English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Kalithida Wali Rasa

Pambuka

Serat Kalatidha ingkang kaiket mawi sekar Sinom 12 pada punika karanganipun R.Ng. Ranggawarsita nalika tahun 1769 Kawi, alamipun Sri Pakubuwono VII.

Suraosipun serat Kalatidha punika, minangka panyandra kawontenan obah-osik utawi galagating praja, duk panjenengan dalem Sri Pakubuwono VII, papatih dalem Raden Adipati Sasradiningrat ingkang sumare Imagiri.

Nalika tahun ± 1780 Jawi, serat Kalatidha kapendhet suraosipun namung ingkang dados panyandra kawontenaning praja kemawon, kagubah mawi sekar Pucung, kalebetaken ing Jangka Jayabaya, kangge mungkasi kawontenanipun jaman Kalabendu, ingkang kaseselaken wonten ing serat Cebolang, inggih punika gegubahan panjaturing purwakanipun serat Centhini, dening R.Ng. Ranggawarsita; dene suraosipun serat Kalatidha ingkang namung dados panyandra raos-pangraosipun Sang Pujangga piyambak, katilar boten kalebetaken ing Jangka Jayabaya. Kajawi saking punika suraosipun serat Kalatidha, ingkang dados panyandra kawontenaning praja, ugi lajeng kagubah kawali-rasa, lestantun sekar Sinom, minangka panyandra kawontenanipun jaman Mataram duk panjenengan dalem Sri Sultan Agung, ugi kaseselaken wonteng ing serat Cebolang, dening R.Ng. Ranggawarsita.

Ing ngriki kula cuplikaken:

  1. Suraosipun serat Kalatidha, gubahan sekar Pucung, ingkang kalebetaken ing Jangka Jayabaya, ingkang kawrat ing serat Cebolang, minangka panyandra kawontenanipun jaman Surakarta, alamipun Sri Pakubuwono VII.

  2. Suraosipun serat Kalatidha, sekar Sinom, ingkang namung dados panyandra raos-pangraosipun Sang Pujangga piyambak.

  3. Suraosipun serat Kalatidha, ingkang kagubah kawali-rasa, taksih lestantun sekar Sinom, minangka panyandra kawontenanipun jaman Mataram, alamipun Sri Sultan Agung.

Surakarta, 17 Juli 1946

R. Tanoyo

—————————————

Dalajating praja Surakarta, jaman Sri Pakubuwono VII

Dalajating praja kawuryan wus suwung, lebur pangreh tata, karana tanpa palupi, pun wus tilar silastuti titi tata,

pra Sujana Sarjana satemah kelu, klulun Kalatidha, tidhem tandhaning dumadi, ardayeng rat dening karoban rubeda,

Sitipati Nareprabu utamestu, patihe nindita, pra nayaka tyas basuki, panekare becik-becik, cakrak-cakrak,

nging tan dadya paliyasing Kalabendu, mandar mangkin dadra, rubeda angreribeti, beda-beda ardaning wong sanagara.

Katetangi tangsi Sang Mardawnglagu, kwilet tyas duhkita, kataman ring reh wiyadi, dening angupaya sandi sumaruna,

anarawung mangumur manuhareku, mantheng mangupaya, ing pamrih melik pakolih, temah suka ing karsa tanpa weweka.

Ing Panitisastra wewarah sung pemut, ing jaman musibat, wong ambek jatmika kontit, kang mangkono yen niteni lelampahan.

Nawungkridha kang menangi jaman gemblung, iya jaman edan, ewuhaya ing pambudi, yen meluwa edan yekti nora tahan,

yen tan melu anglakoni wus tartamtu, boya kadumanan, melik kal ing donya iki, ing satemah kaliren wekasanira,

wus dilallah karsaning Kang Amongtuwuh, kang lali kabegjan, ananging sayektineki, luwih begja kang eling lawan waspada.

Sang Pujangga,
anggenipun mapan mrenahaken budi pakartinipun piyambak,
wonten ing salebetipun jaman musibat.

Dhasar karoban pawarta, bebaratan ujar lamis, pinudya dadya pangarsa, puwara malah kawuri, yen pinikir sayekti, pedah apa aneng ngayun, andhedher kaluputan, siniram ing banyu lali, lamun tuwuh dadi kekembanging beka.

… pedah apa amituhu, pawarta lalawora, mundhak angrerontog ati, angurbaya ngiketa cariteng kuna,

keni kinarya darsana, panglimbang ala lan becik, sayekti akeh kewala, lelakon kang dadi misil, masalah ing ‘aurip, wahananira tinemu, wekasan anarima, mupus papasthening takdir, puluh-puluh anglakoni kaelokan.

Samono iku bebasan, padu-padune kapengin, rak nggih ngaten ta Man Dhoplang? bener ingkang angarani, nanging sajroning ati, sayektine nyamut-nyamut, wus tuwa arep apa, muhung mahas ing asepi, supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma.

Beda lan kang wus santosa, kinarilan ing Hyang Widhi, satiba malanganeya, tan susah ngupaya tamsil, saking mangunah prapti, Pangeran paring pitulung, marga samaning titah, rupa sabarang pakolih, suprandene maksih taberi ikhtiyar.

Sakadare linakonan, mung tumindak marek ati, angger tan dadi prakara, karana riwayat muni, ikhtiyar iku yekti, pamilihing reh rahayu, linawan budidaya, kanthi awas lawan eling, panedhane antuka parmaning Suksma.

Ya Allah ya Rusulullah, kang sipat rakhman lan rakhim, mugi-mugi aparinga, pitulung ingkang nartani, ing ‘alam awal akhir, dumunung ing gesang ulun, mangkya sampun awredha, ing puwara kadi pundi, lamun boten wontena pitulung Tuwan.

Sageda sabar santosa, mati sajroning ‘aurip, kalis ing reh aruhara, murka angkara sumingkir, tar len meleng malatsih, sanityaseng tyas memasuh, badharing sapudhendha, antuk mayar sawatawis, borong angga sawarga mesi martaya.

Dalajating praja Mataram, jaman Sri Sultan Agung

Reh mangkya dalajating praja, kawuryan respati wingit, sareh ruruh ing ukara, krana met palupi sidik, tan tilar silastuti, Sujana Sarjana sarju, memuja mrih widada, tentreming sagung dumadi, ascaryeng tyas karoban dening utama.

Sang Prabu Wali Khalifah, patih nayaka linuwih, prapangageng tyas raharja, panekar mratah prayogi, punika kang dumadi, paliyasing reh rahayu, mila mangkin andadra, raharjaning kang nagari, temah suka sukur sanggyaning kawula,

katetangi ring sampurna, para Sang Paramakawi, kawileting tyas ascarya, kataman ing tyas majernih, dennya ngupaya sandi, sumaruna anarawung, angimur manuhara, met pamrih amrih pakolih, dadya suka ing karsa manadukara,

kasok karobaning warta, bebaratan ujar yekti, binudi dadya pangarsa, puwara kathah nemahi, ginilut anetepi, kataman dadya pangayun, andhedher kaleresan, siniraman toya aring, bilih tuwuh dadya kembanging nugraha.

Wicara ran Nitisastra, awewarah asung peling, inggih ing jaman Dupara, kuwat dennya mangun jurit, taletuh praja tintrim, tentrem sakehing tumuwuh, kadi paran sageda, duryana nagri Matawis, saking nalar lestantun salaminira.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar