Senin, 19 April 2010

Serat Rengganis

Serat Rengganis iku sawijining karya sastra ing basa Jawa Anyar. Karya sastra iki asalé saka tradhisi Islam-Jawa lan kalebu kelompok tèks Serat Ménak lan bisa digolongaké Sastra Jawa Pasisir. Carita iki naté populèr banget, ora mung ing Tanah Jawa nanging uga ing saubengé yaiku Tatar Sundha, Madura, Bali, lan Lombok. Rengganis iku arané sawijining putri sing ayu banget lan sawisé pacoban akèh wusanané dadi garwané putrané Amir Ambyah (utawa Amir Hamzah) sing diarani Iman Sumantri. Iman Sumantri uga diarani mawa dasanama Repatmaja, Pangéran Kélan utawa Bangjaran Sari.
Ana sawijining pandhita tapa anèng Gunung Argapura; sang pandhita wau kala mbiyèn dumeneng nata ing nagara Jaminèran. Bareng kagungan putra-putri siji, kaparingan nama Dèwi Rengganis; ora suwé garwané séda, sang prabu banjur tilar kaprabon.
Dèwi Rengganis diopèni ramané dhéwé anèng patapan. Labet putraning pandhita, sang dèwi cilik mula wis seneng tapa; sing didahar namung sarana nesep maduning kembang-kembang, amula ya sekti banget, bisa mabur.
Pangéran Kela sing uga diarani sang Repatmaja, wis krama olèh putri ing Jamintoran, nama Dèwi Julusul-asikin, nanging ora kersa atut. Sang Radèn gawéyané mung lèrèn ameng-amengan waé ing patamanané sing diarani Banjaran-sari.
Ing sawijiing wanci, Dèwi Rengganis ameng-amengan menyang patamanan wau, methik kembang, maduné didahar, banjur lunga manèh. Pangéran Kélan nampa lapuran yèn kembang-kembang ing taman kerep ilang; sing njupuk bareng ditiliki wusanané ketemu yaiku Dèwi Rengganis. Banjur sang Radèn dadi gandrung kédanan lan Dèwi Rengganis dirayu supaya gelema dirabi. Nanging Dèwi Rengganis ora gelem. Gelemé yèn dimaru karo putri ing Mukadam sing anama Dèwi Kadarmanik. Dèwi Rengganis dhéwé kerep banget bola-bali mara ing taman wau nanging ora ana sing weruh kejaba Pangéran Kélan dhéwé.
Amula menawa sang Pangéran pinuju ngungrum, dikira gerah éwuh déning para nyai sing padha ngladèni.
Wong-Agung krungu yèn Pangéran Kélan gerah, tur ora seneng nekani Dèwi Julusul-asikin, banjur dhawuh mboyong sang Pangéran sagarwa menyang kedhaton. Gerahé Pangéran Kélan saya nglayung; diaturi atut karo sang garwa, ora kersa.
Dèwi Rengganis bali manèh; Pangéran Kélan mapagaké, ngungrum; wong-wong padha bingung, sang Radèn dikira kumat. Namung meneng waé yèn Dèwi Rengganis wis mulih manèh; sang Pangéran dijak sowan sang rama marang ing patapan Argapura. Dèwi Rengganis mabur, sang Radèn gondhèlan sampur, tekan ing patapan sang Radèn banjur marek nungkul ing sang Pandhita.
Ing karatoné Wong-Agung gègèr déning ilangé sang Pangéran Kélan. Umarmaya kadhawuhan nggolèki. Umarmaya takon marang sang pandhita anama Sèh Dul Kurès, dicaritani nggoné Pangéran Kélan, nanging sang Umarmaya ora seneng nusul; kadhawuhan terus waé, teka ing negara Mukadam.
Awit prabu Nurséwan ana nèng kana, njaluk sraya marang ratu Mukadam. Malah Dèwi Kadarmanik wis kadaupaké karo Radèn Hirman, putrané prabu Medayin; nanging sang putri ora kersa atut.
Bala ing Mukadam iku béda wong; balané reca wesi sing bisa kaparéntah perang; nudjumé sing juru mrentah prajurit reca wau nama sang Majusi. Sang Majusi wis weruh yèn arep ana maling nelik (sang Umarmaya), amula dhawuh supaya prayitna.
Umarmaja teka, masang sirep, nanging ora tumama, malah ngantuk dhéwé, wusana turu. Kasangé kacanthèlaken ana ing pucuking wit-witan. Umarmaya didhekep déning bala Mukadam, dijaga lan banjur dilebokaké ing sumur wisa.
Ing Mukadam banjur pésta seneng-senengan.
Dewi Kadarmanik susah banget, ngarep-arep rawuhé mitra lan guruné, ya iku Dèwi Rengganis. Sang Kadarmanik wis ngrasuk agama Islam. Dèwi Rengganis rawuh karo Pangéran Kélan, nanging sang Radèn ditinggal anèng jaba.
Dèwi Kadarmanik nangis merga ora seneng karo sang Hirman. Bareng Dèwi Kadarmanik dirapu déning Dèwi Rengganis, banjur saré. Dèwi Rengganis metu, Pangéran Kélan diaturi mlebu ganti, tunggal saré karo Dèwi Kadarmanik. Sang Dèwi kagèt, déné sandhingan wong lanang; sang Radèn ngendika yèn panjenengané iku Dèwi Rengganis malih dadi lanang, nanging sang Kadarmanik isih kedhih-kedhih. Bareng sang Dèwi meksa durung bisa tutut, sang Pangéran metu. Ésuké kondur menyang Argapura karo Dèwi Rengganis.
Ing pendapa kraton para pangageng isih padha pésta seneng-seneng. Radèn Hirman, wis mendhem, mlebu kedhaton murugi Dèwi Kadarmanik. Sang Dèwi tutup kori; para parekan abdi dalem padha mlayu, gila. Ana inya sing matur marang Radèn Hirman, yèn Dèwi Kadarmanik semadi. Radèn Hirman bengak-bengok ngungrum saka jaba, banjur lunga karo bekah-bekih.
Dewi Kadarmanik ngarep-arep rrawuhé Dèwi Rengganis. Dèwi Rengganis, bener rawuh karo Pangéran Kélan; sang Dèwi meneng ana ing jaba. Pangéran Kélan sing mlebu, dikira Dèwi Rengganis awarna lanang. Solah-tingkahé wong lanang-wadon ana ing kamar, nanging sang Pangéran Kélan emoh ngrusak pagering kasusilan, banjur metu. Ora suwé Dèwi Rengganis mlebu. Sang Kadarmanik seneng déné Dèwi Rengganis wis awarna putri manèh. Bareng Dèwi Rengganis wis walèh olèhé nggawé sulapan, Dèwi Kadarmanik didhawuhi krama olèh Pangéran Kélan. Bab Radèn Hirman temtu arepa ana wusanané.
Raden Hirman teka manèh, wis wuru banget bengak-bengok njaluk dipethokaké. Dèwi Rengganis api-api dadi Dèwi Kadarmanik matur marang Radèn Hirman, yèn durung bisa ngladèni. Sang Hirman mundhur kanthi gelaning panggalih. Dèwi Rengganis bali mlebu karo Pangéran Kélan; bab krama banjur dirembung terang-terangan.
Wong-Agung ngendikan bab ilangé Pangéran Kélan lan bab sédané Radèn Umarmaya. Radèn Maktal ngaturaké katrangan panjang lébar. Bala ing Arab dirakit arep nglurug marang Mukadam.
Prabu Nurséwan ngandika marang raja Mukadam, yèn wis giris banget marang tindaké Wong-Agung ; prabu Mukadam ora patiya preduli. Bala Mukadam ya wis katata arep mapag perang bala Arab. Bala raya wis karakit, banjur campuh perang karo bala Arab. Bala Arab kaseser.
Radèn Umarmaya ana ing sajroning sumur wisa, ngarep-arep pitulungan saka Pangéran Kélan. Pangéran Kélan, Dèwi Rĕngganis lan Dèwi Kadarmanik isih kumpul, kerungu wirasaning wong bab kahanané Radèn Umarmaya ana ing sumur wisa. Pangéran Kélan lan Dèwi Rengganis murugi marang panggonané sang Umarmaya, banjur dijampèni lan diwetokaké saka sumur wisa, terus padha mara menyang negara Mukadam. Kasangé wis dijupuk manèh.
Wong-Agung ngarep-arep tekané sang Umarmaya, awit Wong-Agung kerasa yèn sang Umarmaya durung séda. Raja Mukadam lan Prabu Nurséwan padha pésta gedhèn-gedhènan amerga bala Arab wis rusak.
Radèn Umarmaya karo Dèwi Rengganis karo Pangéran Kélan wis padha ngumpul karo Wong-Agung, lagi ngrembug rusaking bala. Dèwi Rengganis matur yèn wadhah banyu kauripan darbéné sang Majusi kudu direbut dhisik; awit yèn iku isih, bala reca ora bisa rusak. Ing nalika iku bala Arab sing lara wis padha waras manèh. Gamelan wis padha muni. Prabu Nurséwan kerungu gamelan ing pasanggrahané Wong-Agung, miris banget ; ngira yèn sang Umarmaya wis bali. Raja Mukadam ngrapu marang Raja Nurséwan, ngendika yèn sang Umarmaya wis mati.
Bala Arab wis tumata manèh. Sang Umarmaya ngagem kopyah pusaka, ora katon wong, banjur nekani dunungé sang Majusi karo Dèwi Rengganis. Sang Majusi kédanan Dèwi Rengganis. Dèwi Rengganis gelem ngladèni yèn diwènèhi banyu panguripan sawadhahé. Wadhah banyu diwènèhaké nanging banjur dipecah déning sang Umarmaya, banyuné mowat-mawut. Kasaktèné sang Majusi iya ilang babar-pisan. Sang Majusi banjur kapikut, dibanda. Sang Majusi wis dipenjara, bala Arab mungsuh bebarengan. Bala reca rusak babar pisan. Raja Mukadam lan prabu Nurséwan mlebu ing kutha, tutup kori.
Kocapa putri China, anama sang Widaninggar, seduluré putri China sang Adaninggar, sing séla perang kaliyan Dèwi Kélaswara. Sang Widaninggar sumedya males ukum sédané Dèwi Adaninggar teka Pangéran Kélan, putrané Dèwi Kélaswara. Sang Widaninggar, didhèrèkaké prajurit wadon, mangkat nglurug, arep ngwèhi bantu marang raja ing Mukadam. Sang Widaninggar kagungan guru, nama sang Widaningrum, putrané putri sang Ijajil. Sang Widaningrum wau, sing maringi praboté perang marang sang Widaninggar, kaya ta jaran sing bisa mabur, lan bala jim kapir.
Bareng putri China wis tekan ing Mukadam, prabu Nursèwan lan prabu Mukadam begrak manèh. Perang wis wiwit manèh; Pangéran Kélan maju nglawan putri China, mèh kalah banjur ditulungi déning Dèwi Rengganis.
Putri China rembugan karo sang Widaningrum bab olèhé arep mungsuh prang manèh; Sang Widaningrum disungga-sungga banget.
Pangéran Kélan rembugan karo Dèwi Rengganis lan Dèwi Kadarmanik bab perangé. Sang Radèn ora uninga yèn mungsuhé iku wong wadon. Sang Widaningrum ing wanci bengi nyolong kasangé sang Umarmaya diparingaké marang putri China, sarwa celathu: “Saiki aja sumelang”.
Sailangé kasangé sang Umarmaya, wong Arab padha bingung. Dèwi Rengganis saguh nemoni kasang. Bareng wis campuh perang manèh, Dèwi Rengganis mungsuh sang Widaninggar; sang Widaninggar kalah; sang Widaningrum maju perang, Dèwi Rengganis kalah lan wadya-bala Arab sangsaya rusak. Wong-Agung tansah nyenyuwun pitulungan ing Pangéran. Dèwi Rengganis isin banget déné ora bisa ngentasi gawé; sang Dèwi mlayu marang patapané sang rama, banjur didhawuhi supaya nyuwun tulung marang Dèwi Kuraisin. Dèwi Rengganis mabur marang ing Ajrak.
Dèwi Kuraisin kerasa panggalihé yèn sang rama lagi ana susah, banjur utusan sang paman sang ra-Dasatir nuwèni Wong Agung.
Dèwi Rengganis tekan ing Ajrak, bareng ketemu Dèwi Kuraisin banjur cepet-cepetan mangkat ngréwangi didhèrèkaké bala jim Selam. Wong-Agung tansah prihatin, pasanggrahané dikupengi maju-pat. Dèwi Kuraisin, Dèwi Rengganis lan sang ra-Dasatir mara teka, lan perang. Mungsuhé ajur, sang Widaninggar séda; sang Widaningrum kabanda banjur dibuncang adoh. Prabu Nursèwan mlayu.
Dèwi Kuraisin lan Dèwi Rengganis padha sowan marang sang rama, Wong-Agung. Wadya-bala China wadon patangpuluh padha teluk mlebu ngrasuk agama Islam. Kasangé sang Umarmaya wis ketemu manèh. Ratu ing Mukadam uga teluk lan mlebu agama Islam. Dèwi Kuraisin mulih marang Ajrak. Pangéran Kélan tenan dhaup karo Dèwi Rengganis lan Dèwi Kadarmanik. Prabu Nurséwan banjur mlayu marang Nuswantara njaluk tulung marang prabu Kendhit Birayung.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar