Senin, 19 April 2010

Kitab Wejangan Maha PranaJati

Oleh : Bp. R.S KOESOEMOWARDOJO
BAB : SASTRATJETA (2)
Sejatine aksara Jawa iku saka penemune Pujangga Jawa ing jaman kuna. Aksara jawa iku ora mung perlu kanggo nulis utawa nyateti kedadian-kedadian kang wigati bae, nanging uga yimpen kawruh rupa-rupa. Mengkono ugo bab anane gamelan sarta wajang purwa, iku kang ngarang
suwargi Kanjeng Sunan Kalijaga ing desa Kadilangu Demak, iku uga ngandut kawruh batin lan lahir. Terange kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Gamelan kang diweruhi dening wong akeh (masyarakat) iku isine mung bab kesenian, gending lan lagu utawa irama. Nanging kajaba iku salugune uga isi kawruh bab kawuksman, ilmu jiwaning manungsa.
Wayang Purwa, kang lumrah mung isi lelakoning manungsa ing jaman kuna, nanging saklugune uga isi kawruh bab duduk selehe utawa dununge jiwaning manungsa.
Kacarita ing Negara Ngalengka, kang dadi aran Prabu Dosomuka, duwe sadulur nunggal rama itu telu, sing loro lanang, sijine wadon aran :
1. Kumbakarna.
2. Wibisana.
3. Ayu  Sarpakanaka.
Iki salugune dadi simbul utara plambange wadining kawruh kebatinan, kang ngenani wataking manungsa, terange mangkene :
1. Dosomuka  iku dadi sanepane napsu amarah.
2. Kumbakarna  iku dadi sanepane napsu aluamah.
3. Wibisana  iku dadi sanepane napsu mutmainah.
4. Sarpakanaka  iku dadi sanepane napsu supiyah.

Mangkono plambang kang sumingit ana ing wayang Purwa, ngemut pituduh bab kawruh lahir lan batin. Mangkono uga wadine kang sumimpen ana ing dalam aksara Jawa (Carakan) malah luwih wigati maneh.

Aksara Jawa iku jumlahe mung ana 20 iji, yaiku :
1. Ha   11.   Pa
2. Na   12.   Da
3. Ca   13.   Dja
4. Ra   14.   Ja
5. Ka   15.   Nya
6. Da   16.   Ma
7. Ta   17.   Ga
8. Sa   18.   Ba

9. Wa   19.   Ta
10. La   20.   Nga

Carakan iki ora mung  kanggo nulis laying bae, nanging duwe wadi kang kang tumuju marang kawruh kebatinan, terange mangkane :
Aksara kang sepisan aran Ha, dene pungkasane aran Nga, dadi kang 18 iji liyane iku minengku dening aksara Ha lan Nga, tegese Ha lan Nga iku “Hangen-hangen” utawa “Hangin”. Uripe manungsa era bisa pisah kalawan Hangen-hangen lan Hangin, yen sak karone iku ora ana,
manungsa mau aran tilar donya. Dadi nyata yen carakan mono nyimpen wewedining uripe  manungsa.
Kajaba aksara 20 warna mau, ana tambahane aksara silihan limang rupa, yakui A.I.U.O.E. limang aksara iki aran aksara “suwara”, terange mangkane, ora dumunung ana ing jaba lan ing njerone badaning manungsa wondening aksara 20 iji mau, dibagi dadi rong golongan :

GOLONGAN KANG SAPISAN
20 iji dipecah dadi telung bagian, yaiku :
1. Ha  lan Nga
2. Na,  Tha, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa,  Da, Dja, Ja, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha
Tegese :
Ha lan Nga, iku angen-angen utawa angin, Na, Tja, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La, iku babahan hawa sasange lahir.
Pa, Da, Dja, Ja, Nja, Ma, Ga, Ba, Tha, iku babahan hawa sasanga batin.

GOLONGAN KANG KAPINDO
20 iji mau dipecah dadi patang bagian:
1. Ha,  Na, Ca, Ra, Ka
2. Dha,  Ta, Sa, Wa, La
3. Pa,  Da, Dja, Ja, Nya
4. Ma,  Ga, Ba, Tha, Nga
Tegese :
Ha, Na, Ca, Ra, Ka    = ana utusan.
Dha, Ta, Sa, Wa, La    = pada salawa = tukaran.
Pa, Da, Dja, Ya, Nya    = pada sektine.
Ma, Ga, Ba, Tha, Nga   = pada mati kabeh.

Keterangan kang luwih ceta maneh mangkene :
* Ha   na ca ra ka, karepe wis ana utusaning Allah, yen ing saat iku wis  mlebu ing petung kurang 20 dino bakal tilar donya.
* Dha ta sa wa la , ing wektu iki   kahanane lahir lan batin wis ora cocok, mratandani yen patine wis   kurang 15 dino maneh.
* Pa da  ja ya nya, ing wektu iku   kahanane lahir lan batin dadi gumolong tetap teguh, ora ana rasa   owah gingsir, ilang was sumelang, iki tegese nompa sasmita yen   patine wis kurang 7 dina maneh.
* Ma ga ba tha nga, ing wektu iku   rasaning lahir lan batin wis ora duwe karep apa apa, iku mratandani   wis tumeka ing janjine urip ninggal donya.
Wondene aksara suwara A I U O E, iku melindungi jasate manungsa ana ing alam donya lan akerat. Supaya tambah gamlang maneh, diterangke sarana nganggo gambar kaya kang kasebut ing gambar iki :
Keterangan :
No. 1 tumeka No. 8 iku tegese badaning manungsa,
No. 1 tumeka  III iku tegese alaming manungsa, alam wadag, jaga melek.
Wondene bunderan kang ora ana nomere iku, tegese panguwasane Gusti Allah.
SASMITANING PATI
Mungguh kang dadi tonda tandaning sasmitaning pati iku mangkene :
Ing sakawit yen sira tangi turu, duwe pangrasa rasaning pikir lan atimu, ora tetep seneng, duwe pangrasa kang during tau ngalami serta rasaning lakuning napas ora kaya adat saben, tegese wis kurang lancar. Yaiku tanda yen wis ana utusan saka Pangeran bakal mati kurang 20 dina. Iku nyatane sastratjeta tjarakan mau.
Ing kono sira wayahe masrahake jiwa lan raga marang Gusti Allah, mantrane mangkene : Ingsun masrahake kang dadi panguwasaning Pangeran wolung prakara, yaiku Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa, Pamiarsa, Paningal lan Panggonda. Muga pada muliha marang asalika saka kodrat
Ingsun.
Yen wis masrahake mangkono wajib sira ngurangi kareping wolung prakara iku, kaya kang kasebu ing ngisor iki :
1. Roh,  napase roh kudu disirnakake, umpama maune sadurunge tompa sasmita karem banget ngumpuli marang wanita, sakiki banjur ora ngumpuli  wanita maneh.
2. Napas,  napsuning napas kudu disirnakake, tegese umpama kepetuk mungsuh ora  kena sengit, ora kena napsu marang sapa bae, atine kudu digawe sabar, pulatan kudu sumeh, yen rumongsa duwe dosa marang sapa bar, inggal jaluk panggapura, rasane sing nganti kandas ing lahir batin.
3. Budi,  ilangana krentenging budi kang ora iklas-lila sanajan duwe bonda mayuta juta regane, anak bojo kang kinasih kabeh iku lilakna =  iklasna, paribasane samendang pinara sewu wis ora bakal dieman neh.
4. Iman,  sampurnakna imanmu, tegese kabeh tindak lakumu kang sarwa pasrah lan  sabar mung gumolong meleng sawiji tumuju marang sediyamu kang sejati, bali marang asal mula mulanira.
5. Pangrasa,  golongan tekatmu, aja duwe pangrasa kang ora becik, sanajan sira  krungu wong omong kang ora tata, umpamane sira dipisuhi, iku tampanen kanti pangrasa kang becik, aja nganti obah atimu, duwe  pangira marang liya kang ora becik, iku uga ora kena. Cekake kabeh  kedaden ing alam donya iki becik kabeh, dadi pangrasamu mung nrima (  nompo kabeh kahanan kang ala lan becik digawe pada ).
6. Pamiarsa,  napsuning pangrungu kudu disirnakake, tegese aja ngrasakake suwara  kang sarwa nikmat lan nyenengake utawa gawe bungahing atimu. Dadi  karepe aja nganti trima marang sakwernaning suwara kang ana ing alam  donya.
7. Paningal,  sirnakna napsuning paningal, tegese aja nganti duwe (weruh) marang  rerupan apa bae kang asal saka alam donya.
8. Panggonda  , pangambu sirnakna, tegese aja nganti kena panggandaning pangambu,  gonad sedep arum wangi aha nganti manjing ing sanubarimu,kang kudu  diesti mung gandane diri pribadi.
Kang kapindo : yen wis ngrasa bisa nguwasani lahir lan batin, tegese wis bisa kasembadan apa kang dadi sediyane, hananging ing kono isih apa rasa bungah lan susah. Manawa bungah rasane luwih bungah banget, yen susah uga mangkono rasane nganti kandas ing batin. Paribasane nganti ora kena diukur susahe.uga banjur krungu suwara kang selawase durung tau krungu, lan ora katon sapa kang nyuwara mau lan uga mambu gonda kang durung nate gonda, kaya mambu gandane bayi kang nembe lahir saka biyunge. Yen weruh rerupan ya rupa kang sarwa elok ya iku tanda yen utusan mau lagi poncakara (perang) iku tegese wis kurang 15 dina maneh bakal tilar donya. Ya iki buktine : Dha, ta, sa, wa, la.
Yen wis ana tanda mangkono, ya iku wis tutuk wayahe masrahake gawa kang asal saka Bapa lang Biyung, mantrane mangkene :
Ingsun masrahake kang dadi panguwasane Bapa lan Biyung wolung bab, yaiku : kang asal saka Bapa, getih, daging, kulit, uteg, dene kang saka Biyung : balung, sungsum, urat, jeroan, pada muliha marang asal ira saka kodrat Ingsun.
Yen wis masrahake mangkone iki, sira tumuli semadi kaya wulangan bab semadi kang sapisan ing ngarep. Manawa tata carane semadi mau wis dilakoni kabeh, sira mujia mangkene : “Ashadu tibaning rasa Allah, patemone Rasullulla, sampurnane iya Rasullullah”.
Puji iki di ucapke yen wayah arep turu lang tangi turu. Nanging yen arep turu kudu moca uncine mangkene : “Niat Ingsun turu, badan gumuling atiku eling, roh madep imanku tetep”. Dene yen tangi turu wacane mangkene : “Sirrullah kang mati, dattullah kang urip.”

KANG KATELU
Manawa pikiran wis krasa ora ajeg, tegese nggrambyang utawa cat eling cat lali, lan ambuning napas uga wis beda karo adat sabene, iku tetepi sasmita mratandani kurang 7 dina maneh tumeka ing pati, yaiku nyatane Pa, da, dja, ya, nya.
Ing kono wektune neguhake utawa golongake pikiran, was sumelang kudu disirnakake, aja kuwatir apa apa, mung kang esti rasa lila legawa. Lila marang kabeh donya branane, wis wancine didumake marang ahliwarise, yen duwe kawruh (ilmu) apa bae uga wajib lang inggal di tampakake (diwejangake) marang sapa bae kang pantes lan bisa nompa.
Legwa masrahake jiwa ragane marang Gusti Allah, rasaning ati nganti lega (iklas) wus ora ana barang sawiji kang den akoni. Ing kono kari rasa sucining batin kang ana. Yen duwe welas (welingan marang anak putu apa sadulur lan liyane, inggal tuturana (kahirna) perlune supaya yen wis tumeka wancine muling ing alam baka, wis ora ragu ragu apa mandek tumulih dadi bisa gawe  padang dalane dewe.

KANG KAPING PAPAT
Manawa sira wis krasa arep turu bae, (tansah ngantuk) iku pratanda yen kekuwataning paningal wis kumpul ana ing uteg, iku tegese wis mlebu wayah tinggal donya yaiku Ma ga ba tha nga.
Ing kono sira kudu ngatur lan jaga, aja nganti ana rasa owah gingsir, sanajan mung samendang pinara sewu. Kang ana mung awas lan eling marang isi sarine kawruh kang wis sira rungkebi, kumpul gumolong dadi siji ana ing agen agenmu tumuju marang kang sira sediya.
Yaiku retine Ha lan Nga kang hamengku lan murbawasesa kabeh kang dumadi.
oooooo0000000ooooooo
AUM AWIGNAM NASTU NAMAS SIDDAN
Tegese
RAHAYUWA SAGUNG KANG DUMADI
Ing kono yen sira mambu gonda amis, kaya ambune getih nalika lahire jabang bayi, iki mertandani yen isih eling marang bab kadonyan kayata : eling marang donya branane, eling marang kekasihe lsp, iki gawe peteng dalan kang tumuju marang kasampurnan sejati.
Yen mambu batin iki tegese isih eling marang anak putune utawa para sadulure lan mitrane, iki anggawe binggunge dalan mring kasidan jati yaiku godane ari ari (bing-bing).
Yen mambu wangur, yaiku godaning kawah yen kena pangaruhe goda wangur iki tegese isih emut marang pengertine (ilmu) iki gawe ragu raguning pangerti kang tumuju marang sampurnaning pati.
Yen gonda wangi, iku ambune bungkuse bayi, yen kena pengaruhe gonda wangi iki martandani isih eling marang Allah, iki gawe salah panganggep ing tujuane kasampurnan.
Yen mambu sedep kaya ambune bayi kang wis resik, iku tanda yen isih eling lan ngakoni dadi makluk (kawula) iki kang gawe sampurnane dumadi, mulih marang mula mulanira. Iki nyatane aksara suwara A.I.U.O.E tegese : A = Aku,  I = Iki, U = Urip, O = Oleh (nompa), E = Eklas, rahmat.
Dadi aksara suwara iku kang hamengkoni ing badaning manungsa ana ing alam donya nganti tumeka ing watesing alam akerat.
Ana ing wektu iki kang den arani sa’at “sakratil mauti”, wancine ngaleh enggon, waktu pisahe jiwa lan raga. Yen patrap anggonmu nata badan patitis, kaya kang  jinarwa ing wulangan Semadi, kayata : sumelehing badan, lakune napas, pamelanging cipta lan sapiturute bener inggal lakuning rasa lan pangrasa ora gumyur, ing kono wayahe wahyunira wis katon ngegla tanpa warana banjur ngucapa mantram mangkene :
Ashadu kahanan Ingsun, iloha rupan Ingsun, Allah pangeran Ingsun, iya Ingsun kang nuhokake marga kang padang urip tan kena lali, lara tan kena ing pati, dhatles tan ana krasa.

Ooooooooooo000000000000oooooooooo

Ing ngisor iki katerangan bab sandangane aksara Jawa, mangkene :
Wiwit saka pangkon, (paten) iki tegese panggonan Roh, karepe sampurnaning urip, manungsa sakwise tilar donya , nyatane wis ilang sipate, nanging isih ninggal asma.
Roh iku dumunung ana ing uteg, mongka uteg iku ana ing njero sirah, iku dadi sandangan wulu (hulu), tegese sirah ya iku pokok dumadine badan wiwit saka sirah.
Sandangan “Suku” (sukon), tegese dadi cagake badan wadag.
Taling iku tegese “kuping” pamiarsa, pangrungu ana ing kuping.
Taling tarung, Irung dumunge pangambu.
Pepet, tegese ketutup, dununge ana ing napas, mangon ing jantung, yaiku kang nglakokake getih, dadi jantung iku kaya dene lawang dalaning getih mlebu metune mratani ing badan sakojur.
Jantung iki piranti pokok ing badaning manungsa, ya dadi dalane Prana kang kawasa hanjalari marang urip.
Cedak dumunung ona ing sanubari;
Lajar dumunung ana ing Iman = relung hati.
Wigjan dumunung ana ing Pangrasa weteng = waduk
Telung sandangan iki kang aran “Panjigek suwara” sebab dadi wakile engetan lan kapinteran lahir sarta batin. Wondene sandangane cokra, ana ing mripat, ing teleng aran manik. Keret iku irenge mripat, teleng = kang kapanggonan manik.
Pingkal, putihe mripat. Kabeh iki sinebat aran “Wijanyana” sebab dadi wakile aksara kang bisa muni bebarengan.
Kajaba kuwi ana maneh tembung kang aran :
Na, Sa, Dha, Tha  iki aran “Murdanio” banjur ana maneh , Nya, Sa, Tja, Dja iki aran Talwio , tegese kabeh aran Triloka yaiku alaming manungsa, kaya kang diterangake ing wulangan sapisan.
Dene tembung “Tataprunggu” yaiku  aksara  kang  didadekake  ongka (nomer) kaya kang kasebut ing ngisor  iki :
Ga  :ongka siji dadi perlambange kawitan sampurnane manungsa.
Ngalelet :o ngka loro, dadi perlambange lakuning manungsa mesti pinaringan timbangan dening Pangeran, kayata anane wong lanang lan wadon, Awan lan bengi, lara lan waras, beja lan cilaka, urip lan mati, Kawula lan Gusti.
Ngapingkal :o ngka telu , tegese netepake keyakinaning manungsa pinasti kudu nompa lang nglakoni lelakon pangawane dewe salawase ana ing alam donya, supaya aka nganti ngeluh ngresah, sebab pepastining urip wajibe kudu ngambah ing alam telung rupa yaiku :
1. Alam  jaga (melek),
2.   Turu,
3.   Tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa diuncati maneh.
Mamiring :o ngka papat iku tegese nyatane Allah dadi sesembahane kabeh mahluk, ora wujud ora arah ora panggonan lan ora katon, uga ora kena kinaya ngapa. Lan uga dadi plambange asal kedadiane badan wadaging manungsa saka anasir patang rupa, yaiku :
Bumi, 2. Geni,  3. Angin, 4. Banyu. Mangkono uga anane klebating manungsa iku ana papat.
1. Wetan,  yaiku lambange nalika Bapa lan Biyung pada sapatemon,
2. Kidul,  yaiku plambange nalika Bapa lan Biyung kumpul,
3. Kulon,  iku plambange nalika Bapa lan Biyung nganakake Dhat nanging mung darma dadi lantaran bae,
4. Lor,  iku plambange nalika lahire jabang bayi.
Makurung :o ngka lima, iki maksude panguwasane Gusti Allah, nalika wiji isih ana ing guwa garbaning Bapa lan Biyung, Bapa iku mung saderma dadi lantaran dumadining jabang bayi. Makurung tegese dadi kalima pancer, lan jumenenge ana ing satengahe keblad.
E : dadi angka nem, maksude Eklas terange Eklas iku ana nem warna yaiku :
1. Rila,
2. lali,
3. lulus,
4. eling,
5. langgeng,
6. sumarah  (pasrah).
KETERANGAN :
1. RILA,  tegese kelangan apa bae wis ora getun,
2. LALI   tegese lali marang dhat sipate, maksude lali ing badan lan jiwane ditinggal ana ing alam donya.
3. LULUS  , nglulusake selawase urip kanti nikmat lan manfaat,
4. ELING,  eling marang angale lan eling marang mula mulanira,
5. LANGGENG,  ora bakal owah ngingsir maneh, terus langgeng asmane,
6. SUMARAH  yaiku masrahake jiwa ragane katur marang Pangeran.
La :dadi ongka pitu, iki tegese tetepe lakuning wayah (jam) kang ora tau blinjani, kayata lakune srengege, mesti wayahe tetep, mula para Pandita iku pada nganggo watak pitu.
Pa palya :dadi ongka wolu, iki karepe nuduhake lakuning semadi kang tumuju marang Suksma Kawekas, ana wolung bab, aran “Hasta Brata” keterangane kaya kang kacetak ana ing wulangan ngarep.
Ja  :ongka sanga, tegese anane babahan hawa sasanga.
Das = nul :tegese dadi tanda marang ajining angka, jen das mau dumunung ana ing sangarepe ongka, tegese ajine(regane) ongka mau dadi suda, aran winengku, dikuwasani. Nanging yen das ana ing burining ongka iku tegese regane angka mau banjur dadi mundak duwur, aran hamengku nguwasani (tulada Rp. 00.1 lan Rp. 1,00).
Kajaba iku ana maneh karepe, yen wujud mung das tok iku tegese ora duwe pangadji (ora duwe rega)utawa suwung dadi karepe badan wadage manungsa iku yen wis di unjadi ing suksma, wis ora ana gunane jalaran wis suwung lan wis ninggal sipate, kang kari mung asmane.
Ana maneh candake sasmita sandi kang  wujud  tembung  ( ukara)  siji  nanging  mengku  karep  rong  rupa,  yaiku :
Ka ta pa ga ba iki aran Alpa Prana.
Ka ta pa ga ba iki aran Maha Prana.
Tegese “Alpa Prana” iku kawula) dadi anane kawula.
Tegese  ”Maha Prana” iku Gusti ) lan Gusti.
Keterangane mangkene :
Kawula (titah = mahluk) iku kadunungan apes lan lali, sebab titah iku bisane dadi luhur kudu nglakoni (duwe laku), mula dikaya ngapa pintere manungsa ora bakal bisa madani kalawan panguwasane Pangeran. Sebab manungsa tansah binuntel ing kamarkaning alam donya. Mula biasane kelakon sediyane iku mung gumantung marang lila legawane anggone masrahake jiwa ragane marang Pangeran.
Wondene Gusti Allah mula sinebut ora makan ora jaman, lan tan kena kinaya ngapa, sebab Panjenangane kang nglimputi sumarambah ing sakabehe kang para dumadi, kang bisa diweruhi dening manungsa kodrate panguwasane.
Tingkah patrape Semadi wis diterangke ana ing ngarep, dadi yen manungsa wis bisa netepi ing pituduh mau banjur ngeremake mripat kang alon-alon lan dedasar ati sabar. Ing kono sira bakal manjing ana ing alam kang peteng dedet lelimangan wis ora kena diumpamakake maneh. Ing kahanan iku ana kang nyebut aran “Tapel Adam”. Yen wis mangkono inggal ngucapa mangkene ”
Pangrasa Suksma Luput, iya pangrasane Nyawa kang mulya, iya pangrasane Suksma. Suksma ilang tan kena ing pati.
Yen wis mangkono sira bakal weruh/meruhi papan padang nerawang handelahi tanpa wewayangan, jembar tanpa tepi ora ana keblate, ora ana ngisor lan duwur, kang katon mung suwung sepi lan rasa kang tentrem ayem. Kedadian iki saya panguwasaning Roh = uteg. Mulane roh uteg bisa duwe panguwasane kang mangkono mau, jalaran dek nalikane isih ana ing alam donya babadan wadag, dayane tanpa nganggo wates ukuran. Sebab badan sakojur iki dikuwasani dening uteg (kawruh) lan pinteram/ kapinteran mula aran Yang Maha Luhur.
Yen kena panguwasaning kaluhurane Suksma, banjur ora duwe karep apa apa, iya iku  kang sinebut aran Mangeran Suwug, tegese ora ana barang kang sinediyam Manawa kerem kandeg ana ing kono, bakal dadi Ratuning jin lan peri.
Yen cahya padang mau banjur ilang, sira bakal pirsa cahya kang blerengi kaya sunare srengege, iki kedadian saka napas. Mula kaya mangkono awit dek isih ana ing alam donya nganggo badan wadag. Napas iku maweh cahya ing badan sakojur. Ing kono aran Yang Maha Mulya.
Yen kena pangaruhe kamulyane Suksma, yaiku kang sinebut Mangeran wujud, sebab ing kono duwe karep arep nganakake warna rupa, tegese duwe sediya nitis, manjelma maneh, yen kliru sediyane banjur dadi retuning danyang dan prayangan.
Yen cahya kuning, iku kedadian saka Budi, sebab nalika isih ana ing alam donya, Budi iku gawe sucining badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Suci. Yen kena pengaruhe kasuciane Suksma, agawe sucining Jiwa, kang aran Mangeran konta (gambaran kang ora ana wujude). Mula banjur gawe ragu raguning (gojak gajek) lan yen kandeg ana ing kono, bakal dadi retuning setan.
Yen cahya kuning banjur musna, banjur weruh cahya ireng, yaiku kedadian saka Iman, sebab nalika isih ana ing alam donya Iman iku nguwasani badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Kawasa, yen kena pangaruhe kuwasaning Suksma, banjur duwe karep nindakake penguwasaning Jiwa, yaiku kang aran Mangeran ana (wujud), tegese deweke ngakoni diri pribadi yen klelep ing kono bakal dadi retuning Bekasakan nunggal bangsa lan setan, nanging luwih kasar.
Yen cahya ireng mau banjur ilang, ganti dadi cahya putih iku kadadian saya pangrasa, sebab nalika isih ana ing alam donya, pangrasa mau ngebeki ing badan sakojur mula aran Yang Maha Agung, yen kena pengaruhe Aguning Suksma, bakal nitis dadi bangsane manuk.
Yen cahya putih mau musna, bakal/banjur weruh cahya abang iki kedadian saka pangrungu (pamiarsa) awit pamiarsa mau dek nalika isih ana ing alam donya masesa ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Wasesa, yen kena pengaruhe wasesane suksma, bakal nitis dadi kewan galak.
Yen cahya abang wis ilang, bakal pirsa cahya kang wening (bening) iki kedadian saka paningal, awit maune dek isih ana ing alam donya paningal iku gawe purbaning badan sakojur, mula aran Yang Maha Purba, yen kena daya pengaruhe purbaning suksma, bakal nitis dadi kewan kang urip ana ing banyu.
Yen cahya wening musna, banjur pirsa cahya kang monca warna, yaiku ireng, abang, putih, kuning lsp, iki kedadian saka pangambu, nalika isih ana ing alam donya hanyamati ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Manon, tegese meruhi samubarang kalir kang bakal tumeka sinebut Soca Batara, wondene asale cahya monca warna mau kedadian saka anasir patang prakara, yaiku Bumi, Geni, Angin, lan Banyu.
Keterangane Mangkene :
1. Cahya  Abang : Asal seko geni, dumunung ana ing jantung, dadi napsu amarah, mula kena pengaruhe cahya abang bakal nitis dadi manungsa  kang sugih nepsu (murka).
2. Cahya  Ireng :  Asal saka bumi, manggon ana ing waduk (weteng) dadi pangrasa, watake ngongsa utawa kesusu mula yen lena pengaruhe cahya ireng, nitis dadi manungsa kang sugih pangerten lahir.
3. Cahya  Putih : Kedadian saka angin, manggon ana ing sanubari dadi sabar, yen kena pengaruhe iki bakal nitis dadi manungsa kang sugih kawruh kebatinan.
4. Cahya  Kuning : Asal saka banyu, dumunung ana ing uteg, dadi kawruh lahir  lan batin, dayane bisa weruh (nimbang) kedadian ala lan becik, bener  lan luput, iki bakal nitis dadi manungsa wicaksana, ahli budi, yen  tembung Indonesia aran Budiman lan Gunawan.
Kabeh mau salugune mung gumantung marang karsane Gusti Allah, mula sing perlu tumrap para manungsa sumujude marang Pangeran kang Maha gesang.

ooooooooo000ooooooooo
GAMBLANGE :
Bumi, Geni, Angin lan Banyu jalaran iku kang dadi pokok anasiring urip, yen kurang pangertine kang dadi asal usule, handadekake kurang sampurnaning kawruhe ing bab kebatinan. Wondene katerangane  mangkene :
Yen sira wis ngerti marang asal usule uga kudu ngerti marang tegese (karepe) awit yen ora mangkono bisa gawe kliruning panganggep (panggangone) sebab yen ora mangkono bisa gawe kurang percayane (ngandele).
Yen wis ngerti dununge kudu ngerti kanggone, sebab yen  ora ngerti kanggone bisa ndadekake binggunge ing pangertene. Yen wis ngerti kanggone kudu ngerti marang kedadiane, sebab yen ora ngerti kedadiane bakal gawe gojak gajekge kawruhe.
Yen wis ngerti marang kadadiane kudu ngerti buktine sebab yen ora weruh buktine ora ana gunane tumrap ing pangertene.
Sebab sakabehing ilmu iku yen mung apal sesebutane bae ora kanti dilakoni babar pisan tanpa gawe prasasat kaja manuk bejo, bisa omong nanging ora ngerti tegese. Luwih luwih bab ilmu kebatinan, iki yen ora dilakoni dinyatakake malah nambahi dosa, sebab banjur dadi ahli umuk
durung tau weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi aran batin lahir goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli dilakoni, supaya sira ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing akerat.
GAMBLANGE MANEH MANGKENE :
Bab badan iku sakbenere raga kang wis ora kanggo (mati) wondene rasaning pati iku ana patang bab yaiku :
1. Rasaning  jantung, lakuning napas,
2. Rasaning  weteng (waduk) lakuning pangrasa,
3. Rasaning  sanubari lakuning budi,
4. Rasaning  uteg lakuning Roh.
Mula patang bab iki diarani badan, jalaran asale saka bumi.
BAB ANGGOTA RAGA
Iku uga kedadian saka patang bab, yaiku :
1. Roh,  kang nglakokake engetan,
2. Pangambu,  kang nompa kabeh sawernane panggoda,
3. Napas,   kang nglakokake getih lan rahsa,
4. Pangrasa,  kang nglakokake sari sarining daging, kulit lsp, kang dadi dasaring  urip.
BAB NYAWA
Kang aran nyawa iku kedadian saka telung bab, kang isih kena diowahi lan
kena gingsir yaiku :
1. Iman  , manggon ana ing pulung ati,
2. Pamiarsa  (pangrungu) dumunung ana ing kuping,
3. Paningal,  dumunung ana ing mripat.
Mula telung bab iki diarani nyawa, sebab asale saka banyu, mongka banyu iku bisa owah gingsir, ora bisa tetep ajeg panggonane. Dadi kuwajibane uga ora tetep.
SUKSMA
Kang aran Suksma iku kedadian saka limang bab, kang ora bisa owah gingsir yaiku :
1. Roh  , dumunung ana ing uteg,
2. Napas,  dumunung ana ing jantung,
3. Budi,  dumunung ana ing sanubari,
4. Pangrasa,  dumunung ana ing waduk (weteng),
5. Pangambu,  dumunung ana ing irung.
Limang bab iki diarani Suksma, jalaran asale saka angin. Nyatane angin iku kahanane kang tetep ora tau owah gingsir. Jagad iki sakisine kabeh wiwit sakdurunge dumadi wis kebekan dening angin. Mula suksma iku uga ora bisa owah lan ora bisa gingsir sebab asal saka angin.
Anane manungsa nganggo badan, anggota, nyawa, suksma jalaran deweke kanggonan pirantining urip wolung bab, yaiku : Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa, Pangambu, Paningal lan Pangrungu.
Dene liyane iku klebu ing golongan kang kasar, yaiku kulit, daging, balung lsp, yaiku kang asal saka Bapa Biyung, mula diarani badan kasar (wadag) sebab katon wujude.
Yen kang asal saka Pangeran yaiku wolung bab mau, sanajan ora katon ing mripat wadag nanging ana buktine, dumunung ana ing badan (raga) nyawa lan suksma.
Dene salugune badan, nyawa lan suksma mau ora bisa lumaku, yen ora sarana obahing keteg, dene obahing keteg iku jalaran kena daya lakuning bumi, geni, banyu lan angin. Patang bab iki anggone bisa tumindak, sebab saka kenadayane Swasana, kaya kang diterangake mau, bab jagad kebekan dening angin, ya swasana kang ngebeki cakrawala iki, mula diparibasakake alus tan kena jinumput, gede ngebaki jagad.
Dadi ceta lan terang, dumadining manungsa iku kang pokok saka dayane swasana, dene swasana iki kang dadi lantaran dumadining manungsa iku dibagi dadi rong bab yaiku: swasana kang tumuju ing jaba badan, lan swasana tegese hawa kang kumpul, Swa tegese panggonan. Dadi terange tembung kumpuling hawa.
Dadi swasana kang tumuju ana ing jero badan, Swa tegese umur, Sana tegese panggonan, wutuhing tembung panggonan umur, dene umur iku dumunung ana ing Napas. Dadi uriping manungsa iku sebab nganggo Swasana kang dununge ana rong panggonan, yaiku ana ing jaba lan ana ing jero badan. Dadi ora bisa nganggo saperangan bae, kudu jaba lan jero. Yen mung nganggo sebagian bae mesti ora bisa urip banjur aran mati.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar