Senin, 19 April 2010

Kidung Puji Hayu Indonesia

Kidungan Puji Hayu Indonesia
A. Pambuka
Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare :
Kang kinitha lelaguning gendhing,
Sarayuda pambukaning sekar,
Dhandhanggula turu lare,
Binarung ing swara rum,
Ruming raras kang milangoni,

Wiramane lancaran,
Mung kinarya gecul,
Pepathete nora oncat,
Wus kacakup cakepane datan cicir,
Lir-ilir gumregaha.
Katampi Tembang Ilir-Ilir :
Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodotira
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Domana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya suraka .. Surak iyo
Kidung Suksmawedha
(Dhandhanggula)
Ana kidung hakembang hartati, sapa weruh reke
araningwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng
gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping
tiga, Artadaya tengsun, araningsun duk jajaka, Ki
Artati mangke araningsun ngalih, sapa weruh
araningwang.
Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke
Artadaya, tunggal pancer lan uripe, sapa wruh ing
panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad,
kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den
tutug padha sawengi, adoh panggawe ala.
Lawan rineksa dening Hyang Widdhi, sakarsanya tinekan
dening Hyang, rineksa ing janma kabeh, kang maca kang
angrungu, kang anurat myang kang animpeni, yen ora
bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen
linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.
Kang sinedya tinekan Hyang Widdhi, kang kinarsan
dumadakan kena, tur sinihan Pangerane, nadyan tan
weruh iku, lamun nedya muja semedi, sesaji ing sagara,
dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati
swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.
Somahira ingaran Penjari, melu urip lawan melu pejah,
tan pisah ing saparane, paripurna satuhu, anirmala
waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun,
ajujuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng
Artati, anom tan kena tuwa.
Panunggale kawula lan Gusti, Nilaening arane duk
gesang, duk mati nilar arane, lan suksma ngumbreku,
ing asmara mongraga yekti, durung duwe peparab, duk
rarene iku, awayah bisa dolanan, aran Sang Hyang Jati
iya Sang Artati, yeku sang Artadaya.
Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan
wisa, marma Artadaya rane, duk lagya aneng gunung,
ngalih aran Asmarajati, wayah tumekeng tuwa, emut
ibunipun, Ni Panjari lunga ngetan, Ki Artati nurut
gigiring Merapi, anulya mring Sundara (Sindara).
Kidung Darmawedha
(Dhandhanggula)
Ana Pandhita akarya wangsit, mindha kumbang angajab
ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing
kangkung, wekasane langit jaladri, isining wuluh
wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul
anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma
njrah ing tawang.
Ngambil banyu apikulan warih, amek geni sarwi
adedamar, kodhok ngemuli lenge, miwah kang banyu
dikum, myang dhahana murub kabesmi, bumi pinethak
ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen
anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing
pandhengan.
Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat,
agodhong mega rumembe, apradhapa kukuwung, kembang
lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya
lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucuk akasa
bungkah pratiwi, oyode bayu bajra.
Wiwitane duk anemu candhi, gegedhongan miwah
wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma
kang wruh, yen weruha purwane dadi, candhi sagara
wetan, ingobar karuhun, kayangane Sang Hyang Tunggal,
sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing
lawang.
Gunung Agung sagara Serandhil, langit ingkang amengku
buwana, kawruhana ing artine, gunung sagara umum,
guntur sirna amengku bumi, rug kang langit buwana,
dadiya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama
ing gunung agung sabumi, candhi-candhi sagara.
Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama,
pan sampun kawruhan reke, Artadaya puniku, datan kena
cinakreng budi, nanging kang sampun prapta, ing
kuwasanipun, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor
kidul ngandhap lan nginggil, kapurba kawisesa.
Bumi sagara gunung myang kali, sagunging kang isining
bawana, kasor ing Artadayane, segara sat kang gunung,
guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Artadaya,
dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen
lelungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.
Jim peri prayangan padha wedi, mendhak asih sakehing
drubiksa, rumeksa siyang dalune, singa anempuh lumpuh,
tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja,
kabeh pan linebur, sakehing kang nedya ala, larut
sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.
Siyang dalu rineksa ing Widdhi, dinulur saking karseng
Hyang Suksma, kaidhep ing janma kabeh, aran wikuning
wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira,
mangunah linuhung, paparab Hyang Tegalana, kang
asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalis ing pancabaya.
Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani
ngambah, rineksa malaekate, nabi wali angepung, sakeh
lara padha sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang
awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis laknat
sato mara-mara mati, tumpes tapis sadaya.
*
Kidung Reksawedha (Suluk Plencung)
(Sinom)
Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang
rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung
sawabe ugi, yen apal sedayanipun, kena ginawe tulak,
kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi
tawa.
Kang kariyin ing bang wetan, Durganeluh Maospait,
lawan Raja Baureksa, sami ratuning dhedhemit,
Blambangan kang jagi, awasta Sang Bala Batu, Buta
Locaya ika, kang rumeksa ing Kedhiri, Prabu Jaksa kang
rumeksa Giripura.
Sida Kare ing Pacitan, Kedhuwang si Klenthing Mungil,
Endra Yaksa ing Magetan, Jenggala ing Tunjungpuri,
Prangmuka Surabanggi, ing Panggung si Abur-Abur, Sapu
Jagad ing Jipang, Madiun sang Kala Sekti, pan si Korep
lelembut ing Panaraga.
Singa Barong Jagaraga, Majenang Trenggiling Wesi,
Macan Guguh ing Grobogan, Kala Johar Singasari,
Srengat si Baru Kuping, ing Blitar si Kala Kathung,
Buta Krodha ing Rawa, Kalangbret si Sekar Gambir, Caru
Bawor kang rumeksa ing Lamongan.
Gurnita ing Puspa Laya, si Lengkur ing Tilam Putih, si
Lancuk aneng Balora, Gambiran sang Kala Durgi, Kedhung
Gedhe ni Jenggi, ing Batang si Klewer iku, Lasem Kala
Prahara, Sidayu si Dhandhang Murti, Wida Langking ing
Candhi kahyanganira.
Semarang Barat Katiga, Pekalongan Guntur Geni,
Pemalang Ki Sembung Yuda, Suwarda ing Sokawati, ing
Tandhes Nyai Ragil, Jaya Lelana ing Suruh, Buta
Trenggiling Tanggal, ing Kendhal si Gunting Geni,
Kaliwungu Gutu Kapi kang rumeksa.
Gegelang si Somaita, Dhadhung Awuk Brebes nenggih, ing
Pajang Buta Salewah, Monda-Monda ing Mentawis, Palered
Rajek Wesi Kuthagedhe Nyai Panggung, Pragota
Kartasura, Cirebon Setan Kaberi, Juru Taman ingkang
aneng Tegal Layang.
Genawati ing Siluman, Kemandhang Waringinputih, si
Kareteg Pajajaran, Sapu Regel ing Batawi, Warusuli
Waringin, ingkang aneng gunung Agung, Kalekah
Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang
aneng Tunjungbang.
Setan Kowak aneng Sendhang, Pamasuhan Sapu Angin,
Kresna (Sonod) Pada ing Rangkudan, Pandhan Sari ing
Tarisig, kang aneng Wanagiri, Malang Karsa namanipun,
Sawahan Ki Sandhungan, Pelabuhan Duduk Warih, Buta
Tukang ingkang aneng Pelayangan.
Rara Amis aneng Tawang, ing Tidhar si Kala Sekti, Madu
Retna ing Sundara, Jalela ing redi Sumbing,
Ngungrungan Sidamukti, Terapa ardi Merbabu, si Bangsan
ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi
Kendheng kang den reksa.
Sunan Lawu Ngargapura, ing Bayat Ki Malang Gati,
Kalanadhah ing Toyamas, Segaluh aran si Rendhil,
Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng Lowanu, gunung Duk
Geniyara, mBok Bereng Prang Tritis, Dremba Moha
ingkang aneng Purbalingga.
Ing Karangbolong si Kreta, si Belen ing Banarawi, ing
Jenu si Karung Kala, ing Penging Banjaransari, Dhung
Winong Andonsari, Pagelen Ki Candra Latu, ardi
Kendhalisada, Kethek Putih kang nenggani, Buta Glemboh
ing Gajah kahyanganira.
Rara Dhenok aneng Demak, si Bathithit aneng Tubin,
Juwal Pasat ing Talsanga, ing Tremas Kujang nenggani,
Trenggalek Nyai Kuring, si Kuncung Cemarasewu, Kala
Dhadhung Benthongan, si Asmara aneng Taji, Bagus Anom
ing Kudus kahyanganira.
Himagiri Manglar Munga, ing Gadhing Ki Puspagati,
Cucuk Dhandhang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedhi,
kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, Pak Kecek
Pajarakan, Cingcing Goling Kalibening, ing Dhahrama
Kara Welang kang rumeksa.
Kang aneng Warulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus
Karang aneng Roban, Pasujayan Udan Riris, Widanangga
Dalepih, si Gadhung Kedhung Garunggung, kang aneng
Karabean, Citranaya kang nenggani, Genapura ingkang
aneng Majaraga.
Logenjeng aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si
Londir ing Wirasaba, Madura Buta Carigis, kang aneng
ing Matesih, Jaran Panolih ranipun, si Gober
Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Obar-Abir kang
rumeksa Jatimalang.
Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpabangsa aneng Pening,
Pesayangan Udan Gelap, Buta Gigis aneng Tegil, ing
Grenggeng Caping Warih, Penawangan Gutuk Watu, Tengger
Ni Otarwiyah, Wiradesa Gusti Geni, Penarukan kang aran
Setan Korokan.
Rara Dungik Randhulawang, ing Mendhang Retna Pengasih,
Buta Kepala ing Prambanan, mBok Sampur neng ardi
Gajahmungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel
Rahaden Panji, Pagerwaja Rahaden Kusumayuda.
Si Penthul aneng Kacangan, Pecabakan Dodolkawit,
kalangkung kasektenira, titihane kuda putih, lar waja
kemul neki, kalacakra payungipun, pan samya rinajegan,
akukuh rajege wesi, cemethine pat-upate ula lanang.
Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali
mangetan, mangaidul panyabet neki, na lara teka bali,
tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara
teka bali, pan tinulak mangulon bali kang lara.
Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, tinulak
ngalor parannya, manginggil panyabet neki, na lara
teka bali, tinulak bali mandhuwur, mangisor
panyabetnya, ana lara teka bali, pan tindak bali
mangandhap kang lara.
Si Kuthung aneng Jepara, Gambiranom aneng Pathi,
kalangkung kasektenira, keringan samining dhemit, ing
Ngrema Tambak Suli, Yuda Paksa ing Delanggu,
Perangtandang Kesanga, Buta Kala ing Pasisir, si
Kecubung Kadilangu kang rineksa.
Nini Gelu aneng Jenar, Klabang Curing Banjarsari,
Talengkung ing Watukura, si Kuris ing wit Talrukmi,
Pujangga lan Pujanggi, ingkang aneng Semeru, si Bedreg
ing Tegalpat, Bancuri klawan Bancuring, kang angreksa
sukune ardi Baita.
Si Lowar aneng Subang, ing Kuwu si Ondar Andir, si
Barandang aneng Comal, si Kalunthung Dudukjalmi, setan
Telaga Pasir, ingkang aran si Jalilung, Kalangadhang
ing Tuntang, si Kuru Bokor den nggoni, Singanadha
ingkang aneng Petanahan.
Teluh Braja neng Cilacap, Nusa Barong Buratwangi,
Singgela Ki Nayadipa, si Dulit aneng Weleri,
Pringtulis Udan Geni, Kandhangwesi Gendir Diyu,
Barukin ing Kejayan, Dirgabahu Jeruk Legi, si Mahesa
Kuda neng Nusa Kambangan.
Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang
rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayeng Westhi, kabeh
urut pasisir, kulawarga Ratu Kidul, sampun pepak
sadaya, para pramukaning dhemit, nungswa Jawa Pangeran
kang rumeksa.
*
Kidung Puji Hayu Indonesia
(Dhandhanggula) :
Duk semana nalikaning uni, caritane nagri Nuswantara,
keblat papat kalokane, panca buwana tepung, gemah
ripah lan loh jinawi, kerta raharja samya, amanggih
rahayu, kineringan sakeh bangsa, panjang punjung
kuncara ingkang negari, Nuswantara kaloka
Jaman kalabendhu ngelun bumi, Nuswantara cinangkerem
Landa, nandhang papa kawulane, triatus seket tahun,
bangsa kita nggennya prihatin, tumimbal bangsa Jepang,
tri setengah taun, nggennya njajah Indonesia, pupus
pepes dayaning jatidhiri, kabandhang ing prang dunya.
Antuk berkah rahmat Allah Gusti, lan jinurung sedya
kang utama, nuju pitulas tanggale, dhawah sasi
Agustus, patang puluh lima kang warsi, Indonesia
merdika, hayu kang tinemu, adhedhasar Pancasila,
angrengkuh sakabehing putra nagri, lumintu salaminya.
Pamintaku mring pra kadang sami, setya tuhu njaga
karukunan, mrih raharja negarane, Indonesia bersatu,
dadya pangudi kang utami, adoh ing pancakara, prayoga
memayu, hayuning ingkang bawana, linambaran
kautamaning budi, madeg satriatama.
Yogya sami padha dipun eling, kuwajiban warganing
nagara, gelem njaga adege, nadyan tumekeng lampus, den
belani ingkang negari, kusumaning negara, iku kang den
tuju, jejering satriatama, manggalaning bangsa abdi
negari, Indonesia merdika.
Panutup
(Ayak-Ayak Pamungkas)
Dhuh Allah mugi-mugi keparenga paring rahmat
Dhuh Allah lestaria Indonesia merdika
Wusana wosing pangidung tarlen amung amuji
Mugi Bangsa Indonesia sepuh anem jalu estri
Sami kersa amanunggil gumolong gelenge kapti
* * *
Katerangan :
Racikan kidungan punika mawi landhesan tata-caranipun
ndonga sesarengan manut tatacara “Laku Budaya Jawa”
ingkang saged kaaturaken kateranganipun makaten :
Pambuka
Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare punika kados dene
pangucaping niyat sesarengan asung swasana endah
kanthi wiramaning sekar.
Tembang Ilir-Ilir minangka panggugahing sedya-karsa
tuwin ajak-ajak atur “persembahan” lan “panyuwunan”.
Kidung Suksmawedha
Hanyatakaken “sejatining urip” mawi basa perlambang.
Dayanipun anggugah kekiyataning suksma. Kakidungaken
murih tuwuh kekiyataning suksma (batos) anggenipun
asung “persembahan” lan “panyuwunan” dhumateng Hyang
Agung (Gusti Allah).
Kidung Darmawedha
Hanyatakaken kawruh “sangkan paraning dumadi”
mirunggan nedahaken dununging titah manungsa wonten
ing jagad (semesta). Bilih sayektosipun mirid saking
pangertosan “hananira sayektine wahanane Hyang”. Ing
agami Islam kasebat bilih titah manungsa punika dados
kalifahipun Allah Swt. wonten ing donya. Kakidungaken
minangka panyuwun dhumateng sedaya kekiyataning “alam
semesta” supados kersa nyengkuyung anggenipun asung
“persembahan” lan “panyuwunan”.
Kidung Reksawedha (Suluk Plencung)
Hanyatakaken raos pasedherekan kaliyan bangsanipun
gaib (lelembut) amargi sami-sami “titah dumadi”
mahlukipun Hyang Agung. Kakidungaken minangka pangajak
dhumateng para sedherek kita ingkang gaib supados
nyengkuyung anggenipun badhe atur “persembahan” tuwin
“panyuwun” dhumateng Hyang Agung.
Kidung Puji Hayu Indonesia
Inggih punika sejatining kidung ing racikan punika.
Pilihan sekar (tembang) lan cacahing pupuh saged dipun
racik piyambak. Bakenipun muji rahayu kangge
Indonesia. Ingkang katur punika racikanipun Ki Sondong
Mandali.
Panutup (Ayak-Ayak Pamungkas)
Minangka donga panyuwunan konjuk ngarsanipun Allah
Kang Murbeng Dumadi.
Menawi racikan kidungan punika badhe kaagem “ritualan”
prayogi ugi cawis sesaji trep kaliyan Laku Budaya
Jawa. Sesaji ngemu teges pasugatan kangge para-para
gaib ingkang mesthinipun rawuh amargi rumaos dipun
ajak nyengkuyung karsa lan sedya. Kamangka sedya lan
karsa ingkang utami, pramila mboten perlu “cethil”
dhumateng para kadang sedherek ingkang gaib. Punapa
malih menawi ngginakaken Kidung Reksawedha (Suluk
Plencung) ingkang nyebat para “tetungguling lelembut”
satanah Jawi. Sampun ngantos kadamel cuwa manahipun.
Wondene ubarampenipun sesaji kasumanggakaken. Prayogi
nyuwun seserapan para sepuh ingkang mangertos. Saben
dhusun tertampu wonten para sepuh ingkang taksih
kagungan kasagedan ing babagan punika.
“Ritualan” mawi racikan kidungan punika sae
katindakaken para warga masyarakat kanthi mendhet
wekdal ingkang prayogi. Malem Suran, Agustusan, utawi
langkung prayogi saged katindakaken kanthi rutin ing
saben malem Jum’at (selapanan utawi minggon),
sumangga. Insya Allah, manggih katentreman lair batos
menggahing pribadi lan bebrayan.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar