English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Jayengbaya

Karangan R. Ng. Ronggawarsita
Buku iki dikarang sepisanan nalika panjenengane isih pangkat mantri jajar (pangkat sing paling endhek ing kraton), durung dadi pujangga kraton Surakarta Hadiningrat.

ASMARANDHANA

– 01 –
Kidung kadresaning kapti, yayah nglamong tanpa mangsa, hingan silarja jatine, satata samaptaptinya, raket rakiting ruksa, tahan tumaneming siku, karasuk sakeh kesrakat.

– 02 –
Kaenakaning ngaurip, nora kaya blantik jaran, bisa tegar esuk sore, durung untung wis kepenak, lamun ana bendara, anon jaran kempitanku, wangune rada karenan.

– 03 –
Banjur aku den timbali, “Kakang, Kakang marenea”, jaranmu aku ceceg, saurku gampang kewala, “O, inggih kasinggihan, awis wonten emperipun, kuda kang kadi punika.

– 04 –
Sawise den pariksani, durung nganti takon rega, banjur nganyang dumalodok, limang atus bayar kontan, den entol sawatara, nora suwe mundhak satus, tur iku nganggo nrerepa.

– 05 –
Dasar wis oleh bathi, temene rada kakehan, sun -saosken penganyane, tan asuwe bayar krompyang, ganep nem atus pethak, tanpa ceblek cengklong cundhuk, iya wong bendara mbludag,

– 06 –
Banjur mulih anggawa dhuwit, tetuku kang endah-endah, kang larang-larang kang aneh,
tekan ngomah ropyan-ropyan, ngundangi tangga cedhak, banenku gar-ger gumuyu,
lir perkumpuling punggawa.
– 07 –
Amung melangku sathithik, yen nuju oleh kempitan, jaran bendana myang bandhol,
lagi kepenake nunggang, kaget ana swara, njondhil aku tibeng pungkur, den-slenthik endhasku pecah.
– 08 –
Saliraku adus getih, poloku mili mbelabar, kang weruh ngrubung mung nonton, ah wis moh belantik jaran, jaragan raganingwang, panegar dudu trahipun, angur dadia niyaga.

– 09 –
Lamun nuju sasi becik, bancang-bancang sanak ngundang, matang suku pamanjere,
yen wis tekaning semaya, tekaku aneng papan, den iring rehku gumrudug, labete wong dadi ngarsa.
– 10 –
Pinethuk kang duwe kardi, sawise den suba-suba, sakancaku wareg kabeh, banjur manggon ing pagongan, lungguhku aneng ngarsa, natap gendhing kalaganjur, gumer gumuruh angangkang.
– 11 –
Nuli gendhing gedhe muni, manira angasta rebab, pacakku amenglang-mengleng, menga-mengo sarwi warah, lelagone bremara, angler runtut pangrebabku, tan garantes lir garantang.

– 12 –
Sagunging para priyayi, yayah kerut ing pangraras, obah kabeh sarandhune, ana kang nggeterken asta, tanapi molah jangga, janggilengan monthak-manthuk, munthukku ora karuwan.

– 13 –
Meh tanpa meneng samenit, muni maneh wis karenan, karana sagung suguhe, tan ana kang kuciwa, tukon tike katekan, tekan sajen sajeng sindur, tebok tampah tumpa-tumpa.

– 14 –
Sabubare banjur mulih, bareng bari ronggengira, ngiras main karo ngombe, ngumbar swara turut marga, lakuku geluyuran, anggepku kaya kumendhur, mung kacek tan nganggo srempang.
– 15 –
Atiku seneng kepati, bisa main tanpa beya, biyen-biyen mbok mangkene, awakku uwis kepenak, pan ora kedhungsangan, tur tinut sakeh kancaku, prasasat wis meh madana.

– 16 –
Nanging melangku sathithik, yen nuju kanggo nayuban, nabuhi priyayi akeh, ga ana sawiji ingkang, mbeksa mundhut gendhingan, kang arang kanggo ing tayub, aku rada palingukan,

– 17 –
Dhedhasare aku iki, kabeh gendhing durung bisa, banjur disawat hergelek, mak pres bathukku kang kena, beling tumancep mata, sapandhapa hoter umyung, mung muni : niyaga edan.
– 18 –
Ah wis nora kudu dadi, niyaga lamun kaetang, untunge mung nistha bae, dhuwite cukup sapitrah, yen marengi cilaka, bathine bathukku buncur, mata picak mek-emekan.
– 19 –
Baya ijih enak dadi, topeng tanggon tetanggapan, ngreceh carut cangkeme, dhasar jogetku wis kondhang, kalamun dadi klana, yen kang seneng padha kenyut, nyatane asung meruba.
– 20 –
Rupa dandanan adi-adi, terkadang tur-atur arta, kecukup sakala bae, mulih nopeng katon kapang, pra bedhang padha ngadhang, kang akeh mung bangsa bakul, bakune kang baresetan.
– 21 –
Prapteng panti durung nganti, nggaleyeh banjur binayang, kumroyok rebut pijete, tan nganggo gigu reh agal, anggepku lir kaunggar, sengga anggoning aluhung, nanging kang dadi sumelang
– 22 –
Saupama aku lagi, dadi Klana Sewandana, duk kirab gendhinge gebyog, jogedku ajanggilengan, galak ulat njalalat, siyut prog tibaning kepruk, topengku angemprak-emprak.
– 23 –
Prapteng rai rahku mili, lir lilin lembau abang, bengep praenku kabeh, iba ta wirangku mana, bareng ingsun waspada, yen parang rusak anganjur, ngunyeri mata astanya.
Padha 24 lan 25 boten wonten
– 26 –
Salin bae enak dadi, dhedhalange wayang purwa, pacake rada mandhireng, dhiriku oleh panguja, uger uwis kaojat, yen Jayengbaya pinunjul, tutuking carita purwa.
– 27 –
Nanging ewuhku sathithik, melange wong dadi dhalang, upama nuju capgomeh, ditanggap aneng Pacinan, aku lagi karipan, pamayangku karo ngantuk, kang nonton tan pati rena.
– 28 –
Dhasar ndugal imbuh baring, kelirku binalang tinja, nyiprati mring rai kabeh, daya tai enaka, patute tai lara, katara atungtung wengur, isinku ora karuwan.
– 29 –
Nora sotah nora sotir, kapengin drajating dhalang, tur durung ana luwange, wong oleh pangkat pratiwa, katrima nggone ndhalang, dadi botoh bae ingsun, sok tanpa sepen pawitan.
– 30 –
Belayangan saben ari, nora mikir marang rupa, yen kober mung raup bae, lan nora ngadi busana, uger ganep kewala, gothanga meksa kapuwung, yen uga kepering nggennya.
– 31 –
kaya ta timang myang keris, nora dadi saru apa, anggere wis pawitane, sarate gampang kewala, mung ngawasi wetara, lire yen awangun kojur, ngundur-undur sukur mijan,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar