1. Ron kamal mongka bubuka
baku ning sëdya ngluluri
kakarangan ing Nararja
kang kontap satanah Djawi
je ka ta Sang Wirasti
Pangran Dipanagara nung,
denira sampun srëdda
mengëti lakjan pribadi,
wiwit kerëmira ring reh ing agama.
2. Derek ejang-bujutira
Djëng Ratu Agëng winarni
dëdëkah ing Tëgalardja
surud ing bujut lëstari
neng Tëgalardja maksih
Pangeran sangsaja mungkul
marang reh ing agama:
kang sinëdyarsa ngajomi
sadaja ning kawula kang tyas raharja.
3. Baja wus karsa ning Suksma
Pangeran Dipanagari
këdah mumuri kang ejangbujut
mapan karsaneki
karëm marang agami
dadya sulaja puniku
lan kang ejang Djëng Sultan Hamengkubuwana II
dadya awis sowaneki
mung garëbëg punika kang mësti ana.
4. Suprandene këdah mëksa
ngalap dosa agëng iki
saking djrih datëng kang ejang
tanapi datëng sudarmi
nanging ing tyas pribadi
mung agami karëmipun
mangkana Tëgalardja
langkung duk kang ejang swargi
kang ibadah tanapi katah ing tijang.
5. Miwah ingkang wawangunan
sadaja apan wus salin
Kangdjëng Pangran namanira
lamun alalana iki
nënggih Seh Ngabdurahkim
kalamun aneng pradja gung
Pangran Dipanagara
dadya anama kakalih
ingkang juswa sampun kalih dasa warsa.
6. Namung pëkir karëmanja
wau ingkang denlampahi
mangkana tjiptaning drija
ing sijang kalawan ratri
sapira neng dunjeki
dadya karëm ing tyasipun
maraiig Purba Ning Suksma
nanging sipat ngaral maksih
asring kenging ginoda datëng wanodya.
7. Jen kala engët tyasira
marang wëkasan dumadi
nul ja kesah alalana
andjadjah sagung ing masdjid
apan nunggal lan santri
kang katah-katah puniku
langkung amati raga
angagëm kang sarwa gaib
marmanira awis kang djanma uninga.
8. Lamun iku kadëngangan
dumatëng guru ning santri
Seh Durahkim nul ja kesah
namung kang denkarëmëni
tunggal lan santri alit
lan kang samja nistanipun
lamun neng pamondokan
marmanipun ngalih-ngalih
jen wus bosën pasantren ngalih
mring wana.
9. Gunung djurang parang guwa
trëkadang urut pasisir
kalamun wulan Ramëlan
ngudjalat guwa kang sëpi
mangkana kang winarni
aneng Sor Kamal panudju
Seh Durahkim punika
lënggah neng djro guwa sëpi
lingsir dalu tjoba ning Hjang
nulja prapta.
10. Kalangkung awarna-warna
tjoba ingkang andatëngi
Seh Ngabdurahkim samana
wus tan darbe tingal kalih
namung marang Hjang Widdi
tjoba wus musna sadarum
nulja ana kang prapta
djumënëng ngarsanireki
djanma prija tjahjanja sa wang
purnama.
11. Awasta Hjang Djatimulja
sajëktinja Sunan Kali
Seh Ngabdurahkim samana
tjëngëng denira ningali
nulja ngandika aris
eh Ngabdurahkim sireku
wus pinasti Hjang Suksma
lamun sira iku bendjing
dadi Ratu Ngerang-erang nuli musna.
12. Samusnanja Sang Pandita
pungun-pungun Ngabdurahkim
kalangkung gëgëtunira
dene tan ngantos ngabëkti
endjing nulja lumaris
lampahnja andjudjur gunung
tan ngetang pringga baja
sarira wus tan katolih
kang kaesti amung sihira Hjang Suksma.
13. Nusup-nusup lampahira
mudun djurang munggah ngardi
tan ana ingkang sinëdya
langkung wujung ing tyasneki
lamun sajah lumaris
sare sagen-ënggenipun
samana sampun prapta
ing Bëngkung Seh Ngabdurahkim
ladjëng kendël ngantos angsal
pitung dina.
14. Seh Ngabdurahkim was tëdak
dumatëng masdjid Magiri
pan arsa salat Djumungah
apanudju samja prapti
sagung kang djuru kuntji
pan arsa salat sadarum
kagjat samja tumingal
tanpa ngling mring Gustinéki
pan kumrubut samja tur salam sadaja.
15. Sabakdanira Djumungah
sagung ingkang djuru kuntji
apan samja ladjëng kurmat
ing sagada’h-gadahneki
dadya njare sawëngi
neng masdjid Djimatan iku
endjing anulja pangkat
Seh Ngabdurahkim lumaris
turut Iepen ika ladjëng munggah ngarga.
16. Prapta ing Guwa Siluman
ladjëng anjare sawëngi
endjingnja nulja lumampah
nut irah-irah [arah-arah?] ing ardi
samana sampun prapti
Seh Ngabdurahkim puniku
Guwa Sagala-gala
anulja dipunlëbëti
kalih dalu njare neng Sagala-gala.
17. Endjing anulja lumampah
ladjëng andëdër kang wukir
Guwa Langse. kang sinëdja
dirgama wus tan kaesti
samana sampun prapti
Guwa Langse lampahipun
Seh Ngabdurahkim nulja
nengriku amati ragi
awatara neng guwa satëngah tjondra.
18. Ngëningakën ingkang tjipta
wus sirna sagung kaeksi
Seh Ngabdurahkim samana
mung kantun rumëkseng urip
urip rumëkseng diri
diri wangsul urip sampun
kang urip kaja-kaja
sampun tan këna wiharni.
kawarnaha ingkang ngadaton samodra.
19. Djëng Ratu Kidul was prapta
neng ngarsa Seh Ngabdurahkim
mapan padang djro ning guwa
nging Djëng Ratu wus udani
lamun Seh Ngabdurahkim
lagi suwung tjiptanipun
datan kenging ginoda
dadya umatur ubanggi
lamun bendjing tëkeng mongsa
bade prapta.
20. Nanging Seh Ngabdurahkim
mijarsa datan ningali
Ratu Kidul sampun musna
mangkana Seh Ngabdurahkim
wus utjul tingalneki
man tuk bongsarijahipun
endjing nulja tumëdak
dumatëng Parang Taritis
ladjëng siram anjare Parang Kusuma.
21. Pitëkur sesenden sela
lajap-lajap duk mijarsi
suwara mapan mangkana
efh hja ta Seh Ngabdurahkim
ngaliha araneki
Ngabdulkamit ta sireku
lan maneh ingsun warah
kurang tëlung taun iki
ing bubrahe ija nagara Ngajogja.
22. Apan wus karsa ning Suksma
wiwit bubrah Tanah Djawi
ija iku tëlung warsa
lamun sira iku bendjing
apan ija pinasti
dadi lalakon ing besuk
ingsun aweh pratonda
marang sira Ngabdurahkim
panah Sarotama iki siranggowa.
23. Lan maneh wëwëkas ingwang
lawan sira Ngabdulkamit
lah poma sira denjitna
lamun luput iku bendjing
ramanira tan dadi
ananging ta wëkas ingsun
Ngabdulkamit mring sira
jwa gëlëm sira kinardi
ja Pangeran Dipati marang Walonda.
24. Mapan wus pasti duraka
nanging ta ramanireki
Ngabdulkamit djaganana
ënggone djumënëng Adji
tan ana malih-malih
mung sira sarananipun
mapan iku tan dawa
namung kinarja luluri
Ngabdulkamit wus poma sira muliha.
25. Bjar wungu padang tingalnja
tan ana djanma kang angling
ladjëng tumëngeng gagana
wontën tjumlorot lir tatit
tiba ngarsanireki
tumantjëb ing sela iku
nënggih Ki Sarotama
sigra pinundut tumuli
bjar rahina Seh Ngabdulkamit lumampah.
26. Kinandut Ki Sarotama
pan ladjëng urut gigisik
kendël ana ing Sawangan
sakëdap nulja lumaris
prapta Lipura iki
ing Sela Gilang puniku
njare sadulu nulja
endjing pan ladjëng lumaris
prapteng Guwa Sëtjang kendël
Djëng Pangeran.
27. Anjare sadalu ika
endjing pan ladjëng lumaris
kondur marang Tëgalardja
samana pan sampun prapti
ladjëng denbusanani
Ki Sarotama puniku
rineka tjundrik ika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar