit budine keliwat padhange, sarta sirep napsune, kahananing dhiri ora rinasak-rasakake, ndadekake bisane amot marang sawarnaning wewatekan, wasana uripe mung ngangkah kaslametaning akeh, sarta tansah gawe kepenaking atine sapadha-padha.
Wong kang mangkono suka rila diarani asor, ewadene ora nampik diarano luhur, sarta sukarilane ora dipamerake. Ora duwe pakareman sajroning atine, satemah ora ilon-ilonen, ora dhemen marang kang becik lan kang bener kanthi gething marang kang ala lan luput. Ora dhemen marang kang ala lan luput, kanthi gething marang kang becik lan bener.

Manungsa sanajan pinunjula, yen isih dhemen papandhingan dhiri, utawa duwe pakareman sajrone ati sarta duwe gegethingan, iya durung sampurna, cahyane isih kaereh ing nepsune, lire : isih teluk marang watake dhewe (rahsane).
Ana sawenehing manungsa ora njaluk diarani becik, nanging njaluk diarani ala, wong mangkono uga isih dumunung wong ngatonake becike watake, dadi isih korup marang dhiri, rehne mangkono, upama diarani becik, kang mesthi ngresula.
Ana manungsa gelem diarani sakarepe kang ngarani, diarani becik utawa ala gelem. Nanging geleme mau dipamerake. Wong mangkono uga durung resik, isih duwe panjaluk utawa pangarep kang bangsa pangalembana. Rehning mangkono, upama diarani : ora gelem, mesthi ngresula.

= = * = =
Rangkuman dantranslete Bagian 1

Serat Kacawirangi pada bagian ini menceritakan percakapan kupu-kupu yang berada di sebuah taman istana yang indah. Kupu-kupu yang berada di taman itu ada yang berwarna putih, merah, kuning, ungu, hijau, biru dan hitam.

Setiap kupu-kupu mengunggulkan warna yang dimilikinya. Kupu-kupu putih mengunggulkan warna putih sebagai warna yang melambangkan kesucian dan kejujuran. Kupu-kupu merah mencela warna putih sambil mengunggulkan warna merah sebagai warna yang tidak pucat, warna merah adalah warna yang indah mencolok dan merangsang penglihatan, anak kecil pun suka warna merah, maka kupu-kupu warna merah adalah kupu-kupu yang terbagus. Mendengar percakapan kupu-kupu putih dan merah, kupu-kupu kuning berkata bahwa, memang jika warna putih dibandingkan dengan warna merah lebih gagah warna merah. Akan tetapi, jika dibandingkan dengan warna kuning, warna merah dan putih kalah indah, buktinya emas lebih indah dibandingkan dengan tembaga maupun perak. Warna putih itu pucat, warna merah memang gagah akan tetapi membosankan, sedangkan warna kuning itu tidak membosankan dan bergengsi.

Kupu-kupu ungu menyambung pembicaraan, ia menyatakan bahwa warna kuning itu juga masih membosankan. Warna merah dan kuning itu sifatnya ladak(mencolok) berbeda dengan warna ungu jinem nganggi guwaya (anggunmerona), sederhana dan anggun.
Kupu-kupu hijau menyela, kalau warna yang baik itu warna putih, merah, uning dan ungu, kenapa semua tumbuh-tumbuhan dan dedaunan ditakdirkan hijau. Warna hijau di kebun, di sawah demikian juga taman-taman yang hijau tidak pernah membosankan jika dipandang. Oleh karena itu, warna hijau adalah warna paling unggul.

Kupu-kupu biru membenarkan pernyataan kupu-kupu hijau, akan tetapi Tuhan menciptakan warna biru lebih unggul. Buktinya udara, langit, air lautan dan gunung-gunung berwarna bitu. Warna bitu itu terdapat secara dominan di daratan, di lautan dan di angkasa; maka warna biru lebih unggul dari warna hijau yang hanya ada di daratan saja.

Kupu-kupu hitam berkata, bahwa warna hitam itu mengungguli semua warna, tidak ada satu warna pun dapat mengalahkan warna hitam. Pada malam hari semua yang ada di darat, laut maupun angkasa menjadi hitam. Tulisan dan gambar yang bersahaja juga berwarna hitam. Burung perkutut menyimpulkan isi cerita itu, yang disebut buruk dan baik itu sebenarnya tergantung pada anggapan perasaan. Apa yang sedang disukai itu yang kelihatan baik. Buruknya tertutupi.

Apa yang sedang tidak disukai,kebaikannya tertutupi. Orang yang berwatak korup, semua yang sedang disukai dianggap baik.

Ada peribahasa, orang suka tidak kurang-kurang menyanjungnya, orang benci tidak kurang-kurang mencelanya. Karena sudah menjadi kodrat Tuhan, manusia menyukai dirinya sendiri, maka tidak ada manusia yang bosan menyanjung diri sendiri.
Rangkuman dan translete Bagian 2

Burung perkutut melanjutkan cerita, ia bercerita tentang permata putih yang bercahaya. Permata itu berbicara kepada semua kupu-kupu, bahwa semua warna yang dimilikinya itu bagus, hanya sayang tidak bercahaya. Tidak hanya permata, manusia sekali pun kalau tanpa cahaya tidak ada kharismanya, tidak berwibawa dan disegani. Manusia seperti itu adalah manusia yang mengejar kebaikan rupa, kesenangan dan prestise; tidak mengejar pramana (cermin yang dapat menangkap bayang-bayang hakikat), keluhuran budi dan kejujuran.

Manusia dihormati dan disegani, karena menampakkan cahaya kebeningan budi warna putih, merah, kuning, ungu dan sebagainya itu ibarat karakter manusia, sedangkan cahaya adalah ibarat dari cemerlangnya budi. Jika dibandingkan dengan permata yang warna-warni tentu saja warna kupu-kupu akan kalah cemerlang, karena kupu-kupu hanya mempunyai warna sadangkan permata mempunyai cahaya.
Rangkuman dan translete Bagian 3

Pada bagian ini diceritakan tentang dialog antara berlian dengan para permata yang berwarna-warni. Berlian menyatakan kita sudah mengetahui bahwa keunggulan warna karena cahaya, tanpa cahaya warna tidak ada artinya. Berlian memberikan alternatif pilihan kepada para permata. Mereka diminta untuk memilih antara memiliki warna dengan cahaya yang sedang-sedang saja dengan tidak memiliki warna tetapi memiliki cahaya yang mengungguli semua yang memiliki warna. Keunggulan berlian yang tidak memiliki warna, terletak pada kemungkinan untuk menampung segala warna. Tidak semua yang tidak memiliki warna dapat menampung segala warna jika tidak memiliki keunggulan cahaya.

Arti dari cerita itu adalah :
Manusia itu dapat memiliki daya tampung (terima), tidak cukup hanya karena kecerdasan ingatan. Namun harus tidak mempunyai watak, artinya tidak bersikukuh dengan watak hati, seperti suka dengan itu, benci dengan ini, suka dengan yang menyenangkan, mengeluh di kala susah, suka yang baik dan benci yang buruk. Singkatnya punya kesenangan dan kebencian dalam hati yang tidak dapat diubah.
Cahaya itu ibarat dari budi, warna itu ibarat dari rasa dan berlian itu ibarat dari orang yang cemerlang budinya tetapi tidak arogan dan dapat menundukkan keinginan pribadi. Manusia seperti itu dapat dipilih menjadi orang yang dituakan, dapat menerima atau menampung orang yang memiliki watak berbeda-beda, karena tidak memiliki watak sendiri.
Rangkuman dan translete Bagian 4

Burung perkutut melanjutkan ceritanya. Semua permata merasa rendah diri dibandingkan dengan berlian, apa lagi kupu – kupu. Akhirnya mereka sepakat mengangkat berlian menjadi raja mereka. Akan tetapi, berlian berkata bahwa masih ada wujud yang mengungguli kesempurnaannya. cahayanya lipat seribu dibanding dirinya. Karena dia tidak punya warna sama sekali, maka ia mampu memuat warna pun lipat seribu, bahkan sekaligus mampu memuat semua bentuk.
Ia adalah cermin besar atau kaca benggala ageng. Cemin itu dapat dikatakan seperti batu, kupu-kupu , berlian dan sebagainya. Akan tetapi kalau batu itu buruk, tidak bening, dan tiga dimensi maka cermin tidak demikian. Cermin itu
bening mengandung berbagai wujud, sebab cahayanya menyatu dengan rasa (rasa itu dalam bahasa Jawa dapat mengandung arti lapisan dasar cermin sehingga dapat memantulkan cahaya sekaligus dapat menangkap bayangan bentuk dan warna di depannya). Ia tanpa warna tetapi tidak kosong dan tanpa
rupa (wujud).

Cerita itu mengandung arti, bahwa cermin itu ibarat/nisbatnya orang yang sempurna. Ia lupa akan dirinya yaitu tidak pernah menonjolkan dirinya dan keunggulan dirinya. Ia rela dikatakan rendah dan tidak menolak dikatakan unggul dan keikhalasannya tidak ditonjolkan. Ia tidak menyukai kebaikan dengan membenci kejahatan dan kesalahan atau sebaliknya menyukai kejahatan dan benci kebaikan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar