English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Sabda Jati Purwa Mahugena

Anggitanipun Kanjeng Pangeran Pakubuwono V
Dhandhanggula

– 01 –
Sowaningsun kabeh putu mami,
Amung nyandi kersaning Pangeran,
Paring susuluh jatine,
Mudhune ponang Wahyu,
Lenga Tala yekti anganti,
Sarampunge ing karya kadangira iku,
Rakanta Sidikwiruna,
Ingkang nuju ngestreni putranta kaki,
Kang ana Surabaia.

– 02 –
Wruhanira kadangira mangkin,
Gendrasari jejuluke uga,
Sri Makutha Anom angger,
Bakal nggenti keprabon,
Eyangira Sri Kilisuci,
Marma anggentur tapa napakke sireku,
Mudhune kang Lenga Tala,
Nora ana maneh kang wajib nampani,
Kajaba putuningwang

– 03 –
Pan wus dadi dham-idhaman mami,
Nora ana kang kuwat nampa,
Wahyu Lenga Tala kiye,
Kajaba dharahingsun,
Ingkang padha wenang ngakoni,
Pancer Dharah ping Lima iku nyatanipun,
Kudu asma Sumartono,
Lamun nora darbe asma iku kaki,
Tuna panganggep ira.

– 04 –
Tiwas ngaku nanging tanpa kardi,
Awit Dharah iku tegesira,
Ora mung turun,
Benerekang mbudi arahipun,
Arah iku dununging budi,
Dadi yen ngaku,
Dharah nanging tanpa dunung,
Sayekti tanpa guna,
Nora bisa dadi tatalining urip,
Wit urupe tan ana.

– 05 –
Lamun nora murub dudu urip,
Sasat barang sen-isening jagad,
Nadyan barleyan wujude,
Sayekti nora murub,
Malah bisa amemetengi,
Marang lakuning gesang kang rumangsa ngaku,
Benjang yen wus kundurira,
Yen arahe nora padha den ngerteni,
Nora bisa sampurna.

– 06 –
Sumartana, asma iku kaki,
Sejatine sangkan paranira,
Sumbering kodrat yektine,
Wiji papadhang iku,
Kang ambuka para linuwih,
Ya Eyang-Eyangira tuk sumbering dunung,
Yen sira klalen padhang uripira iki,
Weruh lakuning Gesang.

– 07 –
Mungguh asma manungsa sajati,
Dunung marang sangkan paranira,
Tegese padhang lakune,
Yektine nyandhi dhawuh,
Kabeh sabda paringing Gusti,
Iku pan tegese darma wiradating laku,
Yen tan dunung marang sabda,
Jeneng cidra ngaku rumangsa manungsa sejati,
Dharahing Paku Buwana.

– 08 –
Wus tetela manungsa puniki,
Gesangira sing karsaning suksma,
Nora bisa urip dhewe,
Uripe nyandhi dhawuh,
Wit tan ana bisa pribadi,
Marma jeneng ngawula karsaning Hyang Agung,
Budine tansah meminta,
Yen rumangsa mengku pati urip,
Iku tan weruh tata.

– 09 –
Pratandhane dunung marang Gusti,
Nora teges amung bisa kandha,
Kang datan ana maknane,
Makna tegese awujud,
Wujud mengku tekading urip,
Ya prasetyaning manah ya bebudenipun,
Yen tekade nunjang palang,
Ora ana piyandele marang Gusti,
Hilang sipating janma.

– 10 –
Kabeh bae putuningsun sami,
Kaya ngapa leganing tyasingwang,
Dene wus samekta kabeh,
Wawakiling Hyang Agung,
Sabdaningsun mung kari siji,
Samengko arep apa, apa-apa sampun,
Apa maneh yen wis apa,
Apa nora bisa apa-apa uwis,
Mesthine ora papa.

– 11 –
Teges apa, ingsun pasrah yekti,
Adat waton weting paugeran,
Wis atul ing pakartine,
Urip pananing kalbu,
Temah Aji Pramana Jati,
Samesthi ora papa, iku nyatanipun,
Datan mikoleh pakarya,
Mung sapala mring sapanira Hyang Widdhi,
Jumbuh sinapa-sapa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar