English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Kedung Kebo

SEJARAH DIPANEGARA
Bismilah kala tinulis
warsa Alip kan lumampah
Jumadilawal sasine
Julurpujud wukunira
marengi tangal pisan
Buda Pon enjing rinipun
mangsa kalih duk semana.
Sengkalanira ingangit
boqmenawa kaleresan
rehning bodho pujanggane
windunipun windu Setra
ing mangke sengkalanya
catur ing, syaraning ratu
Dyan Dipati karsanira.
Wau Kanjeng Dyan Dipati
anggalih ayasa babad
in tembe kaparinake
dumateng ing putra wayah
buyut tanapi cangah
dadosa pangemut-emut
ing benjang sami ngertiya.
Ing akir kang dereng uning
sedaya samya emuta
gancare eyang lampahe
kalane dherek lampahnya
Kanjeng Gusti Pangeran
Kusumayuda puniku
sakundure Jeng) Pangeran.
Ing mangke Raden Dipati
pilenggah neng Purwareja
ingangkat Kumpeni Gedhe
Tuwan Besar nagari Olan
sarta jinujung drajat
leluhur sing rama Ibu
jumurung sarta nugraha.
Wiwitan dalasan mangkin
Dyan Dipati sampun wirya
wus dumugi sakarsane
ejrah Nabi dipun etung
sewu dwi atus warsa
seket taun tenggakipun
marma aran tanpa sirah.
Sengkala ejrah winarni
tataning netra awarna
sengkala Jawi raose
pandhita wikunng condra
sewu saptatus warsa
seket pitung dasa langkung
tunggal tenggak tanpa sirah.
Ri sampun den-sengkalani
yata wau kawarnaa
nagri Mantaram wiyose
Yugyakarta Adiningrat
Nata dinukan Suksma
dhumateng Yang Maha Agung
sirnane kabekta topan.
ASMARANDANA
Kasmaran samar ing galih
galihe pekir kang nistha
sangking sru sanget papane
kinunjara neng Semarang
mangkya seseming driya
amurwa lelakonipun
Pangeran Dipanagara.
Duk arsa mangun agami
ngrata ing rat tanah Jawi
carita puniku wite
anurun kagunganira
nenggih Mangunsubrata
Mister Jawa kang linuhung
pilenggah nagri Semarang.
Mangunsubrata ingkang wit
denya anurun carita
Babad Dipanegarane
Mas Behi SutanegaraPatih dibya ii) Samarai)
kang kagungan babonipun
Babad srat Dipanegara.
Nalika murwa ing kawi
mangun langening carita
ing Senen Legi wancine
tiga siyang tanggalira
songalikur kang wulan
Rabingulakir kang taun
Alip ing mongsa katiga.
Nuju Pujut wukuneki
sengkalane tanah Jawa
tata lawan) ajaring wong,
Mas Behi Sutanegara
dennya nurun carita
Dyan Dipati langkung wirya
ing negari Purwareja.
Amangke Raden Dipati
pan sampun jinunjung drajat
Kumpeni kang lairake
Tuwan Besar ing Nedherlan
wit sawabing luhurnya
sangking rama miwah Ibu
kasertan takdiring Allah.
Mila ta kangsi samangkin
Dyan Dipati langkung wirya
dumugi barang karsane
ejrah Nabi dipun etang
sirna tasik raningrat
menggah ing sengkala Jawa.
Bumi ardi resi siji
ing mangke amangun kondha
nagri Mentaram kandhane
inggih nagari Nayogya
praja ing tanah Jawa
rikala katekan bendu
sangking Allahu Tangala.
Kasmaran wedharing galih
Dyan Panji Jayasupraja
Undersetan wedanane
Magetan ingkang atmaja
Raden Tumnggung warga
Jayanegara ing dangu
ingkang jumeneng Bupatya.
Arja Winagun nagari
andeling Panaraga
mangke kinunjareng manon
wonten praja ing Semarang
ngriku manggih carita
nalikanira puniku
Pangeran Dipanagara.
Mangun prang neng tanah Jawi
dene ingkang paring kojah
cariteku sadayane
sangking Raden Ali Basah
gih Kerta Pengalasan
ing uni punggawanipun
Pangeran Dipanagara.
Lajeng rinipta ing kawi
rinenggeng sekar macapat
supados rahab kang maos
menggah lepating carita
inggih nuwun aksama
rehning kang marenggeng kidung
meksih lit tan wrin pribadya.
Nalika murwa ing kawi
Mangun langening carita
Ing soma manis wancine
Jam tri siyang nujeng tanggal
Sangalikur kang wulan
Rabingulakir kang taun
Prapalip surya duk katiga.
Julungpujud wukuneki
sengkala Jawi pinetang
tata lawang ajairng wong
kang kinarya purweng kondha
nagari ing Nayugya
anenggih sabakdanipun
Jeng Sultan dibuwang sabrang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar