Senin, 19 April 2010

Serat Wulangreh

PUPUH I
DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
03
Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
05
Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.
06
Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
07
Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.
PUPUH II
K I N A N T H I
01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.
04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.
06
Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis.
07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.
08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal, unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki.
09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging waong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.
10
Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan becik, tindak bener lan kang salah, kalebu jro caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
12
Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang remit, ingkang ala singgahana, aja niat anglakoni, lan den awas wong kang kojah, ing lair masa puniki.
13
Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
14
Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana amemedha, angrasa pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.
15
Singakna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sadhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkiorana kaki.
16
Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lan den wedi mring wong tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den estokna, ywa nambuh wulang kang becik.
PUPUH III
G A M B U H
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.
02
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti, adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.
05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.
06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.
07
Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para tantang candala anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.
08
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha solahing wong.
09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngedelken upase mandos.
10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane kajalomprong.
11
Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora eling, yen den gunggung katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun meh mencothot.
12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun, rerubo alaning uwong.
13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk, kang wong akeh kang sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol sanggap sakehing wong.
14
Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.
15
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wus weruh amelengos.
16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana kang pitados.
PUPUH IV
P A N G K U R
01
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.
02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.
04
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.
05
Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih
06
Tinitik solah muna, lawan malih ing laku lawan linggih, iku panengeranipun, winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.
07
Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran, mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.
08
Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.
09
Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den simpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.
10
Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.
11
Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana kang madhanana, angrasa luhur pribadi.
12
Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami anglabuhi kang apatut, parapan dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.
13
Aja lunyu lumur genjah, angrong prasanakan nyumur gumuling, ambubuti arit puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu nora kena dipun enut, monyar-manyir tan antepan, dela lemeran puniku.
14
Para panginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong prasanak liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.
15
Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine kang den urap, mbuntut arit punika pracekanipun, apener neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.
16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing wateke kangnem prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.
PUPUH V
MASKUMAMBANG
01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
02
Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong tuwa yen duwe watak tan becik, miwah ing tindak prayoga.
03
Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah ing tindak prayoga.
04
Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki iku estokena.
05
Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.
06
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja ana kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.
07
Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.
08
Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, lan marang sadulur tuwa.
09
Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, pacincene kawruhana.
10
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badanireki, kinawruhan padhang hawa.
11
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.
12
Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi, kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, nyalaki becik lan ala.
13
Saking ibu rama margane udani, miwah maratuwa, lanang wadon den bekteni, aweh rasa ingkang nyata.
14
Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.
15
Pan sinembah gegantining rama ugi, pan sirnaning wong tuwa, sadulur tuwa gumanti, inkang pantes sira tuta.
16
Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping papat, marang ing guru sayekti, marmane guru sinembah.
17
Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng antaka madhangken petenging ati, mbeneraken marga mulya.
18
Wong duraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.
19
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang Murba, ing pati kalawan urip, paring sandhang lawan pangan.
20
Wong neng dunya wajib manuta mring Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wis awirya.
21
Nora putra santana wong cilik, pan padha ngawula, pan kabeh namani abdi, yen dosa kukume padha.
22
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira angenira sayekti, tan wurung anemu papa.
23
Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki aja, wong suwita nora becik, kudu wruh ing karsanira.
24
Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang pituduhnya, poma estokna sayekti, karyanira sungkemana.
25
Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.
26
Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng Gusti, ngengera sepadha-padha.
27
Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen karya sungkanan nora wurung den srengeni, yen luput pasti pinala.
28
Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri aja ngresula.
29
Pan kinarya dhewe bilahinireki, lamun tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir batin ywa suminggah.
30
Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, pan mung bener agemira.
31
Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire wong rumeksa.
32
Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja.
33
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
34
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, Duduke wuluh kang tampa.
PUPUH VI
DUDUK WULUH
01
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti, dipun purut sapakon.
02
Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil, pramila wajib den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring parentahe Sang Katong.
03
Aprasasat batali karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, sapirsa suwiteng Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
04
Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur baya aja ngabdi, angur ngidunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
05
Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan nora nana kang ngiri, mungkul tutug karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta seba lurahe nganggo.
06
Nanging iya abote wong ngidung iku, keneng patrol pinggir margi,lamun nora patrol nglurung,
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.
07
Lan yen ana tetontonan aneng lurung,kemul bebede sasisih,saha mbanda tanganipun, glindhang-glindhung tanpa keris,andhodhok pinggiring bango.
08
Parandene jroning tyas kaya tumenggung, mengku bawat Senen Kemis, mankono ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning Sang Katong.
09
Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun, nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi katong.
10
Samubarang ing karsaning Sang Prabu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, lamun wong kang padha ngabdi, panggaweyane pan seyos.
11
Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri lawan miji, panglaweyan miwah pajang, tuwin kang para prajurit, kang nambut.
12
Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino kang amarengi, wiyosanira sang Prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
13
Yen kang lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran den incih, lamun nora yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip, yen wus mangerti ingkang wong.
14
Tan mangkono etunge kang wus sumurup, yen iku nora pinikir, ganjaran pan wus rumuhun mung amamrih sihing Gusti, winales ing lair batos.
15
Setya tuhu barang saprentah manut, ywa nglegani karseng Gusti, wong ngawula paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma lumampah sapakon.
16
Dening beja cilaka utawa luhur, asor luhur wus pasti, ana ing bebadanira, aja sok anguring uring, Gusti nira inggih Sang Katong.
17
Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti tuwin Hyang Widdhi, dening ta sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring badan tan kena megoh.
18
Tulisane lokhil makful kang runuhun, pepancene kang wus pasti, tan kena owah sarambut, tulise badanireki ywa ana mundur sapakon.
PUPUH V
D U R M A
01
Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.
04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
05
Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.
06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
07
Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira eling-eling, aja sugih waonan,
den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
08
Ingkang eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja, mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing pangalemira, pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11
Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.
12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.
PUPUH VI
WIRANGRONG
01
Den samya marsudeng budi, wuweka dipun was paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadya mung sekecap, yen tan pantes prenahira.
02
Kudu golek masa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den kaesthi, aja age kawedal, yen durung pantes lan rowang.
03
Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.
04
Lan welinge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana itungan prakara, supata ginawe dinan.
05
Den padha gemi ing lathi, aja ngakehke pepisoh, cacah cucah erengan ngabul-abul, lamun tan lukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.
06
Lawan padha den pakeling, teguhna lahir batos, aja ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi, karsa rewang sapasang, miwah maring pasanakan.
07
Gawe salah graitaning, ing liyan kang sami anom, nadyan lilaa lanangipunkang angrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.
08
Gawe salah graitaning, ing liyan tan sami anom, nadyan lilaa lananganipun, kang ngrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.
09
Tan wurung dipun cireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padhasuda, pangandele mring bendara.
10
Anu cacat agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakwan iku akeh pun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
11
Kaping sakawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung batine den etang, alumuh lamun kalonga.
12
Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.
13
Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen pan tumanggal, ulate teka sumringah.
14
Dene wong durjana ugi, nora ana den batos, rina wengi mung kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, lamun wateke durjana.
15
Dene bebotoh puniki, sabarang pakaryan lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen pawitan enting
tan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.
16
Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun edol, lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bopati, wewah tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.
17
Kepatuh pisan memaling, tiniteran saya awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggegulang ngabotohan.
18
Dene ta wong akng madati, sesade kemawon lumuh, amung ingkang dados senengipun, ngadep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leleyang bebuden.
19
Yen leren nyeret, netrane pan merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut biru toya, lambe biru untu petah.
20
Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestop boliro.
21
Yen mati nganggo ndalinding, suprandene npra kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni, wong mangan apyun ala, urpe dadi tontonan.
22
Iku kabeh nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak, kang wani nerak tan manggih arja.
23
Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum, sajeng tanpa masa iku, dadi lire ugi, angombe saben dina, pan iku watake ala.
24
Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli corah, pan wus lumprahing wanita.
25
Tan bisa simpen wewadi, saking rupake ing batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.
26
Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo weh manfaat, kaya Pucung lan kaluwak.
PUPUH VII
P U C U N G
01
Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den awas, aja dumeh bisa angling, den apantes masa kalane micara.
02
Nadyan namung sakecap yen nora patut, prenah ing wicara, sadurunge den kaesthi, awasane semune rewang alenggah.
03
Lawan aja sok metua wong celathu, aneng pasamuwan, ora pantes kang kawiji, ora ana kang kasimpen ing wardaya.
04
Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen wus melu nora kena tinututan.
05
Milanipun den prayitna wong celathu, aja sok supata, pan dadi regeding urip, yen micara larangana ngucap tobat.
06
Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha, den gemi wedaling lati, masa mangke supata ginawa dinan.
07
Akeh tiru pangucap saru rinungu, anut ukaning tyas, tan ana kang angukumi, ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.
08
Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah cucah, anyenengi batur sisip, yen duduka den dumeling sisipira.
09
Iku padha den teguhana den kukuh, lawan aja sira, angalap randhaning abdi, miwah sanak kanca satunggal sapangan.
10
Gawe salah graita kang padha ngrungu, sanadyan lilaa, iya kang anduwe rabi, sanakira ilang pitayaning mana.
11
Nora wurung sinebut kalamun rusuh, batur ira padha, suda pangandeling batin, mring bandara masa kuranga parawan.
12
Lawan aja cacad ingkang luwih agung, pan patang prakara, ingkang dingin wong madati, pindho botoh ping telune wong durjana.
13
Kaping pate wong budi saudagar tambah, sabarang prakara, mung mungkul suka lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.
14
Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus, kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, durung marem yen durung simpen saleksan.
15
Mung sukane yen ana dhedhayoh muncul, nggawa gandhen emas, anenembung utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah.
16
Wong durjana kang kaesthi siang dalu, mung wong sugih arta, kang den incih den malingi, luwih ala-alane budi durjana.
17
Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu dura, lamun pawitane enting, ora wurung nggegampang duweking sanak.
18
Nora etung wasiyate kaki buyut, tan nganggo den eman, barang wesi tumbak keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.
19
Lamun menang angkuhe kaya wong agung, belaba aloma, tan anganggo ngeman picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.
20
Dene lamun kabutuh tanwurung nguthuh, mring tetangganira, yen kalimpe denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.
21
Dene yen wong madati keset tur angkuh, barang gawe sungkan, kang dadim kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.
22
sarta nyekel bedutane den elus-elus, angedhep pangeran, leren nyered banjur dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.
23
Lamun ana rewange wong nyeret iku, ingkang karujukan, crita cinrita pra gaib, para rasa sastrane ingkang rinasa.
24
Sira ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu, andangi sabarang, nora nganggo wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.
25
Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong kekurangan, pikir peteng susah ati, suka bungah adhangan akale ndara.
26
Yen wus ndadi nyerete awake kuru, mesem ulatira, njambut wadi saking warih, lambe biru untu putih arang nginang.
27
Tenmenipun satronjambe gambir suruh, injet lan mbakonya, kinira yen wedi getih, tan angandel puniku mewani cahya.
28
Nyeret lawas ambekane melar mingkus, jelagra neng dadha, watuke saya gumugil, yen agering ndalinding metu bolira.
29
Iya iku alane wong mangan apyun, uripira dadya, tontonan padhaning jalmi, singgahana wewaler telung prakara.
30
Ana maning wewaler aja sok wuru, nora nganggo masa, endi lirira puniki, nginum sajeg puniku watake ala.
31
Yen amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg pikirnya, sabarang angrasa wani, tinemenan wekasane dadi ala.
32
Lawan aja karem mring wanita ayu, kang ala anggepnya, lan aja mbukak wewadi, mring ngarsaning wanita tan wurung corah.
33
Sampun lumrah ing wanita datan brukut, asimpen raharja, saking rupake ing batin, apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.
34
Nitahaken pawestri pan kinaryeku, ganjaraning priya, kabeh padha den nastiti, mring pitutur sayekti kudu prayitna.
35
Aja dumeh pitutur kang tanpa dapur, yen becik bakalnya, den anggowa manfaati, aja kaya Pucung kalawan kaluwak.
Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun kasekaraken Pucung 22 pada sekar.
PUPUH VIII
P U C U N G
01
Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah pisah.
02
Den budiya kepriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
03
Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.
04
Aja kaya sadulur memanise dipun runtut, oja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.
05
Abot enteng wong duwe sanak sadulur, ji tus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.
06
Luwih abot wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing karsa.
07
Lamun bener apinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.
08
Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping karya.
09
Kang saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age bendanana.
10
Datan mari bebendon nggone malincur, age patrapana, sapantese dosaneki, mring santara darapon dadi tuladha.
11
Nadyan iya wong cilik pasti piturut, kang padha ngawula, dimen padha wedi asih, pan mangkono lakune wong dadi tuwa.
12
Den ajembar anggonira amangku, den pindho sageta, tyase amot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.
13
Pan sadulur tuwa wajibe pitutur, mring kadang taruna, kang anom wajibe wedi, dipun manut tuture sadulur tuwa.
14
Kang tinitah dadi anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula ngowai kodrating Suksma.
15
Nadyan bener yen wong anom dadi luput, dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing beji, awening tingale aja sumunar.
16
Lan maninge pan ana pituturingsun, yen sira amaca, sabarang layang den eling, aja pijer ketungkul ngelingi sastra.
17
Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik si ra a- nggawa.
18
Ingkang ala rasakena dadi luput, supaya tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik wiwitane kawruhana.
19
Wong kang laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono ugi
ing wekasanipun teka dadi ala.
20
Ing sabarang prakaran dipun kadulu, wiwit wekasanya, bener luput den atiti, ana becik wekasane dadi ala.
21
Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi becik ing wekasanira.
22
Ewuh temen babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wasise basa raharja.
PUPUH IX
M I J I L
01
Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk.
02
Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.
03
Lan dimantep mring panggawe becik, lawan wekas ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah marang Hyang Widhi, ing badan punika, wus pepancenipun.
04
Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon, lan ana wong narima titahe, wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja seling surup.
05
Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima nora becik
dene ingkang becik, wong narima iku.
06
Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.
07
Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.
08
Nanging arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
09
Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.
10
Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi tyase Sariah, kasusu ing angkuh.
11
Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, sanadyan narima ing Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.
12
Wong tan narima pan dadi becik, tinitah Hyang Manon, iku iyo rerupane, kaya wong ingkang ngupaya ilmi, lan wong nedya ugi kapintaranipun.
13
Iya pangawruh kang den senengi, kang wus sengsem batos, miwang ingkang kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis, nora kanggo lathi, kabeh wus kawengku.
14
Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira pitados, ing kapinterane ing undhake, utawa unggahe kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.
15
Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih awon barang gawe aja age-age, anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi resik tur rahayu.
16
Lan maninge babo dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngemplak emplak, iya marang kang jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
17
Kang jumeneng iku ambawani, karsaning Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.
18
Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.
19
Nanging kaprah ing masa samangkin, anggepe angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing batine datan nedya eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.
20
Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan mengkuh, saking durung batin ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin, dhasar tan paduli, wuruking wong sepuh.
21
Dadine sabarang tindakneki, arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane, arip crita tan ana kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa dhapur.
22
Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi sinelir, pinter tanpa wuruk.
23
Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon, apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu pandadi pikukuh.
24
Kacek uga wong kang tanpa ilmu, sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge, sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.
25
Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang sayektos, kawruh tetel wus kawengku kabeh, kang sarengat kanggo lair batin, mulane den sami, brangta maring ilmu.
PUPUH X
ASMARANDANA
01
Padha netepana ugi, kabeh parentahing syara, terusna lair batine, salat limang wektu uga, tan kena tininggala, sapa tinggal dadi gabug, yen misih remen neng praja.
02
Wiwitane badan iki, iya saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.
03
Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan ngalakanana, datan wurung nemu bebendu, mula padha estokeno.
04
Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana, rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.
05
Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal lamun pinangan, yen manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.
06
Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes neng dunya, siang dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.
07
Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas calak lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja ngepak,
lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.
08
Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku kajinan, pan nora nganggo murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.
09
Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh ing tata, ngunggulaken satriyane, lamun karem pinondhokan, anganggowo jajaran, yen niyat lung anawur, aja ndhodhoken manusa.
10
Denene wedi sarta sih, anggonira mengku bala, miwah yen angran ing gawe, den abisa minta-minta, karyane prawadyanira, ing sagawe gawenipun, ing karyanira prayoga.
11
Sarta kawruhana batin, gegantunganing pratopan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, nggone nglakoni karya ywa, dumeh isih sireku, lamun leda patrapana.
12
Nadyan sanak antaneki, yen leda hya pinatrapan, murwaten lawan dosane, darapon padha wediya, ing wuri awya padha, angladeni kayaniraku, aja pegat den warata.
13
Lan meninge suta mami, mungguh anggering kawula, den suka sukur ing batos, aja pegat ing panedha,
maring Kyang kang misesa ing, rahina wenginipun, mulyaning Nagara kita.
14
Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat, nenedha mring Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.
15
Iku wewalesing batin, mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyadhang ing karsa,
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.
16
Gumantung karsaning Gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk palungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.
17
Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.
18
Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
19
Pamrihe gelise bathi, nadyan besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.
20
Poma padha dipun eling, nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.
21
Wong desa pan aja ngesthi, anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den owah dimene, tulus nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.
22
Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja kongsi rekasa, kang wani kalah rumuhun, kurang pajeg srantekena.
23
Lamun tan mangkono ugi, karem masesa wong desa, salin bakul pendhak gawe, pamitunge jung sacacah, bektine karo belah, temahan desane suwung, pyayine jaga pocetan.
24
Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.
25
Nonoman ing mengko iki, yen dituturi raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana, ewuh yen nuruta, malah mudhar pitutur, pangrasane pan wus wignya.
26
Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang carita, rungokena saunine, ingkang becik sireng gawa,bawungen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.
PUPUH XI
S I N O M
01
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.
02
Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
03
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana undaking kabisan.
04
Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
05
Nanging padha estokana, pitutur kang muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
06
Lan aja nalimpang padha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
07
Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil,
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
08
Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
09
Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan.
10
Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
11
Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana.
12
Yen aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen warna beda.
13
Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
14
Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.
15
Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira tunggal.
16
Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.
17
Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa udani, apan ana dalile kang wus kalawan.
18
Marang leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
19
Tampane nganggo alingan, pan padha alaku tapi, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
20
Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.
21
Lan maning ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
22
Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.
23
Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
24
Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena.
25
Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit,
nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi,
pan prayoga satedake sinauwa.
26
Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki,
tan rinilan ujung astana ing Betah.
27
Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih,
mring satedhak turunira linarangan.
28
Dhahar apyun nora kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni,
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
29
Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lelani,
ngawe andel ugi, wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.
30
Wonten waler kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
31
Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan paying dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
32
Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
33
Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
PUPUH XII
G I R I S A
01
Anak putu den estokna, warah wuruke pun bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning nala.
02
Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira,
lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.
03
Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing umurira ingkang cedhak, lan kang dawa, wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus ana.
04
Iku padha kawruhana, sesikune badanira, aywa marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.
05
Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam takokeno.



06
Sunat lan perlu punika, perabot kanggo sadina, kaki iki dipunpadhang, tatakaniro den terang, lan aja bosen jagongan, marang kang para ‘ulama, miwah wong kang wus sempurna, pangawruhe mring Hyang Suksma.
07
Miwah ta nagara krama, tindak tanduk myang bebasan, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tiba ing madya, lawan kang timbang utama, iku sira takokena, ya marang para sujana, miwah wong kang tuwa-tuwa.
08
Kang padha bisa micara, tuwin kang ulah susastra, iku pantes takanana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra utawa saking carita, ingkang kinarya gondhelan, amemuruk mring wong mudha.
09
Lawan sok kerepa maca, sabarang layang carita, aja nampik barang layang, carita kang kuna-kuna, layang babat kawruhana, caritane luhuriro, darapon sira weruha, lelakone wong prawira.
10
Miwah lelakone padha, kang para Wali sadaya, kang padha antuk nugraha, angsale saking punapa, miwah kang satriya, kang digdyana ing ayuda, lakune sira tiruwa, lelabetan kang utama.
11
Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira wruha.
12
Yen durung mangerti sira, caritane takonana, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta dipun elingan, sabarang ingkang kapiyarsa.
13
Aja na tiru ing bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe graita, ketungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, mring pitutur kang prayoga, kabe padha anyakepa.
14
Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, den padha sugih berana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapedhotan tresna.
15
Padha sami den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking bapa, Hyang suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.
16
Den bisa nampani padha, mungguh Sasmitaning suksma, ingkang dhawuh marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku peparing Hyang Suksma.
17
Paring peling maring sira, tinuduhken ing dedalan, kang bener kang kanggo uga, ing dunya ingkang sampurna, mugi anak putu padha, anaa dadi tuladha, ing kabecikan manusa, tiniruwa ing sujalma.
18
Sakehing wong kepengin, nira solah bawanira,marang anak putu padha, anggepe wedi asih, kinalulutan bala, kadhepa saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.
19
Didohna saking duraka, winantuwa ing nugraha, sakehe anak putu padha, ingkang ngimanaken samya, marang pituture bapak, Alloh ayem badanana, ing pandonganingsun mapan, ing tyasingsun wus rumasa.
20
Wekasingsun supaya surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih marang imbulnya, pira lawase neng dunya, ing kauripaning jalma, masa nganti satus warsa, iya umuring manusa.
21
Mulaningsun muruk marang, ing kabeh atmajaningwang, sun tulis ngong wehi tembang, darapon padha rahaba, nggonira padha amaca sastra ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi elinga.
22
Lan nuli pada elinga, kaya leluhure padha, digdaya betah ing tapa, sarta waskitha ing nara, ing kasampurnaning gesang, patitis tan kasamaran, iku ta panedhaning wang, kang muga kelakonana.
23
Titi tamating carita, serat weweling mring putra, kang karya serat punika, Jeng Sunana Pakubuwana, Surakarta ping sekawan, ing ngalin panedhanira, kang amaca kang amiyarsa, yen lali muga elinga.
TAMATING PAMANGUN
Telasing panuratira, ping Rong Puluh ing Muharam Kamis Pon Taun Jimawal. Bumi Karta Saptaringrat (1741). Kapitu Adidaha, obah kawula.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar