English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 19 April 2010

Serat Catur Kanda

DHANDHANGGULA

Catur kandha kang pinurweng gendhing
dhenira sang kasubing rat kithal
kithung sabarang gawene
winuwuhan ning bingung
banget bodho budi taliti
ing dhelap handhaluyah
salamining tuwuh
tuwas wis sinambat esak
kasok kurang ngakal nalutuhi
marang Sang Trusing bisa.


Basakkena ing ngujar pamanci
kumaya kaya mangun cirati
ing gendhing nging Sang katenben
weruh tembunge wuruk
kumasengka hayengkut tulis
patilasaning kuna
kang sami hanyatur
raken sejarah Oliyah
ing sabrang ing Jawa kang winuri nuri
malar hantukka barkah.



Barkahe kang rinipta ing tulis
tulusa amanah pacandhiyan
ning kang luhur martabate
betah amaos tutur
tatrapang neng pandum pamilih
malak mandar katungas
sangating Yang Ngagung
hanggugonana pri esak
ngangsupenna ing tung-tung piniti kapti
pemah wekasing gita


Purwa Nabi Muhammad sisiwi
ayu terus manah kasuciyan
Dewi Patimah jenenge
antuk krama wong ngagung
kang mashur mancanning Yang Widhi
Maha Baginda Raja
Ngali jenengipun
waliyullah kang utama
gustining alulkak amirul mukminin
nuli kagungan putra.


Maharaja Kusen ingkang sahid
kang suhud natagama nibuat
anuli miyos putrane
nenggeh ingkang wulangun
Imam Anglam lenal ngabidhin
budhi anata islam
karana Yang Ngagung
nuli miyosaken putra
Jenalkubra sinebu Tajussalikin
pon bangsa waliyullah.


Nuli puputra Jumadhilkabir
ratu agung mulya pinandhita
aneng kuswah negarane
nuli iku susunu
Raja Ngumdah Ratu ing Mesir
mapan ika puputra
Baniisrail Ratu
Sultan Kut ing namanira
Ratu abala Ratu ing Baladh Mesir
tan nana sawalaha.


Raja Ekut aneng Banisrail
Apepatih rayine kang nama
Patih Ngunkah pan jenenge
salaminira lungguh
ratu ana ing Banisrail
kang kakasihipun
Sultan Kut pramila nyebar
potusan ngulati babakalan rabi
angsaja ingkang simak.


Kelawan garwane kang wus mati
juweting pangulatan wus mendhak
instri nenggeh babaktane
wong kajji ingkang rawuh
saking Pajajaran kang nawi
Cakrabuwano ingkang
kalih rayinipun
istri nama Rara Satang
hiya iku rupane kang hangemperi
dhateng kang garwa Sultan.


Garwa Sultan kang sampun nagemasi
kaya ta urip maning dhuk ana
Rara Satang tinemune
jar si Rara punika
putrinipun jeng Siliwangi
ingkang kabekta kesah
kaji ing sadhulur
kang nami Cakrabuwana
sebab dening ing Pajajaran kasesih
dhumeh remen ing islam.


Pramila karo mralalu kajji
tambuh ing manah amurang lampah
kalanira tinemu
lan potusan sing Banisrail
kalangkung ingormatan
dhenira sang nemu
pinituturan yen kersa
sang ngapatikbra Sultan ing Baniisrail
akarsa pinanggiya.


Kalayan dika sakalih sami
ingandikanning karsa Molana
ing banisrail pernahe
yata sakalihipun
dhatan kangkat langgana budhi
sami anuting karsa
nira sang Popatus
tan kacarita ing marga
kocapa sapraptane mring Banisrail
Sultan Kut rena-rena.


Ninggali sang nembe prapti
adhan Molana gupuh priksa
he sira kajji sakaro
sapa kang duwe sunu
lan metu sing negara ngendi
lan sapa aranira
kang liningan matur
ngabdi dalem putra raja
saking Sundha pramilanipun na kajji
saking sanget katiwar.


Dhatan angsal sihing rama aji
dhumeh kawula mlebu islam
asanget dedhe karsane
karanten rama prabu
maksih Budha dereng atampi
agami Rasulullah
pramilaning bendu
dhumateng jasad kawula
Sultan Nekut pangandikane lah ngendi
kang nyelamaken sira.


Cakrabuwana matur wot sari
kawula sami malebet islam
wau dhateng ngayunane
Kanjeng Molana Guru
kang wonten ning wukir surandil
kasebat naminira
yen Molana Guru
ilapi ingkang peparab
kang paring tudhuh lampah kawula mriki
ngunjungi kabatullah.


Wondening wasta kawula lahip
nami Sundha pun Cakrabuwana
dhupi punika sadherek
istri ingkang sinebut
rama ingkang njejuluki
dhipun undang pun Satang
lintang bodho bingung
sang Maha Sultan ngandika
iku sadulurira wadhon saiki
sun jaluk sukanira.


Dheng rila kalwan ati putih
sun pundhut arsa sun kantha garwa
Cakrabuwana sembahe
ing karsa dhalem katur
supadhos rehing sampun nakil
sumangga pitarosa
pyambang jeng Sang Prabu
dhumsteng pun nadhi Satang
awon panedhtan kilap karsa sang Ngaji
Sultan Kat hangandika.


He ni wadhon Satang dhen sejati
pakanira sun pundhut ing suka
ing mangko seja sun gawe
rabi ingkang satuhu
Rara Satang tan kangkat ing ling
ing rembe ing kaweran
pangraweng nging ratu
sudhi nampar kawias sarsa
sang nata sampun ngertos inggeking istri
bilih amageng wirang.


Kandika ya insun arep nyepi
ing lalambunging gunung Tursina
ing kana ana jurang jro
suci pajenanisun
prajanjiyan lan sira nini
prayoga aneng kana
lan iku sadhulur
rira lanang kon tut wuntat
kalawan pangulunipun Jalalludhin
ngapingana kang tebah.


Adhan wiyose maha narpati
saking pura Banisrail ngelan
sapandeleng ing tebahe
sampun ning kana rawuh
anjejep birahining pambrih
anaros ing Sang Rara
dhuk ambal ping telu
sang tinaros awacana
purun kawula pinantha jatu krami sainggah
dhinuluran.


Dharbeya pecil jejer kang mangkin
iyasa amuter Pajajaran
amekasana Budhae
amimitana laku
iman islam kang sejati
lah uen tanggoh Sang Raja
dhumateng panuhun
kawula kadhi mangkana
inggih tan wandhe jiwa ragang lampahi
ing sakarsa paduka.



S I N O M

Sang Maharaja kalintang
kewuhan marganing pambrih
sakedhap leng-lenging tunggal
dhatan nantara tumuli
wonten syaraning uni
saking jujurang karungu
basane sanggupana
iku panuhuning ngistri
pan wus mangkana janjinira Yang Sukma.


Tumunten Sang Maharaja
kandika ya sun sanggupi
nalika nabda samana
syaraning ketug nyahuri
saking lambunging wukir
Tursina ambal ping pitu
adhat teng gunung ngika
lah yen ana wong prajanji
kang kadhukuran ketugnya mangurawang.


Wusing tutug prajanjian
sami mantuk dhateng puri
enulusaken keng karsa
wonten palandaning masjid
kahormataning  kawin
Sang Ratu Agung ing riku
sabadaning kang karsa
akasukan sujang ratri
para raja kang kadep ana ing kana.


Rara Satang wus panindha
jenengening prameswari
ing Banisrail nagara
nami Saripah Mudhaim
kalangkung kinasihi
angre pawistri ing wau
caremming jatukrama
ika sampunna garbini
nyidham kaworan salaminira wawrat.


Kang raka Cakrabuwana
pon lami ing Banisrail
ipe-ipe kumawula
paparape wus den alih
sinebut nami kajji
Ngabdullah Dhuliman estu
tan kocap laminira
ingkang bobot sampun lair
Nyi Mudhaim priyayine lanang.


Sultan langkung rena-rena
ninggali dhateng prayayi
wulagang gelaraken tata
adhat aneng Banisrail
layen wonten prayayi
mungel tangarana ratu
gamelan kang winastan
ika sang Tanyal Hibrahim
lan ungeling bedhil mas obar kastuba.


Nabanjengira munya
prayayi wus den wastani
Sarip Hidayat kang nama
kalangkung kinasihi
ing karsa sang narpati
malah ing nalika wau
yuswanipun dumungkap
pitung sasi binekta mring
istana ingkang Madhinah Rasulullah.


Yen kitsa aneng Jawa
ing mangsaning tedhak siti
punika dhateng Madhinah
Maha Sultan Banisrail
dhuk andodonga maring
kalaratira Jeng Rasul
anametiking karna
abaning mangsit yen iki
anakira gadhang angratu ing Sundha.


Amet pusakaning bujang
ora angratu ing Mesir
sakedhap Sultan ken tan
ing prajanjiyaning dhingin
sukur maring Yang Widhi
satutuge karsanipun
nunten sami abubar
mantuk dhateng Banisrail
lan kocap lamine kang mageng wibawa.


Ken Sarip Hidayatullah
lamining timur tununggwing
kan uwa Cakrabuwana
ingkang ajejuluk kajji
Ngabdullah Dhulngimani
ing Banisrail tinunggu
ing puja-puja brata
lami-lami angadhem
Nyi Mudhaim apuputra malih lanang.


Winastan Sarip Nurullah
kang langkung kinasihi
dhenira kang rama sultan
pon duk yuswa pitung sasi
binekta ngujung maring
kang ngastana Kanjeng Rasul
nalika Maha Sultan
andodhonga dhipun wisik
dhening sawara yen ika anakira.


Kang enom iki kang gadhang
angratoni aneng Mesir
amet pusakaning bapa
Sultan sukur ing Yang Widhi
satutuge anjati
nunten sami bubar mantuk
tan kocapa lamining urip
Kaji Ngabdullah iman nekeseja.


Dhumateng kalarat Sultan
yen pinareng wonten idhim
kawula amit sumeja
tinjo dhateng nusa Jawi
bilih mangke sapalih
sapratigan sami anut
dhateng agami islam
Maha Sultan anduluri
ing sakajaten ipe Cakrabuwana.


Adhan saking Kajji Dhuliman
intare sing Banisrail
sampun sigra lelayaran
kampir ing pase nagari
ambarja manga ngelmi
ing ngarsa Molana guru
ing Pase ingkang nama
Sekh Molana Dhatuk Sidik
musawarah mangripat karana Allah.


Malah lami aneng kene
Ngabdullah Dhuliman mangkin
wus katela ing pranama
ing sabaring dhipun wastani
dhening wong pase nami
Pangeran Gagaklimayu
rehing tansah aneha
karamate narambahi
mandi kandikane ing sabarang tingkah.


Ing pramila  ingormatan
tus dadhi araga sukma
tan kena kongkulan dening
sesamaning dhumadi
lamining lami tumulus
ika Pangeran Gagak
lumayu mantuk ngajawi
lalayaran wus labuh
ingkang baita.


Sampun ngingsik polatan
enggen patapanna manggih
gugung kang pedhek sagara
ika prawastaning wukir
katelah kang mastani
namanipun gunung Sembung
adhan sira pinapar
kang gunung dipun saeni
wus sinungan yasa dhalem pakikinan.


Nuli senebut ing yasa
Hardi Ngamperan kang nami
sejane Pangeran Gagak
lumayu bilih menawi
kaponakan ing Mesir
besuk kembene arawuh
yen karsa angajawa
aja liyan parna iki
kang dhen enggo ing besuk kumala sepa.


Kumalasepa ing Allah
ming lahir tumekeng batin
dhen gaweya kasuciyan
cagare astana benjing
lamining lami nuli
Pangeran Gagaklumayu
ika angsal akrama
putrinipun Kanjeng Kyai
Kuwu Cerbon dhalem Kuwu Srimangona.


Ika kang dhedhalem ana
ing kuloning Siti Dhengklik
sabab karaton kanoman
ing waktu samono masih
dhurung ana gatraning
kraton meng pakuwonipun
Kanjeng Sarimangona
kang kagungan putra istri
kang peparab Nini Kencanalarang.


Ingkang kagarwa dhenira
Pangeran Gagaklumayu
careming ngajatukrama
ika sampun namutrani
istri dhipun wastani
Nyi Pakungwati kang iku
pinarma kudhul wetan
Parek Jalagra anami
dhalem agung sabat kraton Kasepuhan.


Dhek samona durung ana
masingkat ingkaning puri
anging ika dhepokira
Kanjeng Nyai Pakungwati
lami-lamining urip
ika angadhepi jalu
Nini Kecalalarang
iku amurtani malih
kocap Pangeran Cerbon kang nama.


Ingkang minarma magena
kali kakine Jeng Kyai
Kuwu Cerbon ika pernah
adhalem ing pakuloning
lemah wungkuk ing ngapti
ing saguna gatinipun
pon Jeng Kuwu nalika
samono kawite tampi
ingkang aran pa agama Rasulullah.



K I N A N T H I

Pangeran Gagaklumayu
amandhita maha puri
ana ing hardi Amparan
kagiri-giri kang ngungsi
ing iman kalawan islam
wong sabrang carub lan jawi.


Ing kana sami angriyung
apa dhudhune bupati
sembah ing kawula bala
dhupi kapir arsa maring
sang ratu ing Pajajaran
dhen kang putra wus dhumeling.


Ing karamtira unggul
ing sa-Sundha angoceki
dhadi isih mananira
gegele sang Sribupati
payung lan telan kendhaga
dhumawah dhateng kang siwi.


Pangeran Gagaklumayu
sinangkakaken nalinggih
Ariya Satang lumajang
sinung cecangkok pasisir
awit gunung Kromang ngetan
wates kali Cipememali.


Ping ngalore ika tepung
wates lawan Ratu Junti
ping ngidhule Cerbon girang
mung semono ingkang nami
cecangkok Cerbon kuna
pangambate iku akir.


Arya Lumajang kang mashur
amangku pala pasisir
naban tahun pajegira
serasi ingkang katiti
ming pura gung Pajajaran
dhumugi lamining lami.


Arya Lumajang ing ngriku
selamine hambupati
orana liyan pangajab
kaponakan kang ing Mesir
dhen karsaa angejawa
sumeja sun kabekteni.


Lawan kabopatenipun
sun pasrahaken ta benjing
menawi uga kadhungkap
Cerbon angreati benjing
ming wilayat Pajajaran
mimitana ratu mukmin.


Lami-lamining tumuwuh
tumuli ana ngrawuhi
putane Sultan Bagedhad
mapan tedhak Kanjeng Nabi
nama Sayit Ngabdulrakman
kalih ingkang wargi istri.


Kang nenggeh peparabipun
Siti Bagedhad kang nami
kauni je Prabu Rara
lan kaponakan sawiji
ingkang nemba namanira
punika Sekh Dhatuk Kapil.


Marmane sami arawuh
ngajawa ya ika saking
kabendon dening kang rama
pramila anglalu pati
ngambangaken kapal tiga
sabalane dhen gawani.


Sebabe sami angratun
ing Cerbon sila bedhemi
ing ngarsa Arya Lumajang
nunut suka manca bumi
wus sinukan lampah manca
praja wus kajiwa bumi.


Ing panjunan gen kumpul
Sayit Ngabdulrakman nenggeh
ketela ingkang pranama
Pangeran Panjunan Lewi
pandhina gung ginatama
balane kagiri-giri.


Mawi pacalangsal dhedhu
masih ika anitihi
adhating ratu Bagedhad
wus angadhegaken masjid
ing panjienan tur kinarya
bar jumangate berdhiri.


Sebab duh semono iku
dhurung ana masjid-masjid
masjid dagung dhurung
Panjunan kang rumiyini
wateking pandhita ganas
ora angringi Jawi.


Angaangge sakarsanipun
ora mawa tari-tari
jengger lan sabalanira
padha angkuhe dhumadhi
angratu sabalanira
ora nganggo tata kering.


Adhat sabrang ngejor nepsu
tingkahe sabagi-bagi
ngungkuli rerekan Jawa
adhat Begadhad den siti
sang Lumajang tan picul
ing ngadhat Begedhad sami.


Ing sakarsane den eludh
dhadi ika sanget ngancik
wus urana liyan seja
pyambake niyat ngratoni
mila ing praciptanira
Kuwu Cerbon semang ati.


Lan sapalih sapratelu
ingkang sami medhak maring
ngarsa Sunan Kalijaga
nuhun kamit kamajati
punapa punika ingkang
gadhang angratu ing riki.


Kandikane pangulu agung
dhudu iku kang sejati
krana iku wong Bagrdhad
tan duwe waris ing riki
sepi ing pangurayangan
titenana lamun benjing.


Ana kusuma kang rawuh
tedhak Rasul bangsa Mesir
ing pagurayanganingwang
iku kang waris ing riki
ngamet pusakaning biyung
tan kilap karsa Yang Widhi.


Wene ingkang sami nungtung
wangsit dhumateng Sang Wali
bungko ingkang ngapaparab
Sek Lemabang tinakeni
punapa punika ingkang
gadheng angratu ing riki.


Kandikanipun Sang Luhung
dhudhu iku ingkang waris
iku kusuma Bagedhad
tan duwe waris ing riki
ora bedha awakingwang
wong ungsen tan gadhah waris.


Tan bedha Pangeran Makdum
kelawan Molana Magrib
iku ungsene kusuma
saking negara Andalis
tan duwe waris ing Jawa
mangkono purba Yang Widhi.


Dhupi ing wetan tumuwuh
Sunan Bonang sabat waris
amet pusakaning biyung
ibunipun saking Jawi
putrine Ki Arya Tuban
mamane angadheg aji.


Sarta secangkoking ibu
Praja Tuban kang dhen titi
ora ngambat sakalpika
opa maning Sunan Giri
pon ya pusakaning biyang
ibunipun saking Jawi.


Putrine dhipati ratu
Balangbangan kang sejati
marmane angodheg Sunan
ingkang sarta cacangkoking
ibu praja Balangbangan
ora angambat sawani.


Dhupi Sunan Kali iku
atunggal pusaka Tuban
ramanipun Wilatikta
putrane Ki Arya Tubin
cacangkoke iku ana
ing Wilatikta nagari.


Supaya ora dhen tunggu
dhemen ngumbar mempal keli
dhedhepok nang Kalijaga
Sunan Kudus mapan tunggil
mulane ngadheg Sunan
pon cacangkok saking Tuban.


Nininipun Sunan Kudus
kang ngethu rayining
Sunan Bonang hiyan nyata
marga purbaning Yang Widhi
amaningkaken kagungan
maris warise waris.


Lha iku purwaning weruh
wong Cerbon lakuning waris
sarta ing tekadh nyata
Pangeran Panjungan mangkin
mangsa ngadhega narendra
mangka ing lamine lami.


Bala Panjunan padhandhum
sasuka sukaning ati
humahumala dhesa
ing kajaksan aneng jati
ing Sembung ing Junti ama
ngidul ning Jepura nisih.


Nanging papretahanipun
sing Panjunan ikang niti
dhatan suka pinarentah
sabalane ika dhening
 liyane
bosa Panjunan
padha dhen belani pati.


Bala Bagedhad kalangkung
rempuge dhen nanduweni
pancakara lan wong Sundha
nuli sadhesa ngebyuki
ora andhapur urusan
janji repuke sakalit.


Yuswa kawan welas warsi
dhen gunem-gunem ingangkat
ing jenenge pangratune
mangka ing sawiji dhina
Sarip Hidhaayatullah
amanggih kitab tinemu
saking gedhong pasimpenan.


Kang ngatulis mas kang ngadhi
nengge kitab umulkalam
kang aricik kakekate
Mukamadhiya kang nyata
Nabi ingkang kiniga
ing Ngallah ingkang sinawung
tang antara lawan Allah.


Sakedhap sang Maha Sarip
wantune anom kannyaran
dhadi akersa manahe
ayun sira pepanggehe
lawan Jeng Rasulullah
enggal madheki kang ibu
basa jahamit polatan.


Mukamadh ingkang sejati
Ni Mudhaim sabdanira
Rasulullah wis sumeren
ing ngastana ing Madhina
sing dhimargane tinemu
sira aja lunga-lunga.


Kang putra esmune runtik
esmune tan kena cinengkah
Nini Mudhaim garete
sowara paring uninga
maring papatih agupuh
sanget nggenipun nanyengka.


Sampun putra anglinggani
pon punika raja-raja
sampun akempal arahe
ngistreni jeng Molana
putra kang dhen ingangkat
mangke jumenenge ratu
ing Banisrail nagara.


Kang cinengkah amangsuli
Apa karepe jeng paman
kula mangsa jeng ngakampoh
ajeng lunta paulatan
ingkang jeneng Mukammadh
patingunkah wuwusipun
Rasulullah sampun wapat.


Sing dhimargine pinanggih
pan sampun dipun astana
ing Madhinah panggonane
ingkang kubur Rasulullah
sang nginujaran nabda
boten kula cipta lampus
munggung Allah sipat murah.


Pinten dengune wong mati
pinanggih aken lan kula
poning Allah amurbare
wangun angel dhadi gampang
sarya ika akesah
nguluk salam alumayu
ngidhul pra sami dhen udhag.


Sinusul susul sing wingking
nging bandu kula santana
ora karuwan keplage
dhen ruru-ruru ing marga
mapan datan kapendhak
anggeyak alas lan gunung
prandene dhatan kapendhak.


Ganti mara kang ngulati
guwa peteng linebonan
ing jurang rejeng dhen gosek
sumawona pahumahan
wus pirang-pirang dhina
kang ngulati godhang ratu
kang anglolos saking pura.


Tan kocapo kang ngungulati
patut wong iko sedhadha
dhen tutupi paningale
dhenira karsa Yang Sukma
kocapo kang ngasadhya
angulati Kanjeng Rosul
Sang Anom mlebu wana.


Jurang rejang dhen leboni
sampun angsal tigang dhina
nusup ngayamalas nembe
amanggih omahing naga
gedhe kang mawa singat
nyalingkar lir pendah gunung
wisane mubal lir kilat.


Gebyar-gebyar memadhosi
napase gumrangsang kadya
mendhung lisus pangesese
sareng wus pedhek sang naga
sigra njengek tumingal
maring sang Anom kang rawuh
angakak akata jalma.

Sabdane sira wong ngendi
marene pan dudhu ngedhai
dudhu pasabaning wong
sang Anom sabda wangsalan
isun kaomba sasar
dhalan ing kene kapareng
sejanisun paulatan.


Ingkang dhiri Kanjeng Nabi
sang naga ika wacana
Rasulullah wus sumeren
dhen kubur aneng Madhine
mustakil katemua
sang Anom ing wuwusipun
ora sun ciptas pejah.


Munggung Allah luwih bangkit
munggung Allah sipat murah
ewuh apa dhen nagawe
anemokena kang pejah
kalawan raganingwang
sang naga getem emuwus
teka sira ketemuwa.


Kelawan dhiri Jeng Nabi
poma mengko aturena
salawat isun jatine
maring Kanjeng Rasulullah
wis age sira kenta
liwattana kuljum iku
lakunira dhe angginas.


Karanane kuljum miki
iku panggonaning setan
dhadya sang anom gerahe
lampahe kebat tangginae
watara sajumahat
lamine anglantrung-lantrung
anuju witing camara.


Warnanipun kaki-kaki
anangging maksih tangginas
kebat cukat ing tandange
enggal sira atatanya
e….. wong anom ta sira
sedhang tumaruna bagus
aneng kene nambuh apa.


Nestapa ing gon asungil
sang tinaya awacana
panadyaning manehage
kapanggiya Nabi Mukammad
mengmijan dika punika
sinten panjengandika.


Pianggih wontwn gen sungil
ing seja punapa karsa
dhatengipun saking kono
warninipun narenggosan
dhibedhag ning punapa
sang pandhita wuwusipun
isun ningkang panjenengan.


Maha pandhita ngipini
seja ngunjungi ngastana
Nabi Suleman nging kono
ing pulo Majeti pelag
singa aolih berkah
saking gon astane ika
sakarepe badhukuran.


Mayu padha angunjungi
menawi mengko ta sira
sakajatira gengser
katemu lan Rasulullah
marga saking astana
Majeti kang asung tuduh
sang anom aris ngandika.


Inggih simananten mandi
ing sapanabda jandika
inggih kawula handherek
sang ngipini asru ngucap
la mengko entenana
ing kene isun aruru
puwan nenggo pakan naga.


Karana pulo Majeti
iku nagane lelaksan
kang padha galak sakabehe
mulane isun renggosan
kapriyu dening naga
mung ngana siji kang estu
naga kang asih marang wang.


Ujare hanjaluk redhi
puwan kang akeh dhrapona
wuru sawuse mendeme
iku je mehoken sawang
sing kupiye kang dhadhya
sisireping naga agung
iku seja sun pilala.



P A N G K U R

Sang ngipini sigra kesah
patilaran puwan anepis wiring
let sadhina nuli rawuh
sarta ambekta puwan
adhan tumindak sareng sami alju
sang Anom kali pandhita
dhumateng pulo Majeti.


Ming astana Jeng Suleman
adhan ula kang ngasih wus kapanggih
ngopini gupuh apasung
puwan adhan tinenggak
dhening naga wusing wuru dhadhi metu
saking kupinge sasawang
enggal sira dhipun ambil.


Sawang ngika wus kaasta
wus ginawe sisirep naga sami
sabake sami aturu
ngijoni sigro lunta
kali sang Anom ming astana malabu
kang layon Nabi Suleman
gilang-gilang aneng kathil.


Jamaninipun waluya
ajaja jisime kang angrigrig
mandhangane kang rinasuk
dhening Nabi Sulaiman
selawase kabeh ora kena lusuh
anyar bae katingalan
gilang-gilang saya wedhi.


Tinon kang layon Suleman
kadhi mesem natyane larak-lirik
mangga ngucapa ing wuwus
anom sira miraya
kang tan awon aja sira campur pandung
iku singipini ingkang
pandhita seja mamaling.


Sang anom tampi ing ulat
sigra mire sauja aniniteni
tandung ngipini lumaju
ika sampun nangalam
cemethi Suleman nika nuli laju
anggirap asta Suleman
seja nyolong aliyali.


Kang nang panudhu Suleman
cincin manlukad kang seja dhen ambil
ora gnati dhawuhipun
ingkang gelap sayuta
pandhita Ngipini wus lebur katunu
jasmanina burakrakan
kadhi gelepung ing siti.


Sang Anom sigra kabakta
dhening kukusipun gelap sakethi
kajunjung raganipun
kangkat ming ngawang-awang
munjuk-munjuk limengan awor lan mendhung
kanyalesatipun lebah
medhal saking dhundha mangkin.


Kasangsang maring jabalkap
ing kana Sang Anom sampunna manggih
sawiji wong tapa gempung
tejanira wus kadhya
lintang rahina komaranira mancur
pitungkur ana ing kana
bari hanyandhing ing kedhi.


Jomantening kang cahya
isine katon saking jabaning kendhi
sang Anom aris amuwus
he sang adhine tapa
punika kendhi punapa aneng riku
sang atapa sabdhanira
kawula tan nguningani.

Waktu kula nembe prapta
pon punika kendhi sampun ning riki
tan uning pinangkanipun
sang Anom awacana
he sang tapa mugya parikaanen niku
kendhi dharapon wawarta
aja tewas dipun sandhing.


Sang Mahatapa lingira
hanglangkara kandhi dhen tatakoni
atawi kinen sumahur
sang Adhan sigra

amedheki maring kendhi sarya muwus
sira kendhi apa baya
lan nasalira sing ngendi.


Tang dangu kendhi angucap
kula kendhi asal saking sawargi
nyanyadhang tuwan satuhu
kang sampun kawandasa
dhinten tuwan boten dhahar boten nginus
punika cacadhang ing Yang
tuan minuwa tumuli.


Sang Anom wus lumaksana
dhahar toya sapratigan kang masih
tinundha kendhi amuwus
dhen ta tuwan telasa
dhahar toya pinasthine anak putu
tuan amadheg narendra
dhugining dhinten kari.


Boten mawi mendhang mendha
amarentah sagunging kawula lit
sang Anom wusing mintuhu
wangsita ingkang mangkana
anginum malih dhugining telas sampun
kendhi sineleh angucap
pasthi keselang ing benjing.


Anak putu tuwan ingkang
madheg ratu ngangge kaselang benjing
kal pamarentahing ratu
sabab tuwan nadhahar
toya ngangge mendha tan saluntanipun
sang kendhi wusing nganabda
mangkana ical tumuli.


Sampuning sang kendhi musna
sang atapa langkung gawok ningali
mangkana ing pikiripun
ingsung iki atapa
windon takeran taun durung nganemu
sihinh Allah ingkang kaya
sang Anom kang nembe prapti.


Nunten sang Anom pamitan
saking ngarsane sang tapa tumuli
ika sangsaya aneruh
ing lampah pangilaran
wau ingkang dhiri Kanjeng Rasul
anurut paraning tindak
tambuh paraning lumaris.


Dhugi mangke satus dina
tan kaserepan dhahar kelawan guling
dhadhi ingkana anemu
ing negaraning nyawa
ning wong mati perang sabil wus kadhulu
nagara kang luwih mulya
apa dhudhune sawargi.


Karikil inten lan mirah
manusane kang padha berag sami
jejaranan gumarudhug
nyandhang sandhangan swarg
bari getihe pating kulawer metu
tatune pating jurawing
gandane mebukka wangi.


Ora hangrasa dilara
Pijer suka bungah sabagi-bagi
dhen wus kenal nuli kumpul
mangan nginum asurak
dhen wus tuwuk bukti nuli sami turu
ing pepajangan kang mulya
saking pepajangan kang mulya
saking tilaming sawargi.


Dhen wus wungu nuli sira
sami siram ing talaga kang wening
wusing siram padhang rasuk
saking busana swarga
nuli sami dharmani sakabeh iku
pre sami asuka rena
anitihi sambarani.


Sang Anom gegetun mulat
amikiri ingkang dipun tinggali
iku manusa kang tatu
teka tan ngrasa lara
tan antara tumuli ana kang rawuh
manusa kang bagus warna
nitih kuda sambarani.


Iku ganjaraning Allah
dhen paringi rijki kadhi sawargi
tan nana prayitnanipun
sadhina-dhina suka
bagjanira ing kene sinungan weruh
katemu kalawan nyawa
hiya iki mamareki.


Sira gadhang kinawenang
sapatemon lan nyawa Kanjeng Nabi
kang sira ulati ika
ing Allah sipat murah
lan iki tampanana pigegelisun
wowohan saking sawargi
dhingin olehingsun methik.


Dhuk jaman Nabi Nuk kuna
ora nganggo bosok dhumugi mangkin
sih peparinging Yang Agung
kang maring pakanira
dhadhi tandha kanugrahanira iku
dhadi raga Waliyullah
dhen ta pekenira iki.


Lamun la dhurung gugupa
kanabiyan yektine sira iki
hiya nabi jenengipun
supaya kanabiyan
ing mangsa iki iku sampun katutup
dhining nibuwat Mukammad
kang lagi sira ulati.



M I J I L

Sang Anom enggalipun natampi
wowohan kang ijo dhupi dhen dhahar ika
raose
sewu rasa sabagi-bagi
ning miqmat kang jati
paringing Yang Ngagung.


Sang Anom nuli tatakon warti
lah tuwan ing mangko
pinika punapa punapa panjenenge
malekat punapa si ejin
kang kinugan nangling
manira puniku.


Nabi kilir pan jengan mami
marmane pinaos
taken umur dhining Yang Murbeng reh
nggo pranti andhawuhakening
wakdhu ingkang kapi
maring walinipun


Karana Jabrail wus tan kenging
ngomong lawan wong
sabab wong yen sapocapan mangke
lan Jabrail kukume nabi
ing mangko wus tutup.


Lawang kanabiyan wus den kunci
marmanipun ningong
kang kinarsan dhawuhaken gunge
wakyu kapi kang maring wali
singaha kang bangkit
ngomong lawan nisun.


Kukume iku ajeneng wali
kang masi malongo
lawang kawaliyan saluntane
sahingga besuk jaman nakir
panutuping wali
Imam Mahdi besuk.


Isun yen wus handawuhakening
wakdhu kang marono
ming Imam Mahdi isun tan suwe
paninisun ing ngriku benjing
dhening ngajal sakti
sadidh patinisu.


Lha sira uwis deng becik keri
nabi Kilir dhangdhos
nitihi kudha sambrani
saweg ayun pinecut gasik
sang Anom ilhaming
manaharsa milu.


Dhateng hamburu hambocong ngaglis
cinengkatan kampoh
dhadhya katut kagawa kudhane
keplas miber lir ta lereping kilat kang
ngagesik
dhedhelengan mamung.


Lor kidhul wus ara na kahaksi
silep datan katon
byar katinggal ika kaligane
kesrog aneng lambunge wukir
mira wulung asri
lir syarga kadhulu.

Putut iku lamun kanthang puri
Makmudh aneng kono
sang Anom ika sampun sineleh
aken aneng lambunge wukir
sinebdan sejati
dhang ngidhep hanunggu.


Nganti panarwe ingkang pinambri
mengko uga katon
dhuk nabda samana dhatan suwe
Nabi Kilir musna tan kaksi
sang Anom akari
ing kana ki lusu.


Hanjejep tinggal tunggal anganti
dhatan ana roro
anging nabi punika pandenge
dhatan na dhangu
ana prapti manuk hayam putih
sing puncaking gunung.


Lir pangundang-ngundang ngacarani
tumili sang anom
ngunggahi puncak gunung tan suwe
ningali masjidh komala-dhi
ingkang nganelehi
ing ngarah lor kidul.


Nuli katinggal nyawa Jeng Nabi
asumong mancorong
amadhengi ing jagad sakabeh
sang Anom hamburu aglis
seja hannyujudhi
ing nyawa Jeng Rasul.


Adhan cinengkah jaja tumuli
lingnya ja samono
kapur sira dhen nembaha mangke
padha hanya sira dheng jati
sujudhda ing wisdhi
Pangeran kang Agung.


Kang asung ganda ming sira kaki
mangsuli sang Anom
kawula nuhun satangat mangke
barkah kabengat ingkang sajati
salamatan ing
ngundha keratipun.


Ing nyawa Rasul mangsuli
he sir wong anom
dhadhiya sira
ing kana mangke
gagantinisun
dhipun eling
ing pasamayaning pati urip iku.


Tan bedha langgeng tan keneng lalis
sukmanira anom
iku Allah aja salah mangge
dhingin kari ora ana anging
tunggal tan kakalih
ananira iku.


Ciptanen roro-roroning tunggal
anging dhipun anggo
warana hangramehaken raje
nudhuhaken kawula gusti
poma dhenga mangkriby
kang ngujar punika.


Hanyampunakakana ngamal lahir
sarengat kang jatos
dheng bakti wangatuwa mngke
ngunjungana betullah mangkin
ngulatan pasthininga bangsa guru.


Aja ngilangaken adhat lahir
sampuning samono
wising tutug banget sejatine
sang Nganom nuli sajen maning
tingal kang ngajaib
padha musna sampun.


Dhadhi hangrasa sang Nganom kadhi
raja Ngajam gawok
katekan wengidhudhu prantine
pepetenge anglang-langkungi
dhiwegira sami
majemugan ngilmu.


Para pandhita pawong ngalim
kumpul aneng kana
pra sami kagegeran petenge
mangsa awan peteng lir wengi
sasilaking wengi
sang Anom kandhulu.


Gilang-gilang cayane ajarning
raja Ngajam panar
dhen nyana ika ejin angedheng
ingkang nulerma ing mendhung riris
sapindha mastani
lamon iku kudhu
lamon iku kudhu.


Wanennyana waliyullah mangke
lha iku ing kono
Sarip Hidayatullah katone
karuruhe dhen iku wali
kaya wong ngedan si ibu dhewek
karo adhinira ing puri
sira lunga ngendi
dhen susul tan kadhug.


Dhen oyak keng ngalas tan kapanggih
pamanira gawok
ngulati sira tan tinemune
dhadi kabeh-kabeh padha priyatin
satus dina iki
ing nagara samun.


Lah kaprenan kan kang sira ulati
ature sang anom
barkah ibu kanggih jatine
ing masjidh patemoning gaib
sampun nanjateni
ing bengat lan juruk.


Kinen kaula hangabekteni
wangatuwa wadhon
layon kinenhangunjungi ing Bet
layan kinen ngulari mursidh
guru kang sajati
kadhos adhat sampun.

 
D U R M A

Genturanning kang bandu kula santana
dhen putra ingkang gaib
samangke wus prapta
ana ing dhalem pura
enggal sami amanggihi
idhin Molana
sami suka ing ati.

Patih Ngunka asmarahaken nagara
sabdane lah puniki
kagungane putra
sampun dhaweg kaasta
Wilapati Banisrail
sang Anom nabda
sampun gemen saiki.


Manira Paman maksih tengeh ing lampah
sumeja anglampahi
satuhu kang patwa
wau Jeng Rasulullah
kawula linena kajji
lan pailaran
guru ingkang sajati.


Kanjeng ibu muga-muga ngidhinana
kawula ayun kajji
layan pailaran
guru ingkang utama
Saripah Mudhaim angling
hiya sok mara
amung dheng ngatiyati.


Sun sangoni iki tas kalawan dinar
sewu lumayan kaki
go tulak malarat
sukane atinira
anggawa mantri kang ngendi
pilihen sapa
kang putra anahuri.


Boten najeng bakta sanunggal punggawa
meng punika peparing
ibu sewu dhinar
bilih mandi ing sabda
ibu ngendika menawi
tulak malarat
bilih mangke nemahi.


Kawula bilih manggih kamalaratan
tiyang islam dhen nangling
ilok boten gagal
ing temah manggih nyata
suwudh kawula kang mugi
mangke katura
ing jeng ibu kang jati.


Meng nuhun piwejang kadhos pundi lampah
ingkang kawula titi
sayektos kawula
nuhun barkah piwejang
Saripah Mudhaim angling
he anak ing wang
sira dheng ngatiyati.


Laku iku aja sira malar-malar
ingkang ngebot-eboti
alung kang basaja
aja turu ta sira
dhen nora katekan narip
lan aja mangan
yen tan katekan ngelih.


Aja nginum yen nora katekan dhage
telung prakara kaki
iku lakonana
ing sakwasanira
aja sumakeyan kaki
dhenga basaja angonaraken dhiri.


Pira bathine wong takabur ngaleman
atemah dhadhi langip
balik apa nora
atemah dhadhi kuwat
sun pujine sira kaki
mengko nemuwa karta sik legi.


Sang Anom adhan ngunjung sigra pamitan
wus medhal sing nagari
Banisrail lunta
nyamur ing lampahira
atuladh lakuning pekir
samarga-marga
tan nan kang pidhuli.


Watarane lelampahan pitung dhina
nuju marga iringi
alas Banulawa
aneng kana kapendhak
wong sapuluh wong Yahudhi
abegal dalan
angadhamgi ing margi.


Pating jaringklak tandange kaya bajag
surak suka-sukati
sabdane ladhalah
iki bayangan kita
pitung dhina dhurung manggih
wong liwat dalan
dheng yatna sira mangkin.


Wong ngadon leledhang dhewek tanpa rencang
la hiya pisan iki
ngajarken sira
mengko lunta wuwuha
yen karang sukur pinasti
amulih aran
arep gudhi ming ngendi.


Siro wong siji anom tanjung lolohan
pareng pedhek kaeksi
sang Anom wacana
he sira wong sadhasa
arep hambegal mring mami
wong islam ora
bisa kumidhing milik.


Hiya iku sakathahe sangungningwang
dhinar sewu ya iki
apa karepira
hanjuput la yen sira
ora welas maring mami
wong tunggal-tunggal
dhinadheken ning widhi.


Hiya juputen sakabeh sanguning wang
wong islam tegan pati
lan mambri ing Yudha
senadyan lunganing wang
ora tanpa sangu maning
mangsa nejaa
bebegal jepumeli.


Mengko uga saengon-engon tinaken
rijki saking Yang Widhi
senadyan na ngalas
iku dhen karsakena
dhening Allah padha mangkin
pon dhadhi emas
pinangka sangu mami.

Mangka sapuluhih Yahudhi sami mulat
ing ngalas kanan keri
sampun nambara dhadhi emas sadhaya
Yahudhi lenglenging kapti
gawok tumingal
wong anom apa iki.


Teka kaluwihane punjuling jagat
la iki patut kenging
kita tut buriya
ngaumbana ming kita
anuwukana ing tedhi
kita sarowang
padha malebu muslim.


Malebu islam dharopan kacukupan
 ing
sandhang panganan dugi
anak putu kita
kabehe kararaban
yata sapuluh Yahudhi
pra sami tobat
sarta malebu muslim.


Wus winuruk kabeh kalimat sahadhat
dhening sang Anom nuli
winehaning dhinar
limangatus kinarsa
ngedhuma sawiji-wiji
nyekat sewang mwnggal
Yahudhi siji.


Kinawenang besuk lamon kurang mangan
manjing ngangilas iki
pasthgi nemu dhinar
yata sagunging begal
sampuning islam pra sami
seja tut wuntat
sang Anom tan nyukani.


Krana isun lagi nyamur ora kena
padha sira tut buri
wis padha mulya
maring pamohanira
pon sira wus sun janjine
yen kurang pangan
manjinga ngalas iki.


Pasthi besuk amanggih sakarepira
Yahudhi wus lumaring
kampo tan tumata
sang Anom wus lumunta
lampahe hanbanjur nuli
dhugi ning Ngarab
lelakon bali sami.


Sasami tumurun sasami raratan
hambeneri musiming
waktu kajji akbar
Sarip Hidayatullah
sampun andhatengi kajji
kadhi adhat paranti.


Ing nagara Mekkah tan nana uninga
lamon punika wali
krana sanget nyamar
nyamur lan santri kathah
galang golong awan bengi
kumalasepa
iku tememen nyanyantri.


Ing pangarsane Sek Najmudh Denil Kubra
iku kang dhen guroni
dhenira wong mekkah
miwa Sarip Hidayat
dhadhi juru ladhen nyantri
ngalabda bengat
dhateng iman Najmudhdin.


Wulanan kuimalesepane ing kana
nutug pinra cantani
ing ngilmu kang mulya
ing tarekah imtilah
satarilam nakis bandi
gempunging lampah
lempenging irap sejati.


Sek Najmudhdin kalangkung ing ngesihira
jantraning makripat
paparabe wus dennalih
sinebut nama
Madhkurullah winuri.


Ing nama peparinge pandhita Mekkah
rehing sampun ketawis
ladhen madhburullah
gandhaning ginotama
kang pramila Sek Najmudhdin
langkung pracaya
dhumateng ingkang muridh.


Muridh sing banisrauk sang Madhkurullah
lami genipun ngabdi
ing pandhita Mekkah
kedhep takeran warsa
ing ngayunan Sek Najmudhdin
sampun sabadhan
senyawa lan Najmudhdin.



M E G A T R U H

Madhkurullah ature ing gumunipun
kadi pundhi ing jali
kang badhe kaula lulus
sakenning lampah haurip
Sek Najmudhdin sabdonya lon.


Ing ngurip ojo ngebot-eboti laku
dhipun tega marig pati
yen wacana dhen satuhu
dhen rila kukum Yang Widhi
la iku among samona.


Telung prakara iku dhipunna kukuh
Madhkurullah sampun tampi
ing wawangkidhde kang guru
mangkana lamining-lami
Yang Guru Mekkah nabda lon.


He Madhkurullah sedheng sira aruru
guru saliyane maning
dhrapon kabukas iku
dhadhanira ing prakawis
paramehan adhining wong.


Ing kena ana maning molana guru  
aneng nagara Modhili
Sek Ngalaullah kang ngagung
bangsa Askandar linewi
pinuja-puja dhening wong.


Ya Tamadhkurullah nut karsaning guru
sembahira ing pamit
kalayan donganing guru
medhal sing Mekkah anuli
maring nagara munggung lor.


Aguguru malih ing molana guru
aneng nagara Sadhili
Sek Ngataullah kalangkung
sukanira sapraptaning
santri Banisrail mangko.


Kang Namadh Kurullah sinung pamuruk
pamulang kang jati lewih
ing dhikir maring Yang Ngagung
sugul kiyaralan malih
minsar talkin
waridhding wong.


Madhkurullah wus tampi wisiking guru
kang sampunna mrancanteni
kranten wus binadhe luhung
dhenira guru Madhili
hiya sole sipate nom.


Suhudhde hanglangkungi kang sepuh-sepuh
nanging sakehe isineng
nagara Sadhlitan jeru
lamun Madhkurullah wali
masuhur dhen nenom-menom.


Kathelah santri Banisrail kalngkung
dhipun kasihani dhening
guru Sadhili kasebut
namane sampun dennalih
dhining sayidh guru kuno.


Madhkurullah dhen pindhah jenengipun
Amarullah matur aris
kadhasa pundi ing tembung
kaula mangke lampahi
kadhi punapa kang jatos.


Sek Aullah Sadhili sahuripun
aja angebot-eboti
asa majamak aja langguk
aja lok ngungkul-lungkuli
ing sapadhaning wong nom.


Aja susah tapa aneng gunug-gunung
utawa guwa kang sepi
iku muwuhi takabur
balik ta tapaa mangkin
ing parameane ngewong.


Krana iku mundhak ing mustajabibun
lan duweya sipat arip
dhen ana luputing laku
dhen agung pangapurane
la iki amung samono.


Wangsitingsun kang telung prakara iku
ing mangko hanjugalani
Amarullah tampisampun
wisiking guru Sadhili
nyabranga siro dharapon.


Bukaa dhadhanira lantaran guru
ing kene ana wawasi
ing nagara Pase mashur
iku guronana
Dhatuk Sidhik namaning wong.


Hiya iku guru kajatiyanipun  
ramane Susunan Giri
kang nama Sek Sidhik iku
yata Amarullah amit
dhinulua karsa Sang Kaot.


Medhal saking nagara Sadhili tulus
numpak layar ika maring
praune juragan agung
saking judhah wus kemiring
dhumugi Pase maguron.


Ing ngayunan Dhatuk Sidhik guru agung
langkung sukaning galih
kadhatengan sang arawuh
santri saking Banisrail
Amarullah jeneging wong.


Ing nagara Pase tan nana weruh
lamon iku je wali
kaenom-enoming wuruk
Amarullah sampun tampi
bengat saking guru kuno.


Ing tarekahan pasujating kang ngagung
kanggep genipun nyantri
wus dhen alih jenengipun
Ngabdul Jalil namanipun
ing kana wus taker warsi
gennya supala supanor.


…………………………..
…………………………..
…………………………..
ingasampun numpak layar maring
praune juragane lon.


Dhumugi nusa Jawi ika katurun
ing Karawang panagari
tinemu ana ing riku
wali Sek Benthong kang nami
kang ngagung santri ing kono.


Amenangi ing kana sembaranipun
ika Jeng Pawistri Adhi
kang sinebut nammanipun
Gedheng Penguragan sakti
pasote rupane wadhon.


Nanging kasektene langkung ing ngapunjul
tur ing salawasing urip
tan karsa laki masuhur
lalu murag wenthang ngadhi
sumandi anaa mondhong.


Pirang-pirang kang mejang lamar anuku
Gedheng baya langu lewih
wus anjrag amanah pungun
prandene tan dhen pidhuli
mila dhumadi ing mangkono.


Sabarana sapa ngandhapana laku
ing kasaktene pawestri
pinasthi ing jodhonipun
pramila para bupati
kasundhan sejo mangayoh.

Dhalem iban sing palimanan akondur
mamenak saking talagi
dhalem Digraja Galuh
Dipati ukur pan sami 
sadhayu tan angsal kardhos.


Susunan Bangbapang Menak Cibalagung
sakae tan nangudhili
mung ana sawiji luhung
tedhak Mutalib kang nami
dipun sambating nguwong.


Pangeran Karangkendhal ingkang pikantuh
ngandhapaken ning pawestri
kantos ingudhag lumayu
lumajeng ming pundi-pundi
dhugi ing ngarsa Sek Kenthong.


Gedheng panguragan anuhun tulung
ing Sek Kenthong ing krawis
kandhikane sang Hayaktu
sapa bisa mamalangi
ingkang janjine wus kawon.


Isun tan bisa hanjaksani kang iku
hembuga la iki santri
kaot ingkang nembe rawuh
sumangga dhika saksami
iku kang pase mono.


Ngabdul Jalil ing kana sumaja tulung
adhan wacanane mijil
he karo sang buru-buru
dheng idhep ing jati wangsit
sampun ta kadhi mangkonon.


Hamaksa-maksa maring kang dereng purun
wonten dening ing prajanji
sampun kawon inggih estu
dhika sajodho ing benjing
akerat boten ing mangko.


Pareng sinabdan amana kang hamburu
dhadhi manahe aririh
hangraos wirang dhumulur
ing ngarsane Ngabdul Jalil
tan anglimma seja panor.


Sek Kenthong prasaptane la iki santri
teka bisa
angidhepaken kang sulit
dhuganingsun niki dhudhu samaneha.


Ngabdul Jalil duganisun wali yakti
tan nantara
Ngabdul Jalil nabda aris
kulu nuhun barkah wulang kang sanyata.


Nuhun bengat mugi Tuwan handulari
sih wilasa
Sek Kenthong sabdane ririh
boten kadhugi mejang ing Tuwan.


Karanten Tuwan sampun langkung utami
saking kula
hameng kawula tudhuhi
punika ing gunung Gundhul wonten Tuwan.


Ginuron ingkang dhipun wastani
aji juba
punika minaten ugi
karsa medhang salinggih tuwan.


Yen Ngabdul Jalil saking kana pamit
malampaha
dhipun wijang ing sajati
Sek Kaji Juba sabdane boya kangkat.


Amejango dhika wong Banisrail
kranten dika
ngetuning wali sejati
amung kaula tudhuhi dhika ngetan.


Ing ngriku ing wetan amargi masisir
saking praja
Kudhus ngaler wonten wasi
ginotama Dathuk Bahrul namanira.


Patus punika mejanga kang sejati
maring dhika
yata Ngabdul Jalil pamit
lampah ngetan wus dumugi kang sinadya.


Panggenane kumambang aneng jaladri
parengika
dhen uluki salam nuli
katon marga geng pandhitane gumawang.


Dhatuk Bahrul suka kadhatengan santri
anyar prapta
ingkang asal Banisrail
gelar panawe Ngabdul Jalil hanembah.


Nuhun wejang ing kana dhen sembadhani
ing tarekah
jajiya madhama kikir
sampun katrap sakabehing kang pamejang.


Malah lami Ngabdul Jalil ngabekteni
aneng kana
Sek Dhatuk Bahrul ngamini
langkung ngasih maring Ngabdul
Jalillillah.


Malah wus panindha jenengane santri
iku nama
Wujudhullah kang pra nami
ature Wujudhullah ing gurunira.


Kadhosa pundi lampahing kang paniti
muga Tuwan
Handhawuhanna ing wangsit
Dhatuk Bahrul ngandika he Wujudhullah.


Ing ngamung aja ngebat-ebati
dheng narima
ingkang asal Banisrail
gelar panarwa Ngabdul jalil hanembah.


Nuhun wejang ing kana dhen sembadhani
ing tarekah
jajiya madhama kikir
sampun katrap sakabehing kang pamejang.


Malah lami Ngabdul Jalil ngabekteni
aneng kana
Sek Dhatuk Bahrul ngamini
langkung ngasih maring Ngabdul
Jalillillah.


Malah wus panindha jenengane santri
iku nama
Wujudhullah kang pra nami
ature Wujudhullah ing gurunira.


Kadhosa pundi lampahing kang paniti
muga Tuwan
Handhawuhanna ing wangsit
Dhatuk Bahrul ngandika he Wujudhullah.


Ing ngamung aja ngebat-ebati
dheng narima
ing sapanduming Yang Widhi
lara enak pati urip aja bedha.


Tunggalane sakabeh dhipun kalingling
dhipun awas
ing wekasaning ngaurip
dhen nastiti aja ilok kang gegampang.


Senadyan ana angeldh-deledhi
ing kamarman
aja gugup anampeni
dheng sarante iku wawatake barkat.


Titenana milik  ingkang ngora suci
gelis ilang
dhupi wong ngambek nastiti
awet barkat tumeka ing putra wayah.


Sampuning Wujudhullah atampi wangsit
ika lawas
ing kana angawulani
maring Sek Dhatuk Bahrul kantos ngandika.


Dhatuk Bahrul ngadikane ing saki
Wujudhullah
dhening Sunan Ngampelgadhing
dhen sadhuluraken lan kang putra-putra.


Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Kali
aneng kana
sampun ngalim mutakalim
Wujudhullah salamine aneng kana.


Kena mujaning Sunan Ampel kadhugi
ing saguwa
garbanira dhipun wisik
kaken jati kabeh maring Wujudhullah.


Adhan matur Wujudhullah hangasyasi
he jeng nama
kadhosa pundi pribadhi
ingkang kaula masyulaken ing lampah.


Mangka ngadika jeng Sunan Ngampelgadhing
he ya putra
mung aja ngebot-eboti
dipun kendel angajak prakara islam.


Aja dhawaka anging krana Yang Widhi
dhipun anom
maring gunging sanak wargi
lan putra sedheng ing mengko adhadhiya.


Molana guru ana ing Gunungjati
mapanika
waris dika saking ummi
wates Ci Pamali maring Ujung Kulon.


Waris Pakuwan dika kang darbeni
mung Pacuwan
nuli ngetan karadaning
wates Ci Pamali maring Balangbangan.


Iku dhudu waris dika dhipuneling
lawan putra
yen mengko anglaksanani
aja dharat margiya saking lautan.


Yata Wujudhullah ing kana wus pamit
lawan rengga
ing larunging darapaih
saking nagara Keling dhen jaga-jaga.


Dhening wong satus ing kalarunging aji
sabab adhat
raja Keling lamon mati
layone dhen larungsaluring baita.


Dhen kambangaken ning laut ing salami
ora kena
ora kang dhadhi pepati
kudhu tunggu larung salawase gesang.


Sarta wong satus ingkang ajagi-jagi
pareng ika
wujudhullah aninggali
maring patih Keling enggal sinabdanan.


He wong tunggu larung nging raja saiki
padha islam
bareng isun ana jati
sumandi tunggu larung pedhahe apa.


Sang ngapatih Keling asru mangsuli
hejolayat
adhon sira dhen pateni
dhening raja Keling ingkang masih gesang.


Putra wayah sing Keling masih ngomati
ngirim pangan
maring kita kawasa ndi
wit tuwite kita arep mingat-mingat.


Wujudhullah wangsulanipun narirah
aja melang
isun kang naggung sayakti
pati uripira sendhekna maring wang.


Patih Keling bramatya atudhang-tudhing
mung ta sira
wong siji nangung balahi
ne wong satus kaya pa kasekteknira.


Cacak coba tadhahana tutujahing
bangsa kasta
adhan sang Patih Keling
narajang nuja maring sang Wujudhullah.


Dhadhi kajungkel nubruk suku sang ngadhi
dhipun sepak
kontalipun sapambedhil
kalebung sagaranggap penggap angudhag.


Sigra sobat ing ngayunane sang adhi
boten sadhaya
boten pisan malih-malih
sandhi kalangkung karsanipun ing lampah.


P U C U N G

Patih Keling sabalane tiyang satus
wus malebu islam
wijenang sahadhat kabeh
adhan bibnurak payong ning palarungan.


Padha dhen usung maring muhara sampun
Wujudhullah mulat
ing Gunung Semung wus sae
pakirkinan yasane Arya Lumajang.


Dhadhya ika payon larung wus tinuwuh
pinacek ing kana
ing karsanipun ginawe
langgar patani panggonaning ngibadhah.


Ngibadhahe wong satus siyang lan dalu
wus mashur ing kana
Molana Jati jenenge
kang kinudhang-kudhang satus manusa.


Ing ngardhi hamparan tinggale wus gemu
sabab kang astana
dhurung ana dhuk samono
nembe katon patapan kang adhi mulya.


Dhangu-dhangu pawartane kapintuhu
dhenira sang Arya
Lumjang dhuk aneng
sisih kidhul ana ingkang lalaywa.


Nuturaken dhen kagungan dhalem Sembung
kajabel denira
kusuma kang anyar katon
pating jalegrik padha amacek langgar.


Boten bema marang kang kagungan Sembung
gedhe nuhun lila
wontena tuture bae
sasat inggih ngalap suka ing Jeng Arya.


Gedhe Pangeran Panjunan dhuk ing wau
inggih nuhun lila
ing Jeng Arya ing kene
sapinten karsa dhalem resa punika.


Arya Lumajang mesem alon amuwus
iku kaponakan
nisun panduga marene
hiya endama karepena kang karsa.


Mung sira poma lutura dhene gupuh
maring arsanira
kanjeng Kyai Kuwu Cerbon
kon padha angriyung ming hardi Amparan.


Putanisun sekaro konen katemu
lan kusuma anyar
mengko isun nusul bae
sang dhinuta kebat alur satitaha.


Maring Kanjeng Kuwu Cerbon sampun
atur ing satita
muwajeng Pangeran Cerbon
Nyai dhalem Pakuningwati pon sinungan.


Warta teges dhadhya sami bubar munjung
ming hardi Amparan
sarta padha pasuguhe
sarupana dhadhaharan lan wowohan.


Yata ing kana sampun sigra katemu
lawan kang sineja
Molana Jati wuwuse
bagja sanak sanakisun padha teka.


Sun pujine padha Islama satuhu
tan dangu saprapta
Arya Lumajang jatine
pinanggih layon putra tan krana molar.


Inggih putra dhadhosa ing tunggal payung
ing praja Pakungdhya
dhon tikel katur sakabeh
putra jumnenga ratu amurwa islam.


Pajajaran idhepena imanipun
aja awet Budha
age-age islam kabeh
Milana Jati kandikane santosa.


Dhereng prayogi sapunika hangratu
kaula sanyate
maksih remen ning hanganolong
gampil mangke ing wingking mashaallah.


Arya Lumajang sabdane langkung-langkung
sakarsane putra
nanging Widhas kabupaten
Pakungwati dhadhos kagungan putra.


Molana Jati sabda sabar rumuhun
dhuk nabda samana
tan antara sadhatenge
putri Mesir babu Dhampul nama nira.


Pan sanyata kang sadherek misanipun
Molana Amparan
tunggal eyang sejatine
kapernah putu dhening Jeng Raja Ngumdah.


Marmanipun nengejawa hiya iku
Babu Dhampul mulat
ing tejane ingkang angendheng
katon saking Mesir sumonge ing wiyat.


Hiya iku ingkang dhadhi brangta wuyung
kasmaraning teja
dhadhya dhen susung manggone
dhugi lelayaran tigang sasi malah.


Tinemune tegene ning wukir sembung
enggal sira nembah
ing Molana Jati mangke
sarta basaja anyidhkasken badhan.


Muga kacangkinga ming akerat besuk
tumut ming sawarga
tunggil sabadhan saeroh
Molana Jati sabdane sun pracaya.


Sira sunnaka rabi ngakerat besuk
wondene ing dhunnya
dheng bisa anyakrib bae
sira sun maku babula dheng narima.


Babu Dhampul ature inggih dhumulur
ing karsa Molana
pati urip sejan dherek
lah iku marmitane kadhi punika.


Krana dening Nyai Babu Dhampul iku
adhon warnanira
dhening kalintang agenga
lan dhuwure kadhi ana telung dhepa.


Nuli ana karsane Molana guru
ika aleledhang
ngingsik kepareng tumon
sang Adhi Cangkuwang ing lautan.


Kambang-kambangan kalipah patihipun
ika kang pranama
Patih kering panjenenge
lagi ngulati impene dhuk pinake.


Nyupena kala wau ana kang rawuh
wawangkidhding kana
tetela ing pamangsite
he ratu Cikuwang dhen sira karsa.


Ing pati ora bedha lan uripipun
ya sok ngulatna
urang lanang urang wadhon
sajodho iku marmane sapunika.


Dhipati Ratu Cangkuwang kalem timbul
ana ing lautan
pinten lamine ing mangke
dhurung bae amanggih supenanira.


Samya pe alummaking ing madyaning laut
sarya mbakta saya
waring prandene tan bahe
olih gawe dhumugi mangke kapendhak.


Kapendhak ing tinggale Molana guru
tumuli ing kana
sakalih dhen awe-awe
sigra minggir ing kana pinituturan.


He sang Adhipati aja karya iku
aja salah tanpa
ing prakarsa urung roro
urang lanang iku tegese manira.


Urang wadhon iku tegese Nyi Dhampul
sang Ratu kinarsa
malabu islam samangke
lah ika kajatining rarabedha.


Ing pati tunggal kalawan urip besuk
lawan nunggal dina
kayapa ing dhunya bae
pocapana lahir batin tan prabedha.


Ratu Cangkuwang leng-leng dhupi mintuhu
ing sabdo Molana
marebes mili netrane
sabdane inggih kaulha aprecaya.


Seja malebet islam adhan winuruk
ing kalimah sadhat
sampuna tamopimjatine
Patih Kering pon tumut malebet islam.


Malah tut wuntat mangke dhumateng Sembung
ing hardi Amparan
kalintang dhening subudhda
ing tarekah ing iman kalawan islam.


Tan antara sabalane sangaprabu
Cengkuwang nuta islam
wus den tetesi sakabeh
kalawan panuruh kalimah sahadhat.


Ram Cengkuwang dhen pindah naminipun
ajeneng Pangeran
cerbon Girang peparabe
sing lar saking agama ming kabudhahan.



DHANDHANGGULA

 Kapanggih
ruru ing kadhang wargi
pon Cangkuwang punika
putra Pajajaran nengge
igkang peparabipun
sang Prabu Pramanadhiputi
lah ika wus gelung
kalawan kang kaponakan
Molana Jati sabadhan sarokani atas
dadhalan islam.


Dhadi sangsaya muwuhi maring
gedhene jamangahake Molana
ing puser bumi namane
yaiku hardi Sembung
dhatan nantraning ngalami
Molana ing Ngamparan
ming ngidhul sapunna mendhak
ing pikirnane ingkang ngapranami
Pangeran Mandunharja.


Kang riniyung kula bala magrib
sabab Pangeran Makdun punika
sing negara magrib mangke
asal pinangkanipun
putra nipun raja Andalis
pra sami anglalana
kalih rakanipun
Molana Magrib pon tunggal
putra Andalis Pangeran Makdum mangkin
kasuhur Aklulbiat.


Dhennya maos kuran langkung becik
sawarane lir suling lan gambang
agetas renyah lidhahe
mageng bawa ta katur
malah Wagun Pangulu naminipun
ika pangulu babanean
saking magrib amanca ing Pakungwati
ing Makdun wus handasa.


Krawuhan sek-sek Molana Jati
kalangkung-langkung ngormatira
wus apramota palunggon
Molana Jati muwus
kul mriki ayun anyantri
ajeng nuhun piwejang ing bengat kang tuhu
Pangeran Makdun anabda
boten kadhugi menggeh kahula langip
mejang dhateng ing Tuwan.


Aleng tuwan pasiyare maring
arah kilen menawi amendhak
ingkang dhumadhos lejare
ing manah ingkang lesu
mewsem ingkang dhinuking gosthi
sigra nuli pamitan
lampahe dhinulur
ngilen-nglen nuli mendhak
gedheng babadhan ta handurane aking
padha kenang sasladh.


Kalangkung dhining sesekeling ngati
aningali tetanduran pejah
adhan miyos panabdane
sapa bisa anulung
tatanduranisun kang aking
dhapak mangko waluya
meger kaya wau
jar putrinipun kang pelag
sun go upa aja kapalang sun pundhi
dhadhi sesembah ning wang.


Hanadhangu putranipun nistri
malajeng baring gawa rasukan
jubah saking jurban jene
basane kula nemu
kulambi begus temen niki
bari arum kang ganda
ki gedhe amuwus
Babu nini kenang ngapa
sira saloro temen ambil kulambi 
iku kok kawenangan.


Dhening kang dhuwe si Radhen Dali
nyolong kulambi mangsa urupa
lan nawakira regane
tangtu iku pangrasuk
king wong tan samaneha nini
wong kene sapa gadhah
jubah kaya iku
saking ngendi iku rara
sira juputa kalambi jubah kuning
sang putra ris anabda.


Puniki kula jupute saking
rajega tetandurane rama
sumampir wikan kang dharbe
nanging sita tanem tuwuh
bareng wenten jebah puniki
meger dhadhako dhadhakan
pulih kadhosa wau
gwdheng babadhan garjita
dhen tinggali nyata tandhurane pulih
waluya kadhi mula.


Adhan Molana Jati nututi
gilang-gilang sarira liligan
tan ngangge rasukan mangke
Ki Gedhe wuwusipun
Gusti sutejaning ngabecik
katur ing pejah gesang
jasadh kula luput
cekap kula among anak
dharbe sasalah mendhet asukan gusti
sumangga abdekena.


Badhe pangedhang panutu Gusthi
kandikane Jeng Molana aja
dhadhi marasa Ki Gedhe
kabeh seja sun puhung
lan putrine seja sun ambil
seja sun pantha garwa
Ki Gedhe umatur
kalangkung karsa Molana
karsa nampir tiyang tawing lun kasesi
tur ala tanpa rupa.


Iku awite Molana Jati
agagawa ing nyimas Babadhan
wus sampurna ing kawine
binakteng ngardhi Sembung
pacareming ngajatu krami
nanging nimas Babadhan
nengge istri gabug
boten namutrani pisan
salamine gemadhos ing guru jati
ngestu dhatan na nyimpang.


Yata ing kana lamining-lami
kagurnita ing rat Pajajaran
yen mangke Ki Kuwu Cerbon
pajeg tarasi ipun
sampun mampet boten ngiseni
dhuk ta bangip warta
yen Ki Kuwu iku
sujudh maring Sek Molana
dhadhining mampet ing pajege tarasi
mungkir ming bawa prentah.


Prentah nagara tan den pidhuli
pareng wengi ratu Pajajaran
ninggali teja sumorot
ing lor wetan kadhulu
adhan sang Prabu animbali
dhateng pepatihira
ingkang naminipun
Kyai Patih Lembusasra
kinen amung tik ika amariksani
baya tenaning ngapa.


Padha tumandang sang maha patih
sartane hambakta satus bala
keng lengkep sagagamane
lan pamuk patang puluh
sampun miyang lampahing mijil
sing pura Pajajaran lampah siyang dhalu
hanjujug enggoning seja
padha amraceka sapanjonging margi
baya tejaning ngapa.


Pareng dhateng kalih tengah sami
angungak-ungak
nyata kaya tejaning Gunung Sembung puncake
dhadhya surak alaju
malah ika dhumugi maring
ing Gunung Petahunan
prasami ing riku
amraceka layen seja
ning manusa ing ngabathara wus bukti
padha rujagen enggal.


Dhupihira hambrondong lan bedhil 
sigra kumyus bedhil medhal toya
tumbak keris runcat kabeh
guethekan maruntuh
Patih Lembusasra tumuli
nyereg padha ngamuka
lan jejer masudhur
tanapen popor dheng kebat
dhupihara prasami angkat ngunggahi
ingkang hardi Amparan.


Sigra lumpuh sawancining jalmi
Pajajaran ngalosodh ding lemah
ing Patahunan genahe
sadhalu kaya kunyuk
pating jerenguk aneng siti
ulate pundirangan
dhumugi ming Subuh
enjing Sek Molana tedhak
kalih Patih Keling sampun aningali
ing bala Pajajaran.


Kang padha lumpuh pating jalerit
padha tobat nuhuraken gesang
paring usadha lumpuhe
Jeng Molana hamuwus
ana tetambe lewih mandi
ngaran kalimasadhat
tampanen dheng estu
yata bala Pajajaran
sampun sami wejang kalimah kalih
sadhaya sampun islam.


Wong satus dadhi tan bisa mulih
kakukudh dhening Kanjeng Molana
tan nemut maring gustina
marmane ika nemu
patang ngatus muridh Sek Jati
satus wau kang untar
wong Keling kakukudh
wong satus saking Cangkuwang
satus saka Kuwu Cerbon apa maning
satus sing Pajajaran.


S I N O M

Mangkana siji nalika
Kyai Kuwu sangkan urip
dhuk naskalanira mahat
are wus kadhuli-dhuli
tantrung bengikepati
pati pakasabanipun
tali purwa dhaksina
kasengsem ing siang latri
pijer angupadheni ing papahatan.


Mangka karsa Sek Molana
karsa kaparing pakeleng
maring Kuwu sangkan gesang
dhen lantari nyamuraksi
apindha-apindha santri
liwat mring ajennging kayu
medheki kang amahat
sinabdanan apa kaki
masih milala dheresing papahatan.


Ing bale kaki wis kathah
lahange wus angebeki
maregi sasigar Jawa
sang liningan namangsuli
endi ana jaladhri
waregi banjur katurun
Molana hangandika
ana kalimah kang dhadhi
handeresaken lahang la tampanana.


Yata Kuwu Sangkan Gesang
gupuh-gupuh hanampeni
kalimah-kalimah sahadhat
pareng winaos tumuli
mampet ing sakathahing
lahange tan nana metu
adhan sapandheresan
sewote acangcut gilig
pepisuhe ngumana etong wirasa.


Braga-brigi sejanira
Molana Jeng dhen taboki
dhen candhak gupuh lumempat
dhen cawuk-cawuk nginggati
Sek Molana lumari
sang panderesan namburu
kiter dhen udhag-udhag
ngalor ngidhul dhen tututi
pareng kesel Molana Jati lamabda.


Rika jaka bina-bina
mrana-mrene hiya tunggil
kadhunyaning kang dhen palar
dhelengen ika mang buri
dhupi mangke dhen lirik
ing tetela ika muruh
dhinar wus hambaranang
dhadhi mangke abebalik
condhonge atine hangruroni dhinar.


Sek Molana sampun luntah
mantuk dhateng hardhi puri
sang panderesan natkala
pakemut leng-lenging kapti
dhadhi ing kana pikir
kapan baya wong ika maning leledhang.


Sumeja sun suba-suba
sun nidhepa gusten mami
tan kocap laminira
sang wali sampun udhani
ing sakleseking ngati
nipun kang seja mangulun
aneng sawiji dina
Molana leledhang manih
kapanggih layan Kuwu Sangkan Gesang.



Molana dhen sembah-sembah
kantos Molana dhen sunggi
minggahe ing palinggihan
dhen suhun-suhun sajati
sambate adhuh gusti
ya iki bandaranisun
sampun den suba krana
dhadhaharan manca warni
kina gegelen sesembelehan Adham.


Kang lagi nganrem koncara
dhennika kaliwat guruh
Adhan Molana ngandika
kenengapa iki kaki
ayam lagi nguripi
endhoge teka rika bunuh
papanggang Jeng Molana Jati
dhen ceweng mungel kadhok puliha gesang.


Dhen eculaken sakedhap
mabur sang ayam kabalik
munggah maring patrarangan
ngangremi endhoge maning
Kayai Kuwu tumuli
sujudh karuna hangguguk
langkung dhening nalangsa
ing tingkah kang dhen lakoni
dhadhya langgeng elinga Ki Sangkan Gesang.


Barkahipun Jeng Molana
ingkang estu narambahai
maring isining pakung driya
mashur ing sanusa Jawi
lamon wali utami
kaparek maring Yang Ngagung
akadhang rijalullah
sampuna badhan rokani
ing barang sangandikane katemahan.


Dhatan nana kasangketan
ing saciptane dhumadhi
sampuning kadhya mangkana
Molana mantuk ing hardi
Amparan anithi
sakikirnan hardi Sembung
ing sela andhan-andhan
majeng ngilen ingkang puri
durung majeng ngidhul kang yasa.


Kocapa ing Pajajaran
sang ngaprabu Cakrawati
rehing samengko miharsa
yen kang wayah aneng Jati
sampun masuhur dhadhi
waliyullah ingkang kutub
mageng agama islam
unggul karamate Jati
katilap ing nusa Jawa ora nana.


Kang badhe angungkulana
tan liyan dadhi kamandhi
ming nagara Pajajaran
apa maning pan wus bukti
mamampet pajeg trasi
lawan sang patih kakukudh
wong satus kang dhinuta
ora ana kang bisa balik
adhan sang prabu mepeg warga santana.


Sami jar pinitarosan
kaya pa kita saiki
reh ing anake si Santang
semune kira silih dhadhi
apa ing wekasanipun
kaprabon Pajajaran
bilih mangko memekasi
rasanisun kaya wis tan duwe barkat.


Sajage anake Santang
nepis wiring aneng Jawi
sun titeni teka camah
saking pangaruh mepasi
kasakten padha gaib
ing sabawa rasanipun
embuh ta sira padha
niniteni apa belih
kang pinariksa sadhaya nem katuran.


Kawula pon sapunika
boten kadhugi pamikir
tan kilap karsa narendra
sang prabu ngadika malih
becik uga saiki
kita dhingini anungkul
isun wong tuwa seja
nyalondoh malebu maring
agama islam agamane si Santang.


Yata gunging putra wayah
Pajajaran sami nangis
tan kangkat anglangkungana
ing karasane narapati
sampun reringkes sami
seja anungkul ming Sembung
reka asrah bongkokan
ora kaya sarawuhing
purwa kalising ngawang-ngawang tumedhak.


Tandange hambapang-bapang
sanget-sanget hangampohi
mung teka iki arep apa
isun teka ora ngarti
apa gawe lumiring
ning agama bosok kutul
tur kenang lara pejah
mung ta pusaka kang dhingin
sadhabujengga iku gawene apa.


Ora ya iki pakaryan
yata sigra narapati
ngalap sadha tur sarya
amisikaken ning aji
pameraden kang maring
Bandu kulawarganipun
malem Kemis mutabar
malem Jumngah angunggahi
puncaking gunung gumuruh wus pinapag.


Ing sagung para jawala
widhyadhara-widhydhari
upacara kahiyangan
lan payung agung pangasri
ning umbul-umbul kulit
lutung ngakumbala buntut
singa balereng jalang
ganda rum anglaya hamrik
wis sinatata ika kelawan dewa.


Pra samya miber awiyang
amunjuk kang gayuh langit
ngalor ngetan purugira
hamgeng susirna gaib
ana putri sawiji
ingkang katilar akantun
Dhewi Balilayaran
rehing wau hambangsuli
jangkula kancana marimane katilar.


Tan bisa nusul kabedheg
tan angsal wewengan margi
ning dhadhalane ngameradh
dhumadi lara anangis
saparan-paran nuli
katemu lan Jaka Kabu
je asal kalupira
wau prabu Siliwangi
wis tetriman lan Dewi Balalayaran.


Wus dadhi ing jodhonira
ing kadhadhen wuri-wuri
ing jaba kutha Pakuwan
mashur padha dhen arani
dhening kang nyambattasi
Sunan Kaabuwaran mangke
ing sajabaning kutha
wus sinatata bupati
pangriyunganing putra wayah Pakuwan.



K I N A N T H I

Sunan Kabuwaran niku
lamilami amutrani
kang jalu ingkang winastan
pucuk jumeneng ge benjing
panungtunging ratu Budha
ingkang awit anampeni
ing agama Kanjeng Rasul
saking Sek Molana Jati
tapi mengke dhurung teka
ing waktune anampeni
krana mangke Sek Molana
dhereng karsa hangratoni.


Lami-lami Sunan Kabu
wara napuputra istri
kang nami Putri Mandhapa
hiya iku wiwinihing
kang aran Ratu Manelang
besuk aneng jaman akhir.


Dhupi Pajajaran iku
sameradhde sribupati
anggolendhang dhadhi alas
ora nana ratu dhening
anak putu Sundha pecah
handum saenaking ngati.


Tan nana pogeranipun
sapandhum-pandhum pribadhi
wus padha sawang-sewangan
Sunan Pajengan kang linggih
ana ing bumi Kuningan
mangkana ingkang anami.


Baros ngorah ing Panjalu
Sunan Mandya alinggih
ing Taraju pernahira
sang Panggajata palinggih
ana ing Gunung Pawenang
Raden Tetel kang ngalinggih
ana ing bumi Kuningan
mangkana ingkang anami.



Boros ngorah ing Panjalu
Sunan Mandaya alinggih
ing tarajiu pernahira
swang panggajata palinggih
anan ing Gunung Pawenang
Raden Tetel kang ngalinggih.


Ana ing prawta Bandhung
Radhen Lawehan kang linggih
………………….
………………….
ana ing ukur nagara
mangkana sang adhipati.


Kartaman iku tuwuh
ing Limbangan ngapit dhiri
sang Hyang Sogol kang alenggah
ing Maleber sariyaksi
sang Hyang Mrayak ingkang lenggah
ing Cilutung arja urip.


Dhalem nara kang alungguh
ing kajaksan apa maning
dhalem Nayu kang alenggah
ing Ngendher ingkang pranami
Dhipati Cengal Wibawa
Sunan Raja Mlaka malih.


Ratu Panten kang alinggih
ing timbangan nagara
Liman Sanjaya kang linggih
ing Sundha larang wus mernah
Prabu Sandhang lumuh mangkin.


Ing Sanggraherang tumuwuh
Hyang Jampana kang alinggih
ing Pering Bahulayang
sang Hyang Lutar mangke linggih
ing panembong pernahira
mangka serpenna ciputih.


Ing Kawali nggennya lungguh
Tajimalela kang yekti
tumendhak maring memenak
sumedhang Ciasem malih
Cyanjur Bogor mapan tunggal
Punapa malih karawis.


Dhupi sarenging mintuhu
Kanjeng Sek Molana Jati
yen Pajajaran wus meradh
dhumadhi karsa tumuli
yen kesaha dhateng Arab
angestreni ingkang raya.


Sabab raos sampun tangtu
dhen pyambake angimponi
ing wilayat Pajajaran
pramilanipun kang rayi
Nurullah karsa dhen angkat
hanratu ing Banisrail.


Sampun weweling satuhu
ming Babu Dhampul kang becik
si Babu kari kalwan
patih Keling patih Kering
patih Lembusasra poma
sawuri dheng ngatiyati.


Bok bae ana tetamu
kang becik angupadhemi
sebab isun nora lawas
pira kadhar angestreni
rayi Nurullah aing kana
ngadheg ratu Banisrail.


Sabab ika tangguh isun
yen ora isun kang ngapti
mangsa anaa kang padha
amikir wilayat aji
sanadhyan uga anaa
mangsa dharbea wewani.


Sembah sang wineling nuhun
barkah Molana kepundhi
salameta ing ngasambang
kagungan dalem ingriki
adhan Sek Molana kesah
kalih tetekan anuli.


Lempeng nggenipun lelaku
tan nyimpang-nyimpang sedhemi
lautan wus linampahan
kadhi bedharatan kahancik
lampahe sang Waliyullah
wus rawuh ing Banisrail.


Kapanggih layan kang ibu
Nyai saripah Mudhaim
kalangkung ing rena-rena
ing sarawuhe kang siwi
sambate dhuh anakingwang
apa wus tutug anyantri.


Wiangsulan inggih sampun
malah cacaturan sagunging
kalampahane ngumbara
tan nana kaliwat siji
kang ibu kalangkung suka
miharsa caturing siwi.


Kyan Patih ngunka agupuh
angaturaken nagari
Molana Jati wus wakca
he Ibu he Paman Patih
si adhi Nurullah ingkang
sun angkat mangon nyuluri.


Ing Banisrail hangratu
pusakane rama aji
dhupi manira kang ngalap
pusakaning ibu mangkin
ing wilayat Pajajaran
sejo mangko sun linggihi.


Yata sagung para ratu
tan nana wani maloni
ing karsane Sek Molana
yata aneng Banisrail
tukes angistuni raja
kadhi adhat kang paranti.


Abala Ibrahim mangungkung
bedhil mas obat kasturi
sasampurnaning ngasuka
dhugi kawndhasa atri
nunten Molana basaja
dhumateng ibu Mudhaim.


Kula ayun lumaku
sapatwa ing guru sami
kinen kula dhen kendela
anggelaraken nagami
singa bodho dhen wruhana
ing manca-manca negari.


Arab sabrang kang karuju
pundi kenta saking mangkin
saangsal-angsal kula
ngestokaken sapatwa ing
guru-guru layan sadhya
wangsul dhateng Cerbon malih.


Wonten dening kanjeng Ibu
mejang-mejanga pun adhi
ing lampahing karajahan
bilih adhi kirang ngratu
benjang pun nadhi dhen kontap
proyogi nyepeng nagari.


Jeng Ibu kaula pethuk
maring Cerbon anglinggihi
pusakaning Pajajaran
Saripah Mudhaim angling
hiya apa privatira
si ibu sadhya nuruti.


Hiyaya ing kene iku
ana adhinira aji
nanging ora kaya sira
aidhap tuwa kang sajati
muga salemata
sakarsaira ing benjing.


Sek Molana pamit sampun
miyos saking Banisrail
lampahipun tanpa rencang
kalih tetekan kapanggih
kelawan putraning raja
saking negara Kabeti.


Ngabdulkapi namanipun
kang lagi kasereng dhening
tinundhung ing wangatuwa
marmane Ki Nagbdulkapi
saparan-paran kapendhak
kelawan Molana Jati.


Dhadhi ing kana atumut
tut wuntat Molana Jati
angunjungi ming Madhina
Rasulullah ika nuli
ana maning kang sumeja
tut wuntat namaning santri.


Ngadurrakim jenengipun
nunten lampah ngaler maring
nagara Ajahur kang nama
sabranganing bawah Turki
mangkana raja ing kana
Raja Laut kang pranami.


Langkung ing pracayanipun
maring sek Molana Jati
kaya sadhulur sakalpa
Raja Laut gemuyu ngapti
serep sabadhan sanyawa
anggepipun lair batin.


Karsanipun Raja Laut
tan kasapih sasadheni
supadhose Sek Molana
sabdane jandika kari
ing ngriki kranten manira
arsa angglongoka maring.


Nagara Cina punika
he rencang kula pra sami
ing riki angantosana
sampun tumut anglebeti
maring negaraning Cina
endahing kula pribadhi.



ASMARADANA

Dhan lumebet nepis wiring
ing nagaraning wong Cina
tampa rencang ing lakune
kacarita aran desa
Munjul kang rinawuhan
marmane ana ing riku
Cina wangun panjang jimat.


Hiya saking wuryataning
Sek Molana dhuk ing kana
isine kang dhesa kono
Tumon kamet olihnya
padha malebu Islam
nyingidaken imanipun
wedhi maring rajanira.


Dhangune Molana Jati
wus kawarta ming nagara
dhen ana pandhita kaot
kalangkung ing saktinira
mangka sang raja Cina
nimbali pepatihipun
kinen dhen nika ngundanga.


Undangan ning kawong luwih
ing mangko arep sun coba
sang patih kebat lampahe
nama patih sampoalang
wus kapendhak ing kana
kalayan Molana wau
marwang ingkang uteja.


Sampoalang dhadhya mangkin
kawenanging tejanira
kalangkung lengleng manahe
temah karuna sumeja
iman malebu islam
nyingidaken imanipun
wedhi maring rajanira.


Sampuning iman memuli
wakca dhen pinotus ngundang
Sek Molana wus handherek
ing karsane raja Cina
dhuk mangke ing dhadhalan
ana sawara karungu
abane heh Sek Molana.



Aja sira ngluwihi
ngislamaken raja Cina
luwih apa kang winakyon
Rasulullah dhuking kuna
pon ora kinawenang
krana praja Cina iku
dhingine wus kenang sumpah.


Sumpahipun Nabi Esis
lamon ora kena Islam
dhuking kayamat kapire
samono janjine Allah
iku nagara Cina
tan kinarsa Islamipun
Molana Jati wus tampa.


Ing sapa mangsit kang Jati
tan kocap ana ing marga
wus prapta ing ngayunane
raja Cina hangandika
he sira wong awas
badhekna putrinisun
alara busung taunan.


Kang nama Putri Hanyontin
hiya iku tingalana
apa busung satemene
apa si lalara apa
lan mangko lamon waras
iku andhah putrinisun
sun wehaken maring sira.


Molana jati mangsuli
inggih penyakit temenan
busung tan kena warase
saengga nyingkir sing praja
raja Cina hanyentak
sakalangkung ing ngabendu
he sira pandhita Babadh.


Ora iku putra mami
sun enggon nyoba mring sira
iku hambayuyung soteh
sun kebeseli lan sinjang
sira pandhita edhan
mampusa pacuwan ngrantun
aneng tepis wiringing wang.


Yata Sek Molana Jati
kesahipun saking kana
ora sedhih ing manahe
mangkana adhat oliya
tan rena ing ngaleman
yen dhen wanci dhatan neruh
sumandha ing karsaning Yang.


Raja Cina ing sawuri
putu anyontin pinriksa
seja dhen pesata sinjang
ingkang sinjang wus tan nana
sidhike Sek Molana
putri ika wus malembung
wus dadi busung temenan.


Sang raja gawoking ngati
sapangendhang tan ngandika
dhupi miyos kandhikana
maring patih Sampoalang
he patih ulatana
pandhita ika kang mau
pacuan ora kapendhak.


Aja sira wani mulih
dhen ora pakolih karya
dhuga jambul uwan mangko
lan bungkuka gigirira
teka sira waniya
mulih campole ing besuk
sun kethoke gulunira.


Yaa sang patih pamit
hangoyak sagunging dhesa
wewengkon Cina sakabeh
kadhuga nembelas nusa
wewengkon raja Cina
dhen oyak dhatan tinemu
dhadhi Kyai Sampoalang.


Layar nyabrang ngungulati
saparan-paraning palya (palwa)
tan bisa mantuk jatine
ajrih mring pangustenira
dhadhi ika kasanglat
ming Palembang waktu iku
alame Ki Arya Dhamar.


Kang neg Palembang ngratoni
waktu iku ana sabrang
ming Majapahit idhepe
sabahe kabawah prentah
kantos selikur nusa
kang kaperantah ing ratu
Majapahit Brawijaya.


Waktu iku Majapahit
masih durung jejer dhurung meradh
mila Arya Dhamar mangke
kang ratu aneng Palembang
ya titah ing narendra
majapahit kang amangun
naken kawasa ing kana.


Dhadhi wau sang ngapatih
Sampoalang kumawula
ming Arya Dhamar panore
wus katinggal wicaksana
ika ki Sampoalang
dhadhi wus pinundhut mantu
dhenira sang Arya Dhamar.


Ya barkah Molana Jati
rah ing mau pangetune
tetep maring Sek Molana
pramila manggih harja
ing Palembang pinet mantu
dhening Ki Arya Palembang.


Lami-lamining ngaurip
Ki Arya Dhamar asedha
reh ing tan nana putrane
ingkang lanang dhadhi ika
Sampoalang kang dhadhya
mangko samuluring ratu
jumeneng arya Palembang.


Tulus ika anglinggihi
ing salenggah ing mertuwa
ponniya sarta ing dhine
ratu Majapahit purba
malah sinungan garwa
ingkang labet seliripun
ratu Majapahit ingkang.


Asal Methehu dhingin
saking pawestri negara Cina
ingkang peparab Sintanyo
kangge dhening Brawijaya
kantos meteng rong wulang
nunten sinungaken niku
dhumateng Ki Sampoalang.


Arya Palembang nampeni
ing sasihe Brawijaya
selir Sintanyo wus kanggo
tekeng semaya hambabar
wahu kang wewetengan
miyos prayayine jalu
winastan Radhe Patah.


Hiya iku kang gadhangi
besuk dadhi Sultan Dhemak
pon Brawijaya titise
lamilamine ngagesang
wus angadheni lanang
peparabe kang sinebut
Radhen Kusen namanira.


Hiya iku kang gadhangi
Pangeran ing Palakaran
estu yaiku putrane
Arya Palembang Sampoalang
tan kocapo ing kana
kacarita ingkang wau
raja Cina langkung susah.


Ningali putrine sakit
busung ora waras-waras
nganti tan panten-anten
Sampoalang wus tan bisa
balik ming raja Cina
tumuli ika sang ratu
raja Cina hanyumpena.


Ana ingkang ngawawangkidh
la yen niku arep waras
putrine kang sejatos
layarena ing segara
konen saparan-paran
prau cilik iku besuk
ning dhinggon nyanggak king palya (palwa).


Ya iku enggone benjing
tinemu lan pandhita
yaiku enggon warase
putrinira aneng kana
pareng wungu sang raja
nadhya laksana hawangun
apa sawangsit ing supena.


Yata iku wus tiniti
putri Anyotin ing palya (palwa)
kang aran Prabu Byantolo
prabu alit sinarengan
Cina wolu kang pernah
Paman-paman sang ayu
Lan todhapa sangunira.


Sigra alayar tumuli
kambang-kambang lautan
tan karuwan kang sinadhya
anut inggeking palya
ing dhibahe mangkenipun
panyangreke ingkang palwa.



P A N G K U R

Kocapa sakesah ira
wau Sek Molana saking nrgara kapir
ika tumuli hanjujug
nagara raja humala
mula wahu negarane raja laut
pinangih malih ing kana
sasdhuluran sakapti.


Miwah wong kang atut wuntat
wahu Ki Ngabdulkapi
Ki Ngabdulkarim
tan sanes ing karsanipun
wau Sek Molana
semuja mantuk ing sura hardhi Sembung
raja laut mantep sedhya
atumuta kang korsi.


Sakarone lininggihan
dhening pawestri roro lir widhadhari
gawoke kang sami kondur
apikir bokmanawa
gegelaran dadhi sami apamit wangsul
sakalihe sama nyana
yen Molana estu wali.



Wali kutub kang prayoga
dhumadhi pangulune wali Jawi
ing karanane puniku
wutah gething Ngarab
dhupi sakehe wali Jawa puniku
babar ing sabrang ing Jawa
marmane baya ngungkuli.


Wus mantu sakalih ira
ora suwe Kanjeng Molana Jati
rawuhe mara ing Sembung
pra sami binantenan
ing garwa-garwa kulawargi asuhudh
Babudhampul girang-girang
lan sembahing para patih.


Dhadhi mundhaking jamangah
kawuwuhan raja laut ingiring
bala satus kang satuhu
muridh Kanjeng Molana
waktu iku dhadhi ana limang atus
katut mau kang wus untar
jengger aneng Puserbumi.


Ora nataraning dhina
Sek Molana Jati mangun palupi
babalonganing kang tuwuh
ing pernah Gunung Semar
angecahaken manah apungun-pungun
tan dangu pangranjigira
praune putri Anyontin.


Bantyolon mandheg ing kana
ana ing kali Mulana Jati
putri Cina wus handulu
maring Kanjeng Molana
ora pangling akebat gupuh hamburu
nyungkemi sampeyanira
Kanjeng Molana ing Jati.


Bareng nyungkemi ing padha
busung kempes waras padha tumuli
pulih maning wus dhadhya
sinjang ingudharan dheng asta sang luhung
wus katarima ing amat
kacangking ing lahir batin.


Ing kasta Kanjeng Molana
kalal ora nganggo dhen kawin maning
wus mangkana kukumipun
amat kongang dhen jimak
tu kacangking ing dhunya akeratipun
cinawe wolu dhuk mulat
ing komara sang awali.


Mencoorong madhangi jagad
kadhi wulan purnama anelahi
agupuh Cina wowohe
kepek-kepek atemah pejah
tumon cayane sang estu luhung
sampun sira pinendheman
ing bumi kang dhen wastani.


Kedhawung mula ing kana
ing wuri-wuri enggoning Cina mati
dhupi putri Cinanipun
kang mantep kumawula
pejah gesang ing ngarsa Molana guru
tan narsa ginggang sadhera
kinarilan lahir batin.


Sek Molana gennya rogab
kalih kang ngabdi putri Cina tan lami
watarane mung setahun
punjul selawe dina
nuli putri Anyontin sedha ing ngayun
pinetekke pon ing kana
ing Panengger dhalem puri.


Krana ing pamujinira
putri Cina ing lahir dhumugi batin
tan narsa ginggang ing ngayun
pramila sapunika
sarta serep kang mana Molana guru
sabab ciptane Molana
dhen benjing dhumugi ing lalis.


Inggih ing dhalem punika
kang kinarsakaken benjing dhumugi
astana sarta nakputu
ing Madinah ing wahu dhalemipun
akir sasampuning sedha
kinarya lalis.


Wusing sedha putri Cina
Ing Molana ring-rang istri kumanthil
dhupi Maskabadhan wau
kurang bisa ilanang
ora kaya putri Cina Indratennyu
pinter gennya kumawula
bisa lanang sarwa bangkit.


Leloira Sek Molana
nuli Gedheng jati babakti putri
nenggeh ing wewnginipun
Rara Jatikonengan
istri limpadh saemper Hanyontin wahu
milanipun katrima
sinenggeh garwa tumuli.


Rara Jati kawaskitha
inggih punika garwa kang kaping kalih
careming pakraminipun
wus miyosaken putra
jaler nenggih paparabe kang sinebut
Pangeran Jayakalana
lami-lami angadheni.


Jalu ingkang winastan
Pangeran Bratakalan
kang gadhanging
besuk sedha aneng laut
sakalihipun putra
kimanthil maring Ki Ngabdulkapi wau
pramilanipun katelah
Ki Gedhe kadhokan siwi.



M  I
J  I  L

Kadhokan putra Molana jati
kasebut samono
Ki bapa uwa dhuk pandaleman dhudhu
kedhokan iwak mangkin
je kang ngangarani
kadhokan putra agung.


Nuli ana kusuma aprapti
jarna maning kaot
Pangeran Karangkendhal jenenge
estu terekanu Mutalib
ganas wuwusipun.


He rayi tuan pon sampun lewih
sedheng tuwan mangko
jumenenga ratu aneng kene
pan raka ingkang ngetut wingking
nganti ngapa maning
pon tuwan kadhulur.


Sakarsa-karsa tuwan pun dadhi
pon punika kulon
Pajajaran wus meradh ratune
apa kang dhadhi walang ngati
Sek Molana Jati
alon wuwusipun.


Sumangga kanjeng raka rumihin
jumenenga katong
tiyang anem tutu wingking ing mangke
Pangeran Karangkendhal angling
lamun kongang ngasi
sampun wau-wau.


Boten kadhosa pan raka langip
mila sisumlondhoh
ming wong ngenom kang sugih kasakten
bari kesah tutuging angling
lampahe wus mamprung.


Lami-lami Sek Molana Jati
ingaturan among
dhening rama uwa Arya Gedhe
Arya Lumajang mundhi-mundhi
ngajak mariksani
mring Pakuwan agung.


Sek Molana sumeja lumiring
ingatur wigatos
nanging boten karsa dipun dherek
kakenning ngupacara aji
karsa miyambaki
kalih uwanipun.


Lumampah kadhi lampahing mantri
balacut kemawon
sampun dumugio sakarsane
hamariksa dhaleming puri
Pajajaran pan wis
hanggolendhang suwung.



Kantun wawangunan ingkang masih
arca-arca katon
banjeng-banjengnging pethetan sae
sainggiling yasa geng sami
sepi sirep tingrim
kadhaton wus samun.


Adhan Arya Lumajang tumuli
malebeting gedhong
hamboyongi upacara kabeh
dhipun gulung dhadhi siji
layan pundi-pundi
kang kena dhen babut.


Pon sumeja kabeh dhen usungi
dhumateng Cirebon
nuli Sek Molana kandikane
rama uwa kaula esir
pedhek wonten ngriki
wontena sinahun.


Kalih nuhun sami anitihi
iman Islam ming wong
Arya Lumajang aris sabdane
kados pundi nitihi ngriki
punapa pinambri
karaton wus tumpur.


Sakesahe putra dhateng Mesir
puniki kedhaton
singaa gelem angambil bae
sebab anak putu pra sami
bubar sami nyingkir
saecaning kalbu.


Sami rebat kawasa pribdi
pramila ing mangko
kedheh dhen idhep temen suhudhde
ing sarirane rama aji
putra kang nyaluri
kedheh wonten ngriku


Jawining kitha kadhos masih
wong dhomas apogot
angriyung kebelwsatan kene
sami muri-muri kang krihin
ingkang dhen bakteni
punika sinebut.


Nama Sunan Kaluwaran sakti
prandene samono
mangke ta pun uwa anengge
mintar ririh arya nenggih
takon-takon maring
tepis wiringipun.


Tannya maring bidhal kawula lit
wangsule lamon
Sunan Kabuwaran ing samangke
sampun sirna kantun kang siwi
ingkang ngapranami
Prabu Pucuk umum.


Yata Arya Lumajang abalik
sampun cacariyos
punapa kadhi sapatakone
langkung karsa putra mrayogi
reh punika maksih
Budha gaminipun.


Dhuk nabda samana Arya nuli
kasaru ing mangko
sarawuhw raja Laut mangke
nusul maring Molana Jati
kandhikane rayi
tan tega katingsun.


Pramila enggal nusul mariki
sampun kantos dadhos
manahe rayi kula ing mangke
jamangah satus tumut mriki
bilih-bilih mangkin
wonten damelipun.


Sek Molana sabdane lah inggih
sukur ing Yang manon
dhumadhiya ing Islam sakabehe
manut maring agama nabi
alantaran saking
jar kita wuwuku.


Nunten pra sami tata alinggih
ing sawiji enggon
madhe budhi jajar ing namane
sabab kudhi jajar kalaning
waktu iku masih
ing Pakuwan dhatu.


Dhurung dhen alih mring puser bumi
kang samono
kang sami eca palinggihane
kasaru sarwuhe malih
ingkang eyang Nyai
dhalem Subang Ayu.


Sarawuhe gupuh mituturi
he pujaning nganom
si Nyai waktu iki katemben
weruh putuningsun kang jati
salameta ugi
alinggih sang ratu.


Sokur putu ingkang nulatosi
mring kang bodho-bodho
pinterana kulawarga kabeh
saiki kang ya iki kang sun puji-puji
ing rahina wengi
anaha kang cukul.


Dhuk si Nyai dhingin masih cilik
sing sabrang maguron
ing Sek Guru Karawang jatine
kang nama Sek Kenthong sayaki
mashur lah yen wali
marmanisun sujudh.


Tinggal nagara Singapura mring
Sek Kenthong maguron
nyantri ing kono ing laminine
nuli eyangira narpati
Prabu Cakrawati
weruh maring isun.


Dhumadhi isun dipethet selir
wantuning sang kaatong
maksa bae kudhu ing karsane
dhuga si Nyai hanglakoni
dhadhi selir aji
ing kene wus sinung.


Pasambate si Nyai
dhuk waktu samono
Nyai Subang Karancang pan jenenge
lawas-lawas isun nganaki
uwanira iki
si Arya lumayu.


Wusing iku nuli angadheni
metu anak wadhon
embokira si Satang jenenge
wusing anak-anak kekalih
isun kawalesit
maring sang ngaprabu.


Yen isun nyingidhaken agami
Islam dhuk samono
dhadhi isun dhen buwang jatine
dhen tuwuhaken nisun iki
ing ngalas paminggir
Banten namanipun.


Krana Pajajaran tan kenging
anebut Yang Manon
lah iya iku ing marmitane
wngatuwanira prasami
dhuwe lara ngati
kesah aguguru.


Maring Molana gunung Surandhil
pan ika sakaro
lantas padha kajji sakarone
dhugi embokira kaselir
aneng Banisrail
metu sira iku.


Molana Jati rena ing ngati
dhuk myarsa samono
langkung dhening maksih meningi Nyai
kang nembe ngrawuhi
sarta bala satus.



D  U
R  M  A

Bala satus pakemite dhuking kuna
pasihan Sri Bupati
tan gantha nalika
tan gantha nalika
tumuli padha teka
para memenak kang sami
urut prayangan
sami sujudh ngabekti.


Hiya iku pratandhaning waliyullah
sagung kaligane padha
teka tan kasusahan
ing saciptane dhumadhi
ing sakandika
dipun kabeh nemahi.


Marmanipun sagunging menak prayangan
tan kukum amat ngabdi
sabat manjing islam
krana suka priyangga
ora lawan dhen perangi
badhe kelawan
menak pra kuwu mangkin.


Ana siji loro kang besuk hambagah
marmanipun katiti
ing ngabdi lan amat
Molana aneng kana
padha sinebut Jeng Gusti
ingkang anama
Prabu Katara Hening.


Ajejuluk Sang Prabu Gereleng erang
wong Sundha kang mastani
dhuk ing Pajajaran
lun ing Pajajaran
lun ing kawula
santana sami ngamini
ing jenegira
ingkang saestu wali.


Mangkana karsanipun Gereleng erang
sadhyanipun nrawuh
maring kang santana
ika ingkang anama
Pucukumun ingkang masih
Agama Budha
Seja dhen titi  mukmin.


Lampahira Sang Prabu Gereleng erang
ing tegen ing arapit
Ki Arya Lumajang
Raja Laut ing kiwa
kadhi sumilirring angin
wong kabuwan
sadhaya sampun uning.


Lamon waliyullah kang aprapta
regering kawula lit
samya ngambengane
kalawan pabarisan
pusaka kang mandi-mandi
sampun ginelar
angadhangi sang wali.


Seseg dhipet andhering kang pabarisan
asikep braja aji
lewing linawihan
kang padha ngaterapena
hong girang hong jaya sakti
kaluluwihan
dipun sabagi-bagi.


Ora kaya lampahe Gereleng erang
gennya hanyerang baris
gunging barisan
tan anan kang uninga
kaligane wus rumanjing
maring nagara
maring pasowan Jawi.


Wong kang hambaris masih hangadhang dhalan
tan weruh lamon wus manjing
manggereleng erang
sampun panggih ing kana
kalawan Sang Mahapatih
kang ngapranama
Patih mantos kang lagi.


Alinggih ana ingkang pasowan jaba
Gereleng erang angling
endi ratunira
samangko aturana
miyos ming pasowanan jawi
panggih lawan mingwang
ing kene padha becik.


Adhan Sang Patih mantos gupuh aturan
mring pagustene manjing
ing Tundhalapiyan
kapanggih aneng pura
Parbu Pucukamun angling
lah ana apa
sira jumrajong manjing.


Sang
apatih nembah matur yen punika
dhateng pasowanan jawi
wonten wliyullah
arsa kapanggiya
kalayan padhuka aji
katuran medhal
sasbdanipun becik.


Boten norah amanguna bakawita
amung seja badhami
rencangipun prapta
medhalem Ki Arya
Lumajang kang angapingi
layan sanunggal
raja sabrang kang sami.


Sadhamel rawuhe layan waliyullah
Pucukkamun mangsuli
Patih dhen tangginas
metu lah aturena
yen Pucukkamun wus lalis
asirna meradh
mangke boten pinanggih
kalangkung karsa
tuwan amigatosi.


Prabu Gerelengerang kandhikane
lah bohong sira patih
teka ambriyapa
pon wis dhen kadhar islam
gustinira mengko tampi
agama Islam
saking manira iki.


Prabu Gereleng lenggah ing Pajajaran
dhennya anulatasih
amemajang Islam
maring kula santana
Dhipati ukur kang nenggih
malebu bengat
maring kasta sang wali.


Menak Ciyahur Menak Gunung Munara
Timbanganthen lan malih
sing Sokawayana Rungkah
Menakragamang lan malih
Sang Yang Pamenang
cibala gung lan malih.


Panambang Sundhalarang miwah jumangjang
Karanggug apa maning
kang nganeng Sumedhang
ing Sumurbandhung mapan
angidhep maring sang wali
muwa kang anang
syanjur amurwa puri.


Nuli ana karsane gerelengerang
Rajalaut dhen siti
anulatasana
ingkang neng urut paminggir
kinarsakena
Rajalaut alinggih.


Ing Jakerta nudhuh-nudhuhena Islam
imaning wong paminggir
ing waktu samana
Batawi dhurung ana
masih kocap kang ngarani
bumi Jaketra
dhurung aran Betawi.


Rajalaut datan langgana ing karsa
mangke samun ngamuni
ing bumi Jakerta
malah sampun katelah
namane ingkang winuri-wuri ing sambat
sing tasawur ngarani.


Kasebut sambate Pangeran Jakerta
kocapa ta sang putri
ratu Mas Mandhapa
tulus angayam alas
dhumeh kang raka wus manjing
islam sakarya
lawan wali sejati.


Dhadhiya sekel manahe Putri Mandhapa
tan dhahar tanna guling
amuja ing dhewa
mugya anaa benjang
anak putu males pulih
ming kang ngakarya
burakking narapati.


Sigra lumajeng enggal putri Mandhapa
singgih angawulani
ming ajar sukarsaa
kang aneng gunung Padhang
Kaki Ajar sampun uning
ingkang dhumadhya
sadharganira putri.


Adhan kinen tapa sangandheping pucung
kang karambatan dening
suruh jinangjinan
besuk yen ana tiba
kuliyaning turuh iki
kang aniban nana
puserira ing benjing.


Iku panganan ing kono besuk sira
amanggih dhedhalaning
kang besuk akongan
anak putu malesa
nadhyan mindon sira nini
yen dhurung ana
kliyang puser nibani.



M E G A T R U H

Sabab yen wis sira dhahar kliyang iku
sira dhumadhi ing benjing
meteng tanpa laki besuk
lamon babar iku istri
besuk sebutan Ni Wadhon.


Nyi Tanduran Gagang ya iku kang besuk
ayu lir widhadhari
nanging rare rara wudhu
tan nana bisa amangking
yen kinarsa sapaturon.


Medhal eni saking boga hiya iku
wudhu ming wong agung Jawi
tetapi Walanda besuk
ingkang bisa manyirep geni
lah iku marga ing kono.


Ing ngakire Walanda kinongang besuk
marentah anusa Jawi
anyirep sagunging ratu
wisdeng ngidhep sira nini
dheng mantep saudhu ingong.


Yata putri Mandhapa idhep ing wuruk
tatapa ing saandhaping
suruh atakeran windu
tan kocapa ing lamuning
puroita aneng kono.


Kocapa Prabu Gerelengerang wau
karsa pariksa amaring
panggenane eyangipun
Nyai Dhalem Subang adhi
Ing Banten paminggir elor.

Yata kering lampah dhening uwanipun
Arya lumajang tut wingkang
maring Banten sampun rawuh
ing ngriku anulatosi
iman islam ming bale wong.


Nyai Dhalem Subang karancang kalangkung
renanipun ningkang galih
tumon wau sapunika
wong gedhe pinggiran sami
sujudh ngabekti ing kono.


Gendheng kanantun miwah Ki Gedhengujung
tumenggung ing Jahakelir
Arya Dhandhangan asujudh
sang sabak ladhang caraki
Gedhengbang bayang wus panor.


Patih Belang Ki Buyut Trejungsemut
Nyai Gedhang lelerik
lan Ki Ageng Warulampung
Nyai Rara Gawang lan malih
Encik Hundrusa ing Ngujunglor.


Sakabehe wewengkon Banten wus asuhudh
pra sami magusten maring
waliyullah ingkang rawuh
wus padha asambat Gusti
Molana Akbar ing kono.


Namane dhuk ing Banten inggih puniku
Kanjeng Molana Kabir
saestu kang nutut-nututi
 imanipun
kawulalit
lami-lamine ing kono.


Nunten ratu Karawang ing kana sujudh
apuji-puji ngabakti
maring sang karamat agung
tumuli ika kaheksi
putri ingkang langkung elok.


Molana Akbar ngandika apitambuh
he Ratu Krawang puniki
putrine sinten kang ngayu
tembe tumon aneng riki
dhening kaliwating elok.


Lansinten wewangine ingkang sinebut
lan sinten kang dharbe pecil
Ratu Karawang hamuwus
dhumadhos kapernah bibi
dhening kaula sayektos.


Putrinipun Prabu Pramana dhi mempur
puniki istri kang nami
Kawunganten jenengipun
inggih etangane tunggil
wayah Pakuwan sang katong.


Ten Gusti ngarsakaken rare puniku
sumangga kedheh nimbali
Prabu Pramana dhi dhingin
pon murudh tuwan kang dhingin
kaanggih dhuk ngungsi rebon.


Adhan Arya Lumajang ngintar popotus
ing mangke yenna ngaturi
Prabu Pramana dhi mempur
Cerbon girang sampun prati
dhumateng Banten sanggrah lor.


Wus pimundhut sukane dhateng kang sunu
Kawunganten sapuniki
kinarsakaken winangun
garwa kang pinusthi-pasthi
sang liningan sabdanyo lon.


Langkung katur ajaja malih puniki
salagi jasadh pribadhi
mapan gih kagunganipun
lha iku marganing dhadhi
Molana Akbar ing kono.


Lulusipun naga garwa kaping telu
Kawunganten putri adhi
careming pakramanipun
ika sampun namutrani
istri pelag sinarejon.


Ing pramana ratu winadon satuhu
lami-lami angadheni
lanang namane sinebut
Jeng Pangeran Sebakingkin
yaiku Godhang ing mangko.


Wewinihing kasultanan kanten besuk
wondene ingkang pawestri
ratu winahon ing besuk
ingkang apikantuk laki
wong sabrang namaning nguwong.


Pangeran Natasangin besuk kang lungguh
ing Jambukarang kang nami
sampuning kadhya puniku
Molana Akbar aniti
kang uwa kinarsa mangko.


Dhenna titi ana Pakuwon anutut
nututa kawula alit
langgenga Islam kang tuhu
kang pinangkanipun wakil
mumuruk iman ing kono.


Rama uwa Ariya sadhiweg nunggu
Pajajaran nulatosi
iman islam wong ngriku
kang temen dipunnanggapti
jumenenga aneng kono.


Sunan Rangga Pakuwan adhining wuruk
yata ika sang tinitih
Arya Lumajang tan kadhug
yen langganaha ing titi
lumampah gati gumatos.


Adhan Molana Akbar kandikanipun
meng punika rama mugi
madhenyudhi jajar wau
kapindhaha dhateng wukir
Sembung pancakaning nguwong.


Kranten kula mboten lami seja mantuk
dhumateng nging wukir jati
Arya Lumajang sumaur
sumangga karsa putra ji
sampun dadhos walang atos.


Tumunten Arya Lumajang mintaripun
ming Pajajaran nagasik
Budhi jajar wus kababut
kapaci ing Puserbumi
ing hardi Amparan ing sor.


Wusing salamet tika sakarsanipun
Molana Akbar paniti
Nuli Ki
Arya tumulus
Jumeneng Sunan Ranggadhi
Ing bawah Pakuwan kulon.


Sampun mageng makuwu-kuwu dhinulu
dhudhu kuwu endhas cilik
kuwu sote kuwu ratu
wus mengkonan adhat dhingin
kuwu amrentah bupatos.


Sunan Ranggalawe paku jenengipun
wusing arja kinrajihi
jengger ing sabawahipun
idhin Sek Molana Kabir
kang dhadhos pugeraning wong.


Nuli Molana Akbar akarsa mantuk
maring ampaning hardi
slamet sampun tinemu
babu Dhempul suka ati
para kapitayan panor.


Sarta budhi jajar katon wus ing riku
ing sarawuhe sang wali
ambakta wong juru sapu
marbot ingkang dhen arani
Ki Gusah pranamaning wong.


Kinarsa dhadhi juru siram ing sembung
yata ing salami-lami
rumeksa ing tanem tuwuh
kagungan Molana Jati
sirna sampun dhining wong.


Salinggihe Molana ati ing waktu
iku wus dhen kaidhepi
para gegedhen kang wus wruh
yen Pakuwan wus katiti
dhadhi sakabeh apanor.


Padha magusten ing Sek Molana sampun
puja-puja angabekti
sami asuhudh hangestu
yen ika wali sejati
mashur pangambaning wong.


Gedhengkali sapu wus apanor bakti
miwah ika
Ki Agengf ing kaliwedhi
Gedheng Bayalangu
Gedheng sangu lara.


Gedheng Maja Gedheng kali Kalidhere Muji
Gedheng kandha
miwah Ki Ageng Gegesik
Gedheng Weru
Gedheng Widheng lan Dhawuhan.


Ki gedheng kemlaka Ki ageng ana ing
Kalitengah
Gedheng Sembung apa maning
tan sakabeh gegedhen bawa Pakungdya.


Para kuwu para bekel sami huji
miwah ika
para buyut sami ngabdi
ratu Junti gumulung lawan Jaura.


Sabdhingine Gumulung Jepura sami
awibawa
miwah ing Render bupati
kang ngapanjenengan Ki Dhipati Cengal.


Tan nana liyan karsane para adhi
anging ika
arahe ngistreni gusti
Molana Jati supadhos dhereng karsa.


Pangandikane mangko sadhela maning
lamon nika
si ibu ing Banisrail
yen wus sun papag marene karepira.


Sabar dhingin aja gemen ning saiki
alung ika
wong kang lagi nedha idhin
gawe sawah ya esok gawea sawah.


Anaa saejung dharapon meragi
maring sira
yata kang sinungan idhin
wus dhikut kae sembahe pirang-pirang.


Luntasa sawah saejung dhen dheweki
patur oran
kawagung dhadhi metingging
pareng panen sajung mung olih sakranjang.


Gupuh-gupuh matur ming Molana Jati
lamon sawah
kadhos mati kadhos urip
mung awau sapinten idhin Molana.


Dhaten ing temah ameng angsal sarinjing
pon kandhika
wau dhraponna maregi
kenging punapa salaa ing puwara.


Molana Jati kandikane aririh
deng pracata
maring allah sira kaki
sira pangan setaun mangsa entonga.


Tumungkul kang sinabdan semune ajrih
dhpi mangke
dhen yektekaken kang pari
yen wus dhen tutu kebek maning kang
kranjang.


Mangkana lan mangkana salami-lami
etu nyata
karamat Molana Jati
mula wong ika sinebut Gedheng jungjang.


Sabab sawah kang saejung mung pakolih
sakaranjang
udhu yen karsane wali
ora kena dhrawaka kabina-bina.


Lawan ora kena ngebat-ebati
lawas-lawas
Molana Sabda weweling
Maring sagunging ngabdi lan kapitayan.


Dheng becik sira kemiot ana ing riki
ingsun arsa
kesah maring Arab maning
seja kapag si ibu seja sun gawa.


Marene dharopanna njenengi ing riki
ing wilayat
Dhawil arkanm kang sayekti
si ibu kang kagungan ingsun kang ngasta.


Yata sembah para kapatiyan inggih
berkah tuwan
dhunya kerat kang kapundhi
adhan sek Milana luntane akesah.


Ngilenna mbener tanpa prau wus ngancik
dhurung ngombak
ing sagara sampun kadhi
dharatan ing tapak Mubarak Molana.


Tan kacarita dhangune eneng margi
wonten kocap
sawuri ing Linggarpatni
para kapatiyan sami kagegeran.


Karawuhan Pangeran Panjunan sarwi
samyambakta
saradhadhu dhadhakpati
adhan bagedhat-Bagedhat masih dhen
titihana.


Lelewaning saldhadhu kagiri-giri
langkung kagyat
Patih Keling langkung saking
ilang samangir hanyane yen susulan.


Susulane raja Keling anututi
wus angrasa
pyambak atilar maring
larunge gustine dhen kubraki pisan.


Dhangu- dhangu dehen titeni Keling
sejen bangsa
dhadhi rerep mana wigih
dhadhya para kapatiyan sumrambana.


Ing sang arawuh wus ingaturan linggih
Rara Bagdad
kang miwah Sek dhatul Kapil
kang eawuh sareng lan Pangeran Panjunan.


Aturing para kapatiyan nun inggih
langkung cuwa
pangusten sami ngrawuhi
anarengi panguusten ngriki akesah.


Dhateng Arab yata ika sami linggih
sarya nabda
ing wong makripat sejati
senadhyana ing Arab yen karsa prapta
pra wali tuminggal
ing pamidhangan kulon ana gumandhul
warnane pinariksa inggih.

Sanyatanipun rasukan
Sunan Bonang ngandika hiya iki
satuhu kagunganipun
rayi ing Kalijaga
sebab iku kang dhuwe gagat hanggethuk
kaken masjidh lawan kabah
kadhuga ana kulambi.


Patut katutan sing Arab
pasthi iki dhadhi pajimatanning
ratu ingkang kari besuk
kocap antakusuma
nuli Sunan Kali hamendhet puniku
rasukan sampun den cacak
tiba sreg ing Sunan Kali.


Pangeran undung hanabda
kula nyilih punika si kulambi
badhe ing mangke mangke hanglurug
ming Majapahit pura
dhupi dhen cacak radha seret agupuh
Sunan Kali hangandika
kula teka melang ngati.


Rasukan nora sambadha
bok menawi mangke wonten balahi
Pangeran Undhung amuwus
boten snggihne raka
puniki rasukan kula silih tulus
Sunan Kali sabdanira
lah inggih karsane yayi



M  I
J  I  L

Jumeneneg rempunging para wali
yen nika samangko
Pangeran Undhung lajuwa mangke
dhumadhi senopati maring
lan sinebut mami
Susuhunan Undhung.


Sigra tumandang sang rinempugi
ingiring bala wong
gumita genjuran ing lajune
dhipati Teterung wus uning
yen gadhang musuhi
maring Sunan Undhung.


Dhadhi prayatta memetheti
prajurit baja wong
sabrang kang ana wewengkone
patang puluhe prajurit saking
Pangeran Bali
ingkang nate pamuk.


Patang puluh sing nagara Bugis
patang puluh uwong
saking timur Kupang lan malihe
patang puluh prajurit saking
Siyem panagari
lawan malih pamuk.


Patang puluh sing Aceh nagari
lawan pipitu wong
sing Sokadhana
saking manggrahe
saking Butun saking Patam
kinarya nimbangi
pamuk para luhung.


Wus mintar mapag sang adhipati
Teterung sang asosoh
Jarsikisam potalang anake
mulane sakti apasahi
campuhi ing ngajurit
nuli Sunan Undhung.


Hanggagap ing lakuning paksahi
kasambut ing kono
pejah ing rasa sampun gumlenter
Sunan Undhung sumeren dhening
Tandha Terung sakti
bala Dhemek mundur.


Kacarita para wali sami
ing masjidh palunggon
sami tuminggal ing kutheyange
rasukan Sunan Undhung mulih
maring Dhemak prapti
kothah-katheh marus.


Sunan Bonang ngandika lah iki
sang kulambi katon
teka dhewek patut kang hangangge
kasambut sing rama tumuli
tan nana dhangu prapti
layon Sunan Undhung.


Wus binecikan kadhi paranti
pinetek akulon
ning masjidh Dhemak sampun sinahe
adhat gunemming para wali
yen nika prayogi
mangke Sunan Kudhus.


Kang gumanti dhadhi enapati
kang dhadhya gegantos
sipun ramane kang wus sumeren
sarta kinanthiyan pangeri
Kanjeng Sunan Jati
Tumuta salaku.


Kinanthiyan tengen Sunan Giri
wus rempug sang kaot
adhan Rangga Bintara karsane
ngilokaken satus prajurit
lewih asal saking
Palembang apamuk.


Sarta hambaktakaken yang pethi
pajimating wong
Palembang sing Dhamar dhingine
pusakane Endang Dhalepik
wawataking pethi
yen binuka iku.


Ing payudhan jumegur metengi
musuh dhadhi longlong
yata iku wis binekta age
dhening Sunan Kudus ingapti
lampahe lestari
sng wali tetelu.


Brawijaya dhadhya amemeling
lah dhen ngatos-ngatos
tandha Terung sira ing panggawe
patut Susunan Kudhus iki
seja males pulih
aken ramanipun.


Ingkang wau wus sira pateni
iki putrane ngong
si Lembupeteng jaken sagawe
lawan sira kelawan maning
iki si patinggi
Bondhan waringipun.


Warange Gedheng Sela prayogi
ajaken sagolong
katelu sira dhapon timbange
lan wali tetelu kang lagi
sejane musuhi
ming kita amuwuh.


Mung patih Gajahmadha ja lebih
lan nisun ing kraton
yata Dhipati Terung age
mangkal mapag ing gelar wali
ing kiwa sang adhi
Lembupeteng wau.


Aneng tengen sang Adhipatinggi
Bondhan wus agatos
lampah ngalor ngulon sabalane
kocap Brawijaya sawuri
kalih sang apatih
Gajahmadha wau.


Smi wiwiraosaning sepi
ngandika sang katong
hiya ta lah iki sun pikire
titis sisun hamageng budhi
teka sun titeni
sakahing pengaruh.


Kasekten Majapahit atebih
dhadhi camah entong
padha ora nana guriyange
bok menawa ing kita iki
mengko tiru maring
Pajajaran larut.


Becik uga para kulawargi
aja dhalaningong
kang patut pereng patih uripe
kon padha kumpul aneng riki
yata cundhamani
Budha samya kumpul.


Pra samya ataki-taki aji
pameradhdar ning wong
 ing
malem jumngah ing padhabelase
tan nantara dhangu tumuli
rawuh pamapaging
jawata katurun.


Opyak widhyadhara-widhyadari
kang pasonggon-songgon
upacara kayanga sakabeh
Umbul Malawangan marapit
jampana dhi lewih
sarta payung ngagung.


Sing ngawang-ngawang kebek nedhaki
sarta ambon-ambon
ingkang ngarum mawangi gandane
yata saisining kang puri
si Granggayu langit
handedel kang dhatu.


Pra sami ngahiyang wus sumilir
wor dhaya sing kulon
ngalor ngetan sadhaya puruge
sampun sirna kedhaton sepi
hanggulendhang kari
Pramensyari sepuh.


Kang asal sing Cempa dhuking dhingin
Dewi Endrawatos
uwane Kanjeng Susunan Ampel
pramilane dhalem kacangking
meradh inggih saking
wonten imanipun.


Kocapa mangke kang tandhing jurit
telon kinatelon
campuhe bala aperang gedhe
ganti kondur sangeting sakti
sinaktiyan sami
angadhu lalangkung.



Sunan Kudhus handhesek tumuli
pethi wus dhen bopong
dhen buka ing payudhan sangkane
jumegur ming langit dumadhi
peteng kadhi wengi
bala Buha bingung.


Sunan Giri wus angunus keris
kalamunyeg miyos
tawong gung kagila-gila kehe
ngebyuki bala Majapahit
sami dhen anutupi
geger ting berekuh.


Susuhunan Cerbon anulungi
ngirapken bebodhong
miyos tikus hanjagat akehe
padha mangani dhangdhayaning
tumbak lawan keris
padha runcat sampun.


Dhadhi kondur bala Majapahit
lumayu agawok
tikus tawon hamburu lagane
sang tetelu dhupi ninggali
kraton sampun sepi
hanggo lendhang suwung.


Dhadhi padha lumayu aningidh
saparan-paran ngon
Lembupeteng wus anyingidh aneng
ana gunung Lawu amadhem dhiri
ya iku ing benjing
yakti kang tumurun.


Maring buyut Gri wiwinihing
Kartasura katong
dhupi Bondhan Kajawan luntane
maring padhalemane lami
yaiku wiwinih
ing Mataram besuk.


Dhipati Pacattandha pon mulih
Teterung kedhaton
seja mapan perang sagedhene
hanglalu lebur ngawu saking
pyambake ngraosi
dharbe dhosa wau.


Mejahi Sunan Undhung pan yekti
ramane kang mangko
Sunan Kudhus tanjun pamalese
pramila dhe geng sang dhipati
Teterung tan kathik
lemes manahipun.



D
H  U  R
M  A

Wali titiga layan sabalaira
ing kana wus rumanti
kraton Maostikta
pra sami linebetan
panggih hanggolendhang sepi
dhan rinugraggan
prabayaksa dhen wingkis.


Padha sadhina iku dhen unjal
karsaning para wali
arsa dhen pacekka
kanggo surambinira
masjidh Dhemak dhrapon becik
isining pura
sakabeh dhen boyongi.


Raja gegaman lan sarupaning barang
kabeh dhipun unjsli
sarta Dhewi Endra
pawestri langkung sepah
pon binakta winuri-nuri
raja punggawa
sakabeh dhipun kerig.


Maring Dhemak para wli tulus jaya
dhigjaya angunguli
Kyan Rangga Bintara
anunten ingestrenan
dhening sagung para wali
jumeneng sultan
ing Dhemak panagari.


Hiya iku kang miwiti ratu Islam
suliring Majapahit
hangimponi Jawa
apapatih kang nama
patih Wanasalam sakti
pangulunira
Jeng Kyai Bidhudhin.


Nuli para bupati satus pat belas
wewengkon Majapahit
kabeh sampun nembah
dhumaten Sultan Dhemak
praja Urawan lan malih
nagara Japan
Srengat lan Banyuwangi.


Banger Majalangu Lodhaya Belitar
Panarukan lan malih
Arya Pajarakan
tumenggung ing Lumajang
Balakan lan Sokasari
jeng Bandawas
Antang lan Curugsari.


Andong ngijo Pasirayu lan Kamohan
Keluk Rababon puri
Ki Arya Kabunan
Tumenggung Pajebugan
Kadhuwang lan Kedhiri
Gedheng Taruban
Pacitan lan Trenggalek.


Magetan Pernaraga lan Tirtalaya
Salatiga lan malih
ing Bajanegara
Nyunut kedhu Parakan
Kalangbret lan Puwadhadhi
tumgung Belura
jeng Japang lan Pancelik.


Panolan Ngrawa Temenggung Baurena
Padhangan Wirasari
Puger Musu Kendhawas
Kemulan lan Candhak cangking
jeng layan katemenggungan
Jagaraga
Belawong Wirapuri.


Tumgung Rarawe Pace lan Grobongan
Medhiyu Rajegwesi
Rontal Jajarsawa
Pacekan Tirtasabu
Tunjung Karobang Tayangan
Baglen magelang
Dhongdhongo irim-irim.


Gedheng Sesela Unceg lawan Pagebyar
sesuluh Indrapuri
 Rawit
Kamayoran
Gandhungan lan Cikandhsng
Purata lan Kamarunggi
Tumgung Bayumas
Selamarta lan Pasir.


Dhayaluhur Sabrambang lan Purwakerta
Gumelan Panjersari
lan Arya Rumbinang
Tumenggung ing Jogbaya
Tuksasra lan Bunaiwari
Sri Pagedhongan
Batulaut rarangen.


Muwah bupati ing pasisiran
kabeh sami ngabakti
dhateng Sultan Dhemak
Basuki Prabalingga
Gembong Wirasaba Bangil
Gersik Lamongan
Sidhayu Rembang Pathi.


Lasem Juwana Jepara lan Semarang
Kendhal Batang lan malih
jeng ing Pakalongan
Pamalang lan Tegal
Barebes punapa malih
waktu samana
ming Dhemak gennya ngabdi.


Wondene bupati kang sinung mardhika
dhatan pinardhi ngahdhi
meng bupati gangsal
nagara Balambangan
sab cacangkok Sunan Giri
lan Surabaya
kinen nika ngormati.


Astanane jeng Sunan Ampeldenta
dhupi nagari Tuban
mardhika karana
cacangkok Sunan Bonang
ing Kudhus punapa malih
cacangkok Kudhus sayekti.


Miwah ika kukubaning Wilatikta
cacangkok Sunan Kali
jengger ing Dhemak
lagi waktu samana
hangreh pulo sabrang saking
salikur nusa
apa dhudhuhne dhingin.


Majapahit hangreh ming salikur nusa
yaiku pulo Bali
lan pulo Madhura
Manggrai Timur Kupang
Bima palembang lan Bugis
Kalak lan Banjar
Mandhawe Salok Sampit.


Saladhong Pahang Butun lan Sokadhana
Cempa Selat lan Burni
Patani Melaka
kabeh waktu samana
padha asrahe upeti
ming Sultan Dhemak
sesulur Majapahit.


Waktu samana dhurung ana nagara
Pajang lawan Metawis
muwah Kartasura
Solo maning anaa
Yogya pan nagara akir
nagara anyar
Sukartane kang akir.


Geng genging Dhemak dhadhi karaton mulya
barkah ing para wali
kang sami rumewang
tumuli ana karsa
Sultan Dhemak ingkang pinilih
padha ngungsedhda
Tandha Terung kang masih.


Dhurung katong ning mangko patobatira
Sunan Kudhus tumuli
ngungsedh anusula
ming Teterung nagara
dhatan nambakta prajurit
tan sadhya perang
sadhya dhipun badhami.


Dhipati Terung maksih tampa salah
ngadhepi lan prajurit
binalang lan surat
dhening Kudhus narendra
sacacangkoking kang tulis
he Pecattandha
tobata lah dhen gelis.


Wusing tobat pasthune isun ngapura
dhosanira mateni
bapanisun mula
mula perang wiwitan
dhipati Teterung gasik
amaca surat
dhadhos ing manah eling.


Kadhi malam kena geni manahira
adhan nika nunulis
mangsuli kang surat
cacangkoking nawala
inggih kaula puniki
nuhun apura
meng sampun di bobodhdi.


Mengkin kula tobat nuli pinejahan
Sunan Kudhus ningali
surat kang mangkana
nuli enggala hambalang
maning surat sarta muni
ing jroning surat
sumpah ingkang sajati.


Dhemi Allah endi ana wali tobadh
Dhupi sampun mangarti
Arya Pecattandha
anungkul sigra tobat
adhan binakta tumuli
mara ing Dhemak
Sultan langkung sukati.


Aningali Sunan Kudhus sapunika
Jeng Sulatan Dhemak angling
he ya waliyullah
Kudhus punika kadhang
kula kang dhosa mejahi
rama jandika
sapintening samangkin.


Sunan Kudhus sabdane alkamdulillah
kaula ngapunteni
ing kadhang molana
Sultan Dhemak wus suka
kadhuga ika dhupi
ing Pecattandha
jenenge dhen Nali.


Dhipun wastani Pangeran Palakran
yata lamining-lami
Arya Palakaran
kesah ika ngumbara
maring Cerbon hangguroni
Pangeran Drajat
dhugi ing ngajal pati.


Wus sinare ing astana Palakaran
kocapo ing Dhemak malih
karsane Jeng Sultan
Sunan Kudhus kinarsa
amejahi Gedheng Pengging
kranten nambaga
maring ratu kang adhil.




Sunan Kudhus dhatan langgane ing titah
Ki Pangeran pinejah
dhadhi putranira
tumulus angumbara
kang nama ki Jaka Tingkir
iku kang gadhang
Sultan Pajang ing benjing.



M E G A T R U H

Mulane jaka Tingkir kinongang besuk
nyelang karajahan saking
Dhemak jumeneng ratu
ana ing Pajang nagari
karana warising embok.


Sabab Ki Gedheng Pengging kaladhuk wau
mogoling nagara Bali
ya ki Pengging kang hanglurug
hangidheppaken ing Bali
pulih kadhi dhuk apanor.


Nunten Ki Pengging tami ganjaranipun
sang ratu ing Majapahit
kabopaten pengging ika
sarta pinaringan putri
nipun kang namining wadhon.


Dhewi Handayaningrat lah iku
kang amiyosaken siwi
Jaka Tingkir namanipun
ora nanaa liyan anging
iku adhiling Yang Manon.


Nora bedha ika Ki Mataram besuk
mulane Radhen Ngabei
kinongang halungguh ratu
aneng Mataram nagari
sebab kakine sayaktos.


Titising Brawijaya kala dhuk wau
ngangluwa waunen nuli
hangangge usadhanipun
lan hanggulingi pawestri
Wandhan Kunin nuli bobot.


Miyos putra kitiwar boya dhen naku
marmanipun dadhi tebih
Bondhan Kajawan tumuwuh
nuli puputra Kyai
Pamanahan saking kono.


Miyosaken putra Radhen bei iku
ora liyan ika anging
adhiling Allah tinemu
tumedhak ming jaman niki
ing Ayogya miwah Solo.


Ora bedha kang neng Kartasura besuk
mulane anyelang benjing
Mataram kadhuga suwung
dheweke hangratu linggih
ing Kartasura kedhaton.






Satemene Kartasura iku turun
sang Lembupeteng putraning
Brawijaya kang hanglampus
ing Gunung Lawu pon tunggil
iku adhiling Yang Manon.


Marmitane ana babasan sinebut
kusuma turuning waris
hangantos keleming gabus
hanjurung timbul ing wuri
yen uga estu sajatos.


Wonten kocap ing Dhemak kang linggih ratu
riniyungi para wali
Sultan Dhemak saya wuwuh
Agung putra kang winuri
jalu istri wedhra anom.


Putrane kang sepuh sinengkakaken lungguh
nama Pangeran Dhipati
Sabrang Ler ing jenengipun
rayaine tumuli pinrih
sinebut namaning nguwong.


Pangeran Tranggana ika jenengipun
nuli rayinipun malih
ingkang namane sinebut
Pangeran Baskara sakti
tutuging araton-raton.


Wusing pracaya para wali tyasipun
rehing Sulatan sampun becik
enggone alinggih ratu
lumunten kang para wali
sami bubar maring Cerbon.


Karsanipun ngadhegaken meshidh agung
ing Cerbon panagari
ing kana sampun narawuh
makumpulan aneng masjidh
jalagrahan dhuk samono.


Susunan Jati mangke pariksanipun
dhateng kakang Dhatuk Kapil
kadhos pundi kayu-kayu
sampun lengkap sapuniki
sang liningan matur alon.


Dhereng lengkap angantos sanunggil kayu
kang saking gunung Surandil
ingkang lami dhereng rawuh
dhupi sing Bagdat sing Mesir
sing anisrail wus dadhos.


Sasaka tiga sampun sami winangun
Jeng Sususnan Cerbon angling
inggih kakang dhipun sengkudh
sabab puniki karsaning
para wali karsa mangko.


Bantua ngadhegaken rangkang puniku
nunten karsa para wali
yen sami ceramah ngilmu
musawarah kaping kalih
ing gunung Creme samono.


Para wali sami sasakten lumaku
wonten kang lampahe kadhi
kilat gumebyar hamurub
wonten kang limunan kadhi
madhewa srahan tan katon.


Waneh sumilir awor lan nanging timur
ana kang hanggayuh langit
awor lawan mega mendhung
ana ingkang kadhi paksi
mesat anuli cumlorot.


Waneh ingkang awor lawan namun-namun
waneh kang anglenging bumi
jro bumi kadhi-kadhi lulurung
ana hanglempeng sajati
lumempat salempatting wong.


Ameng Sunan Jati basaja lumaku
abener aja lan kaki
 kalih teteken lumaku
prandene rawuhe dhingin
para wali sami gawok.


Amaos subkanallah maring Yang Ngagung
mashuraken Sunan Jati
yen keparek king Yang Ngagung
hangluwihi para wali
pareke maring Yang Manon.


Sayogya ika kita idhep pangulu
pangulune para wali
ing nusa Jawa kang ma’mrum
adhan ing kana pra sami
halinggih magawe ing gon.


Gunung Cerme gennya musawarah ngilmu
ming mangripat kang sajati
wis apa dhudhuhne mau
dhuk kabar ma’ripat dhingin
ana ing Giri Kedhaton.


Sek Lemahbang ing kono pon maksih kukuh
badhane ngaku Yang Widhi
dhatan kena yen dhen sendhu
dhen emutaken dumadhi
kesah morodh saking kono.


Lami-lami tumunten pra sami kumpul
dhumateng ing Cerbon malih
ing Jalagrahan nakumpul
paring ngejing dhipun liling
sami pradhongdhi awiyos.


Kibkating masjidh nenggih kirang mengidhul
Saweneh wali anenggeh
Kirang mingler satuhu
Waneh kang nenggeh patitis
Kibalate inggih samono.


Dhen gencang dhen gencong rangkang masjidh
iku
padha lan nasta sawiji
 mingler-mingler
rangkang iku
dhening wong sasanga sakti
kadhing wong sasangka sakti
kadhing wonging ngercecepon.


Pon Sunan Kalijaga kang mangun rampung
kadhi ing dhemak dhuk dhingin
 para wali sami sukur
ing dhadhine kang masigit
agung ing nagara Cerbon.


Sunan Bonang anenggeh ing wakapipun
ampar kang sawiji saking
Madhinah dhuk asalipun
pinacekaken ana ing
sisih tengah kang sayektos.


Bang lidhuling ngampar Sunan Bonang wau
dhupi Sunan Kali
wakape ampar bang kidul
ling hampare Sunan Jati
tapel dhesek kinatelon.


Ana ing paimamaning masjidh dagung
jumeneng sawaktu dhadhi
para wali gilir gantun
gilir ganti angimani
ana ing masjidh kono.


Dhuk pareng Sunan Kali imam ing riku
Pangeran Makdhum anenggih
amoyok ing manahipun
kenangapa Sunan Kali
ngimammi kaya mangkono.


Kaya bocah dhodholan kurang prayogi
waktu salat
sunan Kali sampun uning
ing saklisiking ngatine kang anacadh.


Dhadhya emase jeng Sunan Kali
ora nana
maning kang katon ningali
mung ing tingal Pangeran Makdhum kewala.


Pareng bangda salat ingkang para wali
sami lenggah
iku dhadhi ciri wanci
sira wurung dhadhi dhrajadh waliyullah.


Pon sira ingkang mau dhen gadhang dhadhi
waliyullah
kasapuluhan jejegi
iki dhadhi batal kawaliannira.


Rehing ngiku Kanjeng Susunan Kali
wus katrima
dhening Allah dhadhi wali
saunine datan ngrasa ngucap priyangga.


Lan nemase Kanjeng Susuhunan Kali
ora nana
maning kang katon ninggali
amung sira kang dhuwe tingal mangkana.


Pangeran Makdhum tumungkul angling ririh
sampun bagja
kaula dhatan kadhugi
ing dharajating wali ameng sasanga.


Lami-lami ingkang gesang ameningi
Sultan Dhemak
wartana lamon ngemasi
suneren mantuk maring karamatullah.


Dhumadhi bubar wali sasanga saking
Cerbon kesah
maring Dhemak kembeciki
layone Sulata Dhemak wus astana.


Gantha patang puluh Cina angestreni
ingkang putra
kang Pangeran Adhipati
Sabrang Ler mangke jumeneng Sultan Dhemak.


Pangeran Trenggana kang dadi papatih
dhupi ika
Pangeran Baskara mangkin
kang sinung hangratu ing nagara Jipang.


Jumeneng Pangeran Arya Jipang sakti
kang wanodhya
Ratu Alunan kang nami
kang alaki Jaka Tingkir ka Penggingan.


Pan saka-beya (sakabeh ya) rempuging para
wali
adhan ika
Jeng Sultan Dhemak Sabrang Ler
kang geguru ming Sunan Cerbon Molana.


Sarta ika dhadhi mantu Sunan Jati
wus tinepang
layan putri Sunan Jati
wau kang nami Ratu Ayu Wuraran.


Pramila Sultan Dhemak
agung ngabakti
lan ruruba maring Jeng Sunan Jati
hamangunaken Kraton Cerbon pon nika.


Ya babaktine Sultan Dhemak kangapati
buluh pata
alun-alun Pakungwati
lan namangunaken kutha Cerbon ingkang.


Angemperi kaya kutha-kutha Mesir
mapan nika
Sultan Dhemak kang angnapti
anut maring karsane kang mertuwa.


Kutha Cerbon ningkang ngaminggir pasisir
mapan nika
pon hiya miminggir kali
kasuneyan ngulon dhugi ming Sanggrampak.


Ngalor miminggir pasawahan hangrapi
nuli ngetan
pon niya meminggir kali
pabeyan sira sampun natepung gelang.


Lawang lor jagabaya hamageng pulih
nama Allah
lawang kidhul iring-iring
kasumeyan lah iku margi kang kuna.


Pramila Sulatan Dhemak mangke ngaturi
patulungan
laimang ngatus tukang bangkit
kapalane ika ingkang apranama.


Radhen Sepet atawa Kuwu Dhipati
hiya ika
kang sinare aneng bumi
dhawuhan ika aneng kramat Soka.


Babaktine Sultan Dhemak muri
kang mertuwa
miwah kang guru sejati
badhe ngadheni kang gadhangnging ngastana.


Kutha-kuthaning gadhang ngastana pan wis
rinerengga
angemperi Betalmukdis
pon anut ing karsane Kanjeng Susunan.


Sarta abdi-abdi dhalem pakungwati
sampun nembah
ing kana amuri-muri
yen Cerbon niku suluring Pajajaran.


Sultan Dhemak wangun sanggrah saandhaping
ardi Yulang
kang katelah dhen aranni
madhemangu punika Wuryaacemak.


Ingkang angsal amindhah ming Majapahit
sampun harja
ingkang matingka nagari
lami-lami karsane Kanjeng Susunan.


Wilayahha Pajajaran nika dhen bagi
telung pangkat
pangkat kulon sinung maring
Pangeran sabakingkin ing banten putra.


Hiya iku salawe papangkah mantri
Surasowan
kanantun lan Jahakeling
Tumgung Sunyarasa Dhipati Bangbayang.


Kartamanah Tirtagung lan Trejungsemi
ujung bilang
Gandara lawan lelerik
Wijong Dhagdhagan muwah Pasirwuyata.


Herya Pajaksan lan Panangkilan mailih
Pamokamadh
layan Tumgung Pacaraki
Tumbung pamuk Raraguwang Sabaklayang.


Warulampung Undurus lawan Nasepsari
Baranakan
kabeh iku pan katiti
dhening kang putra ing Banten Panaraga.


Layan malih karsane sang estu wali
dhatan narah
murka halakuning wris
pangkat tengah sinungaken ming kang uwa.


Sunan Rangga ing Pakuwan kang sinung sih
pangkat tengah
selawe papakah mantri
hiya iku ngawiti saking Sumedhang.


Bndhung Syanjur Pajajaran lan Batutulis
ing Limbangan
Telagalluwar apa maning
Tumengung Ciyahur kalawan Cikakak.


Menak Ciyasem lawan Ratu Karawis
Wanabaya
gunung Munarah lanmalih
Timbanganten Panembong Sukawayana.


Tumenggung Garut Rungkah Ragamangngaji
lan Jumangjang
Cibalagung Sundhalaris
Pawenang Ujung Kulon kalawan Karang.


Kabeh iku katiti Sundha panumping
Sunan Rangga
ingkang nguwa Sunan Jati
kang anguwoni ana ing Pajajaran.


Layan malih karsanipun Sunan Jati
iku wana
Jaketra kalawan siti
Bogor pinardhi kabadhe ingkang raka.


Raja Laut pahajanganing ngaurip
mula dhadhya
tetep kumrasaning Jawi
waktu iku durung ana Batawiyah.


Dhupi pangkat wetan karsane sang wali
kang kinudhang
winayang-wayang ing janji
badhe tedhake Pangeran Pasareyan.


Winuri-nuri ya Cerbon panagari
mapaniya
salawe papangkat mantri
awit Tumgung Losari lan Ageng Gebang.


Dhipati Endher ratu gumulung sakti
miwah ika
ratu Jepura lan malih
Menak LurangungTumenggung Bnagara.


Sokapura Malebar lan Lebakwangi
katumgungan
Panjalu lawan Kawali
Cikasoka lawan Ki Arya Kuningan.


Menak raja Galuh muwah Sindhang kasih
lan Susunan
Talaga winuri-nuri
Sang Yang gempol miwah dhalem Palimanan.


Cerbon Girang Cagkuwang Cremayu Dremayu
aji
panganjangan
miwah ika ratu junti
Temenggung Kandhanganghaur waktu samana.


Mangkana kang papangkaning mantri aji
kang asandhang
Bawat asih lah pangasri
Ondhe-ondhe ning kina kadhi mangkana.



P U C U N G

Harya Kuningan kang winuri ing waktu
mangkene anama
pandelegaan jujuluke
dhupi Dhipati Ukur winuri nama.


Jaga satru munggying ngarsane sinuhun
Ki Gedheng Susukan
kandhamu ipanjenenge
Arya Wadhuaji Ki Ageng Gebang.


Gedheng Selapandhak kang winuring wuwus
Arya kandhuruhan
wus sangkep adhi-sdhine
kocapa Ratu Ayu kala king Dhemak.


Hambeciki layon ing ngastana sampun
gantha kawandasa
dhinten angestreni mangke
rayine kang nama Pangeran Tranggana.


Jununjung madheg Sultan ning Dhemak sampun
nyuluri kang raka
iku kang ngagung putrane
kang pambarep sinungan nadhi peparab.


Pangeran Dhipati Prawata ing riku
dhupi rayinira
kina jeneng ing namane
Panembahan aneng Madhiyun nagara.


Kang garwane Putri Sebakingkin wahu
istri ingkang nama
Ratumas Ayu jenenge
rayine malih kang sinung Panagara.


Ing Kadhiri sinebut namaningngagung
Pangeran Ariya
Pangeran Emas jenenge
ngtutake kang garwa aneng Japara.


Sinebut Pangeran Jepara ing riku
amelah gengira
rayine malih kang wadhon
kang nama Ratu Nyawa ingkang akrama.


Maring putrane kanjeng Cerbon Sinuhun
ika kang anama
Bratakalana jenenge
Kang jejuluk Pangeran Sakeh kang nama.


Ngetutaken garwa dhedhalem ing Tenyu
dhupi dhuk nalika
karsa tetilik ming Cerbon
margi lautan kinepung dhening bajag.


Malah pejah Pangeran ana ing laut
kabegbyuging ombak
maring mundhuki kisike
Sunan Jati Sunan Kali wus uninga.


Yen putra adhalem pejah ing pinggir laut
arawuh ing kana
Sultan Dhemak king samangke
Pon rawuh kalih kang putri Ratu Nyawa.


Ratu Nyawa anjerit karuna asujudh
ing padha mertuwa
Sunan Cerbon kandikane
ora mati bayi iku lakinira.


Wong mati sahidh ora kena sinebut
yen niku matiya
mung salin nagara wae
tatkala Sunan angandika samana.


Layonipun ngalesedh pareng kadhulu
ing Jeng Kalijaga
Sunan Kali adhan linge
Ratu Nyawa widuri aneng Pakungdhya.


Pinakramakaken layan ipenipun
ya ika kang nama
nipun dhuk ing wawangine
Pangeran Pasareyan kan lunta kena.


Dhadhya lulunta Sultan Dhemak gennya ngaku
mantu nganak-kanak
bebesanan lawan Cerbon
Ratu Nyawa Sri Pangeran pasareyan.


Malah sampun agung-agung putranipun
nenem ingkang putra
Dhen Kasatriyan  namane
kang antuk garwa putri ana ing Tuban.

Ping kalih kang sinungan cacangkok lungguh
jeneng Panembahan
ing Losari pangonane
kang kacarita langkung guna ukiran.


Ping tiga putra ingkang pra naminipun
nma Jeng Pangeran
dhipati Cerbon kang mangke
sinebutSeh dhenggaruning ing wasana.


Ping pat nami Ratu Bagus ngakeh jalu
ping lima kang nama
Rtu Mas Tuban jenenge
ping nem Pangeran Ruju ing namanira.


Dhupi putri jeng Sinuhun ingkang wau
Randha saking Dhemak
mring Cerbon Pamanukan
angsal waris gamelan ingkang winastan.


Gamelan Sukati iku purwanipun
aneng Cerbon
gamelan Sukati mangke
lami-lami ana wong agung aprapta.


Ratu Bagus Paseh ika jenengipun
ingkang kacarita
iku aputih getihe
Ratu ming Cerbon hangabdi ing Susunan.


Nunten pinundhut mantu ing Jeng Sinuhun
ptri ingkang randha
saking Dhemak dipun jpdho
kaken layan Ratu Paseh aneng kana.


Ing Cerbon careming jatukramanipun
ws puputra gangsal
mangkana ing pambarepe
iseri Ratu Wanawati naminira.


Kang pinakramakaken lawan sadhulur
msan ingkang nama
Pangeran Dhipati Cerbon
kang mutrakaken Panembahan Ratu benjang.


Dhuk timure Pnembahan Ratu iku
sinambating nama
Pangeran agung jenenge
dhupi putra panggulune Ratu aywa.


Pangeran agung ika pra naminipun
panengahe nama
Ratu Saluwehan mangke
kalingkinge istri ingkang ngapeparab.


Ratu Agung awaruju Ratu Ngemuh
ika sampun mernah
putra wayah Sunan Cerbon
pan mau Panembahan Losari ika.


Wus puputra papat ika jenengipun
anama Pangeran
Dhipati Losari mangke
Pangeran Panenggak lan Pangeran harya.


Istri Ratu Sulambitan namanipun
sumawena ingkang
nang Banten wus mernahke
putra Sebakingkin pan wau wus kocap.


Kang rabi Japara kang lai Madhiyun
…………………..
Pangeran Sunyarasa nem
lawan kang nama Pangeran Pajajaran.


Miwah nama Pangeran Molana Yusup
iku kang puputra
ingkang senibut namane
Pangeran Molana Mokammadh ing kana.


Ing Banten lan Cerbon redhak Sunan Pakung
wati waliyullah
andum sawaris-warise
sapa kon saenggon satata sugena.


Tan lami Jeng Sinuhun Cerbon nandangu
maring ingkang para
gegedhen lah ing samangke
raka Karengkendhal teka tan katingal.


Yen Sumeren aneng endhi kuburipun
yen si angumbara
ana ing ngendi pernahe
padha sira anenenggeha ing warta.


Yata Gedheng muhara lan Gedheng Sembung
Nyi Karangcempaka
kalawan Nyi Gedheng Pojok
sami nenenggehi dhatan pikantuk warta.


Ameng Gedheng Sembung ing wingi handalu
ing teja gumawang
dhupi dhen sungsung wus lelah
ing Karangkendhal ika ana katinggal.


Lampit gumelar lawan babaring payung
nanging tan katingal
kang alinggih manusane
mung dhadhi putih kang miber sapasang.


Gedheng Sembung wus matur maring sinuhun
yen kadhi mangkana
sunan Jati wangsulana
ya iku padha kanthanen pakuburan.


Dhupi arah winangun adhining kubur
teka aneng mangkana
kubure wus dhadhi dhewek
ora karuwaan kang mangun yasa.



DHANDHANGGULA

Kocapa mangke patilaraning
Pangeran Pangayunan kang nama
Buyut Panjunan jenenge
nuhun idhin sinuhun
arah ngadhegaken masigit
aneng dhesa Panjunan
ing dhinginan sampun
mung aja ngadheg jumaat
kapareken kaki maring Pakungwati
pumali munggung Allah.


Nuli ana maning nuhun idhin
lebe Juriman ing ngembat-embat
ngadhekaken masugite
wus ingidhinan wuwuh
sarta ngadheg jumngan ngapil
ingkang mawi mung adhah
sumuhun rahayu
Ratu Karawang wus prapta
hangaturi sidhkah masjidh dharaponing
kangge dhateng Amparan.


Malar-malar winuwuri benjing
ing ngastana ika wus kalilan
ngadhegaken jumahate
sarta sinung pangulu
ingidhinan jumahat wajib
ora mawa mungadhah
jajar masjidh dagung
pon idhining waliyullah
kang winuri-wuri sajati ngaubi
ingkang barkah shapangat.


Wonten dening ingkang dhipun selir
kinarya jaksa ing ngapradhata
ing Sunan Cerbon karsane
punika anak putu
Pajajaran ingkang nganami
Dhalem Naralaksana
wus linggih saraju
dhatan nameledhding dhunya
dhadhya dhamar ing nagara Pakungwati
salamat ing dhrigama.


Ingkang kinarya pangulu adhil
Shek kapil ika pakanthinira
Shek anggung Kukum jenenge
Shek utama pon ngriku
pekih makedhum apa maning
shek Badhiman rancung
rewangipun nabargama
ing masigit kekesedhoing para wali
kang nganeng nusa Jawa.


Ingkang kinarsa linggih pepatih
ing Cerbon Kyan Patih Lembusura
sing Pajajaran asale
ingkang pakartinipun
Patih Jero Kyan Patih Keling
Patih Kering panganan
ing pangerinipun
Kuwu Dhipati Dhawuhan
kang ngasal wong Dhemak kang dhadhi
Patindhih
ing limang atus tukang.


Wondene ingkang kinarsa dhadhi
Pecattandha sing banten kang ngasal
Harya Citrasenanamane
kang nguninganing sagung
nging kadhendha katrapan sakit
kabeloka panjara
ing kacekelipun
tonjok beloking dhrigama
kang nganyiyasati sakehing weweri
keketheking nagara.


Wondhene ingkang kinarsa dhadhi
nyepeng padha haraning nagara
Hugyanaputra jenenge
kang nguningani sagung
ing pamicisan ing nagari
karana uwong kenthang
ing sawaktu iku kinarsakaken sinalinan
kalawan wang picis timah dhipunricik
saketheng-sakethengan.


Kocapo mangke patilasaning
Shek Lemahbang dhesa Sokamina
Buyut Bungko panjenenge
wewengkone ing riku
tan meneng-meneng geger bengi
wadhon kang turu jaba
ana kang hangganggu
yen dhen gedhag purugira
maring kali hangebu sileming kali
ingkang dhadhi rancana.


Buyut Bungko gawok ing pamikir
dhadhya matur ing Kanjeng Sususnan
anuhun sih sapangate
nalika Jeng sinuhun
lilinggih Shek Dhatuk Kapil
Nyi Ageng Pangurangan
kang sareng ing riku
Putri Junti miwah ika
Rara Bagdhadh kang salah mening urip
tan karsa ing ngakrama.


Adhan ngandhika Susunan jati
lah iku Bungko amolor
sapangat ing rancanano
kang naban wengi ngaruh
iku tedhak Shek Samsutamris
kang tapa ing jro toya
pirang-pirang taun
kamurahaning Yang Sukma
dhadhi bisa hangreh buaya katitih
patang puluh buaya.


Kang dhen narani Pangeran Putih
ora liyan mengko karsaningwang
raka Bagedhadh sun gawe
pamikatting tan patut
sun sembaraken ning mangkin
sapa hangandepena
raka Bagedhadh iku
pinasthi ing jodhonira
dharapon nika pangeran Putih
ametoni sembara.


Dhatuk Kapil tan bisa langkungi
ing sakarsane Sinuhun Purbaya
wus mangun nadhi syarane
sembaring ngaluhur
bupati Parahayangan sami
amiyosi sembara
tan nana kang antuk
dhamel dhadhya wirandhungan
adhan Pangeran Putih mentas sing warih
sampun warni manusa.


Kang ngabagus warnane apekik
sarta balanipun kawandasa
ika sami lanang wadhon
nanging kang wadhon iku
dhen caweti dhrapon kahaksi
sarupa kaya lanang
jejeg patang puluh
sampun medhali sembara
sakti-sinaktiyan kalayan pawestri
ikaa rara Bagedhadh.


Anom tan keneg tuwa abecik
warni kahi putri kasabrangan
dhatan nadhangu kasore
Rara Bagedhadh lumayu
ming ngayunane Sunan Jati
sambat-sambat akewat
lah iki satuhu
gagadhane rayi Sunan
yen wis mangkenen kapremen polah mami
Sunan Jati ngandika.


Kadher inggih raka sapunika
maksih bae tan karsa akrama
pon punika sayaktose
Pangeran putih iku
tedhake Shek samsutamris
tedhak Jeng Rasulullah
sakasta satuhu
Siti Bagedhadh wacana
boten ajeng laki yen boten manggih
kang kadhos Rasulullah.


Adhan Pangeran Putih nututi
dhehem-dhehem adhat kasabrangan
saka lintanging kaasongong
nabda iku sun jaluk
buroningsun ningkang sayakti
wus dhadhi dhuweking wang
kasore wong ika
Sunan Jati hangandika
dhereng kantenan punika istri
cobi kaula sawang.


Dhika junjung punika pawestri
yen kajunjung pasthi jodhondika
Pangeran Putih gareteh
kukuwung ing angjunjung
dhupi dhatan angkat datan kathik
awengkang saking lemah
ngedhen wus kapenut
Pangeran Putih awireng
dhadhya tobat ingayunan Sunan jati
satingkahe kang sasar.


Sarta bala patang puluh sami
medhek pra sami asrah bongkokan
Jeng Sibuhun kaandikane
iku wong patang puluh
lanang wadhon kang dhen sandhangi
cara lanang sadhaya
apa guna iku
dhinggo hambobodho sapa
pangeran Putih dhadhya atemah tangis
kaweleh ing ngagerba.


Malah sampun tinetesan malih
kalimah sadhat miwah sabala
wong patang puluh sakabeh
dhen anyaraken suhudh
dhening Kanjeng Sinuhun Jati
wus dadhi abdinira
sinukan tumuwuh
ing bebantor kapethakan
hiya iku wuryat-ta Pangeran Putih
sakula balanira.



S  I
N  O  M

Dhatan antaraning lawas
Sultan Dhemah kang puniki
sumeren malih dhumadhiya
para wali sami peapti
maring Dhemak nagari
angastana ingkang lampus
wus gantha kawan dasa
dhinten nunten para wali
karsa hangadhegaken Sultan ing Pajang.


Jaka Tingkir kang dhen angkat
Hangim nusa Jawi
Wondene putra ing Dhemak
Dhipati Prawata mangkin
sami dhipun wastani
Sunan Prawata mung mengku
Sakabopaten Dhemak
tan mengkoni nusa Jawi
dhupi Sultan Pajang kang mangkurat Jawa.


Wus samono janjining Yang
kudhu aganti-gumanti
ing waris selang-sinelang
dhunnya tan langgeng sayakti
mermane ika dhadhi
Pangeran Jipang kalangkung
nging dhedhe karsanira
tan karsa ika hangabdhi
maring ratu bebeting Pengging wong boga.


Konganganing si Prawata
asrasahan nusa Jawi
bokkapa aja ming liyan
pan nisun iku turuning
Dhemak temah saiki
Pajang si dhigojog ngasu
sangkane Arya Jipang
ika kadhuga mejahi
Sunan Prawata mati dheng Ngarya Jipang.


Ana maning kang sodhara
Dhemak ingkang dhen pateni
Jeng Pangeran Kalinyamat
mila kang garwa tumuli
anggondhel ika maring
Sultan Pajang kang Sinihun
dhrapon namejahana
Harya Jipang ingkang lalim
jroil gawane hangrusak kawibawan.


Dhupi Pangeran ning Jipang
pagendholanira maring
Sunan Kudhus ginuronan
dhipun gondhel ing prakawis
dhupi sang estu wali
Kudhus kalangkung nging weruh
tulis lokmakpulira
Harya Jipang ora dhadhi
pramila dhen nenom-menom ing pamelar.



Budhiyale Harya Jipang
Sultan Pajang dhen apusi
rawuh ming Kudhus nagara
sejanipun dipejahi
supados datan kenging
rahayu salampahipun
nuli iku pousan
prajurit kang linuwih
kinen mejahana Sultan Pajang.


Prandene tan nangsal karya
lah iku purwaning dhadhi
Sultan Pajang asowara
Sapa bisa mejahi
ming Harya Jipang pasthine
sun ganjar lah wong ngiku
kabopaten sanunggal
kalawan alas matawis
yata para bupati ing nusa Jawa.


Sami amemanah paeka
nanging tan nana pakolih
amung ika ingkang putra
Pamanahan ingkang nami
nipun radhen Ngabei
bang lerering pasar apunjul
bisa anguntapena
patine Jipang narpati
pramila radhen Bei antuk ganjaran.


Lininggih aneng mataram
apaparab Senapati
kinongang amangkin bawa
dhenya alinggih bupati
lami-lamining urip
Sultan Pajang asusung
jalu ingkang pranama
Pangeran Awangga sakti
kang dinodhokaken lan putri Prawata.


Dhupi kang siji wanodhya
nenggeh ingkang apranami
Jeng ratu Hemas Sepanjang
kang jinodhokaken laki
ing Cerbon ika krami
yuyutipun Jeng Sinuhun
ika ingkang pranama
Pangeran Ageng wus dhadhi
pekecahe manahe Jeng Sulata Pajang.


Gennya amadheg narendra
ing Pajang wus amumponi
sasukaning nusa Jawa
apa adhaten kang dhingin
dhuk Demak ngarta aji
ming sabrang pulo selikur
tegas dhen ucapena
Pajang ika susulering
Dhemak mempes karaton Pajang atanggal.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar