English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Syeh Jangkung

SERAT SEH JANGKUNG

Pupuh I
Pangkur


  1. Yata kawarnaa enjang / Seh Jangkung lampahneki / ambekta kitiran wau / pan sarwi den plajengna / sakarsaning dugi Blambangan wau / gangsal wulan laminira / ambekta kitiran nenggih.


  2. Awangsul kiduling Rembang / wonten bathang mahesa dipunlebeti / tigang wulan laminipun / ing jro bathang mahesa / dupi wonten lare angon kathah wau / abebathang mahesa / wonten ingkang anjejegi.


  3. Kangge dolanan / dene remen bathang tan bosok / dalunipun Ki Seh wau / sigra denira medal / linggih sela thenguk-thenguk denya manduk / aran dhusun Landhoh ika / punika purwane nguni.


  4. Dadya yasa patilasan / masjid alit damel salat ta nenggih / wus sawarsa laminipun / Seh Jangkung duk kelingan / yata sanget dhateng bok ayunipun / yen dalu ngipi supena / kadya sinendhal kang galih.


  5. Sak sajadhek bang lumampah / datan towa (…………..)/


  6. (……….)gapyak irinya / ting sasenggruk wau tiyang kekalih / Nyai Banjur alon muwus / dhuh adhi aku nadyan / lawas temen gonmu lunga sira iku / dene nora nana teka / gonku muji saben bengi.


  7. Mung ariku bae arya / anyandhungaken rasa apa iki / sawaluh gedhene iku / lupata sakara-kara / saparane bisa amanggya rahayu / saparane den sihana / iya ing dhadhaning jalmi.


  8. Kang rayi alon turira / kasinggihan dhawuh sampeyan ugi / kula sampun tigang taun / lumajangaken kitiran / inggih boten kauban griya puniku / bilih bakune dhukuhan / dhusun Landhoh samaneki.


  9. (……….)kula supena / pan pinanggih kelayan gon sun kang nyalib / tur alon muwus / apan pesthi kapanggih sabab / saben ingsun muji iku / sira kaundang muliha / isun cipta jro ning ati.


  10. Abanget kangen mara / datan darbe sadulur maning-maning / lan maninge iya imanira / darbe nadir / lamun sira nora sida nemu ukum / utawa isih uripa / aku nadar kurmat Nabi.


  11. Karo ngirim donga pisan / marang bapak ibu ingkang wus mulih / maring kramatolah iku / luhur-luhur sadaya / sun memulia nganti saka tekamu / ing mangke sira prapta / iya nuli son takoni.


  12. Lan sira ja lunga-lunga / ta muliha iya mring wismamu lami / ahli waris samya lampus / Dipati Pathi wus pati / ingkang rayi umatur anuwun nyuwun / inggih wus karsaning Allah / tiyang gesang angemasi.


  13. Nyai Banjur langkung suka / ingkang rayi dene kok sampun mulih / genya gadhah nadar wau / dhikir Nabi punika / linuwaran sarwi memulih mring dhuwur / arame tamiyan rowang / motong mesa miwah kambing.


  14. Gancang kacarita / iku kang Seh Jangkung pan lajeng dhukoh-dhukoh nenggih / sampun kathah tiyangipun / Seh Jangkung tinuwa tuwa / dhukuhipun ingkang aran Landhoh wau / sampun karya patilasan / pesalatan nami majid.

Pupuh II
S i n o m


  1. Yata sampun lama-lama / sakwarsa ing laminika / Ki Seh Jangkung kesah sowan / jeng pangeran Kudus nenggih / anggeguru sedyaki / ing marga datan winuwus / wus prapteng pasiraman / pangeran Kudus nujoni / pan pinarak pra santri nganther ing arsa.


  2. Seh Jangkung dhepok ing arsa / jeng pangeran ngandika aris / eh si iku wong apa / Seh Jangkung umatur aris / kawula inggih gusti / tiyang dhusun Landhoh ngriku / mila kawula sowan / dhumateng arsa jeng gusthi / bilih karsa kawula yen puruhita.


  3. Pangeran Kudus ngandika / sun anrima sira iki / asal sira atemena / sira madhep manthep iki / mara kumpula dhisik / kelawan santri akeh iku / melu ngaji sira / Ki Seh Jangkung matur aris / gih sandika mung sakarsa panduka.


  4. Seh Jangkung pan sampun kempal / kalih santri kathah nanging / Seh Jangkung punika datan / karsa dherek ngaji / karyanya saben ari / ngiseni padasan wau / sakwarsa laminira / Seh Jangkung neng Kudus nenggih / karyanira mung ngiseni padasan.


  5. Bangun enjang wayahira / Seh Jangkung sampun atangi / lajeng atewa kalenan / pangeran Kudus miharsi / sarwi ngandika bengis / eh santri Landhoh sireku / apa kurang karyan / esuk-esuk nawu iki / lan maninge apa ana iwakira.


  6. Seh Jangkung alon turira / saben toya inggih Kiyai / amasthi wonten ulamnya / Pangeran Kudus nulyaglis / kinen ngalapa krambil / rila kang kinon sampun / pikantuk sinaosaken ngarsa / enggal dipun pecah nuli / nglebet krampil wonten badhere sajuga.


  7. Anulya mundhut lan katingal / sekawan kathahe sami / kinen angiseni toya / wus cumaos aneng arsi / pangeran Kudus mriksani / salebeting kanthi wau / wonten ulame sadaya / sepat lantingan satunggil / wader pari sinya inggih punika.


  8. Genthong sanga kabehira / sanget kinen amriksani / wonten ulame sadaya / nanging ulamipun bethik / pangeran mundhut malih / toya bokor saos ngayun / anulyanipun priksa / pan wonten kutuk satunggil / amancolot kolet-kolet aneng arsa.


  9. Pangeran Kudus saksana / semu dangu ingkang galih / anulya wau ngandika / eh jebeng Landhoh sireki / apa sira wus mangerti / masalah sadat puniku / Seh Jangkung riseksana / enggal menek uwit krambil / dugi pupus nginggil krambil sigra dhawah.


  10. Punika sadat kawula / Sunan Kudus ngandikaris / dudu iku kang sun tanya / sahadat kalimah kalih / Asshaduanla Ilahaillalah / Seh Jangkung alon umatur / niku sahadat punapa / kala kula taksih alit / sampun saget sahadat kadya punika.


  11. Pangeran Kudus usiking tyas / wong iki wus angungkuli / iya marang jenengingwang / barang ciptanira nadi / arsa guru mring mami / kelahiran bae iku / apa kang den gurokena / wong iki bakal ngungkuli / marang ingwang ya bengcik ingsun tundhunga.


  12. Pangeran Kudus ngandika / jebeng Landhoh sira iki / ingsun durung bisa mejang / iya sira mulih dhisik / yen wus pinaringan osik / sira baliya mring Kudus / Seh Jangkung umaturira / inggih sandika Kiyai / Ki Seh Jangkung dyan wiwit lengser ingarsa.


  13. Seh Jangkung osiking nala / boten mantuk wismaneki / sareng dalu wayahira / balik tapa sedyaneki / Seh Jangkung malebeng aglis / aneng jumbleng punika / sawarsa laminira / tan wonten janma udani / bangun enjang wayahnya jam pitu ika.


  14. Datan kocap naminira / selirnya pangeran nenggih / neng jumbleng arsa tatoya / jembutira den gambyongi / sekar kenanga gadhing / malathi tuwin menur / Seh Jangkung mesem mulat / saking jero jumbleng nenggih / kang tetoya kaget lamun wonten janma.


  15. Sigra muncul sanalika / umatur pangeran nenggih / pangeran dhawuh saksana / jumbleng kinen ngepung nuli / nimbali para mantri / pra santana punggawa gung / sampun pepak sadaya / gegaman tumbak lan keris / amiranti kados nglurug neng barisannya.


  16. Jumbleng pan sampun kinepang / Seh Jangkung medal tumuli / den alokaken wong kathah / Seh jangkung lumajeng gendring / mangilen purugneki / nenggel pasar kliwon wau / ramene pasar kebek gubras tai / miwah eset agengnya sagagang-gagang.


  17. Tiyang sepeked sedaya / luntak-luntak samya mulih / Seh Jangkung sapurugira / den bujung santana mantri / Seh Jangkung dhelik nuli / plingak-plinguk kang mabujung / katelah sapunika / wonten dhusun Klitheh nenggih / gih punika ing nguni purwanira.


  18. Kabujeng badhe binanda / Seh Jangkung ngatingal malih / binuru ing tiyang kathah / tiyang satus kang nututi / yen tebih den antosi / den cepeng mlajeng Seh Jangkung / dumugi kilenira / ing Dengmak ingkang nagari / samya buyar ingkang bujeng sami kasayahannya.


  19. Katelah ing sapunika / wonten dhusun ingkang nami / Buyaran duk kalanira / Panembahan Landhoh uni / binuru duk rumiyin / mantri prajurit ing Kudus / anulya buru-burunya / tiyang Kudus sami mulih / Ki Seh Jangkung dugi lereh dhusun Gebang.


  20. Kapethuk tiyang lumampah / bekta bumbung kalih iji / pan isi legen ika / Seh Jangkung angsih-asih / bok inggih kula sungi / manira ngorong lumayu / legen liru ringgit tiga / kang jaler gedheg ngesahi / dhateng sabin karsaning amanggihan.


  21. Seh Jangkung taksih alenggah / tiyang bogor ngucap aris / lah adhi dika lereha / dhateng wisma kula rumiyin / Seh Jangkung anauri / asanget panrimaningsun / dika ngampiraken kula / nanging wektu dinten iki / dereng kenging kula kauban griya.


  22. Ing dinten wingking kewala / dika nglarah wisma mami / yen wonten dhusun kang nama / inggih Landhoh pondok mami / niki dika tiliti / Kyai Praya asru muwus / inggih mangsa sandaya / temtune kula tuweni / tiyang bogor naminira Prayaguna.


  23. Seh Jangkung ing wuwusira / yen dika inggih gadhahi / krambil ingkang tuwa / pikantuka sampun garing / wonten damele ugi / saksana Ki Praya wau / gadhahi badhe cikal / kathahipun kalih iji / Prayaguna mantuk mendhet krambilira.


  24. Krambil sampun tinampenan / dhateng Ki Seh jangkung singgih / anulya buru-burunya / Seh Jangkung dhatengaken karsi / ambyur saganten nuli / ambekta krambilnya wau / kang kinarya tatunggangannya / kumambang aneng ing warih / Ki Seh Jangkung anut saparannya ambak.


  25. Yen sampun boten rumaos / yen wonten inggiling warih / sampun pejah raosira / sumepak dya ngemasi / sarta salamineki / Seh Jangkung neng tengah laut / pan anut purugnya ombak / kalunta-lunta ing warih / dugi gisiking kramat siti Jepara.

Pupuh III
Pangkur


  1. Ki Seh Jangkung nulya mentas / aningali bathang mahesa nenggih / Seh Jangkung sigra lumebu / dhumateng bathang mahesa / kawan dasa ari wau laminipun / bathang gogrok nulya medal / ambyur segara malih.


  2. Krambil kalih tunggangannya / lamun wonten angin saking wetan nenggih / mangilen ing purugipun / sumepa kadya sarah / angin saking ing eler surugnya ngidul / sataun ing laminira / dugi ing Palembang gisik.


  3. Ing dalu pan lajeng mentas / ing dharat tansaj Jangkung malebeng aglis / daleme jeng sultan wau / Palembang samana / terus wingking malebet ing jumblengipun / tigang sasi laminira / datan wonten kang udani.


  4. Sampun pejah raosira / datan ngrasa yen mabet ganda bacin / lir kadya lenggah neng babut / gandanya amrik ngambar / yen upami mambet ganda tan wruh wau / saweng bae tan tahan / raose dipun pejahi.


  5. Warnanen nagri Palembang / tinerjang prahara pagering / nagara miwah ing dhusun / tan ana kaliwatannya / tiyang sakit  enjing sonten lajeng lampus / tiyang sakit sonten ika / enjing lajeng angemasi.


  6. Sultan Palembang  sungkawa / dene kathah abdine kang ngemasi / kalangkung sejatosipun / tan karsa dhahar nendra / dyan warnanen enjang wanci pukul pitu / cethinya sultan Palembang / dyan tetoya jumbleng nenggih.


  7. Seh Jangkung dupi tumingalan / pan pinuju tumenga ningali inggil / cethi kang tatoya wau / jembunya kinanthilan / sekar adhi kenanga pituwin menur / Seh Jangkung mesem tumingal / kadya lidhah kinaeksi.


  8. Cethi kagyat duk tumingal / jroning jumbleng wonten tiyangnya nenggih / cethi enggal nulya mantuk / umatur kangjeng sultan / inggih gusti kawula matur saestu / lebet jumbleng wonten janma / hamba waspadeng pribadi.


  9. Jeng Sultan Palembang ngandika / dhawuhaken jumbleng kinen ngepung aglis / prajurit punggawa agung / pan samya ngepung sadaya / ingkang banter prajurit lajeng malebu / jumblengnya sigra priksa / leres wonten tiyangneki.


  10. Parentah kinen medal / Seh Jangkung anulya medal nuli / sampun binekta ing ngayun / dhumateng ngarsa sultan / Ki Seh jangkung alenggah ngarsa tumungkul / jeng sultan Palembang ngandika / sinten sing nambet mawangi.


  11. Lah ing pundi wisma dika / lawan malih punapa sedyaneki / dhateng jumbleng kang jinujug / kelangkung sukerira / napa ndika badhe dhusta marang gusti / Seh Jangkung alon turira / kula tiyang Tanah Jawi.


  12. Seh Jangkun nami kawula / wisma kula dhusun Miyana gusti / jeng sultan ngandikarum / punapa ingkang sedya / dhateng jumbleng punika ingkang jinujug / amasthi kenging hukuman / dika kula ukum pati.


  13. Seh Jangkun alon turnya / lah sumangga karsa paduka gusti / wonten mutangalim ngriku / majeng turi panimbang / saos unjuk dhateng kangjeng sultan wau / gih tiyang punika / sampun dipunukum gusti.


  14. Sabab nagri Palembang / waktu niki kathah kang penyakit / luhung katedhani tulung / kinen namba lelara / lamun saguh boten estu ulun ukum / jeng sultan dadya ngandika / leres rembang dika kyai.


  15. Jeng sultan lajeng ngandika / mring Seh Jangkung kinen majeng mariki / Seh Jangkung umareg gupuh / sultan alon ngandika / napa dika nyagahi dadi dhukun / nambani abdi kawula / sadaya kang nandhang sakit.


  16. Yen saget mulyakaken / boten estu dika kula ukumi / Seh Jangkung alon turipun / sagah dereng kantenan / bok menawi katrima ingih panuwun / dhateng Allah kang kwasa / mangke dalu den lekasa.


  17. Jeng sultan kondur jro pura / angedhaton punggawa samya mulih / warnanen ing dalunipun / Seh Jangkung andedonga / anenuwun ing Gusti Kang Maha Luhur / asalat kalih rekangat / katrima panuwuneki.


  18. Sadaya tiyang kang lara / enjang waluya kados inguni / nagari miwah ing dhusun / pan samya multha sadaya / kangjeng sultan arena penggalihipun / enjang jeng sultan sineba / mring punggawa para mantri.


  19. Ki Seh Jangkung munggeng ngarsa / kangjeng sultan ngandika arum amanis / lajeng ngandika Seh Jangkung / sun mesthi tampi ganjarannya / lamun wonten saget nambani wau / panyakit nagri Palembang / mesthi kula ganjar putri.


  20. Separo nagri Palembang / ing  sakniki mesthi dika tampani / Seh Jangkung umatur nuwun / sumangga krasa sultan / Ki Seh Jangkung pan sampun katriman wau / putrane jeng sultan Palembang / Retnadiluwih kang nami.


  21. Tan cinandra warnanira / inggih ayu tur sedhep mrak ati / sapolahe gawe wuyung / kaduk raga ke raga / sampun atut genya palakrama / Seh Jangkung jumeneng sultan / Palembang ingkang sepalih.


  22. Sasampunira pinrenah / Ki Seh Jangkung aneng Palembang nagri / sataun ing laminipun / boten sakeca manah / sabab dene dereng dugi lampahipun / lereh jumenenga sultan / pan dereng eca kang galih.


  23. Warnanen ing dalunira / wayahipun kinten ing tengah wengi / dyan lolos wau Seh Jangkung / datan pamit kang garwa / atut wuri ing sdya ciptanipun / dadya ambyur samodra / nunggang krambilnya kekalih.


  24. Tan kantenan purugira / ombak ageng kombul pan kadya ardi / asilem wau Seh Jangkung / cat katon cat katingal / apan anut saparannya ombak wau / sangang sasi laminira / dugi gisik Cebon nuli.


  25. Yen ejang dhedhe dharatan / lamun dalu ambyur malih / krambil kalih datan kantun / byar enjang nulya mentas / lamun wayah bedhug aneng toya kungkum / saben dina datan pegat / Seh Jangkung amendha wisya.


  26. Seh Jangkung sapungkurira / garwanira babar wawratan neki / miyos estri langkung ayu / anenggih sultan Palembang / amriksani ingkang putra darbe sunu / jeng sultan Palembang ngandika / lakimu ana ing endi.


  27. Kang putra alon turira / boten pamit kaliyan kula nenggih / kesahnya dalu-dalu / kula tilem tinilar / ingkang rama pangandikanira arum / dene iku wayah ingwang / sun arani Rara Sunthi.


  28. lairnya bapa tan ana / dadi sisilih iku sunthi / kang putra alon umatur/ sumangga karsa rama / enengena sultan Palembang winuwus / kocapa Seh Jangkung ika / inggih dhateng Cerbon gisik.

Pupuh IV
S i n o m


  1. Setaun ing laminira / dhateng gisik Cerbon nenggih / lajeng wonten gara-gara / tiyang Cerbon sami sakit / sakit enjang sonten mati / saonten sakit enjang lampus / jeng sulta Cerbon punika / adat goning prihatin / lamun dalu tan dhahar kalawan nendra.


  2. Kados dugi pitung dina / sultan Carebon neng tritis / ing dalu ana suwara / tan katingal wujudneki / sultan Cerbon sireki / aja banget sira angluh / ing gisik kene ana / sujanma amnedha druwis / iya iku ingkang bisa nulak lara.


  3. Yaiku den timbalan / kinon nambani wong sakit / amesthi bisa waluya / nanging yen wus bisa becik / anakmu wadon iki / tarimakna uwong iku / sultan Cerbon samana / janggirat anulya tangi / bangun enjang sultan Cerbon anulya pinarak.


  4. Sineba para ulama / apan andher aneng arsi / kangjeng sultan angandika / eh gandhek sira sun tuding / nimbali marang druwis / aneng gisik gone iku / ana pinggir sagara / abareng lakumu iki / yen tinanya ingsun bakal angersaya.


  5. Gandhek sakawan gya mentar / tan kocap aneng ing margi / wus prapta pinggir sagara / ngupados kang amindha druwis / uluk salam tumuli / ing ambal kaping telu / Seh Jangkung pan katingal / gandhek matur awotsari sarwi nembah kawula inggih dinuta.


  6. Inggih jeng gusti kawula / sultan Cerbon kang anuding / ngaturi dhateng sampeyan / supados sarenga mami / Seh Jangkung ngandika ris / ngisal Allahi ya melu Seh Jangkung / dyan lumampah / gandhek sekawan angiring / tan kawarna sampun prapta ngarsa sultan.


  7. Alenggah jajar jeng sultan / anulya salaman sami / jeng sultan Cerbon ngandika / punapa sami basuki / punapa sampun lami / gennya dhateng gisik ngriku / lan sinten ingkang nama / miwah ing pundi wismeki / lan malihe punapa ingkang sinedya.


  8. Seh Jangkung nauri sabda / dhateng gisik sampun lami / Seh Jangkung nami kawula / Miyana ing wisma mami / bawah nagari Pathi / dene pikajenganingsun / punapa saosikira / dhumateng Hyang Suksmanadi / inggih anut punapa kersaning dhalang.


  9. Sultan Cerbon angandika / mila adhi kula aturi / inggih wadher angrasanya / abdi kula kathah sakit / jeng angandhika jampeni / ilapate wau dalu / adhi kang nambanana / Seh Jangkung alon nauri / gih proyogi yen Allah amarengna.


  10. Mugi wonten karsanira / toya dhateng mengko nenggih / kang den utus sampun prapta / toya mangkok munggeng ngarsi / Seh Jangkung dyan tumuli / toya kinen ngombe wau / den tambakna saksana / sekathahe tiyang sakit / samya saras kang ngobe toya punika.


  11. Tiyang kang sakit punika / inggih tan kena winilis / ing dhusun miwah nagara / wus sami keratan jampi / sapalih toyaneki / ngartani sedayanipun / sadaya pan sampun mulya / kadi wingi-wingi nguni / jaler estri kang sakit sampun samya waluya.


  12. Jeng sultan Cerbon ngandika / pangulu dipun timbali / sampun prapta ngarsa nata / seh pangulu sira iki / sira ningkahna nak mami / Raden Ajeng Pandhan Arum / Seh Jangkung lakinira / mas kawin Kur’an puniki / lan masdare rolas katinya bratira.


  13. Wali ngatur ngurus medal / kinepung ing ketib modin / pituwin para sentana / weradin lan magersari / abubar kepungan sami / berkatnya binekta mantuk / panjang ambeng saptangan / satunggil tiyang ngijeni / pan wus bibar samya mantuk sowang-sowang.


  14. Warnanen sampun alama / Seh Jangkung neng Cerbon nenggih / lulut denya palakrama / kang garwa sampun garbini / wus dhateng masaneki / sampun babar putranipun / amiyos dalu ika / warnanya kelangkung pekik / kangjeng sultan saklangkung bingahira.


  15. Dena nadhah wayah lanang / warnanya kelangkung pekik / puput puser winarna / sultan Cerbon ngurmati Nabi / nimbali para santri / pangulu lan ketibipun arame swaranira / bandhulnya tiyang satunggil / pan saringgit kalayan saptangan sutra.


  16. Kang wayah pinaringan nama anenggih Rahaden Mukmin / pangulu kinen andonga / ketib modin angamini / anulya ambeng mijil / kendhuren sampun kinepung / bakdanya akepungan / anulya bibaran sami / smpun mantuk ketib modin santrenira.


  17. Warnanen Seh Jangkung ika / krambil kalih kang winarni / nalika kangge tunggangan / waktu ngambang neng jeladri / krambil ingkang satunggil / inggih damel beruk wau / ingkang satunggil punika / kadamel bathok anenggih / lamun bukti bathoknya kinarya ajang.


  18. Nengena Seh Jangkung ika / agantya carita nenggih / nagari Banten kocapa / wonten kraman pacak baris / kathah telukaneki / badhe ngepung kitha wau / jeng sultan Banten winarna / asanget genya prihatin / garwa putra wus sami ngili sadaya.


  19. Sultan Banten enget ing tyas / ingkang raka Cerbon singgih / darbr mantu tur dikdaya / dadya nimbali kang abdi / gandhek mantri kekalih / ingutus ing Cerbon gupuh / sultan Banten winarna / kalih sultan Cerbon nenggih pranah ipe kang sepuh sultan Cerbon ika.


  20. Gegancangan lampahira / gandhek sampun prapta nuli / jeng sultan Cerbon ngandika / ana apa sira mantri / gandhek umatur aris / kawula inggih ingutus / dhumateng rayi paduka / sultan Banten kang palinggih / putra tuwan Ki Seh jangkung tinimbalan.


  21. Kinen methukaken kraman / tiyang Banten sami ngisis / kithane sampun kinepang / rayi paduka adhi / Ki Seh Jangkung nujoni / sampun dhateng ngarsanipun / jeng sultan Cerbon ngandika / dhateng Ki Seh Jangkung nenggih / rayi Jangkung prayogine lumampaha.


  22. Akeh (……..)nika / Seh Jangkung ngandika aris / inggih sumangga ing karsa / anulya adan aglis / sarta pamit kang rayi / ingkang putra dipunambung / Seh Jangkung sigra budhal / beruknya datanpa kari / tan kawarna neng marga apan wus prapta.


  23. Anjujug panggonanira / kraman ingkang pacak baris / pan lajeng mangsuh ngayun kraman / bendrong ambedhili / pan rame swaraneki / ing tawang pan kadya pedhut / mimisnya pan kadya udan / Seh Jangkung sigra nadhahi / sekathahe mimis kebak berukira.


  24. Lamun mimis sampun kebak / neng beruk wangsul nuli / kenging dhateng mungsuhira / kang kenging lajeng ngemasi / wangkenya sungsan tindhih / kepala kraman puniku / kathahnya sakawan / sampun sami den kethoki / ingkang kantun agiris teluk sadaya.


  25. Jeng pangran miyarsa warta / yen kraman wung nungkul sami / kepalane kinethokan / abungah sajroning ati / anulya utusan nuli / nimbali dhateng Seh Jangkung / wus prapta aneng ngarsa / pan pinarak aneng kursi / Ki Seh Jangkung ajajar lawan pangeran.


  26. Pangeran alon tetanya / gih adhi Seh Jangkung singgih / asanget panrima kula / saged nambak mungsuh mami / manawi benjang ugi / kula sanget angsul-angsul / mangkana aturira / kang rayi nuwun aturing / bilih karsa punapa den kersakaken.


  27. Seh Jangkung nauri sabda / pan boten rumaos lami / inggih sampeyan kang begja / kula dermi anglampahi / warnanen sangang sasi / Seh Jangkung neng Banten wau / saben ari binoja / dhateng pangran Banten nenggih / genya mondhok inggih ing gedhong ngajengan.


  28. Kawarnaa ingjangira / Seh Jangkung pan sami mulih / apan nuli sesalaman / rangku-rinagkulan sami / pangeran kurmat nuli / ngantos dugi jawi pintu / datan kawarnaa ing marga / Seh Jangkung apan wus prapti / dhateng Cerbon dyan panggih kalayan sultan.


  29. Wus tinutur solahira / miwiti dalah mekasi / sultan Cerbon dadya rena / Seh Jangkung dipunlayoni / apan lengser sing ngarsi / pinanggih lan garwanipun / kang putra gya cinandhak / Rahaden Mukmin den arasi / ingkang garwa nulya saos dhaharan.


  30. Ajangnya bathok kelapa / ponang beruk ngunjuk warih / sampun bakda adhedaharan / linorot rencangireki / tan kawarnaa lamineki / Seh Jangkung neng Cerbon wau / kalih taun laminya / garwanya ingkang anami / Nimas Ayu putranipun sultan Cerbon.


  31. Yata wau kawarnaa / Seh Jangkung ingkang garweki / pan ginanjaran nandhang gerah / sampun wonten tigang ari / asanget genira sakit / tinambak kathahnya dhukunnya / tan ana marasna / wus puput yuswanira nenggih / tengah dalu Rahaden Ayu genira seda.


  32. enjang layon binerfsihan apan / wus den kubur singgih / warnanen Seh Jangkung ika / asanget genya prihatin / putrane taksih alit / tinilar ing ibunipun / saweng pitulas wulan / yuswanipun Rahaden Mukmin / datan enget tinilar ibune seda.


  33. Dadya ndherek eyangira / pinaringan emban nenggih / pan sakawan katahira / warnanen Seh Jangkung singgih / angun jroning galih / tan pegat intiyaripun / yen sampun awali (…..) / manawi supe kang ati / upamine taksih rinekseng pangerannya.


  34. Ing dalu Ki Seh Jangkung kesah / nuruti osiking ati / mangetan ing lampahira / beruk bathok datan keri / ginendhong aneng wuri / kados santri lampahipun / ing marga datan winarna / dumugi kendhal nagari / trus mangidul dumugi dhistrik Perbuwan.


  35. Seh Jangkung damel dhukuhan / ing Landhoh namanya desa / setaun sendhen kewala / datan saret ana bukti / enget ciptaning ati / inggih amung putranipun / kalisa ing lelara / enggala ageng tumuli / umur panjang tumuten saget lumampah.


  36. Dhumateng dhukuhira / Seh Jangkung ayasa masjid / pan kinarya pasalatan / akathah tiyang dhatengi / wuwusen enjang neki / Seh Jangkung ing ciptanipun / dhatengaken ing karsa / nulya kesah ngetan malih / dugi kidul kilene nagri Mataram.


  37. Dhukuh Landhoh naminira / kalih tahun lamineki / Seh Jangkung anulya kesah / dhateng blog gung krapyak nenggih / kersanya amertapi / inggih dhateng rawa blog gung / sarwi damel agethekan / yen dalu ngambang ing warih / lamun siyang amunggah dharatan.


  38. Badannya bebel sadaya / lintah ingkang angantupi / Seh Jangkung alon wacana / apa durung wareg iki / olehmu ingantupi / dene sawengi amuput / lintah regel sadaya / Seh Jangkung anulya manggil / buron wana pan samya prapta sadaya.


  39. Sima bantheng kidang / menjangan kalawan kancilnya / kethek lutung lan garangan / kebodanu rasa prapti / ingaben sami uthik / arame suwaranipun / Seh Jangkung langkung bingah / ningali buron wandri / lamun serap genipun sami bibaran.


  40. Yen enjang prapta sedaya / buron wana sami beriknya / kang sima sami gelutan / kidang manjangan kang berik / sami rencang pribadi / Seh Jangkung kekel gumuyu / mangkana  selaminira / Seh Jangkung teng blog gung rawi / dugi gangsal wlas sasi laminira.


  41. Wonten kepala tampingan / ingkang minangka nglurahi / ing dhusun krapyak punika / pan uning tiyang mertapi / kesah dhateng negari / matur dhateng Sultan Agung / wus seba aneng ngarsa / atur pranata ngabekti / sigra nembah umatur ngarsa narendra.


  42. Dug gusti unjuk priksa / siti krapyake blog gung rawi / wonten sujanma mertapa / karyanya pan saben enjing / sakeh buron wana wanadri / aprapta sami den adu / kethek sami gelutan kidang / menjangan lan kancil / pan berikan sami rencange pribadya.


  43. Sultan agung angandika / utusan dandhek lumaris / animbali wong kang tapa / sekawan gandhek lumaris / mantri ingkang pinilih / kawan dasa kathahipun / dhawuhnya sri narendra / yen bakang penaten nenggih / banjur kethoke sepanjer pisannya.


  44. Datan kawarnaa ing marga / gandhek mantri sampun prapti / aneng rawa blog gung krapyak / anulya dipunubengi / tan wonten kedhang-kedhang awit / enjing ngantos surup / mantri gandhek Mataram / tan kepanggya angulari / kantos sipeng gangsal dinten laminira.


  45. Wus enjang sami rembagan / nedya mantuk ing nagari / wus seba ngarsa narendra / umatur ngabyantaraji / hamba matur ing gusti / angemban dhawuh / pukulun nimbali janma / tapa dhateng blog gung krapyak nenggih / amba pados tiyangipun tan kepanggya.


  46. Gangsal dinten laminira / hamba ugi anca geni / hamba upados sedaya / dhusun miwah kanan kering / takasih datan kepanggih / sumanggeng karsa pukulunnya / dadya jeng sulta ngandika / wis mantri dimin / lamun ana timbalaningsun sebaa.


  47. Jeng sultan kondur ngedhatyan / pra mantri bubaran mulih / kuneng wau winursita / Seh Jangkung sapungkurneki / gandhek kang sami mulih / Seh Jangkung sigra angadu / sakehe buron wana / berikan kadya ing nguni / dyan kapirsa mantri tampingan kang jaga.


  48. Sigra kesah ing nagara / asaos ngarsa nerpati / dyan wuwu atur pernata / aduh gusti sang nerpati / hamba ngunjuk sang aji / tiyang mertapi wau / ing mangke katingalan / ing panggenira malih / kangjeng sultan animbali patihira.


  49. Wus cumundhuk ngarsa / patih Danupaya nenggih / jeng sultan alon ngandika / patih lungaa den aglis / anggawa prajurit / lan bupati gawa telu / sujanma ingkang mertapa / akang aneng blog gung kang rawi / timbalana yen bangga pateni pisan.


  50. Kyana patih tur  sandika / sigra budhalan tumuli / kairing prajuritira / gangsal atus kathahneki / bupati kang angiring / sekawan sami gebedhuk / tan kocap aneng marga / wus prapteng ing blog gung rawi / dyan kinepang kang rawi krapyak punika.


  51. Seh Jangkung osiking driya / becik ngatingal wak mami / pan arsa weruh jeng sultan / manawa ta awak mami / dadi jalaran becik / saksana Seh Jangkung wau / anulya angatingal / kya patih sigra nguluki / assalamungalahi wasallam.


  52. Lajeng sami sesalaman / kya patih ngandika aris / manira niki dikuta / Sultan Agung ing Mentawis / ing jengandika kyai / katimbalan ing Mentarum / Seh Jangkung aturira / dhumateng rekyana patih / inggih sumangga punapa karsa paduka.

Pupuh V
Kinanthi


  1. Sapraptanira Mentarum Seh Jangkung binojakrami / siyang dalu akasukan / tandhanya respati / anggung gawe (dheh digna ?) / mring santri kaum ningali.


  2. Modin Ali nabuh bedhug / kaji bukak serbaneki / ngelus-elus gundhulira / anebut astagpirolahi / dene nora akayaha / ayu temen wong puniki.


  3. Danureja gone nayub / tigang dalu lamineki / Seh Jangkung sinoba-soba / yen enjang dherek ki patih / asaos ing dalem pura / sumengkem ngabyantaraji.


  4. Kuneng wau laminipun / Seh Jangkung aneng Mentawis / nenggih wonten sangang wulan / datan pegat saben ari / gunem raos lan jeng sultan / mungguh wekasaning pati.


  5. Bupati ingksng rshsyu / rahayu tumekang mesthi / pesthi amrih kautaman / utamaning ruh ing lapis / lapis nirbating tingal / tingal ing waspadeng Widi.


  6. Jeng sultan ngandika arum / eh kakang Seh Jangkung nenggih / manawi kakang akersa / gih ugi kula pasrahi / salere gunung punika / kidulipun lepen lusi.


  7. Pun kakang prentah sadarumnya / mung saboronga puniki / pun dados langgeng (planingra ?) / pendhak mulud seba ngriki / dugia salaminira / tumurun mring putra siwi.


  8. Seh Jangkung alon umatur / pan sarwi amangan bukti / asaweg pamopo kula / anampik pasiyan gusti / inggih adamel punapa / anyar gih mengku nagari.


  9. Saben dinten pados mungsuh / datan ngenakaken ati / pinten agenging padharan / yen pun tuwuk genya bukti / pan malihe kauripan / boten umur sewu warti.


  10. Mung Nabi Adam puniku / ingkang umur sewu warsi / upami ing badan kita / iya damel tai / abrate dasa pakarya / karya ingkang amrih sukci.


  11. Punika atur sukulun / yen jeng sultan amarengi / wonten panuwun kawula / dhusun kang kula dhodhoki / pan sela sekathahira / kula suwun  ing jeng gusti.


  12. Dhusun Landhoh ingkang catur / kula suwun ing jeng gusti / wonten malih tunggalira / Miyana keringan nenggih / pitonipun Pajegotan / wolu dhusun Siti Abrit.


  13. Sanganipun dhusun Gadhu / sedasa ing Bentos desi / sawelasipun Sukalila / kalih welas dhusun Kantil / Sokasumber tiga welas / kawan welasipun malih.


  14. Wanakusuma dhusun gangsal / welas mrambah nenggih /   nem belas Jember kang desa / pitulas ing dhusun Pering / walulas dhusun Dermaya / sangalas Buwaran desi.


  15. Jeng gusti ngandika rum / sumangga ing kersaneki / kakang Jangkung boten kersa / kula pasrahi nagari / mung dhusun selawe nika / sumangga kakang puniki.


  16. Jeng gusti ngandika rum / sumangga ing kersaneki / kakang Jangkung boten kersa / kula pasrahi nagari / mung dhusun selawe punika / sumangga kakang puniki.


  17. Lawan malih kakang Jangkung / inggih kula angkat linggih / ajumeneng panembahan / dhateng Landhoh kang winarni / dhusun selawe punika / kakang Jangkung kang darbeni.


  18. Sampun dados dhaharipun / tumurun mring putra siwi / sampun kagungan sampeyan / Seh Jangkung umatur aris / asanget panuwun kula / pasiyanira nerpati.


  19. Kalayan ta malihipun / bilih pareng hyang nerpati / amung ing turun kawula / jeng sultan paringa idi / sageta angidenana / pan nami rahaden iki.


  20. Wonten malih donya agung / sakadaripun pribadi / tuwuka kang dipuntedha / sandhang sampun anyenyilih / upami asugih dunnya / nora kenging bekta lali.


  21. Yen pejah teka angerut / ewuh lebet lawan jisim / raganya pinendhem lemah / bosok ajur lawan siti / kajawi kang wus waspada / waspadeng enggoning pati.


  22. Ragane tan bosok wau / pan nganggo kersa pribadi / punika janma utama / pan boten rumaos mati / anggalih anggonira / alamipun duk ing nguni.


  23. Jeng sultan mesem dikarum / kawula inggih ngamini / pan inggih karsa sampeyan / kawula anembadani / kangjeng sultan dhawuh sigra / sakehe para bupati.


  24. Sakehe pra bupati iku / mancanagara pasisir / kabeh pada estokena / yen ing waktu dina iki / kakang Jangkung ingsun angkat / nama panembahan iki.


  25. Sarta ing saturunipun / tumeka putunireki / anama raden pra samya / sakehe para bupati / nembah matur mring sang nata / sandika dhawuh jeng gusti.


  26. Putra santana sadarum / tuwin rangga demang mantri / pra samya nembah sadaya / dhateng Ki Seh Jangkung nenggih / margi dhawuh kangjeng sultan / genipun wau ngurmati.


  27. Dadya jeng sultan dikarum / kakang Jangkung binjing-injing / pan samya kesah ing Mekah / lajeng dhateng Ngerum nagri / margi kula mireng yen raja / Ngerum nagari.


  28. Iman Sapingi Kng tutur / yen badhe nekani mriki / sarta mawi bekta bala / badhe bedhah ing Mentawis / mila usiking tyas kula / badhe kula rumiyini.


  29. Seh Jangkung umatur arum / sultan sampun walang galih / yen raja Ngerum  kewala kula sagah bantah ngelmi / inggih pundi kang kasoran / amesthi kaukum mati.


  30. Yen ngaben dikjayanipun / kangjeng sultan piyambakneki / yen bantah ngelmi kawula / punapa saget nimbangi / sampun dalu wayahira / warnanen lajeng lumaris.


  31. Kangjeng sultan Seh Jangkung / wus bidhal ing Mekah nuli / datan kocap aneng marga / wus prapta Mekah nagri / kapanggya imam sekawan / Sapingi Imam Maliki.


  32. Anulya salaman sampun / Sultan Agung matur aris / dhumateng imam sakawan / mila kulo sowan mriki / lajeng dhateng Ngerum pisan / badhe panggih rajaneki.


  33. Inggih punapa saestu / badhe mecah tanah Jawi / manah kula tan sakeca / Imam Sapingi nauri / punapa kersane sulta / kula amung ingamini.


  34. Anulya bibaran sampun / Sultan Agung kang winarni / dhateng Ngerum karsanira / Ki Seh Jangkung atut wuri / tan kocapa aneng ing marga / sakedhap Ngerum wus prapti.


  35. Sami jujug ngalun-alun / Ki Seh Jangkung bekta telik / Sultan Agung nyekel walang / Seh Jangkung ingkang bektani / anuju raja pinarak / Ngerum pepekan sami.


  36. Punggawa gelar supenuh / jeng raja Ngerum mriksani / waspada kekalih tiyang / mansak walang karyaneki / sanes tiyang Ngerum ika / dyan raja dhawuhaken patih.

Pupuh VI
Dhandhanggula


  1. Kyana patih utusan aglis / animbali wong loro ika / katingalen ing kene / kang padha dhingkal-dhingkul / kaya-kaya dudu wong mriki / patih gawa utusan / mantri saos ngayun / sakedhap sampun kapanggya / kang dipunutus mantri alon wacana ris / lah dika tinimbalan.


  2. Inggih dhateng raja rum nerpati / Sultan agung umuring saksana / Seh Jangkung tansah wingkinge / sakedhap prapteng ngayun / Sultan Agung sampun alinggih / aneng ngarsa narendra / Seh Jangkung tan ayun / boten purun ndherek lenggah / taksih ngadek patih nyandhak astaneki / sigra den ajak lenggah.


  3. Raja Ngerum angandika aris / uwong ngendi lan paparanira / kaya dudu wong ing kene / Sultan Agung umatur / kula tiyang ing tanah Jawi / nagari ing Mentaram / abdi Sultan Agung / inggih masak mendhet walang / ngupadosi walang kang ageng niki / adamel loloh gemak.


  4. Sampun ludhes walang tanah Jawi / damel loloh puyuhe Jeng Sultan / Agung Mentaram daleme / mila kawula nglurug / kontos dugi nagari ngriki / ngupados walangira / ingkang ageng ngasua / raja Ngerum wuwusira / gonmu mlaku teka kana pirang sasi / tumekaa ing Ngerum sira.


  5. Sultan Agung pan umatur aris / wau enjang gen kula lumampah / wayah mekaten dhatenge / kados wanci jam sapuluh / raja Ngerum ngandika malih / Sultan Agung Mentaram teka / amisuwur / sapira ing dedegira / apa dhuwur apa gedhe apa cilik / dene gok akuwasa.


  6. Iya bakal manira lurugi / patihingsun ingkang isun duta / bedhah sasi ngarep kiye / patih bakal lumaku / gawa bala bana prajurit / kongkon nuli sadiya / beteng ingkang dhuwur / sarta maning gawa rata / prajurite aja kongsi nguciwani / mungsuh prajuringwang.


  7. Sultan Agung dadya matur aris / gih prayogi soas dara kula / binjang yen kula mantuke / wateknya Sultan Agung / kados boten kaget anggalih / nadyan dipun keriga / prajurit ing Ngerum / ngebakana tanah Jawa / dara kula Sultan Agung boten ngungsi / malah matur abingah.


  8. kang pinuji siyang klawan ratri / Sultan Agung sageta mungsuhan / raja ingkang geng nagarine / yen makaten kantuk mungsuh / raja Ngerum babone nagri / mendah genira bingah / kathah saguhipun / sampun lama datan perang / pra bupati sakathahe tanah Jawi / suyut ajrih mring sultan.


  9. Sampun mungsuh kalih gusti / dawek bantah kelawan kawula / sampun raja age-age / nungkulken Mentarum / inggih kula lamun kajopi / angaben kadigdayan / kalayan raja Ngerum / leres kula niki rencang / Sultan Agung sampun percaya ing mami / ruwet renteng nagara.


  10. Agengipun sultan Mentawis / inggih sami kalayan kawula / tan wonten wau kaceke / tan pendhek datan dhuwur / boten ageng pituwin alit / baplang sami kawula / tan geseh serambut / sultan aken saudara / lamun wonten mungsuh kang nekani / kang magut yuda.


  11. Lamun kula kawon ing ajurit / Sultan Agung prasasat akalah / inggih punika estune / raja Ngerum arengu / netra andhik wuwusnya bengis / idep mangada-ada / jaja bang wuwuh mung / kadya sinipi dukanya / alah patih sira cekelen tumuli / wong loro iki pisan.


  12. Patih sigra angadeg tumuli / Ki Seh Jangkung karsa ingayat / tan sarenge ngawe astane / Seh Jangkung kethunipun / dipunputer kapyahipun ngering / patih dawah kalumah / raja Ngerum wau / badhe nyepeng dhateng sultan / Agung kethunya pinuter nuli / raja Ngerum pan dhawah.

Pupuh VII
Pucung


  1. Niba tangi raja Ngerum gluntung-gluntung / sarwi jempalikan / patihe semanten ugi / molak-malik amubeng kadya gangsingan.


  2. Mungsuhipun patih lawan Ki Seh Jangkung / raja lawan sultan / kethu seser ubengneki / raja patih dherek seser ubengira.


  3. Balanira kang ngadhep ing ngayun / bupati satriya / tumenggung demang lan mantri / arya raga senthana prajuritira.


  4. Datan wonten kang samya dherek tutulung / domblong tiningalan / sima bekes sami amrih / malah madar gumeter sariranira.


  5. Sami pucet boten wonten darbe bayu / lir tinebak macan / sima ngiyas ulatneki / pangrasane kados datan darbe nyawa.


  6. Mangu-mangu patih lawan raja Ngerum / sami nuwun tobat / sabab sayah molak-malik / bapak bunyak sariranira sadaya.


  7. Patihira bathuknya mumbul sabluluk / dhawah neng sor saka / mangkana jeng sultan nenggih / semu welas ningali Ngerum sang raja.


  8. Kethu nerpu jeng sultan lawan Seh Jangkung / sami dipunbukak / raja patih ujung sami / Sultan Agung enggal nyandhal astanira.


  9. Datan arsa lajeng rinangkul / lajeng kathah asta / ingaturen malebeng puri / Ki Seh Jangkung kinanthi lawan kya patya.


  10. Jrone dalem wus wadiya raja Ngerum / nulya pinarakan / sang raja Rum matur aris / yen mekaten sampeyan Sultan Mataram.


  11. Sultan Agung nauri sabda Ngerum / inggih kula Sultan / Agung nagri ing Mentawis / ingkang dherek inggih punika ipe kawula.


  12. Pernah sapuhi gih nami Ki Seh Jangkung / lajeng lenggah jajar / sami pinarak ing kursi / raja Ngerum manthuk-manthuk aturira.


  13. Boten estu kula utusan anglurug / inggih sampun panggya / sultan sampun rawuh ngriki / nuwun tobat kula mungkul dhateng sultan.


  14. Anak putuku ya boten purun-purun / jeng sultan aturnya / kula inggih angamini / lan malihe panuwun kula ing raja.


  15. Dinten wingkang lamun / wonten kajiwan / saking tanah Jawa sujarah ing / Mekah nagri lamun wonten kakirangan sangunira.


  16. Kang supadya tiyang Medak samya tulung / sampun siya-siya / raja Ngerum anauri / Ingsak Allah sampun ngangge walangdriya.


  17. Duk semana Sultan Agung dhateng Ngerum / tri dalu laminya / sinuba-suba angenting / raja Ngerum naminya Tasangsulnggalam.


  18. Sultan Agung apamit mantuk / anulya salaman / Seh Jangkung dherek nganthuki / bidhal kondur Seh Jangkung lan kangjeng sultan.


  19. Tan kawarna ing marga datan winuwus / sampun prapta Mekah / pinigih Imam Sapingi / wus tinutur aneng Ngerum solahira.


  20. Purwanipun miwiti wekasanipun / yen Ngerum sang raja / sampun takluk dhateng mami / nanging kula inggih gadhah ing paminta.


  21. Dinten wingking supados saget tetulung / tiyang saking Jawa / kang sami sujarah mriki / lamun wonten kakirangan sagunira.


  22. Imam Supingi lon wecanan Ngerum / inggih kangjeng sultan / tiyang saking tanah Jawi / ingkang kangji dhateng ing tanah Mekah.

Pupuh VIII
Pangkur


  1. Sanadyan boten parintah / raja Ngerum kula inggih ntagahi / yen estu kirangan sangu / wajib atulung kula / printah tiyang ing Mekah sedarum sampun / sultan walngdriya / kados boten nyulayani.


  2. Ana guneman-gunemannya / Sultan Agung lawan Sapingi / gale pikambali wau / Maliki sekawannya / anemipun anenggih wau Seh Jangkung / genya gunem ngelmu rasa / wus supakat samya ugi.


  3. Sultan agung wuwusira / kenging kula wapat ing benjing / pinendhem ing Mekah kubur / tuwin dhateng Medinah / inggih melik siti suci kang linuhung / imam sekawan aturnya / Sultan Agung seda mriki.


  4. Tanah Jawi dipuntilar / dinten wingking linuri-luri / inggih amung Sultan Agung / ngungkuli buyut canggah / ngibaratnya sampun ical esohipun / temtune akethatharan / kula boten nuwa weni.


  5. Tanah Jawa wonten uga / ingkang suci kados tanah ing ngriki / dereng mirsa Sultan Agung / siti ing Girilaya / inggih caket Gunung Gamping eleripun / Sultan Agung den priksaa / yen siti gandanya wangi.


  6. Punika siti kuburan / apan inggil pucaking ardi siti / lembut dhasar alus / wangi gandanya ngambar / Sultan agung kakilapan ing pituduh / yen sampun kondur jeng sultan / prayoga den priksani.


  7. Sultan Agung aturira / yen makaten kawula nuwun pamit / kalayan wau Seh Jangkung / anulya sami salaman / Sultan Agung sigra budhal lan Seh Jangkung / tan kocap aneng marga / wus prapta ing Gunung Gamping.


  8. Tan saranta galihira / dipun priksani pucukipun kang ardi / Magiri nginggil gunung / tinupiksani denira / inggih leres sitinya gandanirarum / Seh Jangkung matur jeng sultan / kados siti niki.


  9. Jeng sultan nauri sabda / kakang Jangkung leres siti puniki / mambet gandanira arum / dhateng pucak aldaka / boten sisip Imam Sapingi atuduh / Gunung Gamping Girilaya / puniki siti Magiri.


  10. Seh Jangkung kalih jeng sultan / samya mudhun mriksani toya mili / saking kilen sumberipun / Sultan Agung kuwasa / osiking tyas toya saged taman dhuwur / supados angubengana / dumugi pucaking wukir.


  11. Wonten lare angon kathah / rubung-rubung inggih samya ningali / lare angon sami catur / iku mangsa sageta / toya saking ngandhap mili mandhuwur / inggih ing jaman punapa / toya saget nusung inggil.


  12. Sultan Agung sigra salat / rekangat nenuwun Hyang Widi / kaliyan wau Seh Jangkung / pan inggih ndherek salat / kajat satiti nunuwun gone Hyang Agung / Gustiku Allah tangala / supados anembadani.


  13. Asanget ngiring kawula / lare angon angina kawula Gusti / katrima panuwunipun / Seh Jangkung riseksana / tepi sasira sekar mulih aranipun / ginarit tinurut toya / manginggil ngubeng ardi.


  14. Sultan Agung dhateng ngandhap / nyebul toya supados anurut garit / uwisira Seh Jangkung / toya kemriwak enggal / minggak-minggok genya garit Seh Jangkung / margi menek lampahira / punika purwaning nguni.


  15. Mila kantos sapunika / ing Magiri toya minggah manginggil / pasarehan Sultan Agung / kuwasa jagat Jawa / nora nana bebasan ing anak agung / ngungguli bapa myang eyang / buyut canggah den ungguli.


  16. Sultan Agung ngandikanya / dhateng raka Ki Seh Jangkung puniki / binjang kakang sedanipun / ndherek mriki kewala / inggih caket kaliyan kula akumpul / Seh Jangkung alon turira / siti Landhoh kula pilih.


  17. Sanadyan dhateng kawusanan / dhusun Landhoh ingkang kula remeni / sawek tapel kula ngriku / nalika ananira / asal siti bebuka ing purwanipun / boten kenging ngowah-owah / punapa asaling lami.


  18. Sultan Agung aturira / gih karsa kakang pribadi / lare angon kathahipun / wetawis kalih dasa / samya rujeng ting pekakak samya muwus / kakek tan nana denira / bisa nulungena warih.


  19. Lare angon sami kesah / Sultan Agung lajeng kondur Mentawis / sakedhap sampuna rawuh / pinethuk ingkang garwa / Ki Seh Jangkung ingkang garwa inggih methuk / anulya samya pinarak / kang garwa sultan ngabei.


  20. Sarwi matur awot sekar / dene lami tindak paduka gusti / kantos wonten pitung dalu / Sultan Agung ngandika / iya lawas manira ana ing Ngerum / sang raja Tasangsul Ngalam / wus kasor marang lan mami.


  21. Sultan lurugi kang emas / kakang Jangkung mungsuh kelawan patih / ingsun mungsuh rajanipun / samya ijen kewala / raja ngerum ing mengko pan uwus nungkul / yen ta ingsun nglilanana / nulya seba ing Mentawis.


  22. Dadi ingsun tan pangrasa / raja Ngerum babone  para aji / anane janma sedarum / pan ing Ngerum bibitira / dadi ingsun nalar ingkang tanpa kusur / ora wurung nemu galap / kasiku marang Hyang Widi.

Pupuh IX
Dhandhanggula


  1. Kanjeng sultan malebeng jro puri / abibaran denira sineba / Seh Jangkung ing pondhokane / kuneng wau winuwus / Ki Seh Jangkung rembagan nuli / kalawan ingkang garwa / tinantun ing ngayun / dhimas priye karsanira / iya aku bakal pamitan mulih / marang adhimu sultan.


  2. Sabab aku uwis lawas awak mami / enak-enak aneng nagri Mataram / wus ana sangang sasine / awaku kongsi lemu / esuk-esuk ta nyambut kardi / apan sinuba-suba / saben dinanipun / mring adhimu kangjeng sultan / iya priye wekasane dina buri / enak dhukuh priyoga.


  3. Pan arep gawene wong iki / nora enak amangan gedhongan / enak budi kasil dhewe / apa sekadaripun / pan wong urip aja melik sugih / cukupa kang den pangan / lan sinadhang iku /  aja kongsi utang-utang / yen bisaa iku lakune wong urip / aja tindak belasar.


  4. Yen wong sugih ingsunnya puniki / akeh lali mring pangeranira / iya kibir pangucape / atela dhawuhipun / Kanjeng Nabimu kyangmat iki / mustapa rasul ngulalah / utusan Hyang Agung / dhawuh telung prakara / siji drajat loro dunya telu ngelmi / apan mendem dadi sira.


  5. Lah kapriye dhimas sireki / apa melu mulih marang ingwang / apa bae neng kene / kang rayi alon matur / inggih tumutut wingking laki / dhateng pundi purugnya / malebeng lobang semut / kawula dherek kiwala / pun mesthine wanudya tumut ing laki / nglakoni printah ing priya.


  6. Ingkang raka nauri aris / yen mangkana lega tyasingwang / gonku mature mring adhine / Jeng Gusti Sultan Agung / kuneng dalu wuwusen enjing / Seh Jangkung lan kang garwa / sewan mring kedhatun / jeng sultan nuju pinarak / dipunandhep pra santana neng arsi / atap andher sap-sapan.


  7. Ki Seh Jangkung ingacaran kursi / sampun lenggah saha apernata / kapernah aneng keringe / Seh Jangkung alon matur / kangjeng sultan bilih marengi / karsa paduka nata / kawula anuwun / pamit mantuk ing Miyana / sampun lami gen wonten ngriki / sangang sasi laminya.


  8. Pun Bak Ayu Retnajinoli / dherekaken sah antuk kawula / tan purun katilar dhewe / Jeng Sultan Agung guyu / aneh temen kakang Jangkung niki / wontene palakrama / yekti runtung-runtung / laki rabi namanira / anmung rabi dhateng sasedyaning estri / dunya ngakeratira.


  9. Benjang napa kakang budhal neki / Ki Seh Jangkung alon aturira / dinten punika kang sae / Jeng Sultan sigra dhawuh / animbali mantri sinelir / sadasa kathahira / tiyang pikul kathahipun kawan dasa / gunggungipun pakathik ingkang angiring / satus sekawan dasa.


  10. Kakang Jangkung kula ambekteni / pandhe dhalang ringgit lawan bedhaya / gong sawayang sarancake / kula bektani sangu / ing Bok Ayu Retnajinoli / sewu ringgit kathahnya / embanipun tumut / para Nyai pan sekawan / kang ngladeni Bok Ayu Retnajinoli / sampun ngantos sangsara.


  11. Kalih dasa rembat gunggung neki / bekakase Raden Ayu iku / kajawi gong sawayange / kelawan kpthakipun / wus sadiya aneng ing ngarsi / mantrinipun sadasa / numpak kuda wau / gunggung kuda kawan dasa / Ki Seh Jangkung ingkang badhe den tumpaki / lembu remenanira.


  12. Ki Seh Jangkung nulya nuwun pamit / dyan salaman dhumateng Jeng Sultan / Agung selamet selamine / kang rayi pamit sampun / dhateng sultan ngandika aris / sultan ingsun apangkat / slamet aneng dlanggung / jeng sultan nauri sabda / iya kakang bok ayu slamet aneng margi / aja ana bebuka.


  13. Pan bisa atutug sasedyaneki / para garwa miwah para putra / dherek medal ngaturake / dumugi lun-alun / dyan rangkulan lungayaneki / sigra numpak jempana / raden ayu wau / seksana sampun bidhalan / Ki Seh Jangkung dyan nitih kang lembu singgih / ngiringaken kang garwa.


  14. Yata lajeng lampahireng margi / ngaler ngetan wau purugira / duk semana ing jamane / dereng wonten margi agung / inggih wonten mung margi alit / kathah simpanganira / kathah ingkang bingung / begalan margi kathah / wana ketel tur kathah sima kang muni / gadhungan mangsa janma.


  15. Langkung randhat lampahnya ing margi / sabab kanthi ambekta wanudya / putuwin wau pikule / yen sayah ingkang mikul / dadya mandhah tengah wanadri / olah kang panekulan / arep sedalu / enjangnya pan lajeng bidhal / pan saari denira lumaris / sareng asar wayahnya.


  16. Lembunira kang den ngumpani / Ki Seh Jangkung sanget sayahira / ambyuk jengklok sukune / den degaken tan purun / inggih kantos dipunrewangi / maksih datan kuwawa / mangkana Seh Jangkung / alon denira ngandika / pan wus sayah apan dhadheprok ngriki / (pandhoh ?) ngajak lerennya.


  17. Dadya leren sakeh para mantri / sikep saking Mataram / wus (rinuwut ?) sambatane / kuda den othaki sampun / raden ayu miyos ing joli / nulya rakit pondhokannya / sampun wonten wau / driya ageng jejer tiga / sana sita lajeng kenging den enggoni / mantri saking Mataram.


  18. Raden ayu pun Retnajinoli / langkung resep penggalihira / tan enget dhateng daleme / anulya susul sampun / santun sinjang semektaneki / gandes kaduk lalewa / mangkana winuwus / sapolahe asung brangta / raden ayu datan enget wismaneki / lajeng kraos ing driya.


  19. Inggih lembu ingkang den titihi / sampun sayah tan purun lumampah / angajak dheprok karsane / (mandhoh ?) aneng ing ngriku / Raden Ayu Retnajinoli / adhawuh ingkang ngrambat / (….) ki sampun wangsul / ingiring punggawanira / mila karan dhusun Jajar ing samangkin / punika purwanira.


  20. Raden ayu ingandhika aris / kinen bethak uwos sangunira / saking Mataram kathahe / wolu las dhucin wau / ulam dhendheng manjangan iki / sampun semakta sedaya / boten luru-luru / sampun surup sang hyang surya / para mantri anulya dipuningoni / sikep gamel wrata.


  21. Tabuh wolu dhawuh babar ringgit / dhalang saking nagari Mataram / den anyari caritane / dhawuh lampahanipun / Kurupati denira rabi / tiyang nonton akathah / jalu estri wau / rare miwah ingkang tuwa / kaki-kaki nini-nini andhutangi / tinut ing putunira.


  22. Ambelaba tiyang aningali / rebut papan margi kanyaran dhalang / Mataram critane / tatag trangginas patut / lamun ngringgit arjuna jemparing / gurisa tembangira / kathah estri kenyut / ingkang kedhik sebutira / lajeng dherek anggender aneng wingking / saking senenging driya.


  23. Yata wau mantri ing Mentawis / pitung dina genira reren punika / dereng rinilan wangsule / marmanya sekepipun / den kersakna tatulung nenggih / andamel griya anyar / tuwin langgaripun / kang kinarya pesalatan / sampun dadya griya sarta langgarneki / nuwun pamit mantuk neng Mataram.


  24. 24. Seh Jangkung pangandikane / eh mantri ing Mentarum iya banget panrima mami / sira angaterken / marang ulih ingsun padha slametane merga / dyan den ayu paring sangu marang mantri / ngaringgit bunderat.


  25. Raden ayu angandika aris / sira mantri matura jeng sultan / selamete dhukuh kiye / mantri nembah umatur / gih sandika dhawuh jeng gusti / raden ayu mundhut arta / dhateng embanipun / ringgit satus kawan dasa / den bayarken sikep ing Mentawis / sampun radin sadaya.


  26. Sigra budhal mantri ing Mentawis / ingkang numpak kuda kawan dasa/ rumiyin wau lampahe / kang lampah suku wau / sami kantun tinilar wingking / tan winarna aneng marga / wus prapten Mentarum / dyan mantri saos Narendra / pan pinuju siniweng para bupati / pangeran demang arya.


  27. Dan dumrojog cumundhuk neng arsi / ngaras pada bungkuk konjem pratala / manembah asru ature / dhuh gustiku sang aprabu / hamba utus dhereken ngiring / jeng raka den ayu retna / gusti gih lestantun / wilujeng aneng ing marga / tigang dinten hamba rereh aneng margi (apipe ?) aneng wana.


  28. Enjangipun apan budhal gusti / pan sadinten lumampah kewala / dugi wanci ing ngarsane / lembu titihanipun / jeng rakanta panembahan gusti / dadosaken sayahnya / lumampah sukunipun / datan purun alumampah / den gebar ti meksa pan purun lumaris / lajeng dheprok kewala.


  29. Radha dalem pan lajeng nuruti / lajeng (pandhoh ?) ing ngriku kewala / pan nulya dados pandhoke / dyan wonten griya wau / jejer tiga kang den panggoni / kawrat tiyang sedaya / saking ing Mentarum / dalunipun raringgitan / dhalangipun inggih ingkang saking ngriki / kang nonton langkung kathah.


  30. Mila hamba ngantos pitung ari / dipunandhek ing raka sang nata / mantri tiyang sedayane / kersa kados wau / amewahi griya ing Jawi / pondhokan tamunira / damel langgar sujut / kinarya ing pesalatan / mung punika atur kula mring jeng gusti / sampun kawrat sedaya.


  31. Wonten malih hamba den sangoni / tiyang sikep kanthi sadaya / tiyang satunggil nyringgrite / kadamel sangu mlaku / kanjeng sultan ngandika aris / eh mantri ingsun tarima / iya ing lakumu / caritamu kabeh ika / sun tampani kaya dhalang ringgit / dhasar mantri weweka.


  32. Kanjeng sultan angandika aris / dhateng Raden Jayawidikda / juru gedhong ing lungguhe / kinen amundhut wau / ing pekakasireng mantri / sedasa katahira / sapengadeipun / wus cumaos aneng ngarsa / sigra dhawuh kinen marungaken mantri / sedaya mantrinira.


  33. Ingkang ndherek ngaturaken nenggih / kang bok ayu raden retna / wus katrima lakune / pan wus adat Sultan Agung / lamun wonten kang den asihi / dhasar sultan tega lali / ingsunnya puniku / katedha ing abdinira / boten karsa sugih ing dunya puniki / mung andi kang den (piara?).


  34. Sampun kathah tiyang kang dhatengi / saklangkung gemah dhusunira / ing kawitan wekasane / kuneng gusti winuwus / kawarnaa / pakabehe mantri / selamine ana / dhukuh ing ngriku / ingkang / ingkang ladosi punika / Ki Seh Jangkung nami panembahan nenggih / wus misuwur ing wong kathah.


  35. Pandhenira dine kekasaring / Ki Berganjing pandhe namanira / dhalang aneng banyol gone / jogednya saleripun / kama putra jan kampunganeki / mranggi aneng Karang Tengah / wus sami ingatur / dhalang nami K Gulungan jogedira naminira Simbar Akik / meranggi nama Prayongsa.

Pupuh X
Pocung


  1. Duk semana panembahan laminipun / pan sampun sawarsa / neng dhusun Landhoh winarni / sampun arja akathah tiyang prapta.


  2. Kawarnaa nenggih wau Nyai Banjur / sampun sireng warta / yen kang raya sampun mulih / lajeng dhukuh neng Landhoh kiduling desa.


  3. sarta angsal pinaringan putri ayu (bandhun?) ning Jeng Sultan / Agung negara Mentawis / wus kagarwa dhateng Panembahan ika.


  4. Nyai Banjar asanget ing bingahipun / lajeng tata-tata / nedya tuwi mring kang rayi / bekta rencang kathahipun kalih welas.


  5. Bekta duren kathahnya ban wonglung pikul / pelem kang srembat / kalih rembatan kuweni / lan kaluwek kamirine kalih rembat.


  6. Nyai Banjur aneng marga tan cinatur / apan wus saprapta / neng Landhoh kidul winarni / kapang-kapang pinanggih lan arinira.


  7. Panembahan gya methuk plataranipun / nulya ingkang garwa / Den Ayu Retnajinoli / dherek methuk marga anut ingkang raka.


  8. Sampun lenggah neng bangsul lagu / samya jejagongan / panembahan muwus aris / gih bok ayu punapa sami slametan.


  9. Nyai Banjur nauri sabdanya arum / iya keslametan / dene bisa teka ngriki / uwis lawas abanget kangen manira.


  10. Duren iku duwe (jukang ?) ingsun gadhuh / nuju kabeneran / ana wohe kang nyalandri / wolung pikul iya ingkang ingsun gawa.


  11. Panembahan driya kuweni kang awuh / klawan kemiri kang / ing gawa namung sathithik / kanggo bumbu raden ayu karsa midhang.


  12. Nuli dhahar den ayu lan Nyai Banjur / tiga panembahan / linadosan para nyai / bakda dhahar linoroten rencangira.


  13. Nyai Banjur dene dhateng Landhoh kidul / tigang dasa dina / sinuba-suba kang rayi / panembahan kalawan ing garwanira.


  14. Nyai Banjur enjangipun pamit mantuk / pan sampun rinilan / tan kocap aneng ing margi / sampun prapta ing wismanireng Miyana.


  15. Yata wau nulya ganti ingkang winuwus / inggih nagri Tuban / wonten kraman pacak baris / sampun kathah patahan telukanira.


  16. Badhe gempur dhumateng nagri Mentarum / mejang kangjeng sultan / animbali dhateng patih / sampun prapta raden patih aneng arsa.


  17. Kangjeng sultan pangandikanira arum / lah patih printaha / mantri prajurit pinilih / satus bae prajurit ingkang prayoga.


  18. Besuk-besuk ingsun budhal aneng Landhoh / pan arsa rembugan / lan Ki Seh Jangkung kinanthi / raden patih aturipun gih sandika.


  19. Kanjeng sultan nulya kondur ngadhatun / patih mrintahira / mring mantri miji pinilih / amung kang sami anumpak kuda.


  20. Sultan Agung sampun rawuh rereh gunung / kendhang gong ing ngarsa / panembahan aneng sabin / macul siti supados sageta rata.


  21. Ing kakang mas macul dhateng ing sabin kang wus / katingalan / anenggih saking ing ngriki / lamat-lamat dene wus katingal.


  22. Kangjeng sultan dene angawasaken wau / dheweke nawang / sakilane Purwadadi / mila aran nami dhusun Penawangannya.


  23. Gih puniku purwane Sultan Agung / nawang ingkang rata / mila akantos samangkinn / Kanjeng Sultan ingkang paring nama desa.


  24. Dhusun Landhoh inggih wonten sabinipun / kang nami pun Tamat / kantos karan dinten mangkin / gih punika purwane carita kuna.


  25. Tan kawarna ing dalu Jeng Sultan Agung / dyan wuwusen enjang / jeng sultan budhal tumuli / pan ingiring prajurit anumpak kuda.


  26. Sampun rawuh dhukuh Landhoh Sultan Agung / geger apuyengan / tiyang alit sami ngili / pengrasane wonten kraman ingkang prapta.


  27. Jaler estri sedaya ngungsi ing gunung / ingkang gadhah anak / alit-alit den bekteni / ingkang meteng anak-anak aneng dalan.


  28. Panembahan sareng ngarsa Sultan Agung / methuk neng plataran / salaman sarwi kinanthi / Raden Ayu Retnajinoli gya medal.


  29. Dyan pinarak dhateng kursi kanthi agung / raden ayu wuwusnya / aku iya nora ngipi / kangjeng sultan yen kewala wismaningwang.


  30. Kangjeng sultan anauri sabda arum / mila ingsun prapta / kangen bok ayu Jinoli / dene lawas setaun nora kepangya.


  31. Raden ayu nauri sabdanya arum / (benjake ?) mayangan / banget temen bengah mami / pan sumepa kebanjiran madumangsa.


  32. Yen supama kangjeng sultan nora rawuh / marang wismaningwang / sasi mulud ngarep iki / kang sun sedya tilik mring Mataram.


  33. Iya kangen maring adhi nimas ratu / Raden Mukmin wungu / Retnadiluwih / karo kangen putramu Raden Mas Dibya.


  34. Kangjeng sultan nauri ngandika arum / kabeh keslametan / lami gawa tinggal iki / ora ana sangkutane apa-apa.


  35. Ya mulane bok ayu ingsun atawuh / ngampiri pun kakang / sun ajak neng Tuban nagri / ana kraman wus akeh telukanira.


  36. Panembahan turnya sarwi gumuyu / tan susah jeng sulta / atindhak neng Tuban nagri / kula piyambak kang mapagaken ing yuda.


  37. Kanjeng sultan lereh ngriki apan sampun / ngantos dhateng kula / sapinten kraman ing Tubin / sagah ngethoki ting jangganira.


  38. Nangging kula inggih gadhah ing panuwun / sikepi Mataram / supados dhongkel ing ngriki / sikepipun pan kenging kawula sambat.


  39. Manthuk-manthuk kangajeng sultan ngandika rum / gih prayogi kangmas / kula jarine pribadi / gawa pinten siti mung kedhik punika.


  40. Pra prajurit Mataram parasan turun / nora akengelan / wus ana kang anyaruhi / mungsuh yuda nelukaken kraman Tuban.


  41. Pra jurit Mataram parasan turun / kabeh enak-enak / nora melu marang Tubin / nadyan perang amungsuha bari lemah.


  42. Panembahan dadya dhawuh mongtong wedhus / kebri pan gangsal / mragat gudel tiga iji / sampun mateng genra masak-masak.


  43. Dhasar rikat koki saking ing Mentarum / koki Jenang nama / anulya dhaharan mijil / pan dhaharan tiga raden ayu retna.


  44. Bakda dhahar linorotken abdinipun / prajurit arata / sikep gamelan pakathik / apan radin datan wonten kelangkungan.


  45. Sareng dalu dhalung tinimbalan sampun / kinen aringgitan / akathah tiyang ningali / ingkang ngili aneng wana sampun prapta.


  46. Tan kawarna wuwusen ing dalunipun / kawarnen ing enjang / panembahan nulya pamit / dhateng sultan kula bidhal dhateng Tuban.

Pupuh XI
D u r m a


  1. Dyan rinilan panembahan sampun bidhal / mung bekta rencang kalih / kumpul kina lunga / pan sarwi berukira / ecise bar mulih anenggig / naminira / panembahan teken icis.


  2. Rencang kalih bekta beruk kalih pisan / panembahan lumaris / mampir mring Miyana / pamit bok ayunira / Nyai Banjur sampun ngimpi / lamun kapanggya / kelawan ingkang rayi.


  3. Boten dangu penembahan rawuhira / dhateng Miyana nenggih / Nyai Banjur amapag / aneng pelataran / sarwi muwus aris / lajeng asigra / esuk temen sira prapti.


  4. Dara dasih kelawan supenaningwang / wus atate yen angipi (+1) / lamun kapanggih esuke teka (+1) / panembahan anauri / bak ayuningwang / ingsun bakal ing Tubin.


  5. Dyan ingutus Jeng Sultan Agung Mentaram / methukna kraman Tubin / iya kangjeng sultan / isih ing wismaningwang / prajurit sasikepneki / iya labotan / sun kongkon dhongkel sabin.


  6. Pan sedalu panembahan neng Miyana / warnanen sampun enjing / panembahan pamitan / dhateng bok ayunira / supados dipunidini / ing lampahira / pan sampun anglilani.


  7. Tan winuwus panembahan lampahira / Sultan Agung winarni / nenggih sapungkurnya / kang raka dhateng Tuban / dyan dawuh mantri sireki / lan sikepira / kinen dongkel sabin.


  8. Sikepira kathahnya satus sawidak / ingkang sami dhongkeli / mantri tindhihana / akarya tetaruban / wonten ing griya satunggil / kinarya pinarakan / yen kanjeng sultan mriksani.


  9. Saben dina tiyang dhongkel gih punika / kinirim tedhaneki / jeng sultan amriksa / tan arsa akundura / mundhut dhahar teng sabin / wus ingaturan / adhahar sultan aglis.


  10. Kapinujon raden ayu genira kelan / jangan asem puniki / tambah klungsunira / kakalih dereng binucal / jeng sultan amundhut aglis / klungsu punika / tinanem aneng sabin.


  11. Kapernahnya pojok sabin kang kaler wetan /gening nanem puniki / kinarya pertandha / lamun iki dhukuh kakang / asem ing ngriki / dugi injangnya / klungsu pun thukul nenggih.


  12. Kinen nyrumbung kanan kering rinajegan / wus tigang dinten nenggih / asem tiningalan / sadedeg inggilira / Sultan Agung dhasar sekti / sabarang cipta / pesthi iya adadi.


  13. Nengena rasul lan agung tan kocapa / panembahan winarni / wus prapta ing Tuban / anulya campuhing mring / brandhal ambedhili / rame ayu / rarebut rok silih.


  14. Panembahan beruk den gasangane / kinarya nadhahi mimis / nulya binalekna / anempuh kraman ika / kraman kang kenging gusis / tatu sedaya / limayu ngungsi urip.


  15. Kepala sekawan wus kinethokan / endhase pipanjer nuli / pan sareng uninga / kepalanya wus pecah / sedaya wus nungkul sami / atur martobat / amanembah asung bukti.


  16. Panembahan anulya malebeng pura / mundhut jarahan nenggih / wus katur sadaya / wonten gangsal gotongan / panembahan aneng masjid / mriksani mimbar / wrananira abecik.


  17. Lajeng dhawuh mimbar kinen ambikaka / sampun binikak aglis / ing ngriku anulya / miranteni rembat pan / sampun kinumpul nenggih / lan raja brana / sadaya wus rumakit.


  18. Wonten ketib nenggih nagari ing Tubannya / seguruh westaneki / putranya sajuga / langkung ayu utama / Pandhanarum naminireki / ingaturena / dhateng panembahan nenggih.


  19. Panembahan duk kala sareng amirsa / seneng ingkang galih / pan lajeng binekta / numpak dhateng jempana / panembahan kondur nuli / tiyang ing Tuban / kawan dasa ingkang ngiring.


  20. Pan rembat tan gegotong neng arep pisan / tiyang Tubin kang ngiring / sawidak kathahnya / kelayan lurahira / datan kawarna ing margi / wus prapta wisma / dhepok Landhoh kang desi.


  21. Kangjeng sultan tumedhak aneng plataran / methukken rakanteki / sampun kaslametan / pan sampun pinarak kaliyan / panembahan matur aris / punika sultan / anggen kawula jurit.


  22. Inggih mimpang saking pangestu paduka / tumenggungira nenggih / keraman punika / janggannya tiga sekawan / kula panjeri / kapalanira / kang kantun teluk sami.


  23. Gih punika raja brana saking Tuban / rolas rembat gunggung neki / inggih katur sang nata / kawula inggih derma / alimampah kiwaneki / ngemban dhawuh sang / aji sumanggeng karsi.


  24. Kangjeng sultan alon pangandikanya / kakang ambil pribadi / sekathahing dunya / ingkang saking Tuban / punika kakang nglampahi / ingkang kangelan / bak ayu kang darbeni.


  25. Gone dhongkel sabin inggih dereng dadya / ingkang nglurug sampun prapti / angsal baboyongan / panembahan aturira / yen makaten sultan inggih / ing benjangira / Guder namaning sabin.


  26. Sawek Guder ing laminira / sabin dereng adadi / kula sampun prapta / pun sabin dereng dadya / jeng sultan inggih ngamini / sakarsanira / mila karan semangkin.


  27. Kangjeng sultan alon wijiling wecana / kakang kula suwuning / nanem asem punika / binjangipun dipunkandhanga / damel peken kemis / nikang kinarya / madhangan yen wonten ingkang kapti.


  28. Kangjeng Sultan Agung genira ing Landhoh / nenggih pan sampun lami / pan satengah candra / siyang ratri binoja / dhateng kang raka anenggih / ing saben dina / tan pegat motong kambing.

Pupuh XII
S i n o m


  1. Kangjeng Sultan pamitan / gih kakang kula lilani / lan malih bok Ayu Retna / ingsun uga den lilani / den ayu nauri / iya sakethi jumurung / selamet selawasira / aku kirim salam taklim / mring garwamu Raden Ayu Kencana.


  2. Kangjeng sultan sigra budhal nitih kuda / jragen nenggih / kambil lan ireng kencana / laratipun bludu abrit / sinulam jene pinggir / sanggawedhi jene sepuh / ebegira garodana / rinajut kudaneki / kura kedhuk dya gambar warnanira.


  3. Prajurit ing ngajeng samya / samya sami nitih wajik / tan kocap aneng ing marga / sampu rawuh aneng nagari / malebeng puri / prajurit pan samya mantuk / inggih sowang-sowangan / dhateng wismaning pribadi / enengena Jeng Sultan Agung Mataram.


  4. Duk kalaning panembahan / lumampah kasatan warih / Ki Praya kang asung toya / legen kalih bumbung nenggih / mila Ki Praya prapti / sowan panembahan wau / Ki Praya aturira / apan sarwi ngasih-asih / panembahan mila kawula sowan.


  5. Manawi paduka karsa / inggih anak kula estri / kula tiraken sampeyan / dados gih para nyai / inggih sampun ing ngriki / punika ing wernanipun / Bakirah namanira / panembahan mriksani / kaduk sae warnane rare punika.


  6. Anulya kaningkah pisan / pan dados selir sireki / kang garwa kinempalna / tanana rengu ing galih / rukun samya ngladeni / pan sami mesem gumuyu / pan ajrih dhateng raka / nglakoni tindake estri / tri telu punika ingkang linakyan.


  7. Amantep dhateng ing priya / agemi kayaning laki / satiti barang pratingkah / ngati-ati lamun angling / aben semune laki / mantep idhep amituhu / mantep temen ing priya / idhep caosining laki / guyub anut kelawan printahing priya.


  8. Tuhu asih dhateng priya / datan malik tingalneki / ajrih lamun aduraka / yen wong wadon tingkah juti / melik liyaning laki / siniksa dening Hyang Agung / malebeng ing naraka / ula klabang kalajengking / angantupi badane gebel sadaya.


  9. Jerit-jerit sambatira / tanana ingkang nulungi / nora kena maidoa / wus kacetha dalem dalil / milane ing wong estri / den abekti marang kakung / iku pangeranira / ing dunya tumekeng akir / temen-temen amasthi munggah suwarga.


  10. Wong wadon saiki arang / ingkang temen dhateng laki / sewu siji nora ana / kang kadya sinebut nginggil / yen nora den kayani / belasar ing tindakipun / ngupados lanang liya / sok ugi angsala dhuwit / nora enget lamun dandane bejat.


  11. Satengah kesah pacinan / dya pamit dhumateng ingkang laki / jengandika pados dagangan / leksana apados jibing / kang jaler tan udani / yen kang estri rare beruk / nadyan wau ningwang / sawab nora kalong iki / (coka ruliya ?) arta damel tumbas madat.


  12. Apan ta sampun akathah / wong wadong ingkang nglakoni / anenggih jaman punika / aja nganti sira ceki / lamun dhemen priyayi / kang jaler bingah kelangkung / sun emba mati lena / turune amrihe becik / lanang alus raden ayu warnanira.


  13. Sampun maido ing serat / sakabat sampun ningali / duk kalane amelana / dhateng ing liya nagari / uninga pribadi / lelakon kang kaya iku / mila (ananjangna ?) / supados sampun nglakoni / sampun kantos tumindak kadi punika.


  14. Boten sande ambabekta / temahan ngisab-isabi / gegandheng mring bapa biyang / buyut canggah kaki nini / ngaku turune wong becik / belasar ing tingkahipun / dadi atingal nama / dudu turuning wong becik / yen becik kang mangka lakune belasar.


  15. Sinidi ingkang carita / wuwusen ingkang winarni / panembahan sampun lama / gene dalem Landhoh nenggih / sampun inggih sabin / kathahipun mung nem bahu / Guden sabin kang nama / dadose dhadhongkel sabin / aca tanem pan iya puput sadina.


  16. Ananging kuciwanira / dereng wau anggadhahi / mahesa kang damel garap / mangkana warnanen enjing / panembahan lumaris / ngupados mahesa wau / saben dhusun thinanya / ana mahesa puniki / pan dumugi dhusun (losen kana ?) punika.


  17. Wonten tiyang mayu griya / kathahipun pitung iji / tinakon panembahan / bagus ingkang mayu sami / punapa dhusun mriki / wonten tiyang sade wau / mahesa kula tumbas / tiyang mayu anauri / boten wonten kelamun dika karsa.


  18. Kidul ngriku wonten mesa / ananging mahesa mati / saweg wingi gene pejah / ajaler ageng nglangkungi / sungune anenggih / dhateng ngara-ara ngriku / kang ngriki katingalan / panembahan amurugi / estu leres yen wonten mahesa pejah.


  19. Dupi caket panembahan / ing prenahira niki / agungun sajroning driya / eman temen kebo iki / dene gedhe nglangkungi / sungunya branggah abagus / mendah lamun urip / gedhene ta angungkuli / kopet-kopet kupingira buntut dawa.


  20. Dyang pipriksa panembahan / kalayan dipuncepengi / angungun sajroning driya / eman temen kebo iki / gedhene angluwihi / sarta bapang sungunipun / bok bisa urip mana / emen temen lamun mati / panembahan nanuwun dhateng Hyang Suksma.


  21. Asalat kalih rekangat / sekathahe den tutupi / anenggih babahan sanga / sumepa kadya ngemasi / ngeningaken tingalneki / kang sinedya ciptanipun / tan liyan maring Hyang / kang sipat rahman puniki / kang ngratoni kauripan sadaya.


  22. Inggih Allahutangala / ingkang damel bumi langit / ingkang nora jaman makam / kang sipat langgeng tan gingsir / saking panuwun dasih / mugi tinurutan ingsun / inggih panuwun hamba / kalis kang sampu kalis / kang supados sageta gesang aweta.


  23. Tan wonten alaranira / wus katrima genya muji / riseksana panembahan / mahesa dipuncepengi / singate kanan kering / cinablek ambal ping telu / lah mara atangia / lembon temen gonmu guling / nulya kaget mahesa nglabet buntutnya.


  24. Keplek-keplek kupingira / buntutira jenthat-jenthit / mripatipun byar-byaran / andhangak sarwi anglirik / panembahan muwusi / lah mara ngdeg sireku / mahesa pancen gelak / jenggereng sarwi atangi / nulya ngadeg sampun gesang kadya lama.


  25. Tiyang mayu pitu ika / sami kaget aningali / wong ika dene kuwasa / kebo mati bis urip / payo padha marani / anjaluk ngapura iku / mau sun sentak-sentak / tiyang pitu mudhun sami / amurugi dhateng ngarsa panembahan.


  26. Tiyang pitu aturira / galap gangsul kula Kiyai / kawula nuwun ngapura / anembah angasih-asih / kawula boten uning / dhateng ing sampeyan wau / panembahan ngandika / ora dadi apa iki / wus jamake wong wadon ana nasibnya.

Pupuh XIII
Megatruh


  1. Yata wau penembahan nulya kondur / mahesanipun angiring / tiyang pitu atut pungkur / nyegati kanan kering / lampahira alon-alon.


  2. Tan winarna prapteng dhusun saking wau / kapinujon wonten (kila?) / panembahan dhawuhipun / mahesa kinen ngedusi / tiyang pitu guyang kosok.


  3. Sampun bersih tiyang pitu guyang wau / panembahan amriksani / ing granane singatipun / dene dhaplang angluwihi / kaya amedeni uwong.


  4. Sesek lawang yen mungguh lawang aciyut / sadhap sisih tur lincip / yen den angon bocah iku / amesthi padha awedi / yen isih sungu mangkono.


  5. Panembahan reseksana singatipun / cinepeng ing kanan kering / anulya wau thinuthuk / dhateng icik sekar mulih / singat lajeng amangisor.


  6. Dyan mahesa lajeng singatnya adhungkul / anuju dhateng ing siti / malah yen anedha rumput / lamun boten dhateng rawi / datan saget lamun nyenggot.


  7. Cangkemipun boten saget  nyenggut rumput / margi singat nujah bumi / mahesa wus karan dhungkul / ireng mulus wernaneki / putihe gulu tan katon.


  8. Panembahan pangandika arum / dhateng tiyang pitu nenggih / eis padha sireku / asanget panrima mami / gonmu padha ngatur mring ngong.


  9. Pan wis tutug kali tengah iya ingsun / wong pitu ngater mring mami / wis padha baliya iku / besuk bae tilik mami / iya marang enggon ingong.


  10. Tiyang pitu nembah sareng pamitipun / sedaya pan samya mulih / panembahan lajeng kondur / mahesa dhungkul ing wingking / sampun rawuh wismeng Landhoh.


  11. Garwanira kapang-kapang apan methuk / sami bingah ing tyasneki / dene angsal kebo dhungkul / agengnya pan anglangkungi / dyan mahesa dhungkul manggon.


  12. Enjangipun nenggih wau kebo dhungkul / arsa binekta ing sabin / badhe kadamel maluku / mahesa dhungkul tan apti / gobag-gobig irunge empros.


  13. Klirak-klirik mecicil ing mripatipun (pajer ?) sanga durung tangi / sabet praya abdi wau / asanget genira ajrih / manawi gunung gedhang yektos.


  14. Selamine mahesa dhungkul puniku / boten purun karya sabin / yen enjang kesah puniku / dhateng sabin rawi iki / yen mantuk wayah bar surup.


  15. Yen terkadhang dugi rawi nedha wau / kantos dugi Sukowati / tigang wulan boten mantuk / ing sagurug-purugneki / sapurun enggone manggon.


  16. Wau dhungkul yen wonten tandur sinenggut / sabine medal nglangkungi / yen siyang gupakanipun / sawetannya Landhoh singgih / labetipun kongsi balong.


  17. Mergenipun mahesa dhungkul winuwus / yen nedha dhateng ing rawi / dados kali nami Bandhung / yen mantuk saking ing rawi / singate katutan kangkong.


  18. Yeng amanggon dhateng asem ngandhap wau / dadya asem dhampit / punika cancanganipun / yen kesah ucul pribadi / nora ngangge dipunangon.


  19. Enengena gantya ingkang winuwus / Sultan Agung ing Mentawis / adhawuh mring gandhekipun / lah gandhek sira sun tuding / sun utus marang ing Landhoh.


  20. Kebo lanang sepasang ya karo iku / aturna mring kang mas puniki / supaya ginawe iku / garap sabin Guber iki / sira matura mangkono.


  21. Gandhek munjuk sandika gusti sang prabu / wus anembah lengser ngarsi / gandhek budhal pantes lantun / tan kocap aneng ing margi / sampun prapta dhusun Landhoh.


  22. Gandhek matur dhateng panembahan wau / kawula ingutus gusti / dhateng kangjeng Sultan Agung / mahesa kalih puniki / kang satunggal nami Totor.


  23. Mangsatunggal malih wau naminipun / katur ing sampeyan ngriki / panembahan wuwusipun / iya gandhek wus sun tanpi / abanget panuwuningngong.

Pupuh XIV
Asmaradana


  1. Gandhek sampun den paringi / panekulan sampun nedha / bakda nedha pamit mulih / wus rinilan panembahan / tan kocap aneng ing marga / sampun prapta ing Metarum / munjuk ngarsa sri narendra.


  2. Wus katur ing solahneki / mahesa sampun katampa / ing raka dalem sang rajeng / kangjeng sultan dhawuhira / wis gandhek amuliha / gandhek nembah lengser mundur / parapteng dhateng wismanira.


  3. Mahesa saking Mentawis / inggih ingkang damel sawah / Totor klayan ing kalihe / pun dhungkul saben dinanya / alam pra priyangga / terkadhang yen mantuk surup / enjange lajeng akesah.


  4. Kang sabin klangkung wedaling / galenge tanemi kacang / yen angundhuh ing kacange / katuraken ing Mantaram / tuwin kintun kang putra / dhateng Cerbon putranipun / Ketib Trangkil kang dinuta.


  5. Sakedhap pan sampun prapti ? Ketib Trangkil ing lampahnya / dumugi dhateng Cerbone / kacang sampun tinampan / Rahaden Mukmin ika / Ketib Trangkil pamit mantuk / sampun prapta Landhoh ika.


  6. Wenanen den ayu singgih garwanira panembahan / umatur dhateng rakane / kawula matur sampeyan / amung putra paduka / Rahaden Mukmin punika / bok inggih tinimbalan.


  7. Kula emong tiyang kalih / dhateng ing ngriki kewala / sampun mantuk ing Cerbone / kawula tan gadhah putra / kenging katingalan / sinten kang darbeni wau / barang sumakawis ika.


  8. Panembahan ananuruti enjange lajeng utusan / abdi Praya Tib Trangkil / wus prapta aneng ing ngarsa / panembahan angandika / Tib Trangkil sira sun utus / iya karo abdi Praya.


  9. Marang Cerbon sira iki / amboyongi putraningwang / si kulup gawaa mrene / Tib Trangkil matur anembah / lan sabat abdi Praya / sampun lengser aneng ngayun / amintar lajeng lumampah.


  10. abdi Praya lan Ketib Trangkil / lampahira gegancangan / tan kocap aneng margine / sakedhap sampun prapta / dhumateng Cerbon nagara / anulya wau umatur / ngarsanireng jeng sultan.


  11. Manembah ing ngarsaneki / Tib Trangkil alon aturnya / dhuh Gusti kula dinuteng / dhumateng putra paduka / ing Landhoh panembahan / inggih kinen nuwun iku / dhateng putra wayah tuwan.


  12. Raden Ayu Retna Jinoli / garwa kang saking Metaram / apan sanget panuwune / ping kalih badhe wuninga / dherek ngemong kewala / pan boten (adner besumu ?) / sami ugi garwa ing Tuban.


  13. Dipunemong garwa kalih Mataram kelayan Tuban / wira-wiri ing akire / lamun kangen kangjeng sultan / kawula kang ngaterena / kalih abdi Praya wau / punika atur kawula.


  14. Jeng sultan ngandika aris Tib / Trangkil sakarepira / aku mung dungakake / kang wayah tinimbalannya / wus cundhuk aneng ngarsa / Mukmin melua sireku / Tib Trangkil lan abdi Praya.


  15. Sira iku den timbali / myang ramamu panembahan / budhal ing dina kiye / sawab becik dunyanira / dina temu nem belas / santosa wateke kulup / rahayu ana ing marga.


  16. Kang wayah anulya pamit / sinebul bunbunanira / tinimbul ing sejatine / inggih sampun kantos sasih / tapak tilas gurenda / Tib Trangkil anembah matur / lengser saking ngarsa sultan.


  17. Raden Mukmin lan Tib Trangkil / abidhal lajeng lumanpah / embanira ngetutake / sekawan ing kathahira / pan datan kenging pisah / duk alit sanget wongipun / ingga yuswa walung warsa.


  18. Emban sekawan pawestri / sarupane pan binekta / Raden Mukmin titihane / kuda jragem wulunira / larabipun sangkelat / telisire sutra biru / respati lampahnya kuda.


  19. Kangjeng sultan ambektani / mantri sekawan punika / ngaturaken ing wayahe / tiyang kuwu kalih dasa / wonten ingkang bekta tumbak / tameng lawan pedhang sunduk / gumruduk ing lampahira.


  20. Kang den iring taksih alit / nembe yuswa walung warsa / katingal amung cahyane / amindhanya sasongka / abagus lurus utama / kathah samar kang andulu / ing marga dadya tingalan.


  21. Datan kawarna ing margi / Raden Mukmin sampun prapta / dhateng Landhoh ing desane / kang rama sampun miyarsa / sadhatenge kang putra / sawek dugi saler dhusun / kang ibu aken methuka.

Pupuh XV
Kinanthi


  1. Raden Mukmin sampun medhun / Tib Trangkil kang mondhong nenggih / pan saking inggil turangga / ibu kalih malajengi / cinandhak ing astanira / kinanthi ing kering.


  2. Raden Mukmin nulya agung / dhatengi ingkang rama nenggih / ibu kalih ingujungan / anulya atata linggih / mantri kang ngiring sakawan / kuda sampun den othaki.


  3. Panembahan ngandika wus / anenggih dahteng kang siwi / kulup sira apa krasan / aja mulih ta sireki / sire bacute wal / karsane ibumu iki.


  4. Kang putra alon umatur / sumangga sakarsaneki / lamun embena kangena / kawula ingkang nuweni / tan dangu dhaharan medal / rerampatan warni-warni.


  5. Wus sru ta sedayanipun / mantri kelawan kang ngiring / sarta ing sakancanira / sampun pinaringan bukti / sampun bakda gening dhahar / linoroten rencangneki.


  6. Warnanen ing dalunipun / Raden Mukmin yen aguling / tunggil lawan ibunira / den keloni ibu kalih / saben dalu tan pisah / ibu kalih langkung asih.


  7. Kadi yoganya satuhu / putri Mataram lan Tubin / dhasar datan mutra samya / Raden Mukmin kang den ambil / kinarya ing pangauban / supados darbeya siwi.


  8. Anulya ingkang winuwus / mantri Cerbon wau nenggih / sekawan ing kathahira / ingkang ngiring Raden Mukmin / dene lereh wus sawulan / pamit mantuk lan marengi.


  9. Warnanen ing enjangipun / mantri Cerbon nuwun pamit / dhumateng ing panembahan / wus lengser saking ing arsi / panembahan kintun kacang / dhateng Sultan Cerbon nenggih.


  10. Gangsal rembat kathahipun / wus kabekta sikepneki / anulya samya budhalan / tan kocap aneng ing margi / wus prapta Cerbon nagara / mantri munjuk aneng ngarsi.


  11. Mantri sakawan umatur / tinutur sapolah neki / jeng sultan sampun atampa / sakehe ature mantri / dadya sultan lon ngandika / wus mantri sira amulih.


  12. Sedaya pan sampun mantuk / alengser saking ing ngarsi / aneng marga sowang-sowang / wus prapta ing wisma mami / nengena ingkang kocapa / panembahan kang winarni.


  13. Sampun yasa masjid wau / pan namung kangjeng satunggil / kinarya masjid punika / sarta lumbung kang satunggil / pucuke kajeng winarna / kadamel lesung wus dadi.


  14. Lumbung wau naminipun / lengkara sinaren idi / lesungipun nami banyak / warnanen wayah enjing / garwanira panembahan / saking Gebonganom singgih.


  15. Ambabar wawratipun / miyos jalu langkung pekik / panembahan angandika / padha kulup ana iki / mila kulup naminira / panembahan kang dhawuhi.


  16. Dyan ganti kang winuwus / anenggih Rahaden Mukmin / putranipun ingkang tuwa / pan yuswa limalas warsi / panggalihnya panembahan / apan karsanipun supit.

Pupuh XVI
Dhandhanggula


  1. Yata wau panembahan anenggih / pun rahaden si Mukmin punika / pan sampun sinupitake / dhikir Nabi sadalu / raringgitan ingkang sahari / bakdanya sinupitan / antawis nem taun / Rahaden Mukmin punika / imah-imah pan angsal Cerbon nagari / pikantuk sanaking sanak.


  2. Datan kocap pirengganing panggih / dyan kang garwa pan sampun binekta / dhateng ing Landhoh desane / Rahaden Mukmin winuwus / ingkang rama dadya paring nami / Raden Tirtakusuma / inggih sampun kabul / Pangeran Tirtakusuma / sampun atut genira palakrami / tan wonten sulayeng karsa.


  3. Datan winarna ing nguni / panembahan pan tungkula denira / pan nenggih saben warsane / mangsa rendheng macul / sabin Guder punika nenggih / kathahnya nem bahu ika / ingkang kangge garap wau / mahesa totor kalihnya / mung punika ingkang damel garap sabin / saking sultan ing Mataram.


  4. Sampun tanem kados adat lami / inggih ugi amragat mahesa / kadamel ingon tiyange / tiyang kang samya dhaut / abanjur rinempahi sabin / sampun adat ing kuna / sabin guder wau / yen tanem Guder kemplang / yen atanem nora nganggo den ingoni / panen suda long-longnya.


  5. Duk semana galeng Guderneki / katanemi anenggih kacang / lanjaran rangkep tiga pananeme / anenggih lanjaranipun / kajeng talok patuwin deling / geng-geng lamun sanawang / saking liya dhusun / kadya ngadegaken rames rumbat / memper baris wernanen pangeran singgih / nagari pasiraman.


  6. Lamun Landhoh pacak baris iki / pan katingal anenggih kang Kudus ika / pan katingal jejer-jejer / kalayan malihipun / panembahan yasa manjat nora permisi / ika jeng pangeran / Kudus / nulya utusan / animbali dhateng panembahan singgih / tan kocap aneng marga.


  7. Gandhek kalih sampun matur aris / inggih dhateng ngarsa panembahan / kula ingutus wiyose / dhateng pangeran Kudus / yen sampeyan dipuntimbali / sareng salampah kula / panembahan muwus / gih gandhek kula atanya / wonten napa kula ngangge den timbali / pangeran pasiraman.


  8. Gandhek matur kula mireng warti / yen sampeyan amacak baris / pan katingal saking Kudus waos ngadeg / supenuh dhawuhipun / pangeran nenggih / sareng kula prapta / tan wonten puniku / puniku kang katingalan / saking Kudus kados tiyang macak baris / panembahan ngandika.


  9. Knaca gandhek inggih bokmanawi / kula nandur ing kacang punika / anggeng-geng pan lanjarane / katingal saking Kudus / kados tiyang amacak baris / gandhek bok dipriksaa / neng sabin puniku / sarta ngundhuh kacangira / gandhek kalih anulya lumampah gupuh / prapta sabin kacangya.


  10. Gandhek kalih eram ningali / samya ngundhuh woh kacang punika / satunggal wit amendhet / satunggil kacangipun / kembali radi pupa pranteni / pikantuk kalih kendhang / gandhek kalih wau / prapta ngarsa panembahan / sami matur kasinggihan gih puniki / sayektos lanjaran kacang.


  11. Panembahan kairit lampahnya iki / dhateng Kudus pan sarwi bekta sakabat / Ketib Trangkil wau namane / anenggih kalihipun / sakarana ingkang tut wingking / tan kocap aneng marga / sampun prapta ing Kudus / pangeran nuju pinarak / panembahan ingacaran sampun linggih / saha atur pranata.


  12. Dipunadhep pra santana neng ngarsi / saha mantri sapunggawanira / supenuh jejel ngarsane / pangeran ngandikarum / jebeng Landhoh kula timbali / kula sampun wuninga / kala wingenipun / macak baris katingalan / saking ngriki waos geng-geng anglangkungi / napa nedya angraman.


  13. Panembahan nulya matur aris / inggih kula tan nedya punapa / eca-eca atetanem / yen mangsa rendheng macul / wedalipun kang kula bukti / amalanjaran kacang / menawi puniku kados waos katingalan / saking ngriki pangeran pamriksaneki / kula datan rumangsa.


  14. Jeng pangeran wuwus saha manis / jebeng Landhoh inggih jeng ngandika / punapa inggih sababe / ayasa masjit iku / jengandika datan permisi / napa tan mireng warta / pasisir sedarum / kang nyepeng adil kula / inggih kula jengandika agegampil / datan lapur manira.


  15. Jengandika kula ukum pati / sabab sira atingkah belasar / tinggal udanegarane / panembahan umatur / pan sumangga ingukum / panembahan sinuguhan / jenang blowok sapengaron kathahneki / kinen wau nedhaa.


  16. Sanes jenang sajatine gamping / panembahan lajeng aparentah / Tib Trangkil nyandhak gupuh / jenang blowok sigra binukti / pangaron dinilatan saking gurehipun / priyayi ingkang tumingal / samya ngungun dhateng sabat Ketib Trangkil / kirang panedhahanira.


  17. Datan dangu wonten rawuh nenggih / panembahan ing Kadilangu ika / putra jeng sultan kalane / rawuh aneng Kudus / jeng pangeran Kudus tumuli /anembah ngaras pada / kedhatengan guru / anulya sami pinarak / panembahan Kadilangu ngandikaris / jebeng Kudus ta sira.


  18. Arep apa kersanira iki / Pangran Kudus alon aturira / jebeng Landhoh ing wiyose / badhe kawula ukum / ukum pati sabab asisip / piyambak nglenggana / tan suminggah ngayun/ lepate sampun kadhadha / damel masjid pan datan permisi / punika sababira.


  19. Panembahan angandika aris / ja mangkono kersa pekenira / ora sapira salahe / kang sarta maning puniku / jebeng Landhoh kapernahi / Sultan Agung Mentaram / Landhoh pernah sepuh / yen ing buri krungu / sultan nora wurung bakal / ambadakalani / sira kang ingsun emban.


  20. Ing becike uga olah wekes / baturira jebeng Landhoh ika / iya salah sawijine / nulya pangeran Kudus / ngatag dhatengi Ki Landhoh nenggih / inggih kenging wakila / Ki Landhoh sabdanya rum / pan wakilipun punika / Ketib Trangkil kinejepan sampun uning / umareg ing sultannya.


  21. Panembahan sigra ngatag nuli / Ketib Trangkil cumaos ing ngarsa / apasrah pati uripe / gya linekasan sampun / tukang tuwek sampun ngawiti / kang erah nyamburat / gandanira arum / nanging taksih erah abang / panembahan ing Landhoh wuwusnya aris / jamak putih rahira.


  22. Datan dangu rah pethak kang mijil / gandanira amrik angambar / sedya eram tingale / wonten rarasan gumun / iku sabat ran Ketib Trangkil / bisa mati sampurna / sampurnane kewuh / pakewuhe dhateng paran / uwis awas marang panggonaning ati / patitising ulihira.


  23. Sampun pejah Ketib Trangkil puniki / layonira inggih gilang-gilang / panembahan lon wuwuse / Ketib Trangkil sireku / kebat sira mulih dhingin / den cuthik ing ecisira / Tib Trangkil sumeprung / layone datan katingal / sampun musna dhawah Pasuruan nenggih / ler kilen Landhoh ika.


  24. Aran kubur makam dawa semangkin gih / punika gancange carita / Tib Trangkil iku kubure / sedaya kang andulu / sami eram dhateng Tib Trangkil / inggih dados penginan / musna layonipun / erahipun saget pethak / sarta ngambar arum wangi amrik wangi / tandha minggah suwarga.


  25. Inggih sampun bibaran mulih / Pangeran Kudus malebeng pura / panembahan ngandikane / kundur ing Kadilangu / panembahan amersapa / besuk bae iya anak putu mami / aja ana babesanan.


  26. Karo turun Kudus dina buri / luhung ngalap ja kongsi dialap / puniku wau purwane / kantos punika wektu / lamun nrajang pesthi bilahi / tan wonten kuwarasan / kang nrajang waler iku / nemahi salah satunggal / yen terkadhang kalih pisan angemasi / iku duk purwanira.


  27. Milanipun kang sami miyarsi / sanak-sanak ingkang amirengna / punika ing sedalane / dipun sami mituhu / mituhoni wawaler dhimin / aja ana sembrana / tan wande tinemu / aluhung den singkirana / ing wewalar amesthi manggih basuki / selamet selaminira.

Pupuh XVII
G a m b u h


  1. Nengena ingkang winuwus / amangsuli carita rumuhun / nalikane panembahan duk rumiyin / dereng lelana anglangut / taksih ing Miyana katon.


  2. Sampun gadhahi putra satunggil / amiyos jaler abagus / ngestanira Rahaden Momok.


  3. Raden Momok inggih sampun / imah-imah tiyang saking dhusun / Pakeringan panggih nak sanak pribadi / garwane kabekta sampun / dhateng Miyana kang enggon.


  4. Raden Momok winuwus / tinimbalan dhateng ramanipun / panembahan utusan nimbali siwi / Raden Momok sampun tumut / garwanya dherek binoyong.


  5. Raden Momok praptanipun / nenggih dhateng dhusun Landhoh kidul / ingkang rama inggih sampun angiringi / griya kalih bagus-bagus / Raden Momok sampun enggon.


  6. Raden Momok puniku / namaning garwa sing andhusun / lajeng nami panenggak peparabneki / Tirtakusuma puniku / inggih ibu putr Cerbon.


  7. Putri saka Mentarum / Raden Ayu Retnajinoliningrum / apan nenggih datan darbeni sasiwi / pinathi tan gadhah turun / sampun takdire Hyang Manon.


  8. Garwa saking Tuban wau / nami Raden Ayu Pandhan Arum / sami ugi inggih datan darbe siwi / sampun takdire Hyang Agung / garwa Tuban lan Mentaos.


  9. Garwa ing Palembang wau / putranipun estri langkung ayu / nanging boten kabekta ing Landhoh singgih / panembahan yen kangen sunu / tinjo mring Plembang mawon.


  10. Putranya wuragilipun / ingkang nama nenggih Raden Kulup / ibu saking Gebanganom ing Semawis / sampun imah-imah wau / garwanipun ayu anom.


  11. Cinekak cariyosipun / panembahan inggih sampun sepuh / sampun kraos badhe wapat roh lan jisim / sampun pinaringan tuduh / yen badhe kondur amanggon.


  12. Warnanen satunggal wektu / panembahan pinarak ing bangsal / putra tiga ngadhep aneng ing ngarsi / garwanipun Raden Ayu / Renajinoli tan adoh.


  13. Raden Ayu Pandhan Arum / inggih ngadeg aneng aneng wingkingipun / Gebanganom angadeg aneng  ing kori / sabet pra samya ing ngayun / sentana pepak dhumaos.


  14. Panembahan alon muwus / sakabehe iya putraningsun / iya lamun besuk sapungkur mami / yen ingsun / uwis asurut aja na tukar werdon.


  15. Karo dulur ingkang rukun / poma-poma aja na tukar padu / lan maninge iya desa Landhoh iki / bakal ingsun dum per telu / kakangmu iya si Momok.


  16. Iya saksanduman iku / kang saduman Tirta Kusumeku / kang saduman iya Kulup kang nampani / Raden Momok alon matur / asanget panuwuningngong.


  17. Rama kawula tan ayun / boten remen kula printah dhusun / tampekaken gih adhiku kalih / Raden Tirta Kusemeku / saha Raden Kulup mawon.


  18. Rama kula namung nuwun / paring idi inggih dhateng ngayun / bang supados kaliyan dunya ing ngriki / ngungkuli sapadha ulun / kang rama ngandika alon.


  19. Sun ingidini sira iku / iya Momok sugiha punjul / angungkuli marang samaning  janmi / katekana panuwunmu / langkung bingah Raden Momok.


  20. Panembahan ngandika rum / mring kang putra Tirta Kusumeku / yen mangkono desa Landhoh ingsun palih / sira ingkang wetan iku / adhimu si Kulup kulon.


  21. Desa kang selawe iku / kang telulas sira kang gadhuh / ingkang rolas adhimu Kulup kang darbeni / amung kacek siji dhusun / sebab kula pring kang anom.


  22. Lan malihe wekasingsun / kelangenaningsun kebo dhungkul / jeng gonmu ngurmati ya ingkang / yen ingsun apa wis surut / gawenen sidhekahe wong.


  23. Yen ingsun / uwis asurut sira kubur kidu; / masjid ingsun singget gedhong gonmu gawe ingkang becik / kabeh ing wasiyatingsun / kumpulna sajrone gedhong.


  24. Kiyai Penamar ngedhug / Kyai Panji iya kudhi sangu / sekar mulihe wis bathokku ra isin / dhesthar wulung payung agung / simpenen sajrone gedhong.


  25. aja na wani sireku / anyimpeni utawa ing anggadhuh / nora nana manira sira idini/ yen ana gawe kang perlu / kena kasilih dianggo.


  26. Poma-poma wekasingsun / aja na kang wani mrajang iku / lamun wania apes ing dina buri / abot sangane tinemu / mung iku pitutur ingong.


  27. Kang putra tiga umatur / gih sandika rama dhawuhipun / sekathahing jeng rama dhawuhneki / kawula inggih mituhu / enget-enget jroning batos.


  28. Anulya bibaran sampun / panembahan lumebet ing dalemipun / ingkang putra bubaran pra sami amulih / wus prapta ing dalemipun / garwa methuk ayu anom.

Pupuh XVIII
S i n o m


  1. Panembahan enjangira pamit dhateng garweneki / tindak dhateng ing Mentaram / sabat kalih atut wingking / tan kocap aneng margi / sakedhap Mentaram rawuh / Sultan Agung pinarak / panembahan cundhuk ngarsi / nulya lenggah ajajar lawan jeng sultan.


  2. Sultan Agung angandika / kiraka wonten punapi / dene teka siyang-siyang / punapa wonten kang ati / inggih anyalawadi / panembahan alon matur / milanya kula sowan / pinanggih sultan mariki / caos atur kawula nedya pamitan.


  3. Ing tembe mangsa panggihnya / temtu sapisan puniki / kula nuwun idi sultan / mantuk ing rahmatolahi / jeng sultan slameta ugi / kula manggiha rahayu / ing ngalam kalanggengan / ingkang boten owah gingsir / mung punika jeng sultan atur kawula.


  4. Saha kaping kalihira / kawula inggih atitip / amung raka jeng paduka / den ayu Retnajinoli / yen kirang tedhaneki / Sultan Agung ingkang kintun / kalih anak kawula / Tirta Kusuma kang nami / mangsaborong jeng sultan sakarsanira.


  5. Sultan Agung angandika / Ingsak Allah robil ngalamin / anulya dhaharan medal / lampat tan awarni-warni / sinuba-suba ngenting / sultan dhateng rakanipun / bakdanipun dhaharan / kang raka nulya kinanthi / dipunajak malebeng ing dalem pura.


  6. Saratri sami raosan / gunem raos ngelmi gaib / warnanen ing enjangira / panembahan sampun pamit / jeng sultan angamini / panembahan tingal sampun / terus dhateng Palembang / panggih putranipun estri / tan antara lami sakedhap prapta Plembang.


  7. Wus panggih sultan Palembang / jeng sultan nuju siniwi / ingacaran sampun lenggah / jeng sultan arum ngandikaris / wonten punapa adhi / napa wonten karyanipun / panembahan aturira / mila kula sowan ngriki / badhe pamit mantuk dhateng Rahmatullah.


  8. Jeng sultan lon muwusira / kula inggih angamini / panembahan aturira / kawula amung atitip / putra sampeyan estri / wayah sampeyan puniku / yen kirang tedhanira / mangsaboronga sang aji / mung punika prelunya gen kula sowan.


  9. Sultan Palembang ngandika / adhi sampun walangarih / putrane estri punika / sampun kula kramakak / pikantuk samya ngriki / apanggih sanak sadulur / putra ing kepatihan / panembahan matur aris / sekalangkung kabeh panuwun kawula.


  10. Panembahan apamitan / pinanggih lan garwaneki / kelayan panggih kang putra / pan sampun pinarak kalih / kang putra angunjungi / kang rama nyebul kang embun / pan sarwi angandika / lah nini sapungkur mami / ingkang atut genira apalakrama.


  11. Paitane wong akrama / amung eling iku nini / idhep mantep marang priya / bekti setiti ing laki / gemi angati-ati / iku nini wekasingsun / tegese eling ika / ja belasar tingkah juti / ingkang eling yen sira winengku priya.


  12. Tegese idhep ta nyawa / idhep yen darbe laki / nyaosi sakarsanira / nadyan kakung remen mring / lakinira sira saosing / nini ngupaya wanudya ayu / saos derapon bingah / kang ati / iya iku gonira loba mring priya.


  13. yen akeh rarobanira / menthi sira den asihi / sira kang kinarya garwa / tinuwa wawrat ing galih / galih trisnaning laki / kadya sinungging ing embun / asih welas marang sira / sabab sira anglegani / sakabehe wong wadon belasar tindak.


  14. Batosa mring lakinira / boten suka kesah tebih / sandhang pangan sampun kirang / besele dipuntuwuki / iku lega tyasneki / abingah mesem gumuyu / iku wadon keparat / pan dudu trahing wong becik / saben dina lakine tan kenging lunga.


  15. Iku sira aja nelat / wong wadon kang kaya iki / nora wurung nemu sasar / yen sira besuk ngemasi / pan ora den aku yekti / marang umat Kangjeng Rasul / umate Dewi Patimah / dinokok neraka benjing / kalajengking kelabang ngantup sedaya.


  16. Yen wadon madhep mring priya / madhep temen maring laki / tan meper karsaning priya / sembarang printahing laki / siyang dalu tan gingsir / anurut printahing kakung / nora suwaleng teng karsa / bingah terus lair batin / yen wong lanang den anggep pangeranira.


  17. Bekti iku tegesira / awedi marang ing laki / yen den kengken lakinira / ingkang bingar ulatneki / kang kebat semu ririh / aja tumindak sugrusu / ana gawe sapira / yen den panggil ingkang laki / nuli enggal tinilar maju ing priya.


  18. Setiti ing tegesira / sebarang darbekting laki / ingon-ingon myang pekakas / saben dina angaweruhi / pitik iwen lawan peksi / kebo jaran bebek wedhus / sapi utawa banyak / aja kurang gone bukti / saben dina gonira atiti priksa.


  19. Tegese gemi punika / gemeni kayaning laki / tegese setiti ika / niteni dhaharing laki / apa sakarsaneki / mubarang klangenanipun / sambele trasi abang / lombok trutul jangan menir / ebi urang petis gerih lalap kacang.


  20. Lan maninge wekas manira / aja clula-clulu nini / celathu marang lakinira / aja grunek jroning ati / aja ngaban-abani / ing sakdhuwur tenggak iku / pan gedhe durakanira / sasat mungsuh mring Hyang Widi / lamun mati besuke ora nemu imam.


  21. Yen nini angesthokena / goningsun mulang puniki / aslamet donya ngakerat / samangsa benjang ngemasi / ngungkuli widadari / pun bapa wani ananggung / mesthi cinadhang-cadhang / marang Hyang Maha Suci / sinung cahya angungkuli widadari.


  22. Agedhe ganjaranira / ana maning iku nini / wong wadon wayuh maring priya / nora esuk nora serik / arukun becik kapti / saben dina runtung-runtung / kang tuwa wruh tuwanya / kang nom weruh nomneki / wus pinasthi cinadhang mungguh suwarga.


  23. Panembahan gening mulang / dhateng putranipun estri / wus telas pamulangira / kang putra matur ngabekti / jeng rama kula amundhi / gih dhawuh sampeyan kaembun / inggih rama idinya / kula pundi rama inggih / kacancang apucuking kawula.


  24. Mugi saget nglampahana / kados dhawuh rama nenggih / kang rama alon ngandika / iya nini sun ideni / muga pinaringa eling / jinurunga sakarepmu / kang putra matur manembah / asanget pamundhi mami / panembahan karsa sare lan kang garwa.


  25. Enjangira panembahan / pamit garwa lan kang siwi / kundur sampun abidhalan / sakedhap netra wus prapti / dhateng Cerbon nagari / sowan dhateng para sepuh / sultan Cerbon pinarak / panembahan prapta ngarsi / sultan Cerbon alon denira ngandika.


  26. Napa sami kaslametan anak / lami boten ngriki / si thole Tirta Kusuma / punapa sami basuki / mila kula sowan ing ngarsa sampeyan.


  27. Kawula badhe pamitan / mangsa panggih-panggih malih / kula nuwun badhe wapat / mantuk ing Rohmatullahi / sultan alon nauri / inggih sakethi jumurung / angamini manira / selametan ing alam gaib / sampun samar kang sinedya ciptanira.


  28. Panembahan apamitan / abudhal lampah lestari / lajeng terus dhateng Mekah / pinanggih Imam Sapingi / Kanapi lan Kambali / Maliki sekawanipun / nulya sami sasalaman / panembahan matur aris / mila kula sowan ing ngarsa sampeyan.


  29. Mangsa saget apanggiha / sowan mriki malih / kantun sapisan punika / kula badhe nuwun pamit / mantuk ajal ngibandi / Imam Sapingi amuwus / Insak Allahutangala / manira inggih ngamini / inggih suka ring Rpbilngalamin.


  30. Anenggih nulya salaman / panembahan sampun pamit / budhal lampahe wus prapta / Miyana dhukuhe lami / Nyai Banjur winarni / kang rayi sigra rinangkul / sarwi alon atanya / neng ngarep adhiku iki / siyang-siyang apa ana karyanira.


  31. Panembahan wuwuse / bok ayu kula apamit / mantuk dhateng ing kamuksan / Nyai Banjur alon nauri / iya Alkamdulillahi / ya dhi apura dosamu / pinaringan iman / iya maring Maha Suci / gonmu mulih marang alam kelanggengan.


  32. Anulya sami dhaharan / bakda dhahar goning pamit / sakedhap netra wus prapta / dhateng Landhoh kidul nenggih / kang garwa methuk sami / aneng pelataranipun / panembahan pinarak / kang putra tiga wus prapti / sami seba dhateng ngarsane kang rama.


  33. Sakabat sekawan ing ngarsa / Kertasana kang satunggil / abdi Praya kalihira / Wonarinda tiganeki / sekawan Praya abdi / sentana aglar supenuh / panembahan ngandika / priyayi printah sujanma dadi / dhuwur ngnukuli sapadha-padha.


  34. Gawa makna loro ika / kang siji makna nagari / lorone ing tegesira / sabara alaku tani / macul sira temeni / aja maro tingalipun / wareg sandhang lan pangan / wong tani iku bekti / amratani iya marang sama-sama.


  35. Nanging yen tani ta sira / aja sira cukeng bengis / jakat pitrah aja ora / yen sira arep becik / kisase jakat iki / samet sade papan iku / aja ta nggango eman kalonge wau kang pari ing / tegese wong eman nora kaduman.


  36. Ginarap apan tan berkat / pari beras nuli enting / mega nora gelem jakat / isih reget durung bersih / dadi akeh kang wani / seluman padha angerbut / tikuse melu mangsa / bubuk bang melu tut wuri / ander munoh melu mangan parenira.


  37. Yen sira nyambut karya / pan namung tigang prakawis / iku sira adhepna / maca macul lawan ngaji / netepi salah siji / nora kurang panganipun / tegese wong amaca / kuwi ta sira temeni / bokmenawa dadi ta sira.


  38. Senadyan nora dadiya / asal ugi wus nglakoni / dadiya carek desa / bisa alus pundhakneki / macul sira temeni / sawah akang amba iku / ta iku ratuning dunya / yen akeh ulihe pari / amalira saben dina aja pegat.


  39. Ngaji sira temenana / supaya dadiya santri / menawa ginanjar bekja / yen mangerti dadi naib / sukur bisa adadi / guru santri wisma dhusun / yen wisma aneng desa / bisa dunga dadi modin / pundhak alus anampani jakat pitrah.


  40. Dadi olih pangasihan / kinarya nikahing rabi / esuk-esuk pinaringan / kaundang tangga kendhuri / ana kang bacut tahlil / oleh berkat lawan bandhul / wong siji patang uwang / tansah sira angingoni / dhateng rabi tuwin anak rayatira.


  41. Lan malih wekas manira / padha gagulanga benjing / pra tingkahe wong agesang / padha alurua ngelmi / ngelmi rasa sejati / wekasan ing pati iku / perlune wong agesang / weruha enggone pati / basa pati petitising pernahira.


  42. Yen ora weruh asira / temah sasar / temah dasar gonmu pati / mulih nora weruh wiswa / dadi semut werjit cacing / sira kang ngati-ati / wong urip iku aperlu / aja angeman dunya / dunya nora karo mati / amung ngelmu rasa kang kena ginawa.


  43. Olih wanudya sapira / yen ora weruh ing elmi / sarta nora gawe amal / iku tambah ngrubedi / tan durung bingena / amurungake ing laku / dunya ginawe amal / dadi sarate wong urip / uripira murakabi sama-sama.


  44. Lanang wadon iya padha / sira ing luru ngelmi / sira salat lakonana / sembahyang wedi Hyang Widi / iku lakune ngelmi / aja tinggal salat iku / salat kajate badan / lamun nora den jakati / isih reget durung suci yen lestri.


  45. Upamane yen wus tuwa / remanipun werni kalih / nganggoa ambeg utama / barang polah kudu becik / beciking sesame / narima ing batinipun / sabar tawekal sira / aja ecak aja serik / abisaa selamet dunya ngakerat.


  46. Angaku turun manira / panembahan sira iki / nora mengerti ing sastra / Jawa Arab nora sami / ora gaguru ngelmi / tandha dudu turuningsun / yen tandha turuningwang / mesthi gegulang ngelmi / nora arsa gagulang tindak maksiyat.


  47. Kang putra tiga (argunya?) / asanget panuwun mami / dhawuhipun kangjeng rama / sayekti kawula pundhi / kacancang rema mami / kangjeng rama dhawuhipun / jeng rama idenana / supados saget nglampahi / ing dhawuh jeng rama sadaya.


  48. Kang rama alon ngandika / dawanira idini / panembahan gerahira / gangsal dinten lamineki / sarwi mulang kang siwi / wus telas pamulangingsun / garwa laman kaputra / siyang dalu datan tebih / anjagani kang rama genira gerah.


  49. Pituwin para sentana / pepakan sami ngadhepi / tan purun sami mantuka / nenggih wau jaler estri / sadaya angladeni / panembahan gerahipun / sampun dhateng takdirnya / dinten Ahad age ugi / sasi Rajab tanggalipun gangsal welas.


  50. Taune Alip nika / sengkalane ingkang warsi / tri rasa angina narendra / panembahan sedaneki / kang garwa sami nangis / putra tiga ting sarenggruk / layon sampun ingangkat / siniraman sampun suci / sinatatan binekta aneng kuburan.


  51. Sakidul (gancit?) pernahnya / panembahan sampun meling / dhateng ingkang putra tiga / gedhonge sampun adadi / ngajeng pinasang nuli / wasiyatnya sampun kumpul / kasimpen gedhong ika / bakdanya bibaran mulih / dalunipun angaji sami tahlilan.


  52. Dugi kawan dasa dina / saben dalu sami tahlil / telas mahesa sedasa / mahesa dhungkul ngesahi / sentana amadosi / mrika-mriki tan pinanggih / lami-lami semana / sewu dina dhungkul prapti / nedha ruwat wus parak genira kajat.

Pupuh XIX
Maskumambang


  1. Sewu dina den Ayu Retno Jinoli / gerah lajeng seda / pinetak aneng Jawi / boten tunggil ingkang raka.


  2. Kenging ukum margi boten darbe siwi / garwa saking Tuban / gerah lajeng angemasi / anenggih lajeng pinetak.


  3. Garwa saking Gebanganom anututi / gerah lajeng seda / garwa tiga wus angemasi / pinetak jawi sedaya.


  4. Putranipun panembahan ingkang kalih / wus nama Pangeran / Raden Tirta Kusumeki / anama Pangeran Tengah.


  5. Raden Kulup Pangeran Dagan kang nami / Raden Momok ika / ingkang sepuh datan apti / jumeneng nama pangeran.


  6. Raden Momok amung dunya den senengi / langkung sugihira / kang wau anuwun idi / dhateng rama panembahan.


  7. Raden Momok pinanggih tan darbe siwi / tanpa turun ika / pan wus karsaning Hyang Widi / datan anggadhahi putra.


  8. Gifh Pangeran Tirta Kusuma winarni / sampun darbe putra / jaler warnanya apekik / Raden Amir namanira.


  9. Raden Amir sampun supit nulya krami / pikantuk Madura / buyut sultan Madureki / den ajeng Ayat namanya.


  10. Raden Amir sampun pinaringan nami / dhateng ingkang rama / Raden Tirta Menggaleki / garwanya angetutena.


  11. Dhateng Landhoh atut gening palakrami / dyan Pangeran Dagan / sampun anggadhahi siwi / jaler warnane apeleg.


  12. Ingkang rama inggih sampun paring nami / Raden Iskak ika / sampun supit nulya krami / pikantuk Semarang.


  13. Anak dulur pernah kapenakaneki / kalyan ibunira / nanging sugih anglangkungi / sudagar ageng Semarang.


  14. Raden Iskak garwanya naminireki / mas ajeng Sulbiyah / nalikanya den boyongi / kathah gening bekta dunya.


  15. Sinjang keling arta perak miwah jeni / sedasa gotongan / sekalajeng asugih / nenggih pangeran punika.


  16. Putra jaler jaler tinumbas dhateng pawestri / lajeng damel bandha / Raden Iskak ngalih nami / Pangeran Natakusuma.


  17. Nengena nenggih wau kang winarni / agenti kocapa / wonten tiyang dagang sapi / kang wisma nagari Wangga.


  18. Lereh Landhoh lereh dhusun Landhoh nenggih / wonten ara-ara / tiyang Wangga Sokawati / ing ngriku lerehanira.


  19. Saking kidul bekta bawang nila werni / winade Juwana / mantukipun bekta trasi / winade dhateng Mataram.


  20. Tiyang Wangga sampun mantuk ping gawani / lembu tigang dasa / lereh ngaran ara-ara nguni / sareng dalu tan wuninga.


  21. Amben cucal cinolong ginigit anjing / enjang arsa bidhal den padosi tan kepanggih / gandhek lereh datan bidhal.


  22. Kepalanya ingkang minangka nglurahi / nami Santawignya / malebet ing Landhoh neggih / asowan Pangeran Tengah.


  23. Sampun prapta aneng ngarsa atur bekti / matur melas arsa / manawi inggih marengi / anenggih karsa sampeyan.


  24. Kula nuwun cucal mahesa sakedhik / satebah kewala / panjangipun kawan kaki / kinarya amben kewala.


  25. Wau dalu emban kula ginigit anjing / milane kawula / nuwun  cucal yen marengi / asanget panuwun kula.


  26. Pangeran Tengah pangandika manis / pundi wisma / ing dhusun apa negari / Santiwignya pernata.


  27. Gih pangeran griya kula ing nagari / nagari ing Wangga / hamba dagang brambang gusti / kula wade ing Juwana.


  28. Mantuk kula inggih bekta gereh trasi / yen nyipeng kawula / salere dhusun puniki / ana arane kang wiyar.


  29. Caket balong ngembekaken lembu gusti / pituwin angguyang / mila hamba kelangeni / pangeran alon ngandika.


  30. Dahateng sabat Praya abdi aneng ngarsi / nuju cucalira / mahesa dhungkul den iris / pan lajeng den paringen.


  31. Abdi Praya amintar sarwi angiris / nuju cucalira / mehesa dhungkul den iris / pan lajeng den paringena.


  32. Dhateng tiyang Wangga sampun den tampani / anulya pamitannya / Pangeran sampun ngilalni / wus mundur saking ing ngarsa.


  33. Santiwignya sampun panggih rencangneki / dhateng ngara-ara / lembu lajeng den momoti / cucal dhungkul ambenira.


  34. Bidhal momot sadaya lembu ing ngarsi / lembu tigang dasa / sadaya dipungenthani / arame suwaranira.


  35. Pating kaleneng gentha wonten ageng alit / selur lampahira / lare angon aningali / arantab samarga-marga.


  36. Datan kocap lampahira aneng margi / sampun prapta wisma / dhateng ing Wangga nagari / kocapa lembu satunggal.


  37. Lajeng ngamuk momotane kocar-kacir / kantun cekathakan / taksih kanthil aneng geger / lembu kadya katempelan.


  38. Mangilen ngaler ngidul ngetan nenggih / binendrong wong kathah / wonten ingkang nyejatani / datan busik wulunira.


  39. Angamuke lembu saya anemeni / nunjang sarta nyundhang / akathah tiyang kang kanin / lembu mlajeng mlebet wana.


  40. tinututan sadaya datan nguntapi / serap wayahira / tiyang sami wangsul mulih / tan kawarna dalunira.


  41. Sareng enjang Santiwignya matur aris / ing bendaranira / Pangeran Wangga winarni / wus prapta aneng ing ngarsa.


  42. Wus umatur awit purwanireng nguni / dumugi wekasan / Santiwignya aturneki / pangeran alon ngandika.


  43. Dhateng demang rangga bekel lan ngabehi / kinen ngupayaa / lembu kang mlebeng wanadri / kang tampi dhawuh dyan mintar.


  44. Samya bekta sanjata pedhang lan keris / kadya nglurug perang / wan dipunkepung nuli / tiyang kathah samya culat.


  45. Lembu kagyat janggirat kirig-kirig / macicile netranya / lajeng nempuh amburoni / binendrong waos sanjata.

Pupuh XX
D u r m a


  1. Pengamuke lembu sangsaya agalak / kathah kang samya ngisis / tan purun nyaketa / ajrih yen dipungondhang / anenggih yen kadi mantri / kang kanin punika / singa pejah ugi.


  2. Wayah asar lembu pan sampun asayah / kengingnya dipunjaring / kabekta mantuk enggal / katur dhateng pangeran / cekathaken taksih kanthil / pangeran dawuhnya / pan kinen bukak aglis.


  3. Gya binukak cekathakanira ika / pangeran dhawuh nuli / dhateng Santiwignya / eh mara sanjataa / Santiwignya nyandhak aglis / senjatanira / lembu kenging ngemasi.


  4. Pangeran Wangga alon denira ngandika / Santiwignya sireki / apa purwanira / pasah sira sanjata / mau binendrong bedhil / nota tumama / kongsi ngabina mimis.


  5. Santiwignya wau alon aturira / kawila kinten gusti / cucal ambenira / kados saget digdaya / gen kula nuwun rumiyin / dhateng Pangeran Tengah / ing Landhoh dalemneki.


  6. Jeng pangeran kinen mendhet kuda / lajeng dipunkalungi / cucul amben punika / lajeng dipun sanjata / kaping gangsal boten busik / kinen anumbak / inggih boten ngemasi.


  7. Dipunpindhah kinalungaken mahesa / binendrong dipunbedhili / pan inggih tan pasah / pangeran dhawuh sigra / cucul lajeng dipunbagi / samerang-merang / anenggih agengneki.


  8. Sampun radin binagi tiyang sawangga / kinarya jimat nenggih / kabuntel ing sinjang / kangge susupe sedaya / wonten kang kinarya sabuk kaulesi / pethak anenggih pundhi-pundhi.


  9. Antarane wonten satengah wulan / katur jeng sultan Mentawis / pirengnya jeng sultan / saking aturira / bala pangeran Wangga tur uning / mring Kanjeng Sultan / Agung inggih Mentawis.


  10. Purwanipun miwiti tekeng wekasan / Sultan Agung nimbali / klayan pamejangan / sekawan kathahira / ingutus mring Landhoh singgih / amundhi nawala / inggih saking sri bupati.


  11. Sultan Agung alon denira ngandika / mantri sira sun tuding / marang Landhoh ika / Pangeran Tirta Kusuma / paringena surat mami / jabaning layang / tutur anak mami.


  12. Lulangira kebo dhungkul lan sungunya / sun pundhut ing Mentawis / sira gawa pisan / sarta kirim manira / ganjaran rong pangadeg iki / pangagemingwang / panringena putra mami.


  13. Wis bidhal saiki becik kinarya / nulya lengser sing ngarsi / sarta mundhi serat / mantri sekawan gya budhal / rewang dharat kalih (dadasi?) / mantri sekawan / pra samya nitih wajik.


  14. Gegancangan lampahira aneng marga / kawan dinten wus prapti / inggih Landhoh desa / Pangeran Tirta Kusuma / semu kaget ingkang galih / wonten caraka / saking Mentaram nagri.


  15. Sami lenggah mantri sakawan punika / Pangeran Tengah aglis / tedhaken ing lenggah / nyakiti gandhek duta / Pangeran Tengah nampeni / kang nawala / enggal pan bika aglis.

Pupuh XXI
S i n o m


  1. Iki pangeran layangewang / teka ramamu Sang aji / Sultan Agung kang kuwasa / Ngabdulrahman Yasayidin / Panata Agama ugi / ingkang ngedhatyan Mentarum / kang mengku Tanah Jawa / kalakengkat ing sabumi / pan telatah pasisir urutira.


  2. Iya puji donganingwang / tumekaa ingkang siwi / Rahaden Tirta Kusuma / satriya anom apekik / ingkang seneng amukim / omah desa Landhoh iki / sawiji tur sembada / tetani panggawe suci / sucinira anyrambahi sakulawarga.


  3. Sawuse puji pandonga / iya ora pa maning / nalika tanggal lima las / lan jrone Sawal kang sasi / sira katekan iki / wong ing Wangga dagang lembu / kang aran Santiwignya / jaluk lulang sira wehi / mung satebah kawan kaki panjangira.


  4. Menawa lega tyasira / lulang sarta sungu ngubiki / ingsun pundhut mring Mantaram / gwakna utusan mami / aja kaliru kaki / kang sun pundhut tulang dhungkul / sarta sangune pisan / poma-poma putra mami / saisihe lulang dhungkul gawakena.


  5. Kajabane iki iya / sira thole sun kirimi / sapangadhege busana / keris sapendhoke iki / dhestar lan kelambi / sangu gedhog sutra alus / kampuh lan jarit amba / epek renda lawan berji / iya iku lorotan agemanira.


  6. Wus titi ponang nawala / tinulis ing Rebo Legi / pan wolu likur tanggalnya / anenggih Sawal kang sasi / apinuju ingkang arsi / anenggih Dal taunipun / sengkalannya kang warsa / kirim blanja ingkang rayi / limang atus pitung dasa pitu ika.


  7. Pangeran Tirta Kusuma / sareng maca ingkang tulis / (sunuk?) neng jroning wardaya / wus kadhadha semuneki / marwata sultan Banten mring / kang rama Sultan Agung / dene paring busana / rong pengadeg agemneki / mila gandhek utusan sinuba-suba.


  8. Pangeran Tirta Kusuma / pra sentana den timbali / tuwin wau ingkang raka / Raden Momok den aturi / Pangeran Tirta kusumeki / sedaya wus prapta ngayun / manggihi mantri duta / ingkang saking ing Mentawis / saben dalu genipun sami jagongan.


  9. Serat saking Mentaram / inggih sampun den wangsuli / ingkang nyerat putranira / Raden Amir sampun wasis / kang rama paring lit / kabeh purwaning kang tembung / memanising bebasan / ngasoraken jiwa ragi / aja kaduk ngegungaken sarira.


  10. Sultan Agung ingkang kwasa / pernah sepuh dhasar sekti / dadi ratu Tanah Jawa / sinembah para bupati / pira-pira wak mami den sruwe marang sang prabu / mulane putraningwang / gonmu nulis ingkang becik / aja kongsi aksara pegat kalimah.


  11. Destun temen yen wong desa / kurang tata kurang titi / nora mangerti sujana / ja kongsi ngisabi-sabi / yen den guyu wong nagari / tandha tedhak saking dhusun / kang putra aturira / kados boten nguciwani / boten benten nalar ngriki lan Mentaram.


  12. Temtu wonten kacekira / ing dhusun klayan nagari / dipunulig saben dina / atanyah tembungireki / bok inggih tiyang nagari / kinen gantheng amalaku / mangsa silih nyandhaka / kalayan tiyang ing desi / nadyan dhusun boten sembarang dhusunnya.


  13. Kang rama alon ngandika / iya bener sira iki / serat sampun tinulisan / sampun dadya gening nulis / katur kang rama aglis / winaca sinukmeng tembung / sadaya tandukira / rakiting aksara titi / sampun leres aksara arayak-rayak.


  14. Dupi enjang seratira / tinampekaken tumuli / dhateng gandhek ing Mentaram / gandhek sampun anampeni / sarta umatur aris / pangeran kawula nuwun / mumpung enjang abidhal / tigang dinten dhateng ngriki / sekalangkung ingajeng rama jeng sultan.


  15. Pangeran Tirta Kusama / pangandikanira aris / inggih sumangga kewala / gandhek lengser sakingarsi / wus bidhal lampahneki / tan kocap aneng marga gung / wus prapta ing Mentarum / Sultan Agung duk siniwi / gandhek cundhuk tumamengarsa narendra.


  16. Sarta wau mundhi serat / ingaturaken sang aji / sang nata sampun atampa / pinejet bunuka aglis / tata titining tulis / menggah ing manising tembung / kangjeng sultan grahita / pan mesem sajroning galih / dene bisa udanagara utama.


  17. Punika serat kawula / mugi konjuk jeng ramaji / Sultan Agung kang kuwasa / Ngabdulrahman ya Sayidin / Panatagama ugi / kang sudibya wibawa gung / kang dalem kitha Mataram / kang mengkoni Tanah Jawi / pra Bupati pasisir takluk sadaya.


  18. Pan mansur ing tanah sabrang / para raja siyam nagri / dene ambek rat Jawi / setya legawa ing tyasneki / digdaya dhasar sekti / kasubing rat Jawi punjul / ber pradhah lila ing dunya / bojakramaning sesami / pra bupati wedi asih suyut samya.


  19. Sampun ing kadya punika / awiyos boten punapi / kawula sampun amundhi / inggih paparing tulis / saking kangjeng rama aji / panjenengan  dalem wau / amundhut cucal lan singat / cucalipun dhungkul nguni / klangenaning kala swargi kangjeng rama.


  20. Jeng Sultan sampun aduka / singatipun dhungkul gusti / inggih sampun telas sadaya / tan kantenan kang bektani / wonten ingkang taksih kidhik / damel badhe jungkat wau / slepen pituwin belabah / jujulipun kantun kidhik / gih punika kang sareng serat punika.


  21. Mugi konjuk kangjeng rama / wiyaripun kalih kaki / panjangnya namung sekawan / sumangga jeng rama aji / kejawinipun malih / kangjeng rama sultan kintun / lorotining busana / asanget pamundhi mami / kang supadhos anyrambahi kulawarga.


  22. Supados anurunana / anak putu buyut mami / dhuwung paringing jeng sultan / kalokengrat ing sabumi / amung punika gusti / unjuk kawula sang prabu / kapundhi ing mastaka / kacancang ing remamami / dunya kerat kawula datan suminggah.


  23. Pan namung bekti kawula / kaunjuk dhateng sang aji / serat saking ingkang putra / Tirta Kusuma kang nami / Landhoh wismanya desi / adipati papa wilangun / narima titah ing Sukma / mugi Hyang Widi ngasihi / embun-embunan printahireng suksmanasa.


  24. Nalinira sinerat / nuju dinten Senen Legi / tanggalnya kaping sakawan / Dulkangidah ingkang sasi / tau dal kang winarni / sengkalanya warsanipun / kali sabrang angin kisma / sampun tamat tembung titi / ingkang sampun kasebut nawala patrah.


  25. Sultan Agung mesem ing tyas / garjiteng jroning galih / nora mambu weton desa / pasanging aksara kita / tembunge memes manis / mendah aneng praja agung / ngungkuli wong Mentaram / nora uman ing pengerti / nadya desa tlitine wong bek sujana.


  26. Sultan Agung angandika / marang mantri catur nenggih / eh mantri sira muliha / mantri sekawan tur bekti / pan lengser sing ngarsi / mantri sekawan wus mantuk / jeng sultan angedhatyan / ingiring parekan selir / ingkang garwa amethukaken den asru.

Pupuh XXII
Kinanthi


  1. Nengena jeng Sultan Agung / agantar ingkang winarni / Santiwignya tiyang Wangga / awangsul mring Landhoh nenggih / anuwun cucal mahesa / panunggilira rumiyin.


  2. Amatur sayektosipun / cucal damel amben sapi / dugi Wangga lajeng meta / binendrong tumbak lan bedhil / lembunipun datan pasah / margi cucal saking ngriki.


  3. Santiwignya matur galur / purwaning kawiting nguni / cucal sampun damel jimat / tiyang sa Wangga gawe radin / walulang kaduman samerang / kadamel jimat pribadi.


  4. Menggah wau hikmahipun / kawula sampun ngayoni / den waos tiyang sedasa / boten busik awak mami / nanging supe panganggenya / sampun nangge sombong iki.


  5. Kang dulu eram sedarum / ature Santiwignya Ki / Pangeran Tirta Kusuma / pangandikanira aris / inggih paman Santiwignya / cucal dhungkul sampun abis.


  6. Kapundhut Jeng Sultan Agung / sapungkure paman nguni / Santiwignya aturira / bok menawi taksih kidhik / balung pituwin teracak / untunya manawi taksih.


  7. Yen taksih cucale dhungkul / wontena sailir alit / kawula ngaturi arta gangsal atus arta ringgit / punika pangeran Wangga / bektani arta mring mami.


  8. Pangeran Tengah gumuyu / daya-daya lamun taksih / kula niki basakena / kados (lengak?) ri busik / boten wuninga ing warta / sampun andika mariki.


  9. Lah inggih dika umatur / mring Surya Kusuma adhi / pangeran ingkang mardika / dalem Wangga ing nagari / yen cucal dhungkul wus telas / Santiwignya angabektani.


  10. Pan inggih kawula nuwun / pamit mantuk mumpung enjing / Pangeran Tengah ngandika / lah paman kula lilani / Santiwignya sampun balik / tan kocap aneng ing margi.


  11. anenggih sapungkuripun / Pangeran Tengah winari / Raden Momok Ketip ngandika / Pangeran Dagan kang rayi / tuwin kang para santana / pangulu ketib myang modin.


  12. Sami papagan sedarum / cucal dhungkul kantuneki / binagi para sentana / balungnya kang den pendhemi / kinen wau andhudhuka / sedaya wetah atasih .


  13. Binage sadherekipun / damel jimat den ulesi / tatiron tiyang ing Wangga / ingkang akathah pribadi / pangeran Tirta Kusuma / sinate datan binagi.


  14. Singat cucal balung untu / damel jimat den blingkahi / boten benten dijayanya / boten pasah tumbak keris / sarta nebihaken godha / gendruwo kebokemali.


  15. Milanya mahesa dhungkul / singat cucal balungneki / akenging damel jimatan / sabab mahesa wus mati / nging nugah ing penembahan / saget gesang kadi nguni.


  16. Pan kadi klangenanipun / panembahan kang suwargi / sedaya pratikelira / dhungkul sampun kadi janmi / kacek boten saget ngucal / pinasthi karsa Hyang Widi.


  17. Akathah lamun cinatur / gancange caritaneki / Raden Momok sampun seda / pinetak sakilen masjid / boten tunggilan kang rama / sampun karsane pribadi.


  18. Warnanen ingkang winuwus / Raden Tirta menggaleki / kalih wau putranira / sami jalu pekik-pekik / ingkang bajeng Raden Rahmat / ingkang raya Raden Sahid.


  19. Kinasiyan kalihipun / dhateng eyang pangeran nenggih / siyang ratri datan pegat / sapurugnya den tut wingking / kang putra dinama-dama / wolung warsi yusawaneki.


  20. Pangeran Dagan winuwus / putranya ingkang winarni / Rahaden Ayu Kusuma / Ki Ageng Banyol wismeki / inggih sampun darbe putra / pepitu kathahnya siwi.


  21. Ingkang bajeng jaler wau / raden Sadat ingkang nami / kang nenem samya wanudya / tan kocaping namineki / salebet seratnya ilang / mila tan kacriteng nami.


  22. Pangeran Tengah cinatur / gerahira sampun lami / kalih dinten sakitira / anulya wau ngemasi / Pangeran Dagan winarna / anuweni raksa singgih.


  23. Gening seda lingsir dalu / dintenipun Kemis Paing / nuju tanggal gangsal welas / wulane Jumadilakir / Jimakir sengkala warsa / watu nendra bale bumi.


  24. Garwa putra nangis sedarum / tuwin wayah sami nangis / pituwin para sentana / sabab ingkang sami asih / pan wus lumampah tiyang palasatra / prayogine den tangisi.


  25. Teka kurang sedhepipun / yen garwa putra ngemasi / lamun nora  tinangisan / rinasan liyaning janmi / wong tuwa dulur palasatra / sami bingah temen iki.


  26. Tur mundhak metengi kubur / yen wong mati den tangisi / malah padha  sukeng tyasnya / duk kalane bayi lahir / wong tuwa dulur abungah / kaurmatanireng entig.


  27. Yaiku umpamenipun / wong mati iku maulih / marang ngalam aor owah / sabab apa den tangisi / marang wismanya pribadya / abakal munggah suwargi.


  28. Mulane wajib maguru / weruh sangkan paran pati / kang patitis ulihira / aja kasasar ing margi / ja kena godha rencana / iku bakal bilaeni.


  29. Pira lawase wong dunung / ora wurung bakal mulih / jaler estri padha-padha / nama Cina Landa Bugis / ora wurung yen palasatra / wajib padha istiyar.


  30. Weruha panggenanipun / kang bakal sira parani / apa baya wernanira / apa ireng ijo putih / apa wungu kuning abang / apa rungkat padhang bersih.


  31. iku uga luwih perlu / aja tungkul dunya iki / aja mati sasar/ mulih nora weruh mergi / dadi kinjeng tanpa soca / mungguh dadi cacing iki.


  32. Yen dadi cacing bengkanglung / dimangsa iwen lan pitik / mulane wong urip padha / elinga penggawe becik / weruha ingkang sinedya / sedya weruh gone pati.


  33. Akathah lamun winuwus / sareng waktu wayah enjing / Pangeran Tirta Kusuma / layone dipunsirami / sampun wau sinalatan / lajeng modin ketip santri.


  34. Amragat mahesanipun kalih totor gih serakit / nalika taksih agesang / sampun dhawuh putraneki / mila totor lawan kala / sampun pasrah ngesthi pati.


  35. Layone binekta sampun / aneng pesareyanneki / sinare wetan kang rama / angangge / gedhong pribadi / ing awit iku kalihnya / ingkang putra anengahi.


  36. Anulya bibaran sampun / kaji santri ingkang ngiring / sami den adhep sadaya / boten pareng lamun mulih / pitung dinten kajatira /  tahlil kawan daranira.


  37. Kang putra pangeran wau / Raden Tirtamenggaleki / anggentosi ingkang rama / Pangeran Wetan kang nami / asuyut para sentana / paprintahan kados lami.


  38. Wus telas ing kajatipun / Pangeran Dagan kang rayi / agerah pan lajeng seda / sami ugi kurmat neki / sabab putrane akaya / Ki Ageng Bogol winarni.


  39. Sinare sakidulipun / aneng pager banon Jawi / margi dhawuhe keng rama / nalika taksih suwargi / gening ngubur Jawi bata / cinataken rameki.


  40. Tan kocap ing kajatipun / agenti ingkang winarni / Pangeran Wetan winarna / kang putra jaler kakalih / Raden Rahmat ingkang utawa / Raden Sahid ingkang rayi.


  41. Raden Rahmat pamit wau / dhateng ingkang rama nenggih / kesah ngaji dhateng Dengmak / kang rama wus anglilani / enjangipun bidhalira / bekta punakawan kalih.


  42. Anjujug griya pangulu / anenggih Demak nagari / Raden Rahmat sampun lama / gening ngaji sampun bangkit / winulang pangulu Demak / yen mangsa pasa winarni.


  43. Dipunkarsakaken darus / aneng daleming bupati / santri tan pareng mantuka / santri pinaringan bukti / asaur nalika pajar / datan pegat saben ratri.


  44. Anulya satunggal wektu / rahaden ayu bupati / kaleres malem Jumuwah / amaos aneng ing Jawi / lumampah dugi pandhapa / wonten murup kang kaeksi.


  45. Den ayu kaget anjumbul / den awasaken tumuli / santri tilem inggalarah / ingkang murub den perpeki / anenggih santri satunggal / sinuwek bebetnya mijil.

Pupuh XXIII
M i j i l


  1. Raden Ayu malebeng jro puri / umatur raka lon / ingkang raka dipun wungokake / adipati sigra wungu aglis / kang garwa pinanggih / metek sukunipun.


  2. Adipati angandika aris / saparan rinengong / ingkang garwa alon ing ature / inggih kula umatur sayekti / kula saking awi / gerah badan ulun.


  3. Wonten murub mencorong kaeksi / ulubipun ijo / kulo ijen pan dugi cakete / santri kathah kang samya guling / inggih mung satunggil / kang kadulu murub.


  4. Kula sawek sinjangnya sakedhik / kalih kilan kados / ingkang raka alon ngandikane / mengko esuk sun prisane iki / endi ingkang ciri / siwek bebetipun.


  5. Adipati amiyos ing Jawi / angandika alon / marang ketip pangandikane / sira ketip modin lawan santri / kabeh aja mulih nganti mengko esuk.


  6. Lurah ketip umatur wotsari / sandika kemawon / adipati malebeng daleme / nulya dhawuh teng kokineki / santri kinen maringi / bukti sami atur.


  7. Kathahipun kalih welas santri / modin pitu kang wong / ketip kalih satunggal lurahe / bakda sahur ketip amrintahi / salabehe santri aja mulih iku.


  8. Padha bareng mulih mring mami / anganti kang dhawuh / adipati iya timbalane / modin santri sandika turneki / warnanen ing ratri / sareng enjangipun.


  9. Adipati amiyos tinangkil / garwa dherek miyos / apan sarwa kekanten astane / ketib modin pan samya ngabekti / alenggah pendhapi / angantos kang dhawuh.


  10. Adipati angandika aris / dhumateng ketip anom eh ta ketip santri pira kehe / ingkang tilem aneng ing pendhapi / iya mau bengi / ketip anom matur.


  11. Santri amung kalih welas gusti / ageng alit anom / modine nem tiga ing ketibe / kapetengen magersari / hamba datan uning / kathah kedhikipun.


  12. Raden ayu angandika aris / iya ketip anom / santri rolas iya kiraba kabeh / sarta mudin kiraba sami / krana mau bengi / akelangan ingsun.


  13. Yasupe ingsun tibeng pendhapi / bokmanawa weruh / ana ingkang jupuk ngumpetake / ketip anom sigra ngadeg aglis / modin lawan santri / akirab sedarum.


  14. Kinen ucul sabuk sedayaneki / kantun bebet mawon / Raden Rahamat ucul sabuke / mingkas-mingkus genira nguculi / batos semu isin / suwek bebetipun.


  15. Tan uninga suweke ing wengi / osikira batos / dipunkinten dipunsuwek rencange / santri kathah manawa ana kang jahil / apanas kang ati / sebab kasihing pangulu.


  16. Raden ayu anjawil dipati / sarwi bisik alon / gih punika kang suwek sinjange / boten samar wau dalu niki / pan kula suluhi / cocog wernanipun.


  17. Dyan dipati angandika aris / iya becik anom / santri siji kuwi gawa mrene / ketip anom sigra nyandhak astanereki / dyan Rahmat kinanthi / umarek ing ngayun.


  18. Angandika den ayu dipati / eh santri sun takon / iya sira ing endi wismane / lawan sapa jenengireki / sapa darbe siwi / ngendi asalipun.


  19. Raden Rahmat umatur ngabekti / kula umatur yektos / nami kula Rahmat wiyose / dhusun Landhoh wisma kula gusti / Tirta Manggaleki / bapak namanipun.


  20. Dyang dipati angandika aris / apa printah uwong / bapakmu apa mlaku gawe / Raden rahmat matur ngabekti / inggih prentah desi / demang Landhoh dhusun.


  21. Den dipati angandika malih / aja lunga adoh / sira ingsun andheng aneng kene / ingsun pundhut anak sireki / yen esuk sira ngaji / omahe pengulu.


  22. Raden Rahmat manembah tur bekti / sumangga kemawon / mung paduka wontena kersane / utusan dhateng Landhoh gusti / aparing udani / inggih bapak ulun.


  23. Angandika rahaden dipati / liya dina ingong / ya utusan ing Landhoh bakale / wus bibaran malebeng jro puri / Raden rahmat nunggil / putra sentana sampun.


  24. Saben dina golong-golong ngaji / ing masjid pangulon / bakda ngaji amantuk kadipaten / putra santana asih / Raden Rahmat nenggih / andhap asor wau.


  25. Datan winursita nguni / wus cariyos / dyan dipati utusan mantrine / dhateng Landhoh sarwi bekta tulis / tan kocaping margi / prapta Landhoh sampun.


  26. Pangeran Wetan Tirta Menggaleki / dyan kaget Wiranom / aningali kuda kathah dipunkinten / utusan Mentawis / nulya den panggihi / mantri Demak cundhuk.


  27. Kang nawala sampun den tampani / mring Raden Wirabom / gya pinijet binula elake / tembungipun arum manis / dasar kadhuk manis / barang solahipun.

Pupuh XXIV
G a m b u h


  1. Assalamungalaekum / warahmatullah wabar katuhu / salam kula katura dhateng adhi / Raden Tirta Menggaleku / Pangeran Wetan ing Landhoh.


  2. Serat saking rakanipun / adipati Demak prajanipun / ajejuluk Patmanagara dipati / anenggih ing wiyosipun / yen pareng eklas ing batos.


  3. Yen seneng kaliyanipun / putranira anenggih puniku Raden Rahmat ingkang taksih ngaji / dhateng griya pangulu / ing Demak kauman enggon.


  4. Badhe kula pendhet mantu / apinantu anak kula wau / bajeng kula Raden Ajeng Rara Kuning / yen tinakdir Hyang Agung / dinadosaken ing jodho.


  5. Nenggih Raden Rahmat putranipun / nenggih sampun tigang taun kula / ajar dhateng kadipaten nulis Jawi / Arap sampun putus / tan wonten ingkang winaos.


  6. Atelas titining tembung / serat ingkang kasebat punika / mugi adhi serimbit samya anggalih / kula nuwun angsul / serat esaning ing batos.


  7. Raden Tirta Menggaleku / sampun tamating pemaosanipun / mlebeng dalem sarwi bangking serat neki / pirembag lan garwanipun / bubukaning cinariyos.


  8. Keng rayi bingah kelangkung / ingkang putra badhe kapendhet mantu / kangjeng Demak inggih dipati / pikantuk semboyanipun / estri wenanireng tanggon.


  9. Karya serat angsul-angsul / sampun dadya pinaringaken wau / dhateng mantri ing Demak sampun tinampi / pun mantri apamit mundur / rinilan budhalnya alon.


  10. Tan kocaping marga agung / sampun prapta ing Demak prajagung / dyan dipati pinuju sawek siniwi / mantri duta sampun cundhuk / mundhi serat wus cumaos.


  11. Serat ingaturaken sampun / gya pinijet pan binuka sampun / serat angsul anenggih saking kang rayi / Raden Tirta Menggaleku / Pangeran Wetan ing Landhoh.


  12. Urmat ingkang taklimipun / serat katuring panjenenganipun / dhateng kangjeng adipati / Patmanagara kang mengku / dalem kitha Demak kaot.


  13. Sampuning kadya puniku / ingkang wiyosing sekathahipun / apan kula inggih sampun anampeni / ijemaning srat sedarum / kang kasebat jro wiraos.


  14. Prakawis pun Rahmat wau / gih sumangga pan dados keranipun / tan rumaos kawula adarbe siwi / mung paduka ingkang gadhuh / sumangga kersa kemawon.


  15. Dadosa ing jodhonipun / ingkang putra Rara Kuning wau / adhatengaken nini-nini / supados sageta lulut / tan wonten suwaleng batos.


  16. Mung punika atur ulun / ing titining serat winuwus anuju / tanggal ping kalih dasa pinarenging sasi / Mulud taun Je ingkang gumantos.


  17. Raden dipati ngedhatun / wus bibaran punggawa sedarum / den dipati dhawuh dhateng garwaneki / critanya bebukanipun / serat wangsulan ing Landhoh.


  18. Den ayu bingah kelangkung / sampun lami dados karsanipun / kang panggalih den ayu karsa yektosi / nalika dalu amurub / aneng pandhapa mancorong.


  19. Nengena ingkang winuwus / nenggih Raden Tirta Menggaleku / Pangran Wetan utusan mring Demak nagri / ngaturi mahesa selangkung / abumbung ulam ing pawon.


  20. Kinarya sugating tamu / lan pituwin kinarya ulam tayup / kangjeng Demak adhawuh kinen nampani / mahesa inggih sekalangkung / ingkang saking besan Landhoh.


  21. Dyan Dipati adhawuha / animbali dhateng ki pangulu / kang ingutus nimbali pangulu prapti / wus prapta aneng ingayun / dyan dipati ngandika alon.


  22. Sira Nursalim pangulu / nikahena iya putraningsun / Rara Kuning iya karo Raden Rahmat mas kawinnya / Kur’an iki / rolas tail emas keton.


  23. Pangulu alon umatur / gih sandika punapa keng dhawuh / Raden Rahmat nulya dipunjanjeni / cinepeng ing astanipun / sineksenan ketib anom.


  24. Bakda ningkah kajatipun / ambengane wali ngatur ngurus / dyan kinepang ketib modin lawan santri / kaji mantri punggawa gung / pra sentana ingkang saos.


  25. Gumerah suwaranipun / ambegane sami dipun kepang / tyas atunggil bandhul nenggih saringgit / lan saptangan sutra alus / sedaya bingah ing batos.


  26. Anulya bibabaran sampun / Raden Rahmat dherek ki penghulu / dhawuhira anenggih raden dipati / wayah asar pinaesan iku / ngangge cara kaji mawon.


  27. Adat cara Demak iku / nenggih cara kaji wau / cara Arab ingkang dipunirib-irib / amrih nyawabana iku / nyawabi sageta tiron.


  28. Sampun asar wayahipun / Raden rahmat binusanan sampun / dhasar santri binusanan cara kaji / kathah samar samya dulu / dhasar sigit bagus anom.


  29. Yen ta sampun abagus / rare dhusun Landhoh pundhut mantu / pan pinilih dipati Demak nagari / eleta sagara gunung / yen jodho sandhing sumaos.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar