English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Sanasunu

SERAT SANASUNU
PUPUH DANDANGGULA
1. [h.1 ] Awigenamastu namasidhi, sinidaha dera sang murweng Rat, kang anglimputi sarate, dening alan mahayan, makirtya ring karang palupi, lepiyan kang mpadya, damadya wuwuruk, ing suta wayah priyawak, sinangkalan Sapta Catur swareng Janmi, jananis kama¬ dama.
2. Kamadama maneksa [h.2 ] mamerdi, sanggyaning kang ngatmaja wus werda, widada asawadine, mardi mardi yang sadu, sadarganing darsaneng ngurip, ngarep¬ parepa arja, ajaring tumawuh, tuwuh tarlin sakariya, ya marmanta mandaya madaneng wangsit, wasita winata¬ra.

3. Watara ing tutur amertani, marta tama temen tinumama, katamana [h.3] ing tulaten, tula tula tumulya, tetela atelah halali, tali kang winenangna, ponang kang amangun, ya sadi pureng mangaran, wetyaning nglingkeh sanggya anak putu mami, yen kileksanakena.
4. Muhung kinarya pangeling ngeling, laku lalakoning ngagesang, sun karya rolas warnane, warna [h.4 ] ingkang rumuhun, elinga yen tinitah janmi, kapindho ngkang warna, elinga suteng sun, yen sinang sandhang lan pangan, warna ingkang kaping tri sira den eling, yen kinon angupaya.
5. Ing wetune sandang lan rijeki, akasal basa hing tapak tangan, kaping sakawan warnane, parentahe ing Ywang Agung [h.5] kinon Islam anut Jeng Nabi, Rasul nayakaning rat, warna ping limeku, busana lan pakareman, warna kaping nenem sira den eling, lakuning pawong mitra.
6. Akekancan sasamining janmi, dening warna ingkang kaping sapta, yen aluktin ning wismane, yen turu, yen lumaku, kesah saking wisma nireki [h.6] warna kang kaping ngastha, kurmating tatamu, kaping sangan ingkang warna, wetuning hing myang wetuning marang Gusti, salamining ngagesang.
7. Warna kaping sadasa tinulis, yen tinitah sira mring Yang Suksma, gedhe kelawan alite, kaping sawelasipun, dena eling titahing Widhi, sudaning kang darajat, gingsiring kang [h.7] rahayu, apa ingkang dadya sabab, warna ingkang kaping rolas, dena eling obah osiking jagad.
8. Jangkep kalihwelas ingkang warni, nahan warna kapisan kocapa dena eling salamine, yen tinitah sireku, saking ora saking dumadi, dinadekken manusa, metu saking ngenar, rira jeng nabi Muhammad [h.8] katujane nora tinitah sireki, dumadi sato kewan.
9. Den agedhe sokur rireng Widhi, aywa lupa sireng sanalika, den rumeksa ing nguripe, den madhep ing Ywang Agung, dena pasrah aywa sok serik, manawa ana karsa, krep ta pinundhut, ngaurip wasana lim, tantertentu [h.9] cendak dawaning urip, aywa acipta dawa.
10. Aywa cipta cendhaking ngaurip yeku dudu ciptaning kawula, dewa andhak wus papancen, mung cipta asuteng sun, mati ana sajroning ngurip, mangkono pan wiwenang, cipta kang saestu, madhep kumawuleng suksma, tan [h.10] sumelang ananira saking [Widdhi\widagdeng] cipta maya.
11. Gantya warna ingkang kaping kalih, linairken sira aneng dunya, sinang sandhang lan pangane, yeku sires den emut, tuwa sandhang kalawan bukti lahire kang manusa saking garbeng ibu, jabang tln barjur dinulang, sayektine sandhang popok kang rumiyin, ya sandhang ya bakdannya
12. [h.11] Iya pangannya lok rijeki, karo iku apan tatariman, saking Ywang kang ngamurbengngrat, bakdan¬nya garwanta tuwa, yeku ingkang milu urip milu mati, dek garwanta taruna.
13. Bok rijeki [h.12] iku apan dadi, kuwat panganti anti ngagesang, lire den bisa momongi, aywa to kongsi mutang, yena purih tariman kalih,lungane luwih rikat, lir kilat sumemprang, tan bisa astuti sira, rangsang rungsang wuh rusak badan mriki, nistha brongta mangarang.
14. Ranges rungu rongeh muring muring, [h.13] rin ngalir asalah graita, yen sisip sisip tembire, nir ngandhar tuna, gayuh gayuh luput, saking tan betah tinilar, ing garwa ro temah ngrbut den lakoni, ing garwaning wong lyan.
15. Nguthil methet anyolong memaling, yen konangan atombok [h.14] umurnya, kaesi esi patine, lir sato gumalundhung, marna kabeh dipun pakeling, pamomong ing tariman, den watareng kayun, sih ana ing sawatara ngaywa karo kongsi lunga purik, yen abanget sihira.
16. Mring kakalih tansah amangun sih, papasiyan sumangku [h. 15] satata, mong waraga karaayane, nutug-nutugaken kayun, lali marang kang narimani, katungkul ambaruwah sumungkem-mungkem, yen mangkono nora kuwat, badanira apes ingkang sira panggih, tan bisa lumaksana.
17. Minggeg-minggeg kawaregen kalih, yen lumaku banjur kajengkelang, tiba galundhung pirange, [h. 16] kabentus watu ajur, kojor tibeng nisthaning nisthip, papa tampa pataran, kapiran kapatul, yeka ta awya mangkana, den andheng aywa kebangeten kang asih, mring rijeki lan dannya.
18. Nahan warna ingkang kaping katri, parentah ing ywang kinon ta sira, angupaya ing wetune, sandhang panganireku, akasaba [h.17] metuwa saking, ing tapak tanganira, pan utamanipun, wetuning karingetira, nora kurang panggawehaning donyaki, wetuning sandhang pangan.
19. Wawatesaning ngupaya bukti, yen wong lanang amikul ing salang, wong wadon gendhong senike, bareng ngupayanipun, gendhong mikul jalu lan [h.18] estri, yen lagya pesing badan, badane kalanan, sinungkas dera Ywang suksma, angupaya sandhang pangan teka gampil, yen gampang den waspada.
20. Sangkaning arta yen prayogi, aywa arsa sanadyana kathah, yen durung sah aywa pinet, sathithik yen panuju, den kakalih amburu kasil [h. 19] liring pakolih ingkang, sah teranging kukum, tuwin ta wawekasing wang, yen akasab mrih upajiweng ngaurip, aywa nganak¬en arta.
21. Nora arus nadyan enggal sugih, ing wasana sira manggih papa, kapapas wara warise, saking para lulu¬hur, kasab iku ingkang utami, amongtani sasomah, gaga anenandur, akeh [h.20] warnane akasab, lakanana den taberi den nastiti, abot wong golek pangan.
22. Aywa ngenthengken agolek bukti, pae sato kewan tanpa ngakal, golek pangan mung angkane, mara banjur bara¬kut, sulcet gadhong kang den gayemi, beda lawan ma¬nangsa [h.21] saking ngakal metu, yen tan oleh tan mangkana, kanengkene yen tan mengkene tan olih, kang mengkono antuka.
23. Lamun antuk angupaya hasil,dipun ageng panarimanira, sukuraning Hyang nikmate, aywa dumeh sirantuk, amang kedhik kasabireki, pan iku paparingan, nugraha Ywang Agung, pinaringan pira [h.22] pira, luhung ngendika tan bisa olel: basil, kasabe papa riman.
24. Yeku satengah tan den paringi, rahmating Ywang pinugel ngamalnya, ten dinawaken ngamale, kasabe wus pinulung, kapolang palang tan olih, labet wahyu kinebat, ngakale binawur, dak bocahe kurang ajar tuwa tuwa katula [h.23] dhina hung iblis, lapak tan amicara.
25. Lamun amicara sayekti, nora bisa agaga sawah, dadiya tukang myang pandhe, sayang sasamenipun, yen tan bisa manjaka dhingin, abot enbtheng pan kathah, pakaryan¬ing manusa, utama yen angawula, angapedhar kang pethel angiring ngiring, sarta jujuring manah.
26. [h.24] Marma eling eling den pakeling, anak putu padha mamangsoa, yen kawula sru apese, aywa dumeh tinunggu, bapa biyung misih ya urip, angabdi ing Narendra, sapatuti cukup, yen mengkono ciptanira, badi rupak gopok, tan micaring ngelmi, angegungken taruna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar