Angitanipun R.Ng. Ranggawarsita
– 01 –
Rasaning tyas kayungyun ngayati, lukitaning sekar dhandhanggula, linalar srana wengane, krentek osiking kalbu, katarbuka weninging budi, kang nedya maharjeng tyas, sarwi weh pitutur, sumingkir mring para-cidra, myang mirangrong murang ing reh krama-niti, tinilar ing jro cipta.
Sabda = pangandika, pranawa = padhanging manah, dados tegesipun: Pangandika ingkang ndadosaken padhanging manah. Menggah gathukipun kaliyan wasitaning ngelmi, makaten wau winastan: Pangandikaning Allah. Dados wosipun nerangaken bilih karangan serat Sabda-pranawa (= jangka), punika mendhet wewaton saking dhawuh pangandikaning Allah. Dene ‘Sabda-pranawa’ wiwit pada 1 suraosipun makaten:
Larasing panggalihipun Sang Pujangga kasengsem ngadani badhe medharaken sasmitaning jaman, kanthi rinengga (kaanggit) ing sekar Dhandhanggula, menggah tuwuhing sasmita wau sampun kalimbang-limbang ngantos dumugi kabukaning raos, krentek saha osiking manah ingkang sampun tinarbuka manjing kaweningan sarta padhang pikiranipun anggening badhe sumedya nata karahayoning budi, sarana piwulang sageda sumingkir saking tindak para-cidra, punapa malih pandamel piawon, ingkang nyimpang saking patrap kasusilan, sadaya wau sampun ngantos sumimpen ing manah.
– 02 –
Den anedya amituhu maring, gaibing Hyang jroning jaman edan, iku wus dadi karsane, Gusti Hyang Mahaagung, anggung maweh atising kapti, tata-tataning gesang, kataliwar mawut, ruwete saya andadra, dipun sami nyenyuda ardaning budi, ulah titising sedya.
Ing salebetipun jaman ewah, kawontenanipun tetiyang kathah ingkang remen goroh ngapus-apusi sarta bedhangan, kathah tiyang ingkang kuwalik panganggepipun, pratingkah awon anggepipun sae, tuwin sapanunggilipun. Mugi nggadhahana sedya ingkang tumemen anggening ngestokaken kaparenging Pengeran ingkang taksih sinengker, amargi tuwuhing jaman wau, sampun kinodrat (pinasthi) dening Gusti Ingkang Mahaagung, mila tansah tuwuh lelampahan ingkang damel atising kekajengan, tumraping pranatan wajibing gesang sampun mawut ketula-tula, kisruhing lelampahan saya adadra, awit saking punika dipun sami nyenyudaa kekajengan ingkang ngambra-ambra, lajeng kaparenga nggegulang pratitising tekadipun.
– 03 –
Ngajap maring rahayu ngayemi, ngayomana samining tumitah, ngendhak arda kamurkane, ngendhangken tindak dudu, den dawaa tumibeng tebih, bablas kentas anatas, tyasing pra tumuwuh, katarbuka mung anedya, tumindak mring rahayu anrusing budi, dumadi yogya tama.
Mangesthiya dhateng karahayon ingkang nyrambahi damel asreping manah, sarta ngayomana sasamining tumitah, punapa malih ngendhakna osiking manah ingkang adreng tuwin kamurkaning hawa-nepsu ingkang ndadosaken pepeteng, nyingkiraken tindak ingkang nyimpang ing kaleresan, kaduaa ngantos dhumawah ing tebih, bablas lebur sadayanipun. Lejeng sagung dumados manahipun sami tinarbuka, lair batosipun namung sumedya tumindak dhateng karahayon, ing wasana kawontenanipun dados prayogi sarta utami.
– 04 –
Beda lan kang pangajaping kapti, ngaji pupung mupung dadi gesang, sadina-dina den tutke, rubedaning tyas ngumbruk, gung kininthil mung atut wuri, riwut mawut ing nala, arawat dahuru, korup kaserung tyas growah, wahanane gorohnya saya andadi, sadaya mung yun cidra.
Beda kaliyan ingkang pangestunipun remen ngaji pupung, mupung taksih geseng ing sadinten-dinten dipun tutaken rubedaning manah, warna-warni ngantos mgumbruk kathah sanget, tansah kininthil, namung tut wingking kemawon, tumindakipun riwut ngantos mowat-mawut gesangipun, manahipun kebak reresah, ketarik saking korup kadhesek cupeting budi ngagengaken para-cidra, sadaya sami pinter goroh.
– 05 –
Hang nglayang budayaning urip. Tanpa bayu weyane ndaluya, sacipta-ciptaning tyase, mung sarwa gidhuh, mbebayani samining urip, budine saya rusak, padone tan payu, ajine wus ora ana, analutuh pakewuhe saya ndadi, dumadi kasangsara.
Budi-dayanipun kabur ical, badan cape, sepen ing panggraita, ciptaning manah saben jumedul namung tansah damel gidhuh, lajeng dados ama ingkang bebayani tumrap sasamining gesang, amargi budinipun saya risak, rembagipun boten pajeng (awis ingkang pitados), ajining badan sampun boten wonten, jalaran kepatuh ing piawon, mila pakewedipun sangsaya ndados, ing temahan gesangipun manggih sangsara.
– 06 –
Rongeh rungkat utamaning urip, ringa-ringa kari ura-ura, dhandhanggula mrih agawe, lejar enggaring kalbu, angleluri leluhur nguni, abote dadi gesang, saking dennya wayuh, wayuh wahyu paringing Hyang, ya bok donya kalawan embok rijeki, kang sami awratira.
Ing jaman wau manahipun tetiyang sami rongeh (bingung), ical tabeting kautamen, amung rangu-rangu (samar) kantun ura-ura sekar dhandhanggula kangge nglelipur supados saged damel pepadhang saha senenging manah, sarana nggegesang pamanggihipun para leluhur ing kina, saking awratipun dumados gesang, jer sampun kinodrat dening Pangeran, kedah saged wayuh garwa kekalih, inggih punika Bok Donya lan Bok Rijeki, punika sami awratipun.
(Katrangan: Bok Donya ibaratipun kasugihan, kadosta: raja-brana sandhang-pangangge, raja-darbe, garwa putra, tuwin sanes-sansipun. Bok Rijeki ngibaratipun: Tedha)
– 07 –
Garapannya langkung gawat rungsit, sami datan kena yen katilar, nanging ta panggupitane, Ki Pujangga tyasipun, anggung mangu-mangu tan sipi, kalintuning pamawas, wawasaning kalbu, mring arja mulyaning gesang, saking sruning kataman ing tyas prihatin, tansah muleting prana.
Garapanipun pancen langkung gawat sarta rungsit, amargi sandhang tuwin tedha punika boten kenging manawi katilar salah satunggal. Mila panganggitipun Kyai Pujangga ing panggalih tansah sumelang sanget, bokmanawi kalintu ing pamawasipun dhateng karahayon sarta kamulyaning gesang amargi katarik saking sangeting nandhang prihatos, ingkang tansah nggubel ing panggalih.
– 08 –
Wartanira pra ambek linuwih, wawasaning nala wus tetela, miturut ing kahanane, ran jaman woah tuhu, keh ngowahi sagung pakarti, pakewuh saya ndadra, sadaya tumuwuh, mung ewuhaya tyasira, ngeres macek sesambate tanpa uwis, uwas kaworan maras.
Miturut pangandikanipun para linangkung, mendhet saking wawasaning panggalih jumbuhipun kaliyan kawontenan sampun saged cetha saestu, nerangaken bilih badhe tuwuhing jaman, kawastanan jama ewuh, tegesipun ing jaman wau tumindakipun tiyang kathah ingkang maleset cidra ing janji, lajeng tuwuhipun pakewed saya ndadra manahipun sagung dumados namung tansah ewuhaya badhe tumindakipun, kanthi raos ngeres atis sanget kaliyan sesambat melas-asih.
– 09 –
Sinasaban rahayuning budi, nging dukane jaman sangsayarda, nglimputi sakeh panggawe, kang maring mbek rahayu, krana saking uwus tan keni, sinirep kabudayan, budiman martarum, yen durung kala masanya, malah saya maweh sangsara ngranuhi, wus karsaning Hyang Suksma.
Sanadyan dipun aling-alingana alusing bebuden, nanging katarik jamanipun saweg kenging deduka, dados tuwuhipun inggih malah sangsaya sanget nglimputi sakathahing pandamel ingkang tumuju dhateng karahayon, mila inggih boten kenging kaendhaaken sarana kalangkunganing budi sarta berbudi ambek paramarta, sadaya wau manawi dereng dumugi ing kala mangsanipun malah mewahi sangsara kanthi atis, amargi sampun pinasthi karsaning Pangeran.
– 10 –
Tatanane mung anggung anggili, panutane ambek angkararda, pikantuk kala mangsane, wengane sedyanipun, saya cetha nglela kaeksi, limut mring kautaman, riwut ngawut-awut, watak candhala andadra, udreg-udregan kalawan tyas jail drengki, weh wimbuh kasangsara.
Tatananing praja tansah lumintu tumrap anggenipun ngagengaken kamurkan kanthi pameksa, tumindakipun saged kalampahan jalaran nyarengi ing kala mangasanipun, mila osiking sedyanipun boten mawi ewed pakewed, langkung cetha tanpa tedheng aling-aling, kesupen dhateng kautamen, tumindakipun para tiyang sami riwut ngowat-awut tetanggelanipun. Ingkang watek budi candhala makaten wau lajeng kathah panunggilipun, tansah rame pasulayan udreg-udregan, kaliyan ingkang watek jail tuwin drengki, jalaran saking meri, ing wasana malah nambahi kasangsaranipun.
– 11 –
Ing antara laju saya keksi, lelamuking jaman katingalan, rupak rumpil kahanane, saya dreng weh wulangun, panguripan amorat-marit, sirna tentreming nala, wong udrasa manggung, gawangan saenggonira, nyenyet samun sesunare sukeng kapti, tansah kapilet susah.
Kalampahanipun ngantos sawatawis lami saya katingal lamuking jaman, lelampahaning tiyang langkung mepet tambah rumpil (riwil) tumindakipun, amargi saya nesek tansah keraos-raos, lampahing panggesangan boten kanten-kantenan, ical katentremanipun, ing saenggen-enggen kathah tiyang nangis salebeting batos, anggening tansah gawang-gawangan (katingal cetha) kagubel ing kasusahan, sadaya katingal nyenyet sepi samun boten wonten semunipun tiyang seneng.
– 12 –
Kekah kukuh tan kena den ungkih, sangsaraning sagung pra ngagesang, kehing srana tanpa gawe, kemat isyarat lebur, bubur bubar tan andayani, angles kekesing nala, sangsaya anglantur, tumutur saparan-paran, mahanani tidhem – tandhaning dumadi, begjane sing den uja.
Kasangsaranipun kekah boten kenging dipun angkah murih ical, inggih punika ingkang tumrap tetiyang kathah. Sakathahipun sarana kangge ngicali sangsara wau sampun tanpa damel, kemat (pengasihan) isyarat sami lebur ing bubur tanpa daya, dhateng manah ngantos angles kekes, saya dangu saya ngantur ngetutaken sapurug-purug, wahananipun lajeng damel ical (sirna) sipating kamanusanipun, begjanipun tiyang ingkang saweg jinurung.
– 13 –
Dhungkar maring gunung giri-giri, ingkang geneng padha jinugrugan, tan pisan ana kang nyruwe, wedi yen dipun sretu, yekti kabur kabuncang tebih, wit lagi winong Dewa, widigdaya punjul, sasaminira tumitah, singa mawas mesthi lebur tanpa dadi, ndlarung sakarsa-karsa.
Dhungkar gunung giri-giri sarta njugrugi ingkang geneng-geneng, punika ibaratipun para luhur (priyantun ageng) dipun risak darajatipun utawi panguwaosipun, sarta ingkang hartawan dipun keruk, ewa dene boten pisan wonten ingkang nyaruwe, amargi ajrih manawi dipun sertu mesthi kabucal dhateng tanah ingkang tebih, lah tiyang saweg winongwong ing Jawata, dhasar langkung digdayanipun ngungkuli para tumitah, sinten kemawon ingkang ngulat-ulataken badhe damel pakewed mesti lebur tanpa dados, mila ndlarung sakarsa-karsa.
– 14 –
Sanadyan kasaranipun boten wonten ingkang wani ngebah-ebah punapa malih ngentasaken, pancen kekah santosa yektos, mila para prikonca kantun ngraosaken ngenesing manahipun, ing batos namung gumun, miturut piwulangipun tiyang saged, kedah ingkang mulat anggenipun ningali tuladan utami, ajrih asiha dhateng Pangeran ingkang kuwaos nitahaken bumi lan langit, dipun suwuna supados luntur sihipun.
– 15 –
Supayantuk awas lawan eling, nitekena lelejeming jaman, kang bakal linakon tembe, yeku sajroning taun, windu kuning kono kaeksi, wewe putih amawa, gaman tebu wulung, yun kinarya amrajaya, wedhon ingkang idune kaliwat mandi, dadya esuh sirnanya.
Pinaringan awas lawan enget, sarta nyatitekna dhateng sulak utawi keclaping jaman ingkang badhe linampahan ing tembe, inggih punika salebeting tahun: windu kuning (windu kencana = jaman kencana, inggih punika jamanipun manusa sami jejeg adil netepi jejering kasatriyan. Dene menggah seneng lan nikmatipun kita boten saged nggambaraken ing angen-angen, namung bangsa ingkang sampun ngraosaken leginipun jaman kencana kemawon ingkang saged kojah klawan gamblang lan ceples. Kangge kita kados dene ing masa wau, ing sapunika sampun wiwit katingal trontong-trontong kados siratipun Sanghyang Sumorot ing wanci bangun (enjing), ing ngriku badhe katingalipun: Wewe putih, mbekta dedamel tebu wulung, badhe mrajaya (natoni) wedhon ingkang idunipun ampuh, temahan ndadosaken lebur tuwin sirna.
(Katrangan: wewe putih = memedi, damelipun ngajrih-ajrihi; putih = suci; tebu wulung = mbokmanawi: wuluhing sanjata; wedhon = bangsa pethak; idu ampuh = parentah ingkang mesti kelampahanipun, utawi mesti dipun gega, saminipun = idu geni, punika tiyang ingkang saweg dipun gega cariyosipun).
– 16 –
Rasanira wus karasa yekti, kesuk saking panguwasnira, Hyang Mahamulya kang gawe, ala kalawan ayu, sadayaning tinitah urip, wahyune gya tumiba, barkahe Hyang Agung, tyasira sagung agesang, kukuh bakuh mbek arja lulus lestari, salamet pra tumitah.
Tetiyang sampun sami kraos lan rumaos kedhesek dening karsaning Pangeran, inggih punika ingkang kuwaos damel awon saening tumitah, nunten wahyu dhumawah sarta angsal barkahing kang Mahaagung, mila manahipun tetiyang sami santosa sanget, sumedya ambek rahayu, lestari kalampahan wilujeng sadayanipun para tumitah.
–17 –
Karkating tyas mung nuju maring, sreping nala samining kawula, yuwana sapiturute, lyan praja samya sayuk, rumeksa mring sakehing urip, mirut larut suranya, saenggon-enggon mangguh, kajen keringan ing angga, gegarane padha rahayu ning budi, dumadi arja mulya.
Krenteking manah namung tumuju dhateng kaayeman (katentreman) ing sasaminipun kawula, tuwin kayuwanan sapiturutipun, liyan praja sami sayuk anggenipun rumeksa ing gesangipun, kuwanenipun (mengsah) sirna larut, ing saenggen-enggen manggih hormat, kajen keringan; pawitanipun sami rahayuning budi, lajeng ndadosaken wilujeng tuwin mulya.
– 18 –
Tatu-tatu samya tuntum sami, lelarane waluya suh sirna, tyas kang mung prihatin bae, ginantyan sukeng kalbu, saparan gung weh seneng kapti, tanana ambek arda, ngantuk nemu kethuk, kang isi dinar kawuryan, suka-suka sagunging para dumadi, begjane wuwuh prapta.
Tetiyang ingkang ketaton (kecuwan) sami pulih, sakiting manah ical, ingkang tansah prihatos santun dados bingah, sapurug-purugipun namung damel seneng kemawon, ambek angkara murka boten wonten, bebasan ngantuk nemu kethuk, tegesipun: manggih begja boten nyana, warni dinar = raja brana, damel bingahing manahipun para tumitah (tetiyang kathah), kebegjanipun tansah wewah-wewah.
– 19 –
Amung padha tinumpukan sami, bandha dunya tanna rinareksa, rerusuh wus sirna entek, dadya sadayanipun, rajakaya cinancang njawi, tan srana dipun tengga, salamet lestantun, tan ana kang munasika, durtaning rat wus larut mirut angisis, sumingkir langkung tebah.
Kasugihanipun bandha namung dipun tumpuk wonten ing griya tanpa dipun tengga, (dening kertaning jaman), reresah sampun boten wonten (telas), rajakaya sami kacancang ing njawi tanpa tinengga, ewadene wilujeng boten wonten ingkang munasika (ganggu damel), piawoning jagad sampun larut sami sumingkir, langkung tebih.
– 20 –
Diraning tyas pra durjana juti, sirna gempang gampang gya gumiwang, wewangsone mung agawe, ayem tentreming kayun, kayuwanan sagunging urip, rep-sirep ardeng driya, dayane kayungyun, ngayomi ayuning budya, kang budyarja marjaya mring ambek nisthip, cinuthat tibeng tebah.
Kadibyan (peng-penganipun) durjana tuwin piawon-piawon sirna, gampil maliking panggraita, namung nedya badhe damel ayem lan tentreming manah, kayuwanan sadaya ingkang tinitah gesang, kamurkan sirep, kadayan anggenipun manah adreng kapengin memayu ayuning budi, dende ingkang pancen sampun sae (rahayu) manahipun sami merangi ingkang gadhah manah nistha, kasingkiraken dhumawah ing tebih.
– 21 –
Ninggal maring pakarti lan yukti, teteg tata ngastuti parentah, tansap saregep mring gawe, ngandhap lan luhur jumbuh, boya ana cengil-cinengil, tut-runtut golong karsa, sakehing tumuwuh, wantune wus katarbuka, tyase wong sapraja kabeh mung arjanti, titi mring reh utama.
Nilar saking pandamel awon, manah teteg (santosa), kanthi tata anggenipun bekti dhateng pamarentah, sregep nyambut damel, jumbuh (cocog) ngandhap lang nginggilipun, boten wonten cengil-cinengil, atut-runtut sagolong ing karsa (tunggal karep) tumrap sadaya titah, wantunipun sampun binuka (angsal wewengan), tetiyang sapraja sadaya manahipun namung nedya wilujeng tuwin titi dhateng kautaman.
– 22 –
Ngratani mring saindenging bumi, keh ing para manggalaning praja, nora kewran nandukake agal lembut, pulih kadi duk jaman nguni, tyase wong sanagara, teteg teguh-teguh, tanggon rabarang sinedya, datan pisan ngucira ing lair batin, kang kesthi mung reh aria.
Waradin ngebeki saisining jagad, sakathahing para pangageng nagari ugi boten kewran nandukaken pandamel agal tuwin remit, dados pulih kados nalika jaman rumiyin, manahipun tetiyang sanagari, sami teteg-teteg, teguh tanggon, samubarang ingkang sinedya boten pisan-pisan tilar gelanggang colong playu (medhot banyon), nanging mantep sanget lair dumugining batos, ingkang kaesthi namung dhateng tindak tata raharja.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar