English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Memayu Hayuningrat

Anyambet wartane Ki Jaka Lodhang
Sakeng pujangga wreda kang wis kundur ing alam kelanggengan
Sigra paring dhawuh mring sang pujangga taruno
Kinen nyambung pawarto kang kapunggeling yuswo
Hangripto lumakuning sujarah nagri
Kang kasebat Nuswantoro Dwipo.
Ing ri kalenggahan puniki
Nusa jawi taksih kalimput pedhut lelimengan
Awit ulahing jalmo kang anilar toto sujarah
Lali marang sangkan paraning titah
Tan eling marang pituwah leluhur jawi
Kang wonten mung jawi jawan.

Panggrahitaning sang pujangga mudho
Kang prapto soko telenging pandulu
Bakal ono dahuru projo
Ono kukus kumendheng ananging dudu kukusing hardi
Semut sami anjarah ruyah gulo sakthemlik
Dene sami kathah reraton sato gereng ginereng
Nuso jawi soyo gonjang ganjing.

Pituture sang pujonggo marang sesami
Lamun pengen kalis gesangiro lan sumramabahing keluarga
Ojo pegat marang kawaspadan lan kaprayitnan
Gegondelan teken kang sejati
Yoiku Tatag tangguh tumanggon
Orang keno darbe melik meri meliking liyan
Patrapno moto siji yoiku mung bener kang pener.

Sopo wae kang gesangipun
Demen cidro tumrap jagad lan sesami
Mesthi yekti bakal nemahi
Awit saka ciptane sang pujonggo
Meniko kang sinebat jaman cokro manggilingan
Mebenging cokro tan kendhat kinendhat
Amargo wus dadi kersaning bethoro
Sopo nandhur mesthi bakal ngundhuh patrape.

Genti ingkang winursito kacarito
Kang aran Satriyo Pinandito Sinisihan Wahyu
Sampun Lumengser mandhap sangking puncaking Argo kawruh
Argo meniko gunung, sipating gunung inggih hinggil lan wingit
Dene Kawruh meniko kaparingan weruh
Sampun bontos anggenipun nggegulang ngelmu skeng Sang Guru Nadi
Sumadyo nglurug tanpo bolo, menang tanpo ngasorake, sekti tanpo aji
Asenjoto pusoko jawi
Kang aran Sastro Jendro Hayu Ningrat Pangruwating Diyu
Dene busananing Aji
Jubah kramat Muhammad Rosul Sejati.

Pancen sampun kersaningipun Hyang Widhi
Ananing Satriyo luhur nanging anandhang wirang
Ugi kaparingan Sasmitaning Gaib
Winastan Ngelmu Jabaring Warono Jati
Nedyo Ngupadi Lenggahipun
Sang Satriyo Pinandhito Sinisihan Wahyu.

Sang Santriyo wirang sejatinipun
Titisan Hyang Manik Maya
Kang rinegem ing astanipun
Ngelmu Kasampurnan Jati
Nedyo dinuto dening Gusti
Ngemong praptane Satriyo Pinandhito Sinisihan Wahyu
Lamun cinondro candrane
Lir Sang Bagaskoro sinanandingan Hyang Chondro Purnomo Sidhi.

Minongko gelising cerito
Satriyo kekalih sampun pinanggih
Wonten satunggaling papan kang sinebat
Kahyangan Indro kilo
Senajanto benten papan nanging yektos satunggal panggenan
Arsa sami wawan pangandikan
Munggwing toto reh ambangun projo.

Pungkasaning atur Ki Pujonggo Taruno
Ngasto bebener pinongko hidayah
Kinen ndupak liliping jagad
Memayu hayuning buwono
Sumurup Jatining Dewo
Sun Suwun Marang Gusti Kang Akaryo Jagad
Katondho sengkalan KORI LANGIT BINUKO ING NETRO
Praptanyo owah gingsiring jaman anyar
Tanah jowo nuswantoro den ratoni
Satriyo kang waspodo ing tingal
Pepatih patih utomo
Titisane Ki Bodronoyo
Ciptaning galih sang pujonggo, kabeh beboyo lan sambekolo
Samyo ngemasi dhewe-dhewe
Bumi Langit sak eko proyo
Sabiyantu marang kridhane Satrio Kembar
Kang bakal Memayu Hayuningrat Nuswantoro.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar